79
BASA KAWULA MUDHA DUKUH KEBADINAN DESA MUNCANG KECAMATAN BODEH SKRIPSI Dening : KOYIMAH NPM 06430647 PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI IKIP PGRI SEMARANG 2010

Dening : KOYIMAH NPM 06430647 - Andy Nuriman

Embed Size (px)

Citation preview

i

BASA KAWULA MUDHA DUKUH KEBADINAN

DESA MUNCANG KECAMATAN BODEH

SKRIPSI

Dening :

KOYIMAH

NPM 06430647

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

ii

BASA KAWULA MUDHA DUKUH KEBADINAN

DESA MUNCANG KECAMATAN BODEH

SKRIPSI

Katujokaken Dhumateng Fakultas Pendidikan Bahasa Dan seni

IKIP PGRI Semarang Kagem Jangkepi Peranganing Syarat

Kagem Pikantuk Derajat Sarjana Pendidikan

Dening :

KOYIMAH

NPM 06430647

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN BAHASA DAN SASTRA JAWA

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

2010

iii

SKRIPSI

BASA KAWULA MUDHA DUKUH KEBADINAN

DESA MUNCANG KECAMATAN BODEH

ingkang kasusun lan dipunajokaken dening

KOYIMAH

NPM 06430647

sampun dipunsarujuki dening pambimbing kagem dipunujikaken

wonten ing ngajengipun Dewan Penguji

wonten ing surya kaping 22 Agustus 2010

Pembimbing I, Pembimbing II,

Dra. H.R. Utami, M.Hum. M. Soedianto, SH. M. Si.

NPP. 9163011071 NPP.

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

iv

SKRIPSI

BASA KAWULA MUDHA DUKUH KEBADINAN

DESA MUNCANG KECAMATAN BODEH

ingkang kasusun lan dipunajokaken dening

KOYIMAH

NPM 06430647

sampun dipunkukuhaken wonten ing ngajeng Dewan Penguji

wonten ing surya kaping 22 Agustus 2010

lan dipunpratelakaken sampun njangkepi syarat

Dewan Penguji

Pangarsa, Panyitra,

Dra. Sri Suciati, M. Hum. Dra. H. R. Utami, M.HumNIP 196503161990032002 NPP 9163011071

Anggota Penguji

1. Dra. H. R. Utami, M. HumNPP.916301107 …………

2. M. Soedianto, SH. M. Si.NPP. ................

3. Bambang Sulanjari, S.SNPP. 907700187 ………….

FAKULTAS PENDIDIKAN BAHASA DAN SENI

IKIP PGRI SEMARANG

v

SESANTI LAN PISUNGSUNG

“ Membeli sebuah buku bermutu lebih berguna, dari pada membeli sebuah

mobil mewah”.

( Mutiara Syair)

Apa yang kita peroleh dari pendidikan, adalah satu- satunya harta yang dapat

hilang selama hidup kita.(Princes karoja)

Kesabaran dan kerja keras adalah awal dari keberhasilan.

( penulis)

PISUNGSUNG

Skripsi punika panyerat sungsung

kangge:

1. Sisihan lan Putra ingkang tansah

ngadukung.

2. Bapak lan Ibu ingkang kula

tresnani.

3. Mbak lan Adhi kula ingkang kula

tresnani.

4. Dosen IKIP PGRI Semarang.

vi

5. Kanca – kanca IKIP PGRI

Semarang.

6. Bebrayan Ageng, mliginipun

dukuh Kebadinan Desa

Muncang.

7. Pamaos ingkang budiman.

vii

SARI PATHI

Koyimah NPM. 06430647. “Basa Kawula Mudha Dukuh Kebadinan DesaMuncang Kecamatan Bodeh”. Skripsi. Program Studi PendidikanBahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIPPGRI Semarang. 2010. Pembimbing I: Dra. H.R. Utami, M. Hum.Pembimbing II: M. Soedianto, SH. M.Si.

Tembung Wos: Basa Kawula Mudha.

Undhering Tembung ingkang dipunkaji wonten panaliten punika“Kados pundi Basa Kawula Mudha Dukuh Kebadinan, Desa Muncang,Kecamatan Bodeh?”.Panulisan skripsi minangka panaliten deskriptif kualitatif. Data panaliten inggihpunika Basa Kawula Mudha. Pambahasan panaliten punika dipunlampahi kaliyanngginakaken teknik simak bebas libat cakap lan teknik catat.

Adhedasar temuan asil panaliten lan pambahasan ingkang sampunkajlentrehkaken wonten nginggil saged kadudutan bilih Basa Kawula Mudhainggih punika kasalahan pamilihing leksikon dateng kawula mudha dipuntinjausaking unggah-ungguh basa ing salebeting tindak tutur wonten tataran ngoko aluslan tataran krama alus.

Pramayogi wonten panaliten punika asil panaliten ingkangdipunjlentrehaken wonten basa kawula mudha. Kangge sedayakemawon ingkangmaos inggih punika kawula mudha kedah langkung migatosaken anggenipunngangge unggah-ungguh basa jawi wonten tindak tutur kaliyan migatosakenfaktor situasi, faktor sosial, mitra tutur, lan yuswanipun.

viii

ABSTRAK

Koyimah. NPM 06430647. “Basa Kawula Mudha Dukuh Kebadinan DesaMuncang Kecamatan Bodeh”. Skripsi. Program Studi PendidikanBahasa dan Sastra Jawa. Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni. IKIPPGRI Semarang. 2010. Pembimbing I: Dra. H.R. Utami, M.Hum.Pembimbing II: M. Soedianto, SH. M. Si.

Kata Kunci: Basa Kawula Mudha.

Permasalahan yang dibahas dalam skripsi ini yaitu “Bagaimana BasaKawula Mudha Dukuh Kebadinan Desa Muncang Kecamatan Bodeh?”. Penelitiandilakukan untuk mengetahui sedalam mana unggah-ungguh basa kawula mudha.Pembahasan penelitian dilakukan menggunakan teknik simak bebas libat cakapdan teknik cacat.

Landhesan temuan hasil penelitian dan pembahasan yang sudahdibahas diatas, bisa diambil kesimpulan Basa Kawula Mudha yaitu kesalahanyang ada pada ngoko alus dan krama alus.Saran hasil penelitian yang dijabarkan pada Basa Kawula Mudha. Buat semuayang membaca kususnya anak muda harus memperhatikan unggah-ungguh dalambertindak tutur, dan harus memperhatikan faktor situasi, faktor sosial, dan umur.

ix

ATUR CECALA

Kanthi ngonjukake puji syukur ing ngarsanipun Allah SWT, sing sampun

paring rahmat lan karunianipun saengga panyerat saged nyusun skripsi punika

ngantos rampung. Skripsi punika mawi irah – irahan “Basa Kawula Mudha

Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh.” Anggenipun nyusun

skripsi punika mengku ancas kangge anjangkepi saperangan saking syarat

salebetipun nempuh Ujian Sarjana Pendidikan ing Fakutas Pendidikan Bahasa dan

Sastra IKIP PGRI Semarang.

Panyerat ngrumangsani bilih rampungipun skripsi punika amargi pitudhuh

saking Allah SWT lan bimbingan saking Bapak/Ibu Dosen Pembimbing sarta para

kadang sedaya ingkang sampun mbiantu dhateng payerat.

Mila wonten ing kalodhangan panyerat ngaturaken agunging panuwun

dhateng :

1. Bapak Muhdi, S. H, M. Hum, Rektor IKIP PGRI Semarang ingkang

sampun pinaringan dhumateng panulis kanthi ngawontenaken panaliten

saengga saged nyerat skripsi punika.

2. Dra. Sri suciati, M. Hum, minangka Dekan FPBS IKIP PGRI Semarang,

ingkang sampun paring ijin kagem nyerat skripsi punika.

3. Dra. HR. Utami, M.Hum, minangka Kaprodi lan pembimbing I ingkang

tansah sabar lan tanggel jawab mbimbing payerat saengga panulisan

skripsi punika enggal rampung.

x

4. M. Soedianto, SH. M. Si, minangka Pembibing II ingkang tansah sabar lan

wicaksana anggenipun mbimbing payerat salebetipun nyusun skripsi

punika.

5. Kanca – kanca mahasiswa IKIP PGRI Semarang.

Panyaruwe lan pamrayogi saking sedayanipun, panyerat tampi kanthi

tresnaning manah. Pemputoning, namung dhateng Allah SWT. Payerat

nyuwun mugi – mugi rahmat, taufik lan hidayah saking panjenenganipun

tansah lumintir dhateng panjenengan sedaya. Amin

Semarang, Agustus 2010

xi

DAFTAR ISI

KACA IRAH-IRAHAN ............................................................... i

KACA PASARUJUKAN ............................................................. ii

KACA PANGESAHAN ............................................................... iii

SESANTI LAN PISUNGSUNG................................................... v

SARI PATIH ................................................................................. vii

ABSTRAK .................................................................................... viii

ATUR CECELA ........................................................................... ix

DAFTAR ISI ................................................................................. xi

BAB I PURWAKA ................................................................... 1

A. Landesaning Pamilihing Irah –irahan ....................... 1

B. Rancangan Momotan................................................. 5

C. Ancasing Panaliten.................................................... 5

D. Panegesing Tembung ................................................ 5

E. Mupangat Panaliten ................................................... 6

F. Hipotesis Tindakan .................................................... 7

G. Metode Panaliten....................................................... 7

1. Pendekatan Panaliten........................................ 7

2. Data lan Sumber Data....................................... 8

xii

3. Pangempaling Data........................................... 9

4. Teknik Analisis Data ........................................ 12

5. Metode Panyajian Asil Analisis ....................... 12

H. Tatarakiting Panyeratan ............................................ 13

BAB II LANDHESANING TEORI.......................................... 15

A. Kajian Pustaka ......................................................... 15

B. Konsep Salahing Basa ............................................. 17

C. Kasalahan Basa ........................................................ 18

D. Aspek Situasi Tutur ................................................. 19

E. Tingkat Tutur Basa Jawi .......................................... 21

F. Kaidah Pamilihing Wujud Unggah –ungguh........... 28

1. Hubungan Simetris – Asimetris........................ 29

2. Hubungan Akrab - Boten Akrab....................... 30

3. Hubungan Simetris – Akrab ............................. 31

4. Bubungan Simetris - Boten Akrab.................... 32

5. Hubungan Simetris – Akrab ............................. 33

6. Hubungan Asimetris – Boten Akrab................. 33

7. Hubungan Formal lan Non Formal................... 35

G. Kaidah Pamilihing Leksikon ................................... 35

H. Jenising Leksikon Basa Jawi ................................... 36

xiii

BAB III KASALAHAN PAMILIHING LEKSIKON ING DUKUH

KEBADIAN,DESA MUNCANG,

KECAMATAN BODEH ................................................ 42

A. Kasalahan Pamilihing Leksikon .............................. 42

BAB IV PENUTUPAN

A. Dudutan.................................................................... 65

B. Pamrayogi ................................................................ 65

KAPUSTAKAN………………………………………………….66

1

BAB I

PURWAKA

A. Landhasan Pamilihing Irah – irahan

Manungsa ingkang kuwagang wujudaken tumatanipun nilai utawi norma

kabudayaan sinebat manungsa ingkang anggadhahi budaya ing pamawas ateges

nebihaken saking tumindak ingkang boten aturan sarta asring ihtiar dhumateng

pribadi ingkang selaras.

Boten anggadhahi budaya, ingkang sinebat ugi “ora jawa”, inggih punika

sebaten tumrap sinten kemawon ingkng boten manut tatanan utawi nilaraken

tatanan aturan (sopan santun) ing salebeting tumindak gesangipun ing sedayaning

Bebrayan Ageng.

Ingkang dipunwastani “ora jawa“, ingkang ugi kawastanan “ora ngerti

unggah – ungguh“, mujudaken satunggaling tumindak ingkang nistha sarta damel

lingsem, ing salebating budaya jawi, sebab tiyang kaajab kawagang saged

“tumindak ingkang utami“, inggih saben - saben tumindak sae kanthi boten nalisir

adat istiadat tata cara jawi.

Dados kewajibanipun sedaya tiyang jawi, tiyang kuta, tiyang desa, tiyang

sepuh, tiyang anem lan Bebrayan Ageng kedah mangertos unggah - ungguh saged

dipunwujudaken kelawan pener lan bener. Langkung sae malih saking kaluwarga

rumiyin pangajaran unggah - ungguh ditrepaken, mundak menduwur dumugi

sekolahan, mangke guru saged ngetrapken kepenak. Ing Bebrayan Ageng dados

2

tiyang ingkang saged ngetrapi unggah - ungguh, kepripun kalih tiyang anem,

tiyang sepuh ugi kalih tiyang sanes.

Saking peristiwa tutur lan tindak tutur punika pangripta kesemsem badhe

nganalisis unggah - ungguhing gineman tiyang anem kalawan tiyang sepuh ing

Kecamatan Bodeh, mliginipun Desa Muncang, Dukuh Kebadinan saking sampel

38 tiyang ingkang dipunlampahi Senin dumugi Minggu, asilipun kirang langkung

50%.

Ngrembag basa lan budaya jawi, “sejatine mono“, gesangipun basa jawi

punika gumantung dhateng ingkang anggadhahi, yaiku tiyang jawi piyambak.

Basa jawi boten saged pejah lan boten bakal pejah, menawa terosipun pejah wau

amarga boten dipunginakaken dening kang anggadhahi basa wau. Nanging

menawa kita purun nalusuri basa jawi taksih langkung ngumandhang ing ngendi –

endi. Malah ingkang jarene kuta Jakarta kang klebu kuta metropolitan pisan, ing

griya gedongan ugi taksih wonten kang angginakaken basa krama (jawi). Ing

sedhengah papan, mliginipun Bebrayan ngisoran, kados Dukuh Kebadinan Desa

Muncang, taksih sami ngginakaken basa krama, ingkang pancen rumangsa tiyang

jawi.

Nanging, amarga ingkang angginakaken basa jawi wau boten sedaya

tiyang jawi,kenging dipunwastani boten mrantah, wekdalipun sapunika, basa jawi

kados tanduran ingkang taksih kenging ama. Ingkang ama mau nggrogoti

tanduran, nganti ronipun sami gripis (bolong - bolong). Bab punika amarga kanthi

pengaruhipun jaman ingkang saya modern, ingkang tiyang jawi piyambak bareng

3

gesangipun sampun mentereng, gengsi menawa angginakaken basa jawi, malah

menapa kados rumangsa kirang terhormat menawa angginakaken basa jawi. Bab

ingkang kados mekaten punika sampun mrantah dumadi ing sajrone kaluwarga.

Tuladhanipun !

Ibu : “Tini, wis mandi? Hayo ………….gek ndang mandi!.”

Tini : “Iya bu………….. “.

Ibu : “Deka nek diparingi arto ayah , bilang apa hayo………..?.”

Deka : “Inggih makasih ra bu.”

Bapak : “Ton wis bengi, hayo tidur!.”

Tono : “Inggih pak, sebentar lagi, TV-ne masih sae.”

Inggih basa kaluwarga kados katur ing nginggil wau, ingkang kadosipun

tanduran ingkang kepangan amanipun jaman modern, ngantos gripis. Unggah -

ungguh tatakrama, tatasusila, tepaselira, andhap asor, ngurmati dhateng sanesipun,

dhateng pinih sepuh (simbah / eyang), wiwit jaman simbah buyut, ingkang tansah

dipunagungaken, dipunamalaken. Dipunwastani adiluhung, saking kanthi

ngamalaken, ngetrapaken budaya wau, saged dadosaken tiyang gesang ingkang

anggadhahi pakarti luhur

4

Nanging jaman sapunika budaya Manca sampun ngrasuk ing jiwanipun

Bebrayan Ageng, klebu Bebrayan jawinipun kados sampun luntur (ical).

Langkung-langkung ngenani generasi mudhanipun, katah tiyang anem boten

anggadhahi unggah-ungguh, tatakrama, babar pisan. Liwat ngajengipun tiyang

sepuh sami jagongan (lenggahan), mesthinipun mbungkuk sethitik kalih matur

“nuwun sewu“ inggih punika boten, inggih punika ngluyur mawon. Wonten jero

kendaraan (bis), semerep tiyang sepuh boten pikantuk lungguhan, inggih cuek

mawon, mbok menawa lungguhanipun dipunlilakna kangge tiyang sepuh wau

inggih boten.

Bab kados sapunika sampun jelas lan gamblang, budayanipun tiyang jawi

sampun boten manjing (mlebet) dhateng Bebrayan Ageng mliginipun kawula

mudha utawi tiyang jawi sampun dados kewan walang, jawinipun ilang (ical).

B. Rancangan Momotan

Rancangan momotan ingkang badhe dipunanalisis wonten panaliten inggih

punika:

Kados pundi Basa Kawula Mudha Dukuh Kebadinan, Desa Muncang,

Kecamatan Bodeh.

C. Ancasing panaliten

Adhedasar rancangan momotan wonten nginggil ingkang sampun

kasebataken ancasing mratelakaken kados pundi Basa Kawula Mudha Dukuh

Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh. Kangge mangertosi. wonten lan

5

boten wonten tiyang anem pasrawungan (gineman) kaliyan tiyang sepuh

ngginakaken basa krama alus.

D. Panegesing tembung

Kangge nyingkiri kalepatan anggenipun napsiraken teges saking tembung-

tembung ingkang dipunginakaken wonten irah-irahan “Basa Kawula Mudha

Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh“, pramila wonten ngandap

punika badhe kajlentrehaken tembung ingkang dipunginakaken wonten irah-

irahan kasebat.

1. Basa

Basa inggih punika unggah-ungguhing basa (tata basa) ingkang

tatanipun leres.

2. Kawula Mudha

Kawula Mudha inggih punika tata unggah-ungguhing basa tiyang

anem dhateng tiyang sepuh (tiyang sanes).

3. Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh

Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh inggih punika

panggonan utawi alamat ingkang badhe damel nganalisis.

E. Mupangat Panaliten

Pangripta anggadhahi pangajab panaliten punika saged migunani

dhateng sinten kemawon ingkang taksih sinau sastra.Wonten ing mriki miturut

pangripta wonten kalih mupangat inggih punika :

6

1.Mupangat Teoritis

Kangge ngembangaken ilmu basa lan kangge nambahi budi pekerti,

unggah- ungguh ugi tatakrama wonten ing pasrawungan (gineman) tiyang

anem kalawan tiyang sepuh (tiyang sanes).

2. Mupangat Pratis

a. Kangge Tiyang Anem

Saged ngurmati lan ngajeni tiyang ingkang langkung sepuh,

tiyang sanes lan ugi saged nguri-uri kabudayan jawi ingkang sae.

b. Kangge Tiyang Sepuh

Tiyang sepuh rumaos dipunurmati lan tiyang sepuh kosok

wangsulipun.

F. Hipotesis Tindakan

Adhedasar asiling pratelan ingkang sampun kaandharaken wonten tiyang

anem ingkang ngginakaken basa krama dhateng tiyang sepuh ugi wonten

tiyang anem boten ngginakaken basa krama (unggah-ungguh) babar pisan.

Kerangka konsep inggih punika kerangka ingkang wonten sesambetanipun

antawis konsep ingkang dipunamati lan dipunukur wonten ing panaliten-

panaliten.

Bagan Kerangka Konsep

7

G. Metode Panaliten

Bab punika dipunandharaken kanthi runtut ngenani pendekatan

panaliten,data lan sumber data, teknik pangempaling data, lan metode analisis

data.

1. Pendekatan Panaliten

Wonten ing panaliten punika dipunginakaken kalih pendekatan

metodologis. Pendekatan teoritis panaliten punika ngginakaken pendekatan

analisis kasalahan basa. Analisis kasalahan basa inggih punika prosedur kerja

ingkang biasa dipunginakaken saking panaliten utawi guru basa ingkang

ngliputi kagiatan ngempalaken sampel kasalahan, ngidentifikasi (nengeri)

kasalahan ingkang wonten ing salebeting sampel, dipunjlentrehaken

Kritreia Etika :

a. Baik sekali

b. Sedang

c. Kurang sekali

Angginakaken basa :

a. Ngoko

b. Krama

c. Krama inggil

Guneman tiyang

anem kelawan

tiyang sepuh

8

kasalahan kasebut ngklasifikasi kasalahan punika, lan ngevaluasi taraf

kasariusan kasalahan kasebat (Tarigan 1996 : 25).

Pendekatan metodologis ingkang dipungginakaken ing salebeting

panaliten punika, pendekatan kualitatif deskritif.

Miturut Bagdan lan Taylor (Dalam Moleong 2004 : 4) Metode Kualitatif

kanthi prosedur panaliten ingkang ngasilaken data deskriptif arupi tembung -

tembung katulis utawi lisan saking tiyang utawi perilaku ingkang dipunamati.

Kanthi punika ingkang dipunanalisis kaliyan metode punika, inggih wujud

deskriptif. Wonten ing panaliten punika panaliten ngupaya ndeskripsiaken

pamilihing leksikon saking Bebrayan Ageng mliginipun Dukuh Kebadinan,

Desa Muncang, Kecamatan Bodeh dipuntinjau saking unggah - ungguh basa

ing salebeting tindak tutur.

2. Data Lan Sumber Data

Data ingkang dipunginakaken ing salebeting panaliten punika, tuturan

ingkang dipunduga ngandung kasalahan pamilihing leksikon saking Bebrayan

Ageng mliginipun Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh,

dipuntinjau saking unggah - ungguh basa ing salebeting tindak tutur.

Sumber data ing salebeting panaliten inggih punika pengalan saking

gineman ingkang dipuntuturaken saking kawula mudha marang tiyang sepuh,

ingkang cacahe wonten 38 tiyang. Pertimbangan tuturan ingkang salah utawi

kirang pas asring dipunujaraken saking kawula mudha ingkang taksih

9

gineman utawi musyawarah wonten lingkungan Bebrayan Ageng.

Wontenipun konteks formal lan informal. Kontek formal, saupamanipun

wonten ing salebeting suasana rapat badhe ngawontenaken kerja bakti lan

lomba tujuh belasan, ananging konteks informal saumpaminipun wonten

gineman ing warung lan ing margi.

3. Teknik Pangempaling Data

Teknik ingkang dipunginakaken ing salebeting pangempaling data

panaliten inggih punika ngginakaken teknik simak libat catat lan teknik catat

(menulis).

a. Teknik Simak

Metode nyediakaken data punika dipunwastani metode simak

amargi kanthi cara ingkang dipunginakaken kangge ngasilaken data

dipunlampahi kanthi cara nyimak pangginaanipun basa. Nyimak wonten

ngriki boten wonten kaitanipun kaliyan pangginaan basa kanthi cara lisan,

nanging ugi pangginaan basa kanthi cara tertulis. Metode punika

nggadhahi teknik dasar ingkang wujudipun teknik sadap. Teknik sadap

punika dipunwastani teknik dasar ing salebeting metode simak amargi

hakikatipun nyimak (menyimak) dipunwujudaken kaliyan panyadapan.

Ategesipun, panaliti ngupayakaken pikantuk data ingkang dipunlampahi

kanthi cara nyadap pangginaan basa tiyang ingkang dados informan.

10

Kedah dipuntekanaken nyadap pangginaan basa ingkang dipunmaksud

nyangkut pangginaan basa kanthi cara lisan ugi tertulis. Panyadapan

pangginaan basa kanthi cara lisan mungkinaken panaliti wonten ing

panggonan kadaden (tempat kejadian) kangge nyadap basa ingkang

dipunginakaken (sesorah, musyawarah, lsp) nyadap anggenipun tiyang

ingkang patuturan (gineman). Panyadapan kanthi cara tertulis, panaliti

boten ngadapi tiyang ingkang sami patuturan nanging ingkang dipunadepi

arupi basa tulis, kayata naskah-naskah kuno, teks narasi, basa ingkang

wonten ing salebeting massmedia, lsp. Teknik sadap punika

dipunlajengaken arupi teknik simak libat cakap, catat, lan teknik rekam.

Teknik libat cakap inggih punika panaliti nglakoni panyadapan kanthi cara

berpartisipasi langsung, nyimak, berpartisipasi wonten ing salebeting

patuturan (ikut berdialog), lan nyimak patuturan. Teknik simak bebas libat

cakap, inggih punika panaliti namung dados pengamat panggunaan basa

saking informanipun. Panaliti boten terlibat wonten ing sanjeroning

patuturan. Wonten teknik libat cakap panaliti turut nemtokaken

pambentuking lan pamunculipun calon data, nanging menawi wonten

teknik simak bebas libat cakap punika panaliti babar pisan boten terlibat

wonten sanjeroning patuturan. Panaliti namung nyimak dialog ingkang

kadaden antar informanipun. Kalih teknik punika saged dipunsejajaraken

kaliyan metode pangamatan partisipasi lan pangamatan ingkang

dipunusulaken dening Gunawan (2002) kangge nyediakaken data wonten

11

panalitian sosiolinguistik. Salajengipun teknik catat inggih punika teknik

ingkang sampun dipunlampahi menawi nerapaken metode simak kaliyan

teknik nglajengaken wonten nginggil. Hal ingkang sami ,menawi boten

dipunlampahi pencatatan, panaliti kedah nglampahi perekaman, amargi

teknik rekap punika taksih asli, basanipun dereng sami ical (asli / utuh).

b. Teknik Catat

Teknik catat dipunlampahi kaliyan nyatet (nyerat) wonten ing kartu

data ingkang segera kemawon dilangkungaken kaliyan klasifikasi utawi

pangelompokan.

Data ingkang dipunkempalaken dipunsimpen utawi dipuncatet ing

salebeting kartu data. Pencatatan saged dipunlampahi kanthi cara langsung

ingkang angginakaken alat tulis tartamtu. (Sudaryanto 1993 : 135).

Panaliten wonten catat punika boten ngginakaken alat bantu

punapa-punapa kangge ngrekam gineman ingkang dipunginemaken

(dipuntuturaken). Data ingkang sampun pikantuk ngenani pengamatan

kanthi cara langsung, ugi langsung mawi dipuncatet wonten kartu data.

Tuladha kartu data :

12

No Data Sumber

1.

2.

3.

Data (arupi tuturan / guneman )

……………………………….

Kasalahan

……………………………….

Pembetulan

……………………………….

4. Teknik Analisis Data

Analisis data inggih punika tahap sasampunipun data kempal

(terkumpul). Teknik Analaisis data ingkang dipunginakaken ing salebeting

panaliten inggih punika teknik pisah lan teknik pilah, yaiku misahaken utawi

milah - milah data mawi wujud kasalahnipun.

Langkah - langkah analisis data ing salebeting panaliten inggih punika

data ingkang kasalahanipun sami klasifikasinipun ing salebeting kelompok

mawi wujud kasalahanipun.

5. Metode Penyajian Asil Analisis

Asil analisis punika ngadhahi langkah salajengipun analisis rampung

(pungkasan). Pamaparan asil analisis punika isinipun ngenani hal ingkang

dipuntemokaken ing salebeting panaliten. Sudaryanto (1993 : 145)

13

ngemukakaken kalih metode penyajian analisis inggih punika (1) metode

penyajian formal yaiku rumusipun ngagem tandha lambing - lambang, (2)

metode penyajian data informal yaiku rumusipun ngagem tembung –

tembung biasa lan boten ngginakaken lambing - lambang (tanda)

Ing salebeting panaliten punika dipunginakaken metode informal,

amargi metode informal panjlentrehanipun lan panjabaranipun langkung

gamblang (cetha) lan rumusipun ingkang kasaji relative panjang. Panaliten

metode informal punika boten usah ngginakaken lambing - lambang utawi

tanda - tanda lan karakter data.

H. Tatarakiting panyeratan

Supados angenipun maos saged runtut miturut kabetahan, ingkang

panyeratan punika angginakaken runtuting andharan kados ing ngandap

punika :

Purwakaning skripsi kaserat ing Bab I. Isinipun nyakup Bab Landhesan

Pamilihing Irah-irahan. Rancangan Momotan, Panegesing Tembung,

Ancasing Panaliten, Mupangat Panaliten, Metode Panaliten, Pandekatan

Panaliten, Data, Sumber Data,Teknik Pangempaling Data lan Tata Rakiting

Panyeratan.

Bab II Ngemot Landhesaning Teoritis, ingkang nyakup, bahan analisis

Basa Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh, unggah-ungguh

basa.

14

Bab III Asiling Panaliten lan mbahas ingkang isinipun asiling panaliten.

Bab IV Panutup, ingkang isinipun dudutan lan pamrayogi.

15

BAB II

LANDHESANING TEORI

A. Kajian Pustaka

Panaliten ngenani kasalahan babagan basa sampun katha dipunlampahi

antawisipun, Kurniati (1993), Rapikatun (2008), Handoyo (2004). asil

ingkang sampun wonten saking panaliten inggih punika kados andharan ing

ngandhap punika.

Panaliten kaliyan kasalahan basa dipunlampahi, dening kurniati (1993)

kanthi irah - irahan Kasalahan Kebahasaan Berbahasa Jawa Mahasiswa

Program Pendidikan Bahasa Jawa IKIP Semarang. Asil saking panaliten

inggih punika struktur ing salebeting basa jawi krama Mahasiswa Program

Pendidikan Bahasa Jawa IKIP Semarang taksih rendah (relatif rendah), lan

tingkat kasalahan struktur diksi, lan ejaan Mahasiswa Program Pendidikan

Bahasa Jawa IKIP Semarang ingkang asalipun saking SPG lan sanes SPG

boten wonten bentenipun ingkang signifikan.

Panaliten kaliyan Handoyo (2004) ing salebeting tesis kanthi irah -

irahan Kasalahan Penggunaan Ragam Krama Dalam Karangan Berbahasa

Jawa Kelas III SMP Negeri di Kota Pemalang. Panaliten punika

ndiskripsikaken kasalahan anggenipun krama ing salebeting karangan basa

jawi siswa kelas III SMP Negeri wonten kota Pemalang ingkang meliputi :

16

1. Kasalahan anggenipun kaidah sosioliguitik inggih punika arupi

wontenipun penggunaan ragam basa jawi boten tepat, tembung ingkang

saleresipun ngginakaken ragam krama kangge nunjukaken raos hormat lan

santun, nagging ngginakaken basa ngoko,

2. Kasalahan anggenipun kaidah leksikal inggih punika arupi wontenipun

interferensi saking bahasa Indonesia, anggenipun tembung ngoko,

anggenipun ragam krama madya, anggenipun klitik tak, ku lan anggenipun

dialek Pekalongan,

3. Kasalahan anggenipun kaidah marfologis inggih punika arupi wontenipun

kasalahan anggenipun awalan lan akhiran (di + kata dasar + ake),

4. Kasalahan anggenipun kaidah sintaksis inggih punika arupi wontenipun

panyusunan tembung boten leres lan tembung rancu.

Panaliten ingkang sanes ngrembag babagan kasalahan basa

dipunlampahi dening Widodo (tanpa tahun) kanthi irah - irahan Masalah

Ejaan dalam Edisi Teks .

Saking asil panaliten kasebat dipunpanggihi gangsal bentuk kasalahan basa

jawi kaliyan huruf latin antawisipun :

a. Panyeratan imbuhan,

b. Panyeratan tembung ingkang dipunulangi,

c. Panyeratan sastra laku,

d. Pemenggalan kata,

17

e. Sistem ejaan ingkang benten.

Berpijak saking panaliten ingkang sampun dipunlampahi saking

panaliten - panaliten kasebat sampun cetha menawa panaliten ngenani

kasalahan basa sampun kathah dipunlampahi, nanging panyerat (penulis)

manggihi peluang ingkang dereng dipuntaliti kanthi cara mliginipun, inggih

punika variasi kasalahan pamilihing leksikon saking Bebrayan Ageng

dipuntinjau saking unggah – ungguh basa ing salebeting tindak tutur.

Kumangka panaliti anggadhahi maksud dipunlampahi panaliten

kaliyan ancasing supados panaliten saged anjangkepi asil - asil panaliten

kaliyan kasalahan basa mliginipun variasi kasalahan pamilihing leksikon ing

salebeting tindak tutur.

B. Konsep Salahing Basa

Ing salebeting subbab punika dipunandharaken teori lan konsep

ingkang dipunginakaken kangge landhasaning teoritis kerja panaliten .

Konsep - konsep punika antawisipun badhe dipunjlentrehaken kados ing

ngandhap punika :

1. Kasalahan basa,

2. Aspek situasi tutur,

3. Tingkat tutur basa,

4. Kaidah pamilihing leksikon, lan

5. Jenis leksikon basa jawi.

18

C. Kasalahan Basa

Kasalahan basa inggih punika anggenipun basa, kanthi cara lisan lan

tertulis, ingkang nalisir saking faktor - faktor panentu (Tarigan 1997 : 29).

Miturut Baradja 1981 : 12 (Pateda 1987 : 33) kasalahan inggih punika

nalisir - nalisir ingkang sifatipun sistematis, konsisten, lan nggambaraken

kemampuan terdidik saking tahap tartamtu.

Kasalahan basa utawi kekeliruan kaidah basa ingkang terjatos ing

salebeting proses piwulangan kasebut miturut Tarigan (1996 : 30)

dipunsebataken saking kalih faktor, inggih punika faktor kasalahan “error“

lan “mistake“.

Kasalahan lan kekeliruan ing salebeting pangertosan sedinten - dinten

pikantuk dipunandharaken bersinonim, nanging ing salebeting piwulangan

basa saged dipunbentenaken.

Kasalahan basa dipunsebataken saking kirangipun pengetahuan piwulangan

kaliyan kaidah basa ingkang dipunkuasai .

Kasalahan basa dipunsebataken saking boten sagedipun Bebrayan Ageng

mliginipun tiyang anem boten ngurmati lan boten saged nguri - uri

kabudayaan jawi.

Kasalahan Basa ingkang dipunmaksud ing salebeting panaliten inggih

punika kasalahan pamilihing leksikon saking Bebrayan Ageng mliginipun

tiyang anem (kawula mudha) dipuntinjau saking unggah - ungguh basa ing

salebeting tindak tutur. Tiyang anem kathah nglampahi nalisir

19

(ketidak sesuaian) ing salebeting pamilihing kaidah tindak tutur, punika

ategesipun tiyang anem sampun nglampahi kasalahan pamilihing leksikon

dipuntinjau saking unggah - ungguh basa.

Kasalahan pamilihing leksikon tiyang anem saged arupi kasalahan pamilihing

leksikon ngoko, kasalahan leksikon krama, lan kasalahan leksikon krama

inggil dipuntinjau saking unggah - ungguh basa.

D. Aspek Situasi Tutur

Situasi tutur inggih punika situasi ingkang miyosaken tuturan (pitutur /

ajaran). Ing salebeting komunikasi boten wonten tuturan tanpa situasi tutur.

Situasi tutur penting sanget ing salebeting pragmatik amargi tuturan ingkang

saleresipun saged diidentifikasikaken nglampahi situasi tutur ingkang

mendukung. Leech (Rustono 1999 : 27) Gadha ide bahwa situasi tutur

nyakup gangsal komponen situasi tutur inggih punika panutur lan mitra tutur,

konteks tuturan, ancasing tuturan, tindak tutur.

Komponen situasi tutur ingkang kaping sepisan inggih punika panutur

lan mitra tutur. Panutur inggih punika tiyang ingkang patuturan, menawi

mitra tutur inggih punika tiyang ingkang dados sasaran sekaligus kanca

panutur ing salebeting patuturan. Aspek ingkang wonten kaitanipun kaliyan

komponen panutur lan mitra tutur antawisipun bentenipun yuswa, latar

belakang, sosial ekonomi, jenis kelamin, tingkat pendidikan, lan tingkat

keakraban.

20

Komponen situasi tutur ingkang kaping kalih inggih punika konteks

tuturan. Ing selebeting tata basa konteks tuturan nyakup aspek fisik utawi

latar sosial ingkang releven ngenani tuturan ingkang exspresif. Konteks fisik

inggih punika fisik tuturan kaliyan tuturan ingkang benten, biasa dipunsebat

ko-teks. Konteks latar sosial inggih lazim dipunwastani konteks. Konteks

inggih punika sedayaning pengetahuan ingkang dipunpahami sami-sami

saking panutur lan mitra tutur ingkang salebeting napsiraken maksud ingkang

kepengin dipunnyatakaken saking panutur.

Ancasing tuturan inggih punika situasi tutur ingkang kaping tiga.

Ancasing tuturan inggih punika punapa ingkang badhe dipuntuju penutur

ingkang nglampahi tindak tutur. Ancasing tuturan punika njantosaken hal

ingkang nglatarbelakangi tutur.

Komponen situasi tutur ingkang kaping sekawan inggih punika tindak

tutur tindakan utawi aktivitas. Tindak tutur tindakan utawi aktivitas inggih

punika tindak tutur punika sami kaliyan tindakan.

Komponen situasi tutur ingkang pungkasan inggih punika tuturan

produk tindak verbal. Tindak verbal inggih punika tindak ngekspresiaken

tembung - tembung utawi basa.

Gangsal komponen kasebat nyusun situasi tutur ing salebeting kadaden

tutur utawi speech event ing salebeting praktik, komponen situasi tutur

punika tambah. komponen ingkang benten saged njatosaken unsur situasi

tutur punika antawisipun wekdal lan panggonan saking wekdal tuturan

21

kadadosan (diproduksi). Tuturan ingkang sami saged anggadhahi maksud

ingkang benten akibatipun bentenipun wekdal lan panggonan.

(Rustono 1999 : 29).

Hymes (dalam Rustono 1999 : 29) nyebataken ing salebeting kadaden

tutur dipunpengaruhi dening wolung faktor :

1. Setting utawi scene inggih punika wekdal lan suasana peristiwa tutur,

2. Participant inggih punika panutur mitra tutur lan pihak sanes,

3. End utawi ajaran,

4. Act inggih punika ingkang dipunlampahi panutur ing salebeting kadaden

tutur,

5. Key inggih punika nada swanten lan ragam basa ingkang dipunginakaken

ing salebeting ekspresi tuturan lan kanthi cara ngekspresiaken,

6. Instrument inggih punika piranthi utawi swanten kangge ngekspresiaken

tuturan,

7. Norm utawi norma inggih punika aturan ingkang kedah dipuntaati dening

panutur,

8. Genre inggih punika perangan kagiatan kados wawancara, diskusi,

kampanye, lan sanes-sanesipun.

E. Tingkat Tutur Basa Jawi

Miturut Ekowardono (1993 : 12) unggah-ungguhing basa jawi

dipunperang dados kalih, inggih punika ngoko lan krama. Ragam ngoko

22

dipunperang dados ngoko lugu lan ngoko alus. Ragam krama dipunperang

dados krama lugu lan krama alus.

Ragam ngoko inggih punika ragam ingkang sedaya tembung

angginakaken ngoko. Ing salebeting tembung ngoko boten angginakaken

krama babar pisan, ragam kasebat badhe dados ngoko lugu menawi wonten

tembung krama sekedhik (campuran). Mbok menawi ing salebeting ragam

ngoko dipunlebeti tembung-tembung krama inggil, ragam kasebat dados

ragam ngoko alus.

Ragam krama inggih punika ragam ingkang sedaya tembung

angginakaken krama ing salebeting krama boten wonten tembung – tembung

ingkang angginakaken krama inggil, ragam kasebat dipunwastani krama

lugu. Mbok menawi ing salebeting ragam krama dipunlebeti tembung -

tembung krama inggil ragam kasebat dados ragam krama alus.

Panjlentrehan kasebat pendapat saking haryanto lan utami (2001: 47)

tingkat tutur basa jawi sejatosipun wonten kalih macam yaiku ragam ngoko

lan ragam krama. Ragam ngoko angliputi ngoko lugu lan ngoko alus. Ragam

krama angliputi krama lugu lan krama alus.

Sasangka (2004: 95) mbentenaken wujud unggah-ungguh basa jawi

dados kalih wujud, yaiku ngoko (ragam ngoko) lan krama (ragam krama).

Kalih ragam kasebat anggadahi varian piyambak - piyambak. Kalih

wujud unggah-ungguh punika badhe dipunandharaken (dipunjlentrehaken)

kados ing ngandhap punika :

23

1. Ragam Ngoko

Ragam ngoko inggih punika wujud unggah - ungguh basa jawi ingkang

berintikan leksikon ngoko utawi ingkang dadosaken unsur inti ing

salebeting ragam ngoko inggih punika leksikon ngoko sanes leksikon

ingkang sanes. Afiks ingkang muncul ing salebeting ragam punika sedaya

wujudipun ngoko (tuladha, afiks di - , - e , lan - ake).

Ragam ngoko saged dipunginakaken dening sedaya tiyang ingkang

sampun akrab lan dening tiyang ingkang rumaos piyambakipun langkung

inggil status sosialipun saking kalawan wicara (mitra wicara).

a. Ngoko Lugu

Ngoko lugu inggih punika bentuk unggah - ungguh basa jawi ingkang

sedaya kosakataipun ngoko lan netral (leksikon ngoko lan netral) boten

wonten sekedhikipun krama inggil utawi krama andhap.

Kangge persona kaping pisan, kaping kalih lan kaping tiga boten

wonten kramanipun.

Tuladha :

(1) Akeh wit sengon kang ditegor saperlu dijukut kayune.

Banyak pohon sengon yang ditebang untuk diambil kayunya.

(2) Jenenge kondhang saidenging donya.

Namanya terkenal diseluruh dunia.

(3) Prau karet bisa kanggo nylametake ratusan korban banjir.

24

Perahu karet dapat digunakan untuk menyelamatkan ratusan

korban banjir.

(Sasangka, 2004 : 97)

b. Ngoko Alus

Ngoko alus inggih punika wujud unggah - ungguh ingkang ing

salebetipun boten saking leksikon ngoko lan netral mawon nanging

isinipun saking leksikon krama inggil, krama andhap, lan krama.

Krama inggil ingkang wonten ing salebeting ragam punika sejatosipun

dipunginakaken kangge ngurmati mitra wicara.

Tuladha :

(1). Bupati sing anyar iki asmane sapa?

Bupati yang baru ini siapa namanya?

(2). Dompete mau wes diasta apa during mas?

Dompetnya tadi sudah dibawa belum mas?

(3). Si ireng kae garwane Bu Patimah.

Yang hitam itu suaminya Bu Patimah.

(Sasangka 2004 : 100 – 101)

2. Ragam Krama

Ragam krama inggih punika wujud unggah - ungguh basa jawi ingkang

isinipun leksikon krama, utawi ingkang dadosaken unsur inti ing

salebeting ragam krama inggih punika leksikon krama. Afiks ingkang

25

wonten ingkang salebeting ragam punika sedayanipun wujud krama.

(tuladha, afiks dipun-, - ipun, lan – aken). Ragam krama dipunginakaken

saking sedaya tiyang ingkang dereng sami akrab lan saking tiyang ingkang

rumaos piyambakipun langkung ngandhap status sosialipun saking

kalawan micara.

a. Krama Lugu

Krama lugu inggih punika bentuk unggah - ungguh basa jawi ingkang

kasatanipun saking leksikon krama, madya, netral, utawi, ngoko lan

saged dipuntambah kaliyan leksikon krama inggil utawi krama

andhap.

Ingkang dadosken leksikon inti ing salebeting krama lugu punika

leksikon krama, madya, lan netral, mbok menawa leksikon krama

inggil lan krama andhap ingkang muncul ing salebeting ragam punika

dipunginakaken kangge ngurmati kalawan micara.

Tuladha :

(1) Sing dipilih Marsa iku jurusan perbankan utawi perhotelan.

Yang dipilih Marsa itu jurusan perbankan atau perhotelan.

(2) Panjenengan punapa sampun nate tindak dhateng semarang.

Sudah pernahkan anda pergi ke Semarang.

(3) Buku niki ajeng kula sambutaken Rita.

Buku ini akan saya pinjamkan ke Rita.

26

(Sasangka 2004: 105-106)

b. Krama Alus

Krama alus inggih punika bentuk unggah - ungguh basa jawi ingkang

sedaya kosakatanipun terdiri saking leksikon krama lan saged

dipuntambah kaliyan leksikon krama inggil utawi krama andhap.

Ingkang dadosaken leksikon inti ing salebeting ragam punika namung

leksikon ingkang bentukipun krama.leksikon krama inggil utawi

krama andhap kanthi cara konsisten mesthi dipunginakaken kangge

ngurmati mitra wicara.

Tuladha :

(1) Aksara jawa punika menawi kepangku dados pejah.

Aksara jawa iku jika dipangku malah mati.

(2) Amarga pitulunganipun Gusti Allah, Nabi Musa saged menang.

Karena pertolongan Allah, Nabi Musa dapat menang (selamat).

(3) Arta ingkang rusak punika kedah dipunlintokaken wonten bank

dumunung ing kutha.

Uang yang rusak itu harus ditukarkan di bank yang berada di kota.

(Sasangka 2004: 112- 113)

27

Unggah - Ungguh Basa Jawi

Miturut Sasangka (2004)

Tingkat Tutur

Ngoko Krama

Ngoko Lugu Ngoko Alus Krama Lugu Krama Alus

Ngoko Ngoko Krama Krama

Netral Netral Netral Netral

Krama Madya K.Inggil

Krama inggil Ngoko K. Andhap

K. Andhap K. Inggil

K. Andhap

Perangan ragam basa jawi panulis lan sasangka anggadhahi pendapat

ingkang sami amarga perangan tingkat tutur (bagan perangan). Taksih

dipunginakaken ing lapangan. Perangan tingkat tutur sanes sampun

jarang dipungginakaken ing lapangan. Perangan tingkat tutur basa jawi

28

ing nginggil dipunginakaken panaliten dados aluan analisis salebeting

panalitan punika.

F. Kaidah Pamilihing Wujud Unggah - ungguh

Miturut sasangka (2004 : 135). Pamilihing tuturan ngoko lugu, ngoko

alus,.krama lugu,utawi krama alus mpertimbangaken variabel tartamtu. Ing

salebeting basa jawi variabel ingkang aggadhahi pengaruh ingkang ageng

sanget inggih punika variabel setting, lan participants. Setting wonten raket

kalian faktor situasi lan participants wonten raket kaliyan faktor situasi lan

participants piyambak wonten hubungan erat kaliyan faktor sosial.

Fishman (sasangka 2004 : 135). Nyebataken faktor situasi antawisipun

resmi lan boten resmi,utawi formal utawi non formal (tidak formal). Faktor

sosial antawisipun jenis kelamin, yuswa, hubungan kulawarga, jabatan,

pendidikan, pendapatan, panggonan, topik, tujuan (ancasing) lan tingkat

keakraban. Pepandhan lan bebenten faktor sosial peserta ujaran saged

dadosaken hubungan simetris lan asimetris, akrab lan boten akrab, serta

campuran antaranipun kalih- kalihipun, yaiku simetris - akrab, simetris -

boten akrab, asimetris - akrab, asimetris - boten akrab. (Sasangka 2004 : 135

- 136).

29

1. Hubungan simetris - asimetris

Simetris (sejajar) saumpaminipun status sosial antawis panutur lan

mitra tutur sami utawi mirip. Hubungan panutur lan mitra tutur

dipunsebat asimetris (tidak sejajar) saumpaminipun status sosial antawis

panutur kaliyan mitra tutur benten. Saumpami antawis panutur kaliyan

mitra tutur simetris tuturan ingkang dipunginakaken cenderung ngoko lan

saumpaminipun antawis panutur kaliyan, mitra tutur asimetris tuturan

ingkang dipunginakaken variatif, saged ngoko utawi krama ingkang

dipunpangihi saking status sosialipun (2004 : 136 - 137).

Tuladha :

Sani : “Din, ayo mangkat sekolah, kowe sekolah ora?”

“Din ayo berangkat sekolah, kamu berangkat nggak?”

Dina : “Ya mangkat ra San, dina iki ka nana ulangan.”

“Ya berangkat San. Kan hari ini ada ulangan.”

Saumpama antawis panutur lan mitra tutur asimetris, kamangka

tuturan ingkang dipunginakaken saged ngoko utawi krama kados tuladha

ing ngandhap.

Bowo : “Mas Wiwit mangke tindak latihan jam pinten?”

Mas Wiwit nanti pergi latihan bola jam berapa?”

Wiwit : “Jam tiga, kowe arep melu boten Wo?”

“Jam tiga, kamu mau ikut tidak Wo? “

Bowo : “Inggih mas, kula nderek.”

30

“Ya mas, saya ikut.”

2. Hubungan Akrab - Boten Akrab

Selain hubungan simetris lan asimetris ugi wonten hubungan akrab

lan boten akrab inggih punika wonten pengaruhipun kaliyan pilihan

bentuk unggah - ungguh. Saumpaminipun hubungan antawis panutur

kaliyan mitra tutur akrab tuturan ingkang dipunginakaken basa ngoko.

Ana ing menawi hubungan antawis panutur kaliyan mitra tutur boten

akrab tuturan ingkang dipunginakaken basa krama (Sasangka 2004 : 137 -

138).

Tuladha :

Anto : “Ted aku nyilih buku cathethan IPS mu, aku meh

nyathet.”

“Ted aku pinjam buku cathethan IPS kamu aku mau

nyathet.”

Tedi : “Kae ning meja kamar, jupuk dhewe wae.”

“Itu dimeja kamar, ambil sendiri saja.”

Saumpaminipun antawis panutur kaliyan mitra tutur boten akrab,

tuturan ingkang dipunginakaken wujudipun krama kados tuladha ing

ngandhap.

Wawan : “Nuwun sewu mas, mas Andi wonten?”

“Permisi Mas, Mas Andi ada?.”

Oda : “Wonten, mangke rumiyen nggih, tak timbalke?.”

31

“Ada, nanti sebentar ya, tak panggilkan!”

3. Hubungan Simetris – Akrab

Saumpami hubungan antawis panutur lan mitra tutur simetri

akrab, saged angginakaken kalih tuturan ngoko lugu - ngoko lugu

utawi ngoko alus - ngoko alus.

Tuladha :

Adi : “Arep menyang ngendi Ndri?.”

“Mau kemana, Ndri?.”

Andri : “Menyang pasar, terke yo?.”

“Ke pasar, antar yuk?”

Adi : “Lah arep apa, nang pasar?.”

“Ke pasar mau apa?.”

Andri : “Aku arep tuku bal dingo bal-balan mengko sore.”

Aku mau beli bola, buat main bola nanti sore.”

Adi : “Ya, tak terke.”

“Ya, tak anter.”

(Sasangka 2004 :138)

Tuturan ngoko alus - ngoko alus saged dipunginakaken kangge

ngurmati antawis kalih - kalihipun kadosta tuladha :

Madi : “kapan rawuh mas?”

“Kapan datang mas?.”

Edi : “Iki mau, nembe bae tekan kok.”

32

“Ini tadi, baru saja datang kok.”

Madi : “Piyambaan mawon mas?”

“Sendirian saja.”

Edi : ”Iya, lha panjenengan?.”

“Iya kamu?”

Madi : “Aku teka esuk mau bareng bulek Tini.”

“Saya datang tadi pagi bersama tante Tini.”.

4. Hubungan Simetris - Boten Akrab

Saumpami hubungan antawis panutur lan mitra tutur simetris

ananging yiyang boten akrab,tuturan ingkang saged dipunginakaken

mawi wujud krama alus - krama alus.

Tuladha :

Bumi : “Nuwun sewu Pak badhe nyuwun priksa.”

“Permisi pak,saya mau bertanya.”

Gono : “O inggih.”

“O ya silakan.”

Bumi : “Dalemipun Pak Tono guru SMP N 1 Bodeh punika

ingkang pundi nggih.?”

“Rumahnya Pak Tono guru SMP N 1 Bodeh mana ya?”

Gono : “O…….punika ingkang ngajeng lapangan.”

33

“O…….itu yang depan lapangan.”.

5. Hubungan Asimetris - Akrab

Saumpami hubungan antawis panutur lan mitra tutur asimetris

nanging tiyang ingkang sami akrab, tuturan ingkang saged

dipunginakaken yaiku ngoko alus - krama alus, ngoko lugu - ngoko

alus, krama lugu - krama lugu, utawi ngoko lugu - krama lugu.

(Sasangka 2004 : 142)

Tuladha ingkang ngginakaken ngoko alus-krama alus :

Ibu : “Lho nak kapan sliramu rawuh?”

“Lho nak (anak) kapan dating?”

Elsa : “Wau enjing, Bu.”

“Tadi pagi, Bu.”

Ibu : “Nitih bis apa sepur?”

“Naik bis apa kereta?”

Elsa : “Anu sepur, ingkang radi mirah mawon, Bu.”

Anu kereta, yang agak murah saja, Bu.

6. Hubungan Asimetris - Boten Akrab

Saumpami hubungan antawis panutur lan mitra tutur asimetris

lan boten akrab, tuturan ingkang dipunginakaken wujudipun krama

alus - krama alus.

34

Tuladha :

Rohim : “Badhe tindak pundi, Pak ?”

“Mau kemana, Pak.”

Damin : “Anu, badhe dateng peken.”

“Anu, mau ke pasar.”

Rohim : “Kok piyambakan ?”

“Kok sendirian?”

Damin : “Inggih namung badhe dolan - dolan kemawon, Punapa

Bapak wonten dalem ?”

“Ya hanya akan jalan - jalan saja, Apakah Bapak di

Rumah?”

Rohim : “Wah nembe kemawon tindak kaliyan Ibu.”

“ Wah baru saja pergi bersama Ibu”.

(Sasangka 2004 : 146)

Saumpami hubungan antawis panutur lan mitra tutur asimetris

lan boten akrab, tuturan ingkang dipunginakaken krama alus.

Tegesipun, panutur angginakaken krama alus lan mitra tutur

angginakaken tuturan ingkang sami kaliyan panutur, dados antawis

35

panutur lan mitra tutur sami - sami basa utawi sami ngginakaken

wujud alus.

7. Hubungan Formal lan Nonformal

Situasi formal ing salebeting guyub rukun Bebrayan Ageng

jawi mliginipun Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan

Bodeh nuntut (menuntut) peserta tutur angginakaken basa krama alus.

Ing Salebeting situasi formal kados mekaten, hubungan simetris -

asimetris lan akrab dipunanggep boten penting maleh, kagem panutur

ugi mitra tutur, ngginakaken wujud krama alus kaliyan sinten

kemawon. Tuladhanipun saged dipunamati wonten ing atur

pambargya harja sarta pasrah panampi pahargyan upacara adat

pengantin (palakrama). (Sasangka 2004 : 148).

G. Kaidah Pamilihing Leksikon

Miturut Sasangka (2004 :155) saumpami panutur badhe ngurmati mitra

tutur kaidah ingkang dipunginakaken inggih punika panutur ngginakaken

leksikon krama lan krama inggil dhumateng mitra tutur, menawi kangge diri

pribadi, panutur tetep angginakaken wujud krama lan krama andhap.

Kadang kala panutur kedah angginakaken krama inggil kangge ngurmati

mitra tutur, nanging mangsa kala ngandhapaken diri pribadi ngangge krama

36

andhap. Kosok wangsulipun mitra tutur ugi saged angginakaken krama

andhap.

Saumpami krama inggil ingkang badhe dipunginakaken kangge

ngurmati mitra tutur boten wonten wujud leksikalipun, leksikon ingkang

badhe dipunginakaken wujudipun krama. Semanten ugi saumpami krama

andhap ingkang badhe dipunginakaken kangge ngandhapaken diri pribadi

nyatanipun boten ngadhahi wujud leksikal, leksikon kramalah ingkang

badhe dipunginakaken. Nanging manawi leksikon krama andhap ingkang

badhe dipunginakaken kangge ngandhapaken diri pribadi boten ngadhahi

padanan leksikon krama, leksikon ngoko utawi netral ingkang badhe

dipunginakaken. Dados, kangge ngadhapaken diri pribadi lan kangge

ngurmati mitra tutur, pamicara napa dene lan mitra tuturipun tetep boten

dipunleresaken krama inggil kangge diri pribadi (diri sendiri).

Tuladha :

Marsya : “Penjenengan rawuh rikala punapa Budhe?”

“Anda datang kapan, Budhe?”

Hermi : “Kala wingi, sonten anggen kula dugi.”

“Kemarin sore saya datang.”

H. Jenising Leksikon Basa Jawi

1. Leksikon Basa Jawi Saking Segi Wujud

37

Miturut Kridalaksana (dalam Sasangka 2004 : 25) laksikon

inggih punika komponen basa ingkang ngandung sedayaning informasi

makna, tatanan tembung ing salebeting basa. Leksikon ugi kekayan

tembung ingkang dipungadhahi basa. Miturut wujudipun, leksikon

jawi dipunperang dados sekawan :

(1) ngoko,

(2) krama,

(3) krama inggil, lan

(4) krama andhap.

a. Leksikon Ngoko

Leksikon ngoko inggih punika dasar saking sedayaning

leksikon poedjasoedarma (Sasangka 2004: 25). Miturut

pangginaanipun leksikon ngoko saged dipunginakaken dening

tiyang kapisan (1), kaping kalih (2), kaping tiga (3), kadosta tuladha

wonten ngandhap:

(1). Aku mangan apel.

Saya makan apel.

(2). Kowe arep mangan apel?

Kamu mau makan apel?

(3). Dheweke arep mangan apel.

Dia akan makan apel.

38

Nggal leksikon ngoko mesthi nggadhahi padanan leksikon

krama, madya, krama inggil, lan krama andhap. Menawi wonten

salah setunggaling dipunduga ngoko,nanging boten aggadhahi

padanan leksikon kasebut saengga leksikon punika dipunperang ing

salebeting leksikon ngoko.

b. Leksikon Krama

Leksikon krama sejatosipun ngemu suraos wujud alus saking

leksikon ngoko (Sasangka 2004 : 32). Miturut Poerwadarminta lan

tim Penyusun Kamus Balai Bahasa Yogyakarta (dalam Sasangka

2004 : 31) Leksikon krama punika tembung urmat (pangkurmatan)

ing unggah – ungguh basa utawi wujud alus bote dipunanggep sami

kaliyan wujud umat. Punika dipunsebataken tiyang ingkang

basanipun alus kaliyan mitra tutur dening mitra tutur dereng tamtu

piyambakipun urmat marang mitra tuturipun.

Leksikon krama saged dipunginakake dening tiyang kaping pisan

(1), tiyang kaping kalih (2), tiyang kaping tiga (3).

Tuladha :

(1) Kula badhe dhateng Magelang

Saya akan ke Magelang

(2) Panjenengan badhe dhateng Megelang ?

Anda akan ke Magelang ?

39

(3) Piyambakipun badhe dhateng Magelang ?

Dia akan ke Magelang.

c. Leksikon Krama Inggil

Leksikon krama inggil inggih punika leksikon ingkang saged

dipungginakaken kangge ngurmati mitra wicara kaliyan kanthi cara

ngurmati mitra mitra wicara (Sasangka 2004: 38). Leksikon krama

inggil namung saged dipunginakaken kangge tiyang sanes, ugi

kangge tiyang ingkang dipunajak gineman, semanten ugi kangge

tiyang dipunginemaken, ananging kangge diri pribadi (piyambak)

boten dipunleresaken ngagem leksikon punika.

Tuladha :

(1). Panjenengan punapa badhe tindhak dhateng Bandung?

Apakah anda akan pergi ke Bandung?

(2). Piyambakipun punapa badhe badhe tindak dhateng Bandung?

Apakah dia akan pergi ke bandung?

(3). Bapak badhe tindak dhateng Bandung?

Bapak akan pergi ke bandung?

(4). Mas Yoyok arep tindak menyang Bandung?

Mas Yoyok akan pergi ke Bandung?

Tembung tindak “ pergi ” wonten ing kalimat 1 - 4 ngadhahi

leksikon krama inggil ingkang namung saged dipungginakaken

40

kangge tiyang sanes. Namung tembung tindak boten saged

dipunginakaken kangge diri pribadi,kadosta tuladha :

(5). Aku arep tindak menyang Bandung.

Saya akan pergi ke Bandung.

(6). Kula badhe tindak dhateng Bandung.

Saya akan pergi ke Bandung.

Leksikon krama inggil wonten ingkang ngadhahi padanan

leksikon krama lan ngoko serta inggih wonten ingkang nggadahi

padanan leksikon ngoko lan boten nggadahi padanan sanes.

(Sasangka 2004 : 38 - 39).

d. Leksikon Krama Andhap

Leksikon krama andhap inggih punika leksikon ingkang

dipunginakaken kangge ngurmati mitra wicara kanthi cara

ngrendahake diri pribadi. Leksikon krama andhap namung saged

dipunginakaken kangge tiyang sanes, ugi kangge tiyang kaping

kalih, semanten ugi kangge tiyang kaping tiga.

Tuladha :

(1) a. Mangke kula kemawan ingkang sowan Pak Nardi.

b. Mengko aku wae sing sowan Pak Nardi.

Nanti saya saja yang menghadap Pak Nardi.

(2) a. Mangke panjenengan kemawon ingkang sowan dhateng griya

41

kula.

b. Mengko kowe wae sing sowan menyang omahku.

Nanti anda saja yang datang ke rumahku.

Tembung sowan “menghadap“ wonten nginggil inggih

punika leksikon krama andhap ingkang namung saged

dipunginakaken saking panutur, nanging tembung sowan boten

saged dipunginakaken kangge nyebataken mitra tutur utawi tiyang

ingkang dipuntuturken, punika amargi tembung sowan punika

krama andhap ingkang namung saged dipunginakaken kangge diri

pribadi boten kangge tiyang sanes.

42

BAB III

KESALAHAN PAMILIHING LEKSIKON

DUKUH KEBADINAN, DESA MUNCANG

KECAMATAN BODEH

Ing salebeting bab punika dipunjlentrehaken utawi dipunjabaraken asil

panaliten ngenani kasalahan pamilihing leksikon dening Kawula Mudha ing

Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh dipuntinjau saking

unggah - ungguh basa ing salebeting tindak tutur. Asil panaliten punika saged

dipunungkap saking pinten - pinten jenising kasalahan - kasalahan kasebut.

Panaliti badhe dipunjlentrehaken kadosta ing ngandhap :

A. Kasalahan Pamilihing Leksikon

1. Kasalahan Pamilihing Leksikon Wonten Tatanan Ngoko Alus.

(a). KONTEKS : KAWULA MUDHA INGKANG GINEMAN

KALIYAN KANCANIPUN, NGINEMAKEN

GLADHEN BAL.

Panji : “Jar mengko sore latihan bal ora?”

“Jar nanto sore latihan bola tidak?”.

43

Fajar : “Kayane mengko sore libur, amargi Mas Kokone during

bali.”

“Kayanya nanti sore libur, karena Mas Kokonya belum

pulang.”

Panji : “Oh iya wis beneran, aku mengko sore arep lunga

Comal.”

“Oh iya sudah kebetulan, saya nanti sore mau pergi ke

Comal.”

Tuturan wonten nginggil dhereng leres (salah), amargi Fajar

(pihak II) boten ngupayakaken pelatih balipun (pihak III) ngginaken

ngoko alus. Ing salebeting tuturan wonten nginggil Fajar (pihak II)

ngginakaken tembung ngoko bali “pulang“ ingkang dipuntujokaken

kangge pelatih bal (pihak III). Sejatosipun Fajar (pihak II) ngginakaken

tembung krama inggil kondur “pulang“ kangge dipuntujokaken pelatih

bal (pihak III), amargi status sosial lan usia pelatih (pihak III) langkung

inggil (lebih tinggi) saking Fajar (pihak II). Tuturan kasebut saged

dipunleresaken kadosta ing ngandhap :

Fajar : “ Kayane mengko sore libur, amargi Mas Kokone dereng

kondur.”

44

(b). KONTEKS :KAWULA MUDHA NGINEMAKEN

BAPAKIPUN SIFA.

Ana : “Sif Bapakmu sampun mantun dereng?”

“Sif Bapak kamu sudah sembuh belum?”

Sifa : “Anu An Bapakku kok ora mari - mari, padahal

sampun dipriksakake.”

“Anu An Bapakku kok tidak sembuh - sembuh,

padahal sudah dipriksakan.”

Ana : “Oh ya sampeyan ndonga terus bae Sif, ben Bapakmu

cepet mantun!”

“Oh ya kamu berdoa terus saja Sif, semoga Bapak

kamu cepat sembuh!”

Sifa : “Ya An, matur nuwun.”

“Ya An, terima kasih.”

Ana : “Ya sama – sama.”

“Ya sama – sama.”

Tuturan wonten nginggil boten leres ingkang dipuntuturaken Sifa

(pihak I), amargi Sifa (pihak I) boten nggadhahi upaya nginggilaken

Bapake (pihak III) ngginakaken ragam ngoko alus. Sifa (pihak I)

45

ngginakaken tembung ngoko ora mari - mari “tidak sembuh - sembuh“

ingkang dipuntujokaken Bapake (pihak III). Saleresipun Sifa (pihak I)

ngginakaken tembung krama inggil boten mantun - mantun. Kangge

dipuntujokaken Bapake (pihak III).amargi Sifa (pihak I) status sosialipun

lan yuswanipun langkung andhep saking Bapake (pihak III), saengga

tuturan kasebat saged dipunleresaken kadosta ing ngandhap :

Sifa : “Anu An Bapakku kok boten mantun - mantun padahal

sampun dipriksakaken.”

(c). KONTEKS :KAWULA MUDHA NGINEMAKEN

RAWUHIPUN PAK KADES WONTEN

MUSYAWARAH LOMBA.

Sugi : “Pak Lurahe wis teka apa durung San?”

“Pak Lurahnya sudah datang belum San?’

Santo : “Wis, kae lagi istirahat ana kantor Kades.”

“Sudah, itu sedang istirahat di kantor Kades.”

Sugi : “Lha saka kanane numpak apa? ”

“Lha dari sana naik apa?

Santo : “Kayane numpak sepedha motor.”

46

“Kayaknya naik sepeda motor.”

Tuturan wonten nginggil boten leres ingkang dipunujaraken Sugi

lan Santo (pihak I lan II) amargi Sugi lan Santo (pihak I lan II) boten

nggadhahi upaya nginggilaken Pak Lurah (pihak III) ngginakaken ragam

ngoko alus. Santo lan Sugi (pihak I lan II) ngginakaken tembung ngoko

teko “datang“ lan numpak “naik“, dhateng Pak Lurah (pihak III).

Saleresipun Sugi lan Santo (pihak I lan II) ngginakaken ragam ngoko

alus kaliyan ngginakaken tembung krama inggil rawuh “datang“ lan

nitih “naik“ kangge dipuntujokaken dhateng Pak Lurah (pihak III),

amargi status sosial lan yuswanipun langkung andhep saking Pak Lurah

(pihak III). Hubungan ingkang kadaden marang kawula mudha boten radi

akrab, saengga tuturan kasebat saged dipunleresaken kadosta ing

ngandhap :

Sugi : “Pak Lurahe sampun rawuh napa dereng San?”

Sugi : “Lha saka kanane nitih napa? ”

Santo : “Kayane nitih sepedha motor.”

(d). KONTEKS :INTERAKSI KAWULA MUDHA, MENAWI

JAGA KAMPLING.

Wawan : “Mas Kiki, jagonge geser ngetan sithik Mas!”

“Mas Kiki, duduknya geser ke timur sedikit Mas!”

47

Mas Kiki : “Lha uwis pol ko Wan.”

“Lha sudah pol (menthok) Wan.”

Wawan : “Mulane sampeyan sukune mudun, ben lega.”

“Makanya anda kakinya turun biar (supaya) lega.

Mas Kiki : “Ya”

“Ya”

Tuturan wonten nginggil dereng leres, Wawan (pihak I) boten

ngadhahi upaya nginggilaken Mas Kiki (pihak II) ngginakaken ragam

ngoko alus. Wawan (pihak I) ing nginggil ngginakaken tembung ngoko

jagonge “duduknya” ingkang dipuntujokaken Mas Kiki (pihak II).

Saleresipun ngginakaken tembung krama lungguhipun “duduknya“

kangge dipuntujokaken dhateng Mas Kiki (pihak II), amargi status

sosialipun lan yuswanipun langkung inggil saking Wawan (pihak I),

saengga tuturan kasebat dados tuturan ragam ngoko alus lan saged

dipunleresaken kadosta :

Wawan : “Mas Kiki, lungguhipun geser ngetan setitik Mas!”

(e). KONTEKS : FITRI NYUWUN TULUNG DHATENG MAS

BAMBANG, NYUWUN DIPUNDHUTAKEN

PRINT.-PRINTNAN.

Fitri : “Mas Bambang, tulung jupukke print – printnan.”

48

“Mas Bambang, tolong diambilkan print - printnan.”

Mas Bambang : “Ning endi?“

“Dimana?”

Fitri : “Kae ana toko Anugrah.”

“Itu di toko Anugrah.”

Mas Bambang : “Ya“

“Ya”

Tuturan ing nginggil tuturan ingkang dereng leres, amargi Fitri

(pihak I) boten nginggilaken Mas Bambang (pihak II), ngginakaken

ragam ngoko alus, Fitri (pihak I) ngginakake pilihan tembung ngoko

jupukke “ambilkan“ ingkang dipuntujokaken dhateng Mas Bambang

(pihak II). Saleresipun Fitri (pihak I) ngginakaken tembung krama inggil

pendhetaken “ambilkan” kangge dipuntujokaken dhateng mas Bambang

(pihak II) amargi status sosialipun lan yuswanipun Mas Bambang (pihak

II) langkung inggil saking Fitri. Saengga tuturan kasebat saged

dipunleresaken kadosta :

Fitri : “Mas Bambang, tulung panjenengan pendhetaken

print - printnan.“

(f). KONTEKS : KEKE NGAJAK BULIK RINA DHAHAR.

Keke : “Lik Rina ayo mangan bareng.”

49

“Lik Rina ayo makan bareng.”

Bulek Rina : “Iya mangga, kowe maem dhisik.“

“Iya silakan, kamu makan duluan.”

Keke : “Lik lha sampeyan wis tuku bukune durung?”

“Lik lha kamu sudah beli bukunya belum?”

Bulek Rina : “Iya, nembe aku marang toko bukune nanging wis entek.”

“Iya, aku barusan dari toko bukunya tetapi sudah habis.”

Tuturan ingkang dipuntuturaken Keke (pihak I) ing nginggil boten

leres, amargi Keke (pihak I) boten angadhahi upaya nginggilaken Bulik

Rina (pihak II). Keke (pihak I) ngginakaken pilihan tembung ingkang

kirang leres, ngoko mangan “makan“, sampeyan “anda“ lan tuku “beli“

ingkang dipuntujokaken dhateng Bulek Rina (pihak II) saleresipun Keke

(pihak I) ngginakaken tembung krama inggil dhahar “makan“,

panjenengan “anda“ lan mundhut “beli“, amargi Keke (pihak I) status

sosial lan yuswanipun langkung andhep saking Bulik Rina (pihak II)

saengga tuturan ingkang leres kadosta :

Keke : “Lek Rina ayo dhahar sareng.”

Keke : “Lek lha panjenengan sampun mundhul buku durung?”

50

(g). KONTEKS : BOWO NYUWUN NGOMBE DHATENG MAS

MADI.

Bowo : “Mas Madi aku njaluk ngombene yo?.”

“Mas Madi aku minta air minumnya ya?.”

Mas Madi : “Lha kowe kan mau wis nggowo dhewe, kok njaluk.”

“Lha kamu kan tadi bawah sendiri, kok minta.”

Bowo : “Wekku entek Mas durung tuku maneh.”

“Punya saya habis belum beli lagi.”

Mas Madi : “Ya.”

“Ya.”

Tuturan wonten nginggil dereng leres amargi Bowo (pihak I)

ngginakaken tembung ngoko njaluk “minta” ingkang dipuntujokaken

dhateng Mas Madi (pihak II), tuturan ingkang leres Bowo (pihak I)

ngginakaken tembung nyuwun “minta“ kangge dipuntujokaken marang

Mas Madi (pihak II), saengga tuturan kasebut dados tuturan ragam ngoko

alus lan saged dipunleresaken kadosta :

Bowo: “Mas Madi aku nyuwun ngombene ya.”

(h). KONTEKS : ODA NGMPIL CLANA PRAMUKA KAKAK

KELASIPUN (WAWAN).

Oda : “Mas wawan aku nyilih clana pramukane sampeyan.”

“Mas wawan saya pinjam celana pramuka punya anda.”

51

Wawan : “Lha celana mu nang apa?.”

“Lha celana kamu kenapa?.”

Oda : “Clanaku isih teles wingi kudanan.”

“Celana saya masih basah kemarin kehujanan.”

Wawan : “Iki clanane, nek wes dikumbahke sekaliyan yo Da.”

“Ini celananya,nanti kalau sudah sekaliyan dicuci ya.”

Tuturan wonten nginggil dereng leres, amargi Oda (pihak I) boten

ngadhahi upaya nginggilaken Wawan (pihak II) kaliyan ngginakaken

ragam ngoko alus. Oda (pihak I) ngginakake tembung sampeyan “anda“

ingkang dipuntujokaken dhateng Wawan (pihak II). Saleresipun Oda

(pihak I) ngginakaken tembung krama inggil panjenengan “anda“

kangge Wawan (pihak II) amargi Wawan yuswanipun langkung inggil

(katha). Tuturan ingkang leres :

Oda : “Mas Wawan aku nyilih clana pramukane panjenengan.”

(i). KONTEKS :PAK RT NYUWUN TULUNG MAS HERU

DIPUNTIMBALAKEN PAK RW.

Pak RT : “Her, tulung diundangke Pak RW dikon ning dalem!”

“Her , tolong dipanggilkan Pak Rw suruh ke rumah!”

Heru : “Pak RWne kesah Comal Pak.”

“Pak RWnya pergi ke Comal Pak.”

52

Tuturan wonten ginggil tuturan ingkang boten leres . Heru

(pihak I) boten nggadahi upaya nginggilaken Pak RW (pihak III)

ngginakaken ragam ngoko alus. Heru (pihak II) ngginakaken pilihan

tembung krama kesah “pergi“ ingkang dipuntujokaken kangge Pak RW

(pihak III). Saleresipun Heru (pihak II) ngginakaken tembung krama

inggil tindak “pergi“ kangge dipuntujokaken dhateng Pak RW (pihak

III). Amargi Heru (pihak II) status sosial lan yuswanipun langkung

andhep saking Pak RW (pihak II) lan kalih - kalihipun boten nggadhahi

hubungan ingkang akrab, saengga tuturan ingkang leres nggih punika :

Heru : “Pak RWne tindak, Comal Pak.”

2. Kasalahan Leksikon Wonten Tuturan Krama Alus.

(a). KONTEKS :ANDRI NYUWUN PIRSA DHATENG PAK

KADES, MENAWI WONTEN KEMPALAN

TUJUH BELASAN.

Andri : “Pak Lurah kula badhe taken.”

“Pak Lurah saya mau tanya.”

Pak Lurah : “Inggih mangga.”

“Iya silahkaan.”

Andri : “Menawi lomba dipunadakaken dinten minggu pripun?”

“Kalau lomba diadakan hari minggu bagaimana?”

Pak Lurah : “Ya saged.”

53

“Ya bisa.”

Tuturan ingkang dipuntuturaken Andri (pihak I) wonten nginggil

dereng leres, amargi Andri (pihak I) boten nggadhahi upaya

nginggilaken Pak Lurah (pihak II), Andri (pihak I) ngginakaken

tembung krama badhe taken “mau tanya“ ingkang dipuntujokaken

dhateng Pak Lurah (pihak II). Saleresipun Andri (pihak I) ngginakaken

tembung krama inggil nyuwun pirsa “mau tanya“ kangge

dipuntujokaken dhateng Pak Lurah, amargi status sosial lan yuswanipun

Andri (pihak I) langkung andhep saking Pak Lurah (pihak II)

utawinipun Andri (pihak I) lan Pak Lurah (pihak II) boten wonten

hubungan ingkang akrab, saengga tuturan kasebat dados tuturan ragam

krama alus lan saged dipunleresaken kadosta :

Andri : “Pak Lurah kula badhe nyuwun pirsa.”

(b). KONTEKS :EZA NYUWUN PIRSA ALAMATIPUN PAK

RT.

Eza : “Nembe wangsul napa Mas? ”

“Baru pulang Mas?”

Mas Turyono : “Inggih mangga.”

“Ya magga.”

Eza : “Lah sampean griyane pundi?”

“Lah rumah kamu mana?”

54

Mas Turyono : “Muncang, Rt.01, Rw. 02.”

“Desa Muncang Rt. 01, Rw. 02.”

Tuturan wonten nginggil boten leres ingkang dipuntuturaken Eza

(pihak I), amargi ngginakaken tembung krama wangsul “pulang“,

sampeyan “anda“ lan griyane “rumahnya” ingkang dipuntujokaken

Mas Turyono (pihak II). Saleresipun Eza (pihak I) ngginakaken

tembung krama inggil kondur “pulang“, panjenengan “anda“ lan

dalemipun “rumahnya“, kangge dipuntujokaken dhateng Mas Turyono

(pihak II). Amargi Mas Turyono langkung inggil saking segalanipun lan

Eza (pihak I) boten akrab kaliyan Mas Turyono (pihak II), saengga

tuturan kasebat saged dipunleresaken kadosta :

Eza : “Nembe kondur napa Mas? ”

Eza : “Lah panjenengan dalemipun pundi?”

(c). KONTEKS :RIYAN TUMBAS JAJANAN WONTEN

WARUNG.

Riyan : “Bu kacange piranan?”

“Bu kacang harganya berapa?”

Bu Narni : “Limangatusan Yan.“

“Limaratusan Yan.”

55

Riyan : “Kula tumbas kalih Bu. Niki dhuwite.”

“Saya beli 2 Bu. Ini uangnya.”

Tuturan wonten nginggilboten leres, amargi Riyan (pihak I) boten

nggadhahi upaya nginggilaken Bu Narni (pihak II) kaliyan ngginakaken

ragam krama alus. Riyan (pihak I) ngginakaken tembung ngoko

kacange “kacangnya“, piranan “berapa“ lan dhuwite “uangnya“

ingkang dipuntujokaken dhateng Ibu Narni (pihak II). Saleresipun

Riyan ngginakaken tembung krama inggil kacangipun “kacangnya“,

pintenan “berapa”, lan artonipun “uangnya“, dipuntujokaken dhateng

Bu narni (pihak II). Amargi status sosial lan yuswanipun Bu Narni

langkung inggil saking Riyan (pihak I) semanten ugi kalih - kalihipun

boten nggadhahi hubungan ingkang akrab, saengga tuturan kasebat

saged dipunleresaken kadosta :

Riyan : “Bu kacangipun pintenan?”

Riyan : “Kula tumbas kalih Bu. menika artonipun.”

(d). KONTEKS :DWI NGAMPIL SEPEDHA MOTOR.

Dwi : “Mas Eko kulo nyilih motore kangge tumbas pulsa.”

“Mas Eko saya pinjam sepeda motornya buat beli pulsa.”

Mas Eko : “Karo sapa?”

“Sama siapa?”

56

Dwi : “Kalih Wiwik.”

“Sama Wiwik.”

Mas Eko : “Iki kuncine, ati- ati ya!”

“Ini kuncinya, hati - hati ya!”

Dwi : “Inggih Mas, matur nuwun.”

“Iya Mas, terima kasih.”

Tuturan wonten nginggiL boten leres ingkang dipunujaraken Dwi

(pihak I), amargi Dwi (pihak I) boten nggadhahi upaya nginggilaken

Mas Eko (pihak II) ngginakaken ragam krama. Dwi (pihak I)

ngginakaken tembung ngoko nyilih “meminjam“ lan motore

“motornya”, ingkang dipuntujokaken dhateng Mas Eko (pihak II).

Saleresipun Dwi (pihak I) ngginakaken tembung krama inggil ngampil

lan motoripun “motornya”, kangge dipuntujokaken dhateng Mas Eko

(pihak II), amargi yuswanipun Mas Eko (pihak II) langkung inggil

saking Dwi (pihak II). Saengga tuturan kasebat saged dipunleresaken

kadosta :

Dwi : “Mas Eko kulo ngampil motoripun kangge tumbas

pulsa.“

(e). KONTEKS :MILA TUMBAS GORENGAN.

57

Mila : “Pak Nardi, tumbas gorengan.”

“Pak Nardi, beli gorengan.”

Pak Nardi : “Mangga, njupuk dhewe.”

“Silahkan, ambil sendiri.”

Mila : “Tlembuke ndi Pak, kok boten wonten?”

“Tlembuknya mana Pak, kok boten wonten?”

Pak Nardi : “Tlembuke durung mateng.”

“Tlembuke belum matang.”

Tuturan ingkang dipunujaraken Mila (pihak I) wonten nginggil

kirang tepat (salah), amargi Mila (pihak I) boten gadha upaya

nginggilaken Pak Nardi (penjual pihak II) ngginakaken ragam krama

alus. Mila (pihak I) ngginakaken tembung ngoko tlembuke

“tlembuknya”, endi “mana“ ingkang dipuntujokaken dhateng Pak

Nardi (pihak II). Saleresipun Mila (pihak I) ngginakaken tembung

krama inggil tlembukipin “tlembuknya”, pundi “mana“ kangge

dipuntujokaken dhateng Pak Nardi (pihak II). Amargi Mila (pihak I)

kaliyan Pak Nardi (pihak II) yuswanipun langkung inggil Pak Nardi

(pihak II). Saengga tuturan kasebat saged dipunleresaken kadosta :

Mila : “Tlembukipun pundi pak, kok mboten wonten?.”

58

(f). KONTEKS :PAK KADES NYUWUN PIRSA DHATENG

PAK RT NGENANI JADWAL SISKAMPLING (

RONDA).

Pak Kades : “Pak jadwal siskampling sampun didamel dereng?.”

“Pak jadwal siskampling sudah dibuat belun?.”

Pak Rt : “Sampun Pak, tapi durung di fotocopy.”

“Sudah pak , tapi belum difotocopy.”

Pak kades : “Menawi sampun difotocopy dipasang inggih pak!.”

“ Kalau sudah difotocopy dipasang ya pak!.”

Pak Rt : “ inggih pak .”

“Ya pak.”

Tuturan ing nginggil boten leres dipuntuturaken Pak Rt

(pihak II), amargi pak Rt (Pihak II) boten anggadhahi upaya nginggilaken

Kades (Pihak I) kaliyan ngginaaken krama alus.Ing salebeting tuturan

wonten nginggil Pak Rt (Pihak II) ngginakaken tembung krama didamel

“dibuat“, tembung bahasa Indonesia tapi “tapi“, tembung ngoko

durung “belum“, difotocopy “difotocopy“, lan dipasang “dipasang“

ingkang dipuntujokaken dhateng Pak Kades (Pihak I). Saleresipun Pak Rt

(Pihak II) ngginakaken tembung krama inggil dipundamel “dibuat“,

nanging “tapi“, dereng “belum“, dipunfotocopy “difotocopy“, lan

dipunpasang “dipasang“ kangge dipuntujokaken dhateng Kades (Pihak

59

I). Amargi Kades (Pihak I) kaliyan Pak Rt (Pihak II) status sosial

langkung inggil Pak Kades (Pihak I), lan ugi kalih-kalihipun boten

anggadhahi hunbungan boten akrab. Tuturan kasebat saged

dipunleresaken kadosta :

Pak Kades : “Pak jadwal siskampling sampun dipundamel dereng?.”

Pak Rt : “Sampun Pak, nanging dereng dipunfotocopy.”

Pak Kades : “Menawi sampun dipunfotocopy dipunpasang inggih

“Pak!.”

(g). KONTEKS :RES NYUWUN PIRSA DHATENG IBUNIPUN.

Res : “Bu gelasku endi, uwis diisi dereng?.”

“Bu gelas saya mana, sudah diisi belum?.”

Ibu : “Kae ning meja, goleki dhewe.”

“Itu di meja cari sendiri.”

Res : “Lha bu, dereng diisi.”

“Lha bu belum diisi.”

Ibu : “Gawa mrene tak isine!.”

“Bawa sini saya isi.”

Tuturan ingkang dipuntuturaken Res dereng leres (Pihak I),

amargi Res (Pihak I) ngginakaken tembung ngoko gelasku “gelas saya“,

60

endi “mana“ uwis “sudah“, lan diisi “diisi“ ingkang dipuntujokaken

dhateng ibu (Pihak II). Saleresipun Res (Pihak I) ngginakaken tembung

krama inggil gelas kula “gelas saya“, pundi “mana“, sampun “sudah“,

lan dipunisi “diisi“ kangge dipuntujokaken dhateng ibu (Pihak II),

amargi status sosial lan yuswanipun ibu (Pihak II) langkung inggil saking

Res (Pihak I). Saengga tuturan kasebat saged dipunleresaken kadosta :

Res : “Bu gelas kula pundi, sampun dipunisi dereng?.”

Res : “Lha bu, dereng dipunisi.”

(h). KONTEKS : SELDA GiNEMAN WONTEN SUMUR

RIKALA NGUMBAHI.

Mbak Selda : “Marsya isih suwe apa ora?.”

“ Marsya masih lama apa tidak?”

Marsya : “Boten mbak, niki sampun rampung.”

“Boten mbak, ini sudah selesai.”

Mbak Selda : “Embere tak silih aku yo.”

“Embernya tak pinjam aku ya?.”

Marsya : “Inggih mbak, mangke takterake.”

“ Iya mbak, nanti saya antarkan.”

61

Tuturan wonten nginggil tuturan ingkang boten leres, amargi

Marsya boten nggadhahi upaya nginggilaken Mbak Selda (Pihak I)

ngginakaken tembung krama alus. Marsya (Pihak II) ngginakaken

tembung ngoko takterke “antarkan“ ingkang dipuntujokaken dhateng

Mbak Selda (Pihak I). Saleresipun Marsya (Pihak II) ngginakaken

tembung krama inggil dipunaturaken “diantarkan“ kangge

dipuntujokaken dhateng Mbak Selda (Pihak I). Amargi status sosial lan

yuswanipun Marsya langkung andhep saking Mbak Selda (Pihak I).

Saengga tuturan kasebat dados tuturan krama alus lan saged

dipunleresaken kadosta :

Marsya : “Inggih Mbak, mangke dipunaturaken.”

(i). KONTEKS : HERU NYUWUN PIRSA ASIL

MUSYAWARAH LOMBA.

Mas Heru :“Mas Imam lha sampeyan ora melu

musyawarah saka ngendi.?”

“Mas Imam lha anda tidak ikut musyawarah lomba

dari mana?.”

Imam : “Kula nembe tindak wonten Pekalongan Mas.”

“Saya baru saja pergi ke Pekalongan Mas.”

Mas Heru : “Lha ijin ora?.”

62

“Lha ijin apa tidak?.”

Imam : “Boten Mas.”

“Tidak Mas.”

Tuturan inkang dipunujaraken kalih-kalihipun boten leres,

amargi Mas Heru (Pihak I) ngginakaken tembung krama

sampeyan “anda“, lan tembung ngoko ora “tidak“, melu “ikut“,

saka “dari”, lan ngendi “mana“, lan Imam (Pihak II)

nginggilaken diri pribadi, ngginakaken tembung krama inggil

tindak “pergi“. Saleresipun Mas Heru ngginakaken tembung

krama inggil panjenengan “anda“, boten “tidak“, tumut “ikut“,

saking “dari“, pundi “mana“, lan Imam (Pihak II) ngginakaken

tembung krama kesah “pergi“ kangge diri pribadi (Pihak II),

amargi jumbuh kaliyan unggah-ungguh basa jawi boten

dipunleresaken ngginakaken tembung krama inggil kangge diri

pribadi (Pihak II), saengga tuturan kasebat dados tutuiran ragam

krama lan saged dipunleresakan kadosta :

Mas Heru : “Mas Imam lha panjenengan boten tumut

musyawarah lomba saking pundi ?.”

Imam : “Kula nembe kesah wonten Pekalongan Mas.”

.

63

(j). KONTEKS :KEMAL NYUWUN IJIN WANGSUL WONTEN

MUSYAWARAH.

Kemal : “Pak Lurah, kula ijin badhe kondur.”

“Pak Lurah, saya ijin mau pulang.”

Pak Kades : “Lha ijin wangsul ana apa Mal?.”

“Lha ijin pulang ada apa Mal?.”

Kemal : “Wonten keperluan penting Pak.”

“Ada kepentingan.”

Pak Kades : “Ya wis.”

“Ya sudah.”

Kemal : “Matur nuwun Pak.”

“Makasih Pak.”

Tuturan ingkang dipuntuturaken Kemal (Pihak I) boten leres,

amargi Kemal (Pihak I) nginggilaken diri pribadi (Pihak I)

ngginakaken tembung krama inggil kondur “pulang“ ingkang

dipuntujokaken kangge diri pribadi (Pihak I). Saleresipun Kemal

(Pihak I) ngginakaken tembung krama wangsul “pulang“ kangge

diri pribadi (Pihak I), amargi jumbuh kaliyan unggah-ungguh

basa jawi boten dipunleresaken ngginakaken tembung krama

64

inggil kangge diri pribadi (Pihak I), saengga tuturan kasebat

dados tuturan ragam krama lan saged dipunleresaken kadosta :

Kemal : “Pak Lurah, kula ijin badhe wangsul.”

65

BAB IV

PANUTUP

A. Dudutan

Adhedasar temuan asil panaliten lan pembahasan ingkang sampun

dipunjlentrehaken wonten nginggil saged kadudutaken bilih Basa Tumrap

Kawula Mudha ing Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh

punika kados wonten ngandhap.

Kasalahan pamilihing leksikon dhateng kawula mudha dipuntijau

saking unggah – ungguh basa ing salebeting tindak tutur inggih punika

kasalahan pamilihing leksikon wonten tataran ngoko alus, lan kasalahan

wonten tataran krama alus, Ragam kasalahan pamilihing leksikon ingkang

dominan kadaden wonten kasalahan pamilihing leksikon wonten tataran

krama alus.

B. Pamrayogi

Sasampunipun ngawontenaken kajian analisis Basa Kawula Mudha

Dukuh Kebadinan, Desa Muncang, Kecamatan Bodeh, wonten pamrayogi

ingkang kedah dipunwigatosaken kangge sedaya kemawon ingkang maos

inggih punika kawula mudha kedah langkung migatosaken anggenipun

ngangge unggah – ungguh basa jawi wonten tindak tutur (patuturan)

kaliyan migatosaken faktor situasi lan faktor sosial mitra tutur (siapa yang

diajak bicara)

66

KAPUSTAKAN

Hadi subroto, T. 1974. Paramasastra Jawi. Solo : Penerbit Widya Duta.

Harjawiyana, Haryana. Th. Supria. 2001. Kamus ungah-unguh basajawa.Yogyakarta : penerbit kanisius.

Herman , J. Waluyo.1992. Paniliten Pendidikan Basa dan Sastra. Surakarta :Sebelas Maret University Press.

Mahsun, M.S.2005. Metode Panaliten Basa. Jakarta : Penerbit PT.Raja GrafindoPersada.

Moleong, Lexy. 1994. Metode Penelitian Kualitatif. Bandung : Remaja Karya.

Mulyono, Sri. 1979. Wayang dan Karakter Manusia.Jakarta : Gunung Agung.

Padmosoekotjo, 1992. Panulise Basa Jawa Nganggo Aksara Jawa.Surabaya:Penerbit Citra Jaya Murti.

Rass, J.J. 1985. Bunga Rampai Sastra Mutakhir.Jakarta : Penerbit Grafiti Pers

Ronny, Kauntar.2003.Metode Panaliten untuk Panulisan Skripsi dan Tesis.Jakarta: CV . Taruna Grafika.

Soesatyo Darnawi.1984. Bauwarna Basa Jawa. Klaten : Penerbit Intan.

Sudharto. 1993. Ajar Basa . Semarang : Aneka Ilmu.

Sugiarto dkk.1999. Kamus Indonesia- Daerah. Jakarta : Penerbit PT.GramediaPustaka Utama.

Tarigan, H.G.1994. Menulis Sebagai Ketrampilan Berbahasa. Bandung :Angkasa.