Upload
anthony-olsen
View
398
Download
0
Embed Size (px)
DESCRIPTION
ghuy
Citation preview
UNGGAH-UNGGUH
77
BAB V.UNGGAH-UNGGUHA. Purwaka
Adhedhasar SK Mendikbud No. 60/M.1993 sarta SK Kakanwil Depdikbud DIY No. 017/113/Kpts/1994 katetepaken bili Basa Jawa dipundadosaken muatan local wajib ing tataran Pendidikan Dasar. Kanthi mekaten Basa Jawa wajib dipunwulangaken ing tataran SD saha SLTP. Malah wiwit tahun 2006 adhedhasar Keputusan Kongres Basa Jawa ingkang kaping IV wonten ing Semarang Basa Jawa wajib dipunwulangaken ing SLTA (SMA, SMK, MA) ing laladan Jawa Tengah, DIY, saha Jawa Timur. Malah SK Gubernur DIY No. 1 tahun 2009 bilih dinten Setu minangka dinten Jawi ing lembaga pamarintah menapa dene swasta. Tegesipun ing Setu lembaga pamarentah saha swasta, sekolah, keluarahan, dinas-dinas, saha sanesipun dipunwajibaken ngginakaken basa Jawa kangge pasrawungan. SK Gubernur menika dilajengaken SK Bupati saha Walikota ing DIY, radin-radin ugi dinten Setu.Bab menika kepasang yogya, kaleresan, nggumbirakaken manah, bilih pamarentah kasdu saha karsa migatosaken Basa Jawa. Menawi pamarentah kemawon gadhah pamarsudi, menapa kula miwah panjenengan ingkang trahing Jawi badhe nyingkur dhateng darbekipun piyambak. Kamangka basa menika ngemu budaya (menika hyphotesis Saphir-Whorft). Tegesipun basa menika ngemu saha ngemot budaya. Sedaya budaya kamot wonten basanipun, basa ngemuli budaya. Menawi basanipun lestari, budayanipun ugi badhe lestari, menawi basanipun dipunsingkur budayanipun saged kasingkur.Owah gingsiring jaman nut ing jaman kelakone. Tegesipun basa Jawa saha budaya Jawa kedah saged nglarasaken ombyaking jaman, nanging boten ategese keli. Magepokan kaliyan ombyaking jaman wonten pinten-pinten pamanggih, antawisipun:
(1) Para trahing Jawi sami kayungyun kaliyan kemajenganing teknologi canggih, budaya manca, ingkang dereng temtu leres saha laras kaliyan budaya Jawa.
(2) Kahanan kasebat mahanani budayanipun piyambak kadhesek saha kaseser awit gandrung dhateng budaya manca.
(3) Pamanggih bilih wulangan basa Jawa menika kirang wonten tanjanipun dhateng panggesangan. Menika cetha klentu awit ingkang nama gesang menika boten naming mbetahaken ilmu teknologi, nanging ugi seni saha budaya. Malah kapinteran srawung adhedhasar budaya ingkang nglambari ilmu saha teknologi gadhah daya ingkang sakalangkung tumanja tumuju gesang tumuju dhateng kamulyan saha kabagyan. Tiyang ingkang pinter srawung langkung kasil ing gesangipun tinimbang tiyang ingkang namung sangu ngilmu kapinteran. Langkung kasil menawi dhasar pinter srawung, sugih ngilmu kapinteran (ipteks: ilmu pengetahuan, teknologi, seni). Pirembagan:
1. Kados pundi menggah pamanggih panjenengan magepokan kaliyan SK Gubernur No. 1/2009?
2. Kados pundi caranipun supados kawicaksanan kasebat saged tuwajuh (efektif saha efisien)?
B. Ginanipun Sinau Unggah-ungguh Basa Jawa(1) Ndhidik raos kurmat
Unggah-ungguh saged ndhidhik raos kurmat awit tembung-tembung ing unggah-ungguh basa menika sampun ngemu raos kurmat antawisipun ingkang gineman kaliyan ingkang dipunajak gineman.
(2) Ndhidhik andhap asor anoraga
Ing tembung-tembungipun unggah-ungguh sampun ngemu bilih tiyang ingkang ngajak gineman langkung ngaosi kaliyan ingkang dipunajak gineman. Menika boten saged katilar kajawi ingkang ngajak gineman menika langkung inggih drajat, pangkat, semat, utawi yuswanipun.
(3) Ndhidhik tatakrami
Tembung-tembung ingkang netepi ingkang leres sampun ngemu tata krami. Pramila tiyang ingkang leres sarta laras anggenipun matur kanthi basa ingkang leres, tata kraminipun mesthi sampun katut ing solah bawa. Tegesipun basa menika manunggal kaliyan solah bawa.
(4) Ngaosi budaya leluhur saha nglestantunaken asiling budaya leluhur
Unggah-ungguh menika tilaranipun para leluhur ingkang sampun nyipta sah angripta kanthi premati sarta kebak ing filosofi pramila kedah dipunaosi kanthi nglentantunkan kanthi cara ngginakaken utawi nindakaken.
(5) Mekaraken kawegiganing gesang (life skill) kadosta pranata adicara, jagad pewayangan, seni kethoprak, nyerat cerkak, novel, geguritan, lsp. Taksih kathah budaya Jawi ingkang ngginakaken basa Jawi, awit menawi ngginakaken basa sanesipun kirang nges, upaminpun wayang ngangge basa Indonesia utawi Inggris (lha menawi suluk tetep ngangge basa Jawi), kethoprak tetep gayeng regeng menawi ngangge basa Jawi.
C. Unggah-ungguh Basa Jawa ing SDWonten sawenehing pamanggih bilih para trahing Jawi mudha samenika sampun kirang saged basa Jawi, kirang tewajuh ngginakaken unggah-ungguh. Unggah-ungguh menika magepokan kaliyan tata basa saha tata susila/tata krama. Tata basa magepokan kaliyan ngginakaken basa jawa ing madyaning pasrawungan. Bab menika ugi magepokan kaliyan cara ngurmati saha ngaosi tiyang sanes kanthi sarana basa ingkang dipunginakaken ing pasrawungan. Tata susila/tata krama magepokan kaliyan cara ngurmati tiyang sanes kanthi solah bawa, patrap, utawi tumindak. Dados unggah-ungguh menika manunggal antawisipun basa (muna-muni) saha solah bawa (tindak-tanduk). Pramila tindak-tanduk, muna-muni kedah dipunjagi. Menawi tiyang saged ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi laras saha leres, limrahipun gadhah tata krama ingkang sae ugi.
Ing andharan menika unggah-ungguh ingkang kawedhar ingkang magepokan kaliyan unggah-ungguh basa, kanthi dhasar:
(1) Unggah-ungguh tata basa sampun ngemot unggah-ungguh tata krama. Tegesipun unggah-ungguh basa manunggal kaliyan tata krama. Boten limrah tiyang ingkang ngecakaken unggah-ungguh basa kanthi sae, nanging patrapipun boten sae.(2) Ngantos samenika ingkang sampun dipuncakaken ing madyaning masyarakat inggih unggah-ungguh basa.
(3) Ngantos samenika ingkang sampun sinerat inggih nembe unggah-ungguh basa.
(4) Tata krama limrahpun kakabar ing pamulangan-pamulangan kanthi manunggal (integrated learning) kaliyan materi sanesipun kadosta wewaler utawi pepali, gugon tuhon, bebasan, paribasan, lsp.Manut pamanggihipun Kuswa Endah (1996) unggah-ungguh basa ngrembag kados pundi pamicara saged milih tembung ingkang trep, runtuting paramasastra, tuwin patraping solah bawa. Menika trep kalitan paribasan ajining dhiri gumantung lathi, ajing raga gumantung busana, ajining awak gumantung tumindak.
Unggah-ungguh basa Jawa prelu dipundamel prasaja, cekap wonten kalih kemawon inggih menika ngoko kaliyan krama. Satunggal-satunggalipun kapilah dados lugu saha alus, kados gambar ing ngandhap menika.
LUGU
NGOKO
UNGGAH-UNGGUH
ALUSBASA
LUGU
KRAMA
ALUS
Tumrap para siswa SD malah ngantos tataran salajengipun unggah-ungguh cekap kados ing nginggil andhedhasar pamanggih:
(1) Nggampilaken siswa anggenipun sinau, boten angel, boten ruwet
(2) Kanthi gampil kasebat siswa boten kemba, boten ajrih
(3) Ing pasrawungan unggah-ungguh kasebat sampun nyekapi/ murakabi
(4) Buku-buku basa Jawa, cerkak, cerbung, geguritan, utawi asiling kasusastran ugi ngginakaken unggah-ungguh menika (azas fungsional).
D. Basa Ngoko
1. Ngoko Lugu
Basa ngoko lugu inggih menika sarana wicara ingkang dumadi saking sedaya tembung-tembungipun ngoko. Basa ngoko lugu kangge micara:
a. Tiyang langkung sepuh dhumateng tiyang anem
b. Tiyang sepuh dhumateng anak
c. Tiyang sapantaran ingkang sampun rumaket
d. Ngunandika
e. Ratu dhateng kawula
f. Pangarsa dhateng andhahan
Contoh:
a. Dhik tulung aku jupukna buku gelas!
b. Bapak wis tau ngomong, menawa anak-anakku kabeh kudu sregep sinau.c. Didit, ayo sinau tembang!
d. Wah jamane wis maju, kakeh sarwa maju, penyakit wae melu maju, angel tambane.
e. Rangketen para durjana!
f. Perusahaan ini kudu bias maju.2. Basa Ngoko Alus
Basa ngoko alus inggih menika sarana micara ingkang tembung-tembungipun ngoko kacampuran krama inggil. Dene ingkang dipunkramakaken sesebatan saha tembung kriya. Sesebatan upaminipun tembung purusa (tembung sesulih) kados: panjenengan, panjenengane, dalem (boten griya). Tembung kriya kadosta: tindak, sare, dhahar, maos, lsp. Basa ngoko alus kangge micara:
a. Tiyang sepuh (ingkang langkung andhap kalenggahanipun) dhateng tiyang anem langkung inggil kalenggahanipun.
b. Tiyang sapantaran nanging taksih kepengin ngurmati.
Tuladha:
a. Dhimas, apa sliramu sida arep tindak Jakarta?
b. Yen panjenengan mundhut buku, aku titip.
E. Basa Krama
1. Krama Lugu
Basa krama lugu inggih menika sarana micara ingkang sedaya tembung-tembungipun krama. Basa krama lugu kangge micara:
a. Tiyang langkung sepuh dhateng tiyang anem, nanging taksih kepengin ngurmati.
b. Pangarsa dhateng andhahan ingkang langkung sepuh.
Tuladha:
a. Menawi sampun mantuk, kula badhe tumpas peksinipun.
b. Pak, cobi kula dipunpendhetaken conto produk wonten ing gudang.2. Krama AlusBasa krama alus inggih menika sarana micara ingkang tembung-tembungipun dumados saking tembung krama saha krama inggil. Tembung krama inggil kangge sesebatan saha tembung kriya.
Basa krama alus kangge:
a. Anak dhateng tiyang sepuh
b. Tiyang anem dhateng tiyang sepuh
c. Tepangan enggal
d. Andhahan dhateng pangarsa
e. Kawula dhateng ratu
f. Tiyang ndedonga.Tuladha:
a. Bapak kula badhe study tour dhateng Bali.
b. Kula badhe matur Ibu.
c. Nuwun sewu asma panjenengan sinteen?
d. Bapak sedaya barang sampun kula aturaken Bu Lurah.
e. Kepareng kula matur Gusti?
f. Dhuh Gusti Allah mugi paduka paring rejeki ingkang halal saha barakah, anak ingkang soleh solehah, kulawarga ingkang sakinah, mawaddah, warahmah. Amin.
Pirembagan:
1. Basa ngoko alus saya dangu saya awis dipunprangguli. Menawi sampun rumaket langkung kathah ngginakaken ngoko lugu. Basa ngoko alus namung dipunginakaken dhateng tiyang-tiyang ingkang satuhu pana bab unggah-ungguh.
2. Basa krama lugu saya dangu saya awis dipunprangguli. Tiyang langkung sekeca ngginakaken basa krama alus. Krama alus sampun murakabi kangge pasrawungan.
3. Hipotesis:Ing wanci badhe dhateng unggah-ungguh ingkang lestari mratah NGOKO LUGU kaliyan KRAMA ALUS utawi NGOKO kaliyan KRAMA.
Kados pundi pamanggih panjenengan?
F. Caranipun Mulangaken Unggah-Ungguh wonten ing SD
Supados siswa saged ngginakaken basa ingkang sae (laras saha leres) inggih namung sarana gladhen utawi dipunlatih. Robert Lado satunggaling ahli pamulangan basa nelakaken bilih sinau basa mekaten prayoginipun dipuntindakaken saben dinten ngantos dados pakulinan pakulinan (habitation: pembiasaan). Manawi sampun kulina dangu-dangu badhe hanyalira (manunggal ing manah/pamikir). Manawi sampun kasalira, micara kados sampun mili piyambak (otomatisasi), kados boten sisah mikir, boten plegak-pleguk, boten a-e, micara sempulur, nricis. Krashen (1988) mastani bab kasebab kanthi teori monitor. Kanthi nguwaosi basa satemah pamicara saged mastani basa ingkang laras, leres, menapa dene ingkang lepat. Ngilmu paramasastra, pamilihing tembung, saha unggah-ungguh saged dados pawitan kangge mastani (monitor) basa menika laras, leres, utawi boten.1. Siswa SD kelas I IIIBeda kaliyan siswa jaman rumiyin, siswa kelas I III samenika limrahipun sampun saged maos awit wonten TK utawi ing kulawarga sampun dipungladhi maos. Namung ing laladan karang pradesan bokmenawi taksih wonten siswa ingkang dereng saged maos kanthi trampil. Gegaran pamulangan:a. Tumrap ingkang dereng trampil maos, siswa dipunwulang unggah-ungguh kanthi sarana lisan.
b. Tumrap siswa ingkang sampun saged utawi kepara trampil maca, guru damel materi wicara tulis ingkang isi wicara prasaja.
c. Prasaja tembung-tembungipun.
d. Ukaranipun cekak
e. Materipun ugi cekak
f. Langkung kathah ngginakaken basa ngoko
g. Kramanipun sakedhik kemawon kangge tembung-tembung ingkang kaprah kadosta sare, dhahar, matur, tindak, nyuwun, lsp.
Caranipun mulang unggah-ungguh I :a. Apersepsi bab panganggenipun basa Jawi ing dalem, utawi kaliyan kanca-kancanipun nalika dolanan, utawi nalika sowan eyang.
b. Kadamelna swasana kelas dados gumbira. Rame boten menawa sauger ramenipun magepokan kaliyan materi (task on).
c. Siswa lajeng dipuntakeni ingkang dipuntindakaken nalika sowan eyang, dolanan, utawi kahanan wonten griya. Syukur bage menawi siswa purun crita (kados nalika wonten TK siswa mardika sanget kangge mahyakaken wicara, malah kepara rame saut-sautan). Ing kahanan menika lajeng dipundhawuhi supados cariyos, dene sanesipun mirengaken. Sanesipun mangke pikantuk giliran.
d. Ingkang kacariyosaken dipunserat wonten ing papan tulis kanthi dipunringkes utawi kanthi babaran enggal (kreasi) ingkang boten nyimpang kaliyan intinipun.
e. Materi dipunwaos sesarengan ing kelas.
f. Materi dipunwaos kanthi klompok (saperangan kelas).
g. Materi dipunwaos kanthi piyambak utawi giliran.
h. Menawi materi kalawau wujud pirembagan saged dipunwaos kanthi mawi paraga.
i. Siswa sanesipun saged damel piyambak adhedhasar pengalamanipunm, saged nulisaken saking tembung kemawon ngantos ukara.
j. Evaluasi kanthi dipuntakeni lisan bab ingkang kalawau karembag.
k. Materi dipunwangsuli kanthi ringkes.
l. Tumrap kelas ingkang sampun trampil nyerat saged dipunsukani PR bebas damel ukara utawi nyerat bab-bab ingkang katindakaken saking tembung ngantos ukara.Cara mulangaken unggah-ungguh II:
a. Apersepsi ingkang wonten gayutipun kaliyan materi ingkang badhe kawulangaken.
b. Guru mahyakaken topic (kompetensi dasar) ingkang badhe kawulangaken.
c. Guru wiwit mulangaken kanthi mahyakaken materi ingkang awujud tembung, ukara, utawi wicara.d. Siswa saged maos kanthi kelas, klompok, saha individu.
e. Guru pitaken ingkang angel tumrap siswa.
f. Materi dipunwangsuli.
g. Siswa mraktekaken materi (saged dipunwoas utawi wonten ngajeng kelas)
h. Siswa nyerat tembung, ukara, ngantos carita magepokan kaliyan pengalamanipun.
i. Guru pitaken ingkang dipunserat siswa.
j. Wangsul dhateng materi baku kanthi ngringkesk. Evaluasi guru saged dhawuh nyerat tembung ngantos ukara, isining materi, tembung ngoko, tembung krama.
Tugas:
1. Kadamelna caranipun mulang unggah-ungguh nalika siswa matur ibu arep nyuwun arta.
2. Idem nyuwun idin badhe dhateng wingking?3. Idem matur amargi telat?
2. Siswa SD kelas IV - VI
Menawi siswa SD kelas I III dipunwulang unggah-ungguh kathah kanthi lisan, siswa kelas IV VI SD kathah kanthi tulis (sinerat). Gegaranipun:a. Materi taksih prasaja kemawon sampun ngantos angel-angel.
b. Sanadyan prasaja, tembung langkung kathah, ukara tetep prasaja boten panjang-panjang (ukara tunggal), isinipun magepokan kaliyan ingkang dipuntindakaken siswa sadinten-dinten.
c. Tembung ngoko saha krama imbang
d. Kademela swasana kelas ingkang gembira.
e. Siswa mardika/bebas usul, ngginakaken basa Jawa ngoko utawi krama.
f. Cak-cakanipun basa / unggah-ungguh langkung kagatosaken.g. Guru saged damel teks waosan, pacelathon
h. Guru saged ngginakaken teknik simulasi (mraktekaken pacelathon dipunparagakaken dening siswa).
i. Siswa saged cariyos piyambak (monolog) ngangge basa ngoko utawi krama.
j. Siswa ugi saged damel pacelathon kanthi piyambak utawi kanthi klompok, lajeng dipungadhi, salajengipun dipunpraktekaken ing ngajeng kelas.
k. Sampun ngantos katalompen siswa kadhawuhan ngecakaken unggah-ungguh wonten griya, masyarakat, utawi wonten sekolah.
Caranipun mulangaken unggah-ungguh I:
1. Apersepsi magepokan kaliyan bab-bab ingkang katindaken siswa.
2. Siswa saged nyerat ingkang kantindakaken ngangge basa ngoko utawi krama nalika nyuwun arta, sowan eyang, nalika dolanan utawi cariyos ingkang dipunpireng ing kulawarga. Siswa ugi saged nyerat awujud pacelathon.3. Saged ugi anggenipun damel kanthi klompok.
4. Siswa kasuwun maca ingkang dipunserat utawi saged cariyos kanthi lisan.
5. Guru pitaken dhateng kelas menapa isinipun. Menika kangge mecut siswa supados micara.
6. Makaten kanthi giliran 3 4 klompok, boten prelu sedaya supados boten bosen.
7. Guru ngringkes paring teori bab unggah-ungguh saha cak-cakanipun. Guru saged ngginakaken media pasinaon.
8. Evaluasi: guru saged pitaken isinipun ingkang sampun kacariyosaken kalawau utawi magepokan kaliyan teori, utawi cak-cakaning teori (aplikatif).
9. Guru dhawuh supados ngecakaken unggah-ungguh ing pasrawungan.
Cara mulangaken unggah-ungguh II:
1. Pre tes utawi apersepsi magepokan kaliyan ingkang wonten ing materi.
2. Guru mahyakaken topik utawi kompetensi dasar ingkang badhe dipunsinau.
3. Guru pitaken sinten ingkang sampun nate ngalami kados wonten ing topik kasebat. Ingkang ngalami saged cariyos ringkes.
4. Guru wiwit ngandharaken materi praktis upaminipun unggah-ungguh tiyang mertamu, lapuran menawi dipunutus sampun rampung, unggah-ungguh pamit sekolah, lsp.
5. Guru saged ngginakanen media.
6. Siswa nyemak kalajengaken pirembagan (dhiskusi: usul, pitaken) magepokan kaliyan materi utawi media.
7. Guru pitaken bab-bab ingkang magepokan kaliyan materi.8. Guru ngandharaken teori unggah-ungguh sinambi mangsuli materi setunggal baka setunggal.
9. Kalodhangan kangge pitaken.
10. Guru ngringkes materi ingkang kawulangaken.
11. Evaluasi: guru taken bab-bab ingkang magepokan kaliyan materi, guru saged dhawuh siswa saged mraktekaken materi.
12. PR damel cariyos, pacelathon, madosi tembung ngoko saha kramanipun.
13. Guru dhawuh supados ngecakaken unggah-ungguh ing pasrawungan.Tugas/pirembagan:
1. Kados pundi pamanggih panjenengan bab cara pamulangan unggah-ungguh kasebat?
2. Kacariyosna pengalaman panjenengan, mulang unggah-ungguh ingkang tuwajuh mbekta asil ingkang sae!
G. Wicara Adhedhasar Unggah-Ungguh1. Pamit SekolahBUDHAL SEKOLAH
Jam setengah pitu Widada, Widati lan Widaningsih wis tata-tata ubarampe sekolah lan wis sarapan bebarengan karo bapak lan ibune.
Bu Wasita lan Pak Wasita uga arep tindak kantor .
Bu Wasita : Apa wis padha rampung kabeh ?
Widati : Sekedhap Bu, Dhik Ningsih nembe ngangge sepatu.
Pak Wasita : Yen kabeh wis padha rampung, ayo enggal budhal mengko mundhak telat.
Widada : Ayo Dhik, enggal budhal.
Widaningsih : Iya Mas, iki aku wis rampung.
Kabeh padha metu saka ngomah, Widada salaman karo bapake lan ibune. Astane bapake dicandhak lan diaras
Widada : Bapak, kula nyuwun pangestu badhe bidhal sekolah.
Pak Wasita : Iya dak pangestoni lan sing ati-ati, aja lali dedonga luwih dhisik.
Widada : Inggih Pak, dhawuhipun Bapak kula estokaken.
Bu Wasita : Sing ngati-ati ya, enggala bali.
Tetelune mangsuli : Inggih Bu, sugeng enjang.
2. RAPAT PEMUDHA
Nuwun, para kadang kula sepuh, Kangmas Mbakyu ingkang kinurmatan
Para kadang kula anem, Dhimas Nimas ingkang sutresna.
Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah swt ingkang sampun paring kanugrahan, satemah ing wanci menika kula miwah panjenengan saged kempal kangge rapat pemudha.
Keparenga ngaturaken adicara rapat utawi pepanggihan ing dalu menika.
Sepisan, pambuka
Kaping kalih, atur pambagya dening ketua pemudha
Kaping tiga, pirembagan program kegiatan.
Kaping sekawan, panutup.
Mekaten kalawau menggah adicara ingkang sampun karantam. Sumangga ngancik adicara sepisan, pambuka. Sumangga adicara kabuka kanthi ndedonga manut agami piyambak-piyambak utawi kanthi maos basmalah. Sumangga.
-----basmallah---
Matur nuwun, mugi kanthi donga utawi waosan basmallah pepanggihan ing dalu menika ngasilaken pirembagan ingkang manfangat. Salajengipun atur pambagyaharja saking wakil ketua pemudha. Dhumateng Mas Ajisaka, sumangga.
-------pambagyaharja------
Matur nuwun, bokmenawi para kadang kaneman sampun ngaturaken unjukan saha pasugatan sanesipun kersaa para kanca ngunjuk saha dhahar nyamikan. Adicara salajengipun pirembagan program kegiatan. Kangge ngrembag menika kula pasrahaken dhumateng ketua pemudha nun inggih Mbak Anggraini.
-------pirembagan------
Kanthi mekaten adicara rapat ing wanci menika sampun paripurna. Mugi ingkang sampun karembag saged katindakaken kanthi sae.
Kula minangka pranatacara bokmenawi wonten tuna dungkaping atur nyuwun agunging pangaksama. Sugeng dalu, sugeng kondur, rahayu kang sami pinanggih. Nuwun.
3. TULADHA PRANATACARA ING UPACARA PENGANTEN PRASAJA
Nuwun, kepareng matur dhumateng para kasepuhan, pinisepuh, saha sesepuh ingkang minulya, para Bapak Ibu tamu ingkang satuhu kinurmatan. Sumangga kula dherekaken muji syukur dhumateng Allah swt ingkang sampun paring sih kanugrahan.
Kaperanga kula sumela atur, badhe ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicara upacara penganten ing siyang menika.
Adicara kapurwakan kanthi pambuka.
Adicara kaping kalih atur pambagyaharja.
Ingkang kaping tiga pasrah saha tampi calon penganten kakung.
Adicara kaping sekawan adicara ijab qobul.
Dene adicara kaping gangsal, pengaosan utawi wasitatama.
Kapungkasan kanthi panutup.
Mekaten kalawau menggah adicara ingkang sampun karantam. Sumangga adicara kapurwakan kanthi kula maos basmalah. Sumangga.
Adicara salajengipun atur pambagyaharja. Rehning ingkang hamengku karsa boten kuwawi matur, pambagyaharja dipunwakili Bapak Gunadiharja. Dhumateng Bapak Gunadiharja sumangga, dene Bapak-Ibu Suharjana kasuwun kepareng hangampingi Bapak Gunadiharja. Sumangga.
--------pambagyaharja------
Mekaten kalawau atur pambagyaharja. Salajengipun adicara pasrah calon pinanganten kakung ingkang dipunsarirani Bapak Suranta Aji. Sumangga.
------pasrah----------
Pangandikan pasrah tumuli badhe dipuntampi Bapak Suwarja minangka wakilipun Bapak-Ibu Suharjana. Dhumateng Bapak Suwarja, sumangga.
--------tampi--------
Minangka tandha hanetepi adat Bapak Ibu Handika calon besan badhe hangaturaken ubarampe srah-srahan. Dipunwiwiti pisang sanggan saha ubarampe salajengipun sumangga katampi dening Bapak-Ibu Suharjana.
Salajengipun calon pinanganten kakung kakanthi tumuju dhateng sasana ijab qobul. Dhumateng Bapak Daru minangka seksi saking kulawarga calon pinanganten kakung sarta Bapak Warsana seksi saking kulawarga calon pinanganten putri kepareng lenggah.
Bapak Naib ugi kepareng lenggah, mekaten ugi bapak wali nun inggih Bapak Suharjana. Tumuli calon pinanganten kalenggahan ing jajar kaliyan wali. Adicara ijab qobul salajengiun kula aturaken Bapak Pengulu. Sumangga.
----ijab qobul----
Adicara ijab qobul sampun paripurna. Dhumateng Bapak seksi, Bapak Naib ngaturaken panuwun. Salajengipun sri penganten kalenggahaken ing sasana pinajang dipunembani ingkang bebesanan. Adicara sinigeg sawetawis. Dhumateng para kadang kaneman sumangga katur, hangaturaken pasugatan. Para tamu ingkang sampun tampi pasugatan keparenga ngunjuk saha dhahar kanthi mardikaning penggalih. Suamngga.
-------sigeg-------
Boten hangirangi pakurmatan saha kanikmatan para tamu ngunjuk saha dhahar nyamikan, keparenga kula nglajengaken adicara nun inggih wasitatama. Sri penganten pinaringan wasitama dening Bapak Haji Sudarmaji. Sumangga.
------wasitatama--------
Mekaten kalawau menggah wasitatama saking Bapak H. Sudarmaji, mugi handayani sri penganten saged gesang sakinah, mawwadah, warahmah. Amin. Salajengipun kulawarga badhe ngaturaken lelalengan beksan Yudaasmara, sinambi para kadang kaneman ngaturaken pasugatan dhahar tasyakuran.
-------tari yudaasmara----
Sampun paripurna sedaya adicara. Tumuli sri penganten miwah ingkang bebasan jengkar tumuju wonten sangandhaping tarub saperlu nampi jawat asta pangestu saking paratamu ngiras pantes, kulawarga ngaturaken agunging panuwun dhumaten para tamu.
Bokmenawi anggen kula ngaturaken adicara wonten kalepatan, nyuwun agunging pangaksama. Sugeng kondur, rahayu kang samya pinanggih. Nuwun.
4. TULADHA ATUR PANUWUN KULAWARGA ING SRIPAH
Assalamu alaikum wr.wb
Para takziah ingkang minulyeng budi, keparenga kula matur minangka wakil saking kulawarga Bapa-Ibu Anggara Suprapto. Kanthi atur sugeng rawuh, kula ugi ngaturaken panuwun ingkang tanpa upami dene para takziah sampun kepareng nelakaken bela sungkawa awit sedanipun Almarhum Bapa Anggara Suprapto.
Perlu kawuningan bilih Almarhum Bapa Anggara Suprapto sampun sawetawis gerah sepuh. Kula sakulawarga sampun budi daya pados husada amrih danganing gerah, mulya jati jati satemah mulya Bapa Anggara Suprapto. Nanging kridhaning dhiri datan bisa mbedhah garising pasthi. Bapa Anggara Suprapto seda kanthi tentrem yuswa 85 taun. Almarhum nilar garwa nun inggih Ibu Anggraini Sutiyah sarta putra 5, wayah 16.
Para takziah ingkang minulya. Bokmenawi rikala sugengipun almarhum kagungan kalepatan dhumateng para takziah keparenga paring pangapunten. Kajawi menika bokmenawi almarhum ugi kagungan sesanggeman ingkang dereng purna keparenga takziah pirembagan kaliyan ahli waris.
Kulawarga Ibu Anggraini Sutiyah taksih nyuwun gungan, bokbilih para takziah longgar wekdal keparenga wiwit mangke dalu bibar isak ngantos pitung dinten rawuh ing wisma dhuhkita saperlu maos puji dzikir tahlil.
Perlu kawuningan bilih, layon badhe kasarekaken ing sasana laya Mulya Jati ingkang tebihipun saking mriki 200 meteran. Awit saking menika dhumateng para takziah ingkang boten kabidhung ing karepotan, kersaa nguntapaken Almarhum Bapa Anggara Suprapto ngastos ing sasana palereman ingkang pungkasan.
Mekaten, kula ingkang minangka wakil kulawarga, bokmenawi wonten lepating atur saha tata krama nyuwun pangaksama.
Nuwun. Wassalamu alaikum wr.wb.
H. NGOKOKRAMAKRAMA INGGIL/ALUSBHS. IND.A
aku
kula
adalem/kawula
sayaakon
aken
dhawuh/utus
menyuruhanak
anak
putra
anak/putraanut
tumut
dherek
ikutapa
menapamenapa
apaaran
nama
asma
namaasor
awon
andhap
jelekati
manahpenggalih
hati/pikerawak
badan
sarira
badanaweh
suka
paring/nyaosi/ngaturimemberayo
manggasuwawi*
mari/silakanBbali
wangsulkondur
pulang/kembalibatur
rencangabdi
pramuwismabojo
semah
garwa
suami/istribrengosrawis
gumbala*
kumisbutuh
betah
kersa
butuhDdhewekepiyambakipun panjenenganipun
dia/beliaudhengkuldhengkul jengku
lulutduwe
gadhahkagungan
punyaEembuh boten mangertosduka
tidak tahuendhas sirah
mustaka
kepalaenggo
angge
agem
pakaienom
enem
mudha/timur
mudaepek
pendhetpundhut
pintaGgawa
bekta
asta
bawagawan
bekta
ampilan*
bawaangawe
damel
ngasta/yasa
buat nyambut gawe nyambut damelngasta
bekerjagelem
purun
kersa
maugeni
latu
brama*
apigugah
gigah
wungu
bangungugu
gega
ngestokaken
menurutigunem
ginem
ngendika
berkataIiket
udheng
dhestar
ikat kepalaimbuh
imbet
tanduk
tambahirung
irung
grana
hidungJjaga
jagi
reksa
jagajaluk
suwun
pundhut
pintajamu
jampi
usada
obatjaran
kapal
kuda/turanggakudajare
caiyosipun
ngendikanipunkatanyajarit
sinjang
nyamping
kainjeneng
nama
asma
namajupuk
pendhet
pundhut
ambiljungkatserat
pethat
sisirKkalah
kawon
kasoran*
kalahkandhacariyos
ngendika
berkatakarep
kajeng
karsa
kemauankathok
sruwal
lancingan*
celanakena
pikantuk
kepareng
bolehkeris
dhuwung
wangkingan
keris
klambi
rasukan
ageman
pakain
ko/kok sampeyan
panjenengan
engkau
kon
ken
utus
suruhkongkonkengken
utus/dhawuh
disuruh
kowe
sampeyan
panjenengan
engkaukrungumireng
midhanget
mendengar
kubur
petak
sare
kuburkuru
kera
susut
kurusLlair
lair
miyos
lairlaku
lampah
tindak
jalan nglakoninglampahi
nindakaken
melakukanlanang
jaler
kakung
laki-lakilara
sakit
gerah
sakitlawangkonten
kori
pintulunga
kesah
tindak
pergiMmaca
maca
maos
bacamangannedha
dhahar
makanmanggonmanggen
lenggah
tempat tinggalmari
mantun
dhangan
sembuhmata
mripat
paningal
matamati
pejah/tilar
seda
meninggalmayit
jisim
layon
mayatmelu
tumut
ndherek
ikutmenyangdhateng
tindak
pergi/kemetengwawrat/ngandhegmbobot/nggarbinihamilminggatkesah
lolos/kentar
minggatNnesu
srengen
duka
marahngisingbebucal
bobotan
hajat besarngreti
ngertos
priksa/pirsa
tahuOoleh
angsal
kepareng/pikantuk
bolehomah
griya
dalem
rumahomah-omahemah-emah
krama
nikahomongginem/sanjang
ngendika
berkataPpangantedha
dhaharan
makananpek
pendhet/suwunpundhut
pintapelananganpejaleran
kalam*
penispikIr
manah
penggalih
pikerRrambutrambut
rikma
rambutrewangrencang
abdi
pembanturungu
pireng
midhanget
dengarSsadulursedherek
sentana*
saudarasikil
suku
sampeyan
kakisilih
sambut/ngampilpundhut ngampil
meminjamslamet
wilujeng
sugeng
selamatsuguh
segah
sugata
jamuansusah
sisah
sungkawa/sekel
sedihTtak/dakkula
adalem/kawula
sayatakon
taken
nyuwun priksa/
mundhut priksa
dangu
bertanyatamba
jampi
usada
jamutangi
tangi
wungu
bangunteka
dhateng/dumugirawuh
hadirtilik
tuwi
tinjo
tandangtonton
tingal
priksa
lihattuku
tumbas
mundhut
belitunggangtumpak
nitih
naikturu
tilem
sare
tidurtutur
sanjang/criyosparik priksa/caos priksaberkatatuwa
sepuh
yuswa
tuaUulih
antuk
kondur
pulangundangtimbale
aturi
undanguntu
waos
waja
gigiurip
gesang
sugeng
hiduputang
sambut/ampilnyuwun/mundhut ngampilhutangWwadon
setri
putrid/wanita
perempuanwaras
saras
dhangan
sembuhwarisantiliran
pusaka*
warisanwedangbenteran
unjukan
minimanweruh
sumerep
priksa
melihatweweh
suka
maringi/nyaosi/ngaturimemberiwetu
wedal
wiyos
keluarwicara
wicanten
ngendika
berkatawong
tiyang
priyantun
orangI. TEMBUNG-TEMBUNG MENIKA BOTEN WONTEN KRAMA ALUSIPUN
AAbangabrit merahadhemasrepdinginadohtebihjauhadolsadejualakehkathahbanyakamargaamargisebabambawiyarluasambuambetbauamorkempalkumpulanawontenadaarang awisjarangawansiangsiangayomanggaayoBbakalbadheakanbakosatatembakaubangetsangetsangatbanjirbenabanjirbanjurlajengkemudianbanyutoyaairbareppembajeng/bajengsulungbatabanonbatu batabatinbatosbatinbathikseratbatikbayenbabaranmelahirkanbebekkambanganbebekbenerleresbenarbengidalumalamberasuwosberasbesukbenjing/benjangbesok (tidak tentu harinya)beciksaebaikbiyenrumiyindahulubisasagedbisabolahbenangbenangbocahlareanak-anakbubarbibarbubarbubrahbibrahbubrahbudhalbidhalberangkatburiwingkingbelakangburubedhakburubuwangbucalbuangCCangkemtutukmulutcedhakcelakdekatcendhekandhaprendahcerakcelakdekatcelengandhapanbabi hutancendhekandhaprendahcilikalitkecilcobacobicobacritacariyosceritacukupcekapcukupDdadidadosjadidalan margijalandawapanjangpanjangdesadhusundesadhayohtamutamudhemenremensenengdhewepiyambaksendiridhisikrumiyinduluandhuwitartauangdi-dipun-di-dinadintenharidluwangdlancangkertasdomjarumjarumdududedebukandugadugisampaidurungderengbelumEedanewahgilaeling emutingatenak ecaenakemasjeneemasendipundimanaendhegkendelhenti madhegkendelberhentiendhogtigantelurenggonenggentempatentek telashabisesukenjingpagiGgalomenika lhoitu lhogamandedamelsenjatagamelangangsagamelangampanggampilmudahwigatiwigatospentinggawe-gawedamel-damelberbuat pura-puragedhangpisangpisanggedheagengbesargeneyakenging menapakenapa/mengapagenepjangkeplengkapgentigentosbergantiangetihrahdarahgilomenika lhoini lhogodhongrondaungolekpadoscarigorohdoradustagulagandhisgulagunaginaguna/manfaatgunungredigunungguyugujengtawagumuyu/ngguyugumujengtertawaIijoijemhijauijollintutukarikimenikainiikumenikaituilang ical hilanginguingahpeliharaintenselaintenirengcemenghitamisihtaksihmasihisinlingsemmaluisingbobotanbuang hajat besariwakulamikanJjabajawiluarjagosawongjago/ayam jantanjalupanjajalu/tanduk kaki ayamjampukuljamjarwajarwiterjemahjatijatosjati(kayu jati) sejatisejatosipunsesungguhnya sayektisayektosipunsesungguhnyajawajawijawajerolebetdalamjerukjeramjerukKkabehsedayasemuakacekkaotseri(dalam arti harga)kalilepensungaikambilklapakelapakamituwakamisepuhyang dituwakankamotkawratmuatkanarikasanakanggokanggeuntukkapan benjing menapa/kala menapakapankarikantunkapankarokaliyandengankaruankantenankaruankaton/ketokketingalkelihatankayakadossepertike-/ka-kapingke- kapisankaping satunggalpertamakebo maesakerbaukejabakejawikecualikepeneksekecaenakkembangsekarbungakemenyanselakemenyankena kengingkenakenerikisinikepriyekados pundibagaimanakepungkepangkepungkepungkurkepengkeryang lalukerepasringseringkeselsayahcapaikesusukesesatergesa-gesaketaraketawiskelihatan(ketahuan)kinanggantenmakan daun sirihkirakintenkirakirimkintunkirimklasagelarantikarkliruklentukeliruklumpukklempakkumpulkonorikudi situkrasakraosterasakudukedahharuskulonkilenbaratkuningjenekuningkurangkirangkurangkuwawakuwawisanggupkuwatkiyatkuatkuwatirkuwatoskawatirLlaginembe/sawegbaru(proses)lakonlampah cerita(dalam sandiwara/wayang)lalikesupen lupalandalandibelandalelarasesakitpenyakitlarangawismahallawaslamiusanglayangseratsuratlebulebetmasuklegimanismanislemahsititanahlemarilemantunalmarilembutlembathalus/lembutlemulemagemukleren kendel/ngasoistirahatlimagangsallimalirulintutukarliwatlangkunglewatliyasaneslainlorokalihdualorlerutara ngalorngalerke utaralumrahlimrahlumrahlungguhlenggahdudukluputlepatsalahluwihlangkunglebihMmadumabenmadumajumajengmajumalingpandungmalingmambumambetbaumenawamenawikalaumanehmalihlagimangkanamekatendemikianmangkenemekatendemikianmanukpeksiburungmarakakemurugakenmenyebabkanmarga/dalammargijalanmuwahmiwahdanmarimantunsembuhmauwau/kalawautadimawamawidenganmenangmimpangmenangmenawamenawikalaumenengmendeldiammenjangansangsamkijangmengkenemekatendemikianmengko/samengkomangke/samangkenantimentas/laginembebaru sajamenyangdhatengke-miturutmiteratmenurutmlebumlebetmasukmorimontenmorimudhun mandhapturunmuga-mugamugi-mugisemogamulamila/pramilaoleh karena itumundhak mindhaknaik(tingkatan)mungnamunghanyamunggahminggahnaikmungguhmenggahdanmungsuhmengsahmusuhNnagaranegarinegarangajingaosmengaji
ngalorngalerke utarangarepngajengdepanngisorngandhapbawahnulingajengkemudiannusunesepmenyusu(asi)Oobahebahbergerakobongbasmiobongombeunjuk
ngombengunjukminumopahepahgaji/bayarorabotentidakowahewahberubahPpadhasamisamapadhangpajarterang(sinar)paidopaibentidak percayapajegpaospajakpanahjemparingpanahpapatsekawanempat prapatanprasekawanperempatan saprapatsaprasekawanseperempatpanasbenterpanaspangertenpengertosanpengertianpanggonanpanggenantempatparipantunpadipasasiampuasapasarpekenpasarpatipatosbegitu(menyangatkan) ora pati enakboten patos enaktidak begitu enakpayupajenglaku(harga)pekaranganpekawisanpekaranganpendhapapendhapapendhapapikulrembatpikulpingkapingkalipirapintenberapapirantipirantosalatpitayapitadospercayapitayakiyatkuatpitikpitikayampomahanpekawisan pekarangan dan ana rumahnyaprecayapitadospercayapradapraospradaprekaraprekawisperkaraprayogaprayogilebih baik/sebaiknyapraubaitaperahuprihatinprihatosprihatinpringdelingbambupriyayipriyantunorangpuludasapuluh sepuluhsedasasepuluhputihpethakputihRradaradiagakranamrikake sanarataradinmeratarattan/dalanradinan/radosan/margijalanrasaraosrasarebutrebatrebutregaregihargarekasarekaosmenderitarembugrembagpercakapan/bicara/rembugrembuganrembaganberembug/berundingrenerikike siniributribetribut(banyak kesibukan)rinarintensiangriyayariyadihari raya idul fitrirombakrombakrombakrobahrebah
rokoksesrokokrubuhrebahrubuhrumatrimatdipelihararuntuhrentahruntuhruparupiwajahrupakripaksempitrusakrisakrusakrusuh resahrusuhSsadermasadermisekedarsakloronsekaliyan berduasaguhsagahbersediasaikisamenikasekarangsakasakingdarisalahlepatsalahsambungsambetsambungsamubarangsamukawissemuasanggasanggisanggasapasintensiapasapilembulembusasiwulanbulanselaweselangkungdua puluh limasemono/semanasemantensedemikian ini/seginisenengremensenengsebutsebatsebutsedhelasekedhapsebentarsedhengcekapcukupsegasekulnasisegarasegantenlautansemayasemadosminta waktu lagisenengremensenangseparosepalihsetengahsepisepensepisepranaseprikadari dahulusepreneseprikisampai sekarangsarwasarwiserbasawahsabinsawahsepuluhsedasasepuluhseruserakerassesukbenjingbesok (hari berikutnya)setalisetangsulsetalisetengahsepalihsetengahsethithiksekedhiksedikitsijisetunggalsatusuruhsedhahsirihsurupserapserapsuwarasuwantensuarasuwargasuwargisurgasuwedangulamaTtalitangsultalitampa tampiterimatandurtanemtanamtangan astatangantanggatanggitetanggatanggungtanggeltanggungtaribeksa/tarostarian/dimintai persetujuantaunatepernahtawatawitawartelutigatigatemupanggihketemuteruslajengkemudiantinggaltilartinggaltuduhtedahtunjuk
tulisserattulistumulitumunten segeraUudanjawahhujanugaugijugautawautawiatauWwalulang/lulangwacucal/cucalkulitwaratawaradinratawarnawarniwarnawatuselabatuwissampunsudahYyenmenawi kalauketerangan* : awis-awis dipunginakaken
Tugas:Katambahana bilih taksih wonten tembung-tembung ingkang kirang utawi kirang pas!