64
Tembung pengantar ه ركات ب و له ال مه ح ور م ك ي عل لام س ل ا لا، م ع" ن س ح& ا ا ي ا;pma&ي ا ون ل ي- لي وت م ل ل ا ع ج ي الذ له مذ ل ح ل ا ى، صطف م ل ا ا ولان م ا و ذن ي س ى عل لام س ل وا لاة ص ل وا، ى ب ق لع وا ا ي ي الذ عادة س ل ي ليهذوا ا ن" ج ي ه الذ حات ص& له وا& ى ا عل و عذ : ب وPuji syukur kaaturake marang ngarsane Gusti Alloh ta’ala Dzat sing Kuoso, ngatur lan dadiaken urip lan mati, ugoh tansah maringi wero-wernone nikmat. Kanti pengarep-ngarep, mugo-mugo kito kebeh biso nggayuh sampurnane nikmat arupo mati husnul khotimah, mati kanti netepi iman lan Islam. Podo karo sing wes didawuhne dining Sayyidina Ali karromallohu wajhah : ام م ت لام سX لا ى ا عل وت م ل ا مه ع ن ل اSholawat-salam mugo tansah kalimpahake marang junjungan Nabi Agung, Nabi Muhammad saw, sing wis maringi tuntunan lam bimbingan sehinggo dadi gamblang antarane kabeneran lan kebatilan. Dawuhe ulama : “Sopo wong yen ngamal tanpo didasari ilmu mongko amali ditolak ategesi ora diterimo”. Kahanan saiki akeh penggawean sing mestine kudu dilakoni dianggep sunat, penggawean sunat dianggep wajib. Malahan terkadang penggawean sing mestine ditinggal dianggap wajib lan sebalike. Mulo songko iku, buku iki minongko usahane penulis supoyo anggepan-anggepan sing ora bener ora dadi budoyo 1

buku janazah.doc

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: buku janazah.doc

Tembung pengantar

وبركاته الله ورحمة عليكم السالمعمال، أحسن أينا ليبلونا الموت جعل الذي لله الحمد

المصطفى، وموالنا سيدنا على والسالم والصالةوالعقبى، الدنيا سعادة لنيل جاهدوا الذين وأصحابه أله وعلى

وبعد :

Puji syukur kaaturake marang ngarsane Gusti Alloh ta’ala Dzat sing Kuoso, ngatur lan dadiaken urip lan mati, ugoh tansah maringi wero-wernone nikmat.

Kanti pengarep-ngarep, mugo-mugo kito kebeh biso nggayuh sampurnane nikmat arupo mati husnul khotimah, mati kanti netepi iman lan Islam. Podo karo sing wes didawuhne dining Sayyidina Ali karromallohu wajhah : اإلسالم على الموت النعمة تمام

Sholawat-salam mugo tansah kalimpahake marang junjungan Nabi Agung, Nabi Muhammad saw, sing wis maringi tuntunan lam bimbingan sehinggo dadi gamblang antarane kabeneran lan kebatilan.

Dawuhe ulama : “Sopo wong yen ngamal tanpo didasari ilmu mongko amali ditolak ategesi ora diterimo”. Kahanan saiki akeh penggawean sing mestine kudu dilakoni dianggep sunat, penggawean sunat dianggep wajib. Malahan terkadang penggawean sing mestine ditinggal dianggap wajib lan sebalike.

Mulo songko iku, buku iki minongko usahane penulis supoyo anggepan-anggepan sing ora bener ora dadi budoyo ono ing tengah-tengah masyarakat sing akhire podo biso ngerti. Banjur gelem ngelakoni penggawean utowo amal kang cocok karo syare’at. Amin.

Buku iki minongko rangkuman songko keterangan-keterangan utowo hukum-hukum sing ono kitab-kitab kuning al mu’tabaroh. Kanti methil keterangan sing sekirane biso utowo nyedeki kasempurnan kanggo mulosoro mayit. Ugo biso dilakoni dening wong umum.

Buku iki sengojo katulis kilawan boso jowo sing tanpo aturan (pakem) supoyo luwih gampang dingerti lan dipahami, khususe dening wong sepuh sing ora pati ngerti boso Indonesia.

Senajan mengkono, kerono cekake ilmune penulis mongko kasuwun songko sopo wae supoyo gelem niti lan ngoreksi supoyo buku iki bener-bener mengku “kaweruh” sing nyukupi.

Cukup semene mugo-mugo buku iki tansah migunani lan dadi amal jariyahe wong tuwone penulis. Amin.

1

Page 2: buku janazah.doc

ببركتهم فانفعنا بحرمتهم رب الحسنى واهدناطريتهم في الفتن وأمتنا من ومعافاة

وبركاته الله ورحمة عليكم السالم

Pos Kulon, Rebo Pahing, 29 Juni 2005PenulisIbnu Abdul Fattah

2

Page 3: buku janazah.doc

Tembung Pambuko

Kabeh menungso bakale mesti mati. Tekone pati ora biso kasongko. Werno-werno jalarane tur ora pandang bulu.

Akeh menungso sing mati kanti ndadak, ijen-ijen utowo rombongan senajan ora loro lan durung tuwo umure.

Mulo songko iku, dianjurake marang sopo wae (luwih-luwih wong sing lagi loro) :1. Tansah iling mati1;2. Cawis-cawis kanggo sangune mati2, kanti ngakehake amal bagus lan

ninggal kemaksiatan, sing dibarengi kelawan taubat sing bener3;3. Tansah husnu-dzon4 (nyono bagus) mareng gusti Allah ta’ala.

TOTO-KROMONE WONG LOROWong loro iku kudu merhatekake tanggungan-tanggungan sing dadi

kewajibane. Podo ugo tanggungan marang Gusti Alloh (umpamane sholat, zakat, utowo zakat), utowo tanggungan marang menungso (umpamane : nayuri utang lan njaluk ngapuro).

Dene kahanan lan tingkah sing utomo, yoiku :1. Awak tansah suci, resik lan anteng.2. Lisan tansah syahadat, dzikir, moco Al Qur’an, lan dungo5.3. Ati tansah sabar, husnu-dzon marang Gusti Alloh, nyuwun pengapuro,

kawelasan, tur ridlo marang opo wae sing dikersaake dening Gusti Allah ta’ala.

TOTO-KROMONE WONG SING AREP MATI (SEKARAT)Wong loro, yen tingkahe nyedeki sing arep mati mongko penggawean

sing disunatake yoiku :

1 Sebab arane pati wis nyukupi dadi pituturالبيهقي : رواه واعظا، بالموت كفى لخبر

منه، : أعظم عنه والغفلة المصائب أعظم من الموت أن اعلم الكردي أمين محمد الشيخ وقالص) القلوب (201تنوير

2 ج : ) الدين علوم إحياء الموت، بعد لما وعمل نفسه دان من الكيس (464ص 3لخبر 3 التحريم : ) سورة نصوحا، توبة الله إلى توبوا أمنوا الذين يأيها (80ألية 4 Mantep yen Gusti Allah bakal pareng welas lan ngapuro

عنه، : ويعفو يرحمه تعالى أنه يظن أي تعالى بالله الظن يحسن وهو إال أحدكم يموتن ال لخبرج) (374ص 1عميرة

. بظنه : مرتبطة جزائي أي بي عبدي ظن عند أنا الشيخين لخبر5 Dungo naliko loro nemen :

بالرفيق وألحقني وارحمني لي اغفر اللهم الموت، وسكرات الموت، غمرات على أعني اللهماألعلى.

3

Page 4: buku janazah.doc

1. Ngadepake marang arah qiblat1.2. Mulangi syahadat2.3. Macakake surat Yasin3 lan surat Ar Ro’du4, kanti rodhok banter5

sekirane wong sing loro krungu.4. Bagusake husnu-dzon6 marang Gusti Alloh, naganjurake taubat lan nulis

wasiat.5. Sering-sering nyegoki (ngombeni)7 banyu.6. Nyiwaki8.

WIGATI1. Aturane ngedepake qiblat lan mulangi syahadat iku sing utomo

ndesekake ngedepake qiblat. Yen ora biso mongko kanti bareng. (Hasyiyah Bujairimi ‘ala syarhil manhaj juz I hal. 449)

1 Pertikele ngedepake marang arah qiblat :1. Ngiringake nengen, kanti sirah ono ning lor )yen kangelan(2. Ngiringake ngiwo, kanti sirah ono ing kidul )yen kangelan(3. Ngelumahake, kanti sirah ono ing wetan lan rodho’ diangkat )dibantali(

. مسلم : رواه الله، إال إله ال أمواتاكم لقنوا لخبر. الحاكم رواه الفائزين، مع أي الجنة دخل الله إال إله ال كالمه أخر كان من

2 Pertikele mulangi syahadat :1. Cukup kanti ucapan الله إال إله Kejobo marang wong kafir mongko ditambah .ال

ucapan الله رسول .محمد2. Kanti alon-alon, alus lan ora mekso )ateges kanti nyedek kupinge wong sing loro,

ngerungokake ucapan syahadat lan tanpo ono ucapan merintah.3. kenti let-let )ateges ora terus-terusan( kejobo ono tondo-tondo mengone wong sing

loro songso ucapan syahadat utowo kaselanan omongan liyo.3 وغيره : داود أبو رواه يس، موتاكم اقرأوا لخبر

قبره وأدخل ريانا مات إال يس عليه مريضيقرأ من ما غريب حديث في .ريانا وصح : يس سورة وهو فائدة قرأها من قال وسلم عليه الله صلى النبي أن أسامة بن الحرث روى

عار أو سقي عطشان أو شبع جائع أو أمن دميري خائف شفي مريض أو )كسي حاشية. ج المنهج شرح على (449ص 1البجيرمي

4 Faedahe biso gampangake metune ruh. الروح : خروج تهون إنها الله عبد بن جابر سيدنا قال كما

5 الفضل ذي موهبة في كما6 Hukume wajib yen ono tondo-tondo putus asane wong sing loro7 مات ذلك قال فإن أسقيك حتى أنا إال إله ال قل له ويقول بماء يأتيه الشيطان إن قيل وقد

غير ه على ا حج ـ.اإليمان) ج الطالب منهج شرح على البجيرمي 449ص 1حاشية (

8 وسلم عليه الله صلى الستياكه الروح خروج يسهل السواك أن جماعة موته عندوذكر ،) ج الطالبين 145ص 2إعانة (

4

Page 5: buku janazah.doc

2. Wong sing mulangi syahadat iku yen biso wong sing ditresnani dening wong sing loro utowo wong sholeh sing ora ahli waris. (Hasyiyah Al Bujairimi Juz I hal. 450)

3. Wong sing arep mati selagi iseh nduweni kesadaran iku luweh utomo diwacakake surat Yasin tinimbang surat Ar Ro’du.

4. Arep-arep mati selagi ora khuwatir kafitnah agamane (ateges ora sengsarane urip utowo ora betah lorone awak) iku hukume makruh1. (Hasyiyah Bujairimi Juz I hal. 449)

5. Hukume mertombo iku sunat. Ananging miturut Imam Asnawi yen ora mertombo diyakini oleh madlorot (mati) mongko mertombo dadi wajib. (Qolyubi Juz I hal. 344)

SAMBANG WONG LORO

1. HUKUME SAMBAING WONG LORO Hukume nyambangi wong sing loro iku ono telu :1. Sunat, yen seng disambangi iku wong Islam (senajan mungsuhe,

ora tonggo utowo kenalane), utowo wong kafir ananngeng yen iseh dulur utowo tonggone.

2. Makruh, yen seng disambangi wong Islam ananging ahli ngelakoni ma’siat sing isih dulur utowo tonggone2.

3. Harom, yen seng disambangi wong Islam sing ahli ngelakoni ma’siat utowo wong kafir sing ora dulur utowo tonggone3.

2. TOTO KROMONE SAMBANG WONG LORO Toto kromone sambang wong loro, yoiku :1. Ora madep lawang, naliko izin melebu omahe wong sing

disambangi4.2. Ndodok lawang kelawan alus.3. Ora nyamarake jenenge utowo awake5.4. Ora sambang ing waktu sing ora patut.5. Tansah ngesorake peningal.6. Ora ngakehake omong utowo pitakon.

1 كانت : : إن أحيني الله فليقل فاعال بد ال كان فإن أصابه، لضر الموت أحدكم تمنين ال لخبرلي خيرا الوفاة كان إذا وتفني لي خيرا .الحياة

2 Kejobo olehe sambang supoyo gelemake ninggal ma’siat, mongkoh ora makruh.3 Kejobo olehe sambang kerono anane hajat syar’i utowo dlorurot.4 Kanggo njogo menowo wong sing disambangi durung siap nerimo tamu.5 Umpomo ditakoni, “Sopo iku?”, ora jawab, “Aku”. Ananging njawab kelawan nyebutake

jenenge.

5

Page 6: buku janazah.doc

7. Tansah ngetingalake roso welas.8. Murniake dungo, kanti ndungoake waras1 utowo mati husnul

khotimah.9. Njembarake atine wong sing disambangi kanti nganjurake “betahi

sabar2” lan “tabah” sing gedhe ganjarane.10. Nganjurake ninggal ngersulo sing nyebabake oleh duso.11. Nganjurake ngakehake taubat lan nyuwum pengapuro. (yen

sekirane wong sing disambangi ora keno diarep-arep warase).12. Njaluk ndungo songko sing disambangi3.13. Ora suwi-suwi.14. Kanti let-let (ora terus-terusan)4

(Bujairimi Manhaj Juz I hal. 450)

TONDO-TONDO WONG MATI LANPENGGAWEAN SING DISUNATAKE NALIKO LAGI MATI

1. TONDO-TONDONE WONG MATI Wong sing loro lan wis mati iku ono tondo-tondone ing antarane yoiku :1. Lemes lan kebukake tapak tangan.2. Ngelembrehe kulit rahi.3. Dekoke pilingan.4. Nyiute bolongan irung.5. Lemese delamaan sehinggo ora biso dijejekake.

2. PENGGAWEAN SING DISUNATAKE NALIKO LAGI MATI 1. Mojo istirja’, kanti ngucap : راجعون إليه وإنا لله .5إنا

1 يشفيك أن العظيم العرش رب العظيم الله أسأل فقال أجله، يحضر لم مريضا عاد من لخبروالترمذي داود أبو رواه المرض، ذلك من الله عافاه مرات .سبع

2 على : صبر فمن المعصية، على وصبر الطاعة على وصبر المصيبة على صبر ثالثة الصبر لخبربين كما الدرجتين بين ما درجة ثالثمأئة له الله كتب عزائمها بحسن بردها حتى المعصيةبين كما الدرجتين بين ما درجة ستمائة الله كتب الطاعة على صبر ومن واألرض، السماءبين ما درجة ستمائة الله كتب المعصية عن صبر ومن األرضين، منتهى إلى األرض تخوم ( . الهيتمي حجر البن الكبرى الفتاوى مرتين العرش منتهى إلى األرض تخوم بين كما الدرجتين

(9ص 2ج 3 ماجه : ابن رواه المالئكة، كدعاء دعاءه فإن لك، فليدع فمره مريض على دخلت إذا لخبر4 Kejobo keduwe wong sing ndadekake ayeme wong sing disambangi, utowo keduwe wong

sing dialap barokahe )wong sholeh(.5 مصيبتي : في أجرني اللهم راجعون، إليه وإنا لله إنا فيقول مصيبة تصيبه عبد من ما لخبر

مسلم رواه منها، خيرا له وأخلف مصيبته في تعالى الله أجر إال منها خيرا لي واخلف6

Page 7: buku janazah.doc

2. Ngeremake meripat6.3. Naleni uwang loro kelawan tali kain sing diubetake oleh nduwure

sirah2.4. Ngelemesaken ros-rosan awak lan driji kelawan alus3.5. Nyepot kabeh penganggone senajan ora keno najis, diganti kain

(jarit) sing tipis sing biso nutupi kabeh awake mayit4.6. Ndeleh mayit ono panggonan sing rodhok duwur5 kanti sirah ono

wetan.7. Ndeleh bot-botan6 ono nduwure weteng.8. Tansah ndungo7 naliko ngelakoni kabeh kesunatan sing wes

kasebut.9. Enggal-enggal ngumumake matine8, negelunasi kabeh tanggungan9,

lan ngelestarekake wasiat.10. Enggal-enggal mulosoro (yen wis nyoto matine)10, kanti ndisikake

ngedusi.

WIGATI1. Ndeleh tangan lorone mayit ono ing nduwure dhodho (podho karo naliko

sholat) utowo njelujurake tangan ini ing kiwo tengene awake mayit iku podo baguse. Ananging minurut Syekh Hasan bin Ahmad bin Muhammad bin Salim iku sing luwe utomo sing kawitan.(Hawasyi Asy Syarwani Juz II hal 126)

6 Klawan moco : وسلم عليه الله صلى الله رسول ملة وعلى الله باسمأحس إذا الشخص أن العين انفتاح سبب أن أعلم والله المعنى كأن البرلسي الشهاب قال

منه ينزع ما إلى ناظرا بصره يفتح وانتزاعها الروح منهج ) بقبض شرح على البجيرمي حاشية ، ج (450ص 1الطالب

2 Supoyo ora kebukak cangkeme sehinggo katon olo.3 Kanti ngangkat lan nemplekake lengen marang bahu, wentis marang pupu, pupu marang

weteng, nuli dibalekake maneh supoyo awake mayit tetep lemes ora kaku sehinggo gampanggake ngedusi lan ngulesi.

4 Kanti kain sing pucuk nduwur ditlangkupake ing ngisor sirah, sing pucuk ngisor ditlangkupake ing ngisor sikil, lan sing ono sisih kiwo tengene ditlangkepake ono ing sisi kiwo tengene awake mayit.

5 Biso kursi, amben, utowo mejo supoyo ora langsung nemplek bumi sehinggo gampan owahe mayit lan sunate antarane mayit lan amben ora diwenehi lemek.

6 Kelawan wesi utowo sepadane sing bobote kurang luweh setengah kilo luweh tithik lan sing luwih utomo dideleh ono sak jabane kain.

7 Ndungaake husnul khotimah, nyuwunake pengapuro lan rohmat.8 Kanti tujuan supoyo akeh sing nyolati lan ndungaake mayit.عنه، : 9 يقضى حتى بدينه الكريم مقامها عن محبوسة أي معلقة روحه أي المؤمن نفس لخبر

الترمذي رواهالطبري : 10 رواه قبره، إلى به واسرعوا تحبسوه فال أحدكم مات إذا لخبر

7

Page 8: buku janazah.doc

(At Taqrirot As Sadidah)2. Nangisi mayit iku hukume ono papat :

Mubah : Nangisi kerono welas utowo sayang.- Umpamane nangisi matine bayi.

Sunat : Nangisi kerono kilangan ilmu utowo agomo.- Umpamane nangisi matine wong alim utowo sholeh.

Makruh : Nangis kerono kilangan manfaat utowo kebagusan.- Umpomo nangisi matine keluorgo utowo dulur.

Harom : Nangis sing anane ngelarane awak, sampek ngersulo, ora nerimo taqdir utowo, nganti nyuwek-nyuwek pakaian lan sepadane.

(Thoriqoh As Sadidah hal. 392)3. Ngenggo pakaian ireng-ireng (sing wes dadi budoyo nang tengah-

tengah masyarakat, lan dienggoh naliko keno mushibah) iku hukume harom selagi dibarengi ora nerima taqdir.(Nihayatul Muhtaj Juz III Hal. 16-17)

4. Ngambung wajahe mayit wong sholeh iku sunat kanggo sopo wae (selagi mayit lanang sing ngambung lanang, lan sebalike, kejobo keluargane sing mayit mahrom). Yen mayit ora wong sholeh mongko sing sunat nagambung wung mahrom lan koncone.(Hawasyi Syarwani Juz III Hal 183)(Bujairi Syarhil Manhaj Juz II 462)

MULOSORO MAYIT

Sak wise mayit nyoto-nyoto mati, lan sak wise ngelakone penggawean sing disunatake naliko lagi mati, mongko inggal-inggal ngelakoni kewajiban mulosoro mayit kanti ndisiaken ngedusi.

HUKUME MULOSORO MAYITHukume molosoro mayit iku fardlu kifayah.

Songko arah penggawean , dadi kewajiban saben-saben wong mukallaf sing ngerti utowo nyono anane kematian, utowo wong mukallaf sing taqsir (ora ngerti anane kematian ananging kerono ora tanggap utowo peduli marang lingkungan.

Songko arah pembiayaan , dijupuk utowo dadi kewajibane limang golongan1 :1. Tirkah (bondo warisan).

1 Kanti wajib ndisikake nomor urut siji )ngurut( yen kabeh golongan ono. (Al Bajuri : I/361)

8

Page 9: buku janazah.doc

2. Wong sing wajib nafaqohi mayit.3. Bondo waqof kanggo mulosoro mayit.4. Baitul mal.5. Wong sugih sing Islam.

Ananging kewajiban sing wis kasebut iku biso gugur sebab olehe nandangi wong siji1.

PENGGAWEAN MULOSORO SING HUKUME FARDHU KIFAYAHHukume mulosoro sing hukume fardlu kifayah iku ono papat2 :

1. Ngedusi.2. Ngulesi.3. Nyolati.4. Ngubur.

I. NGEDUSI MAYIT

1.1 HUKUME NGEDUSI MAYITHukume ngedusi mayit iku ono telu :

1. Wajib, yen mayit muslim, ora syahid kerono perang musuh wong kafir, lan ora bayi mati keluron sing ora ono rupo bakal menungso.

2. Mubah, yen mayit kafir utowo bayi keluron sing ora ono rupo bakal menungso.

3. Harom, yen mati syahid kerono perang musuh wong kafir.

1.2 PERSIAPAN KANGGO NGEDUSI MAYITSupoyo lancar lan sampurno naliko ngedusi mayit mongko sak

durunge tumandang ngedusi dianjurake nyiapake keperluan lan merhatekake penggawean ing ngisor iki :1. Nyiapake panggonan ngedusi sing sepi, ketutupan lan ora ono payone3.

1 Olehe mulosoro malaikat, wong wadon utowo bocah cilik sing durung tamyiz iku durung biso nggugurake kewajiban mulosoro, kejobo ora ono menungso maneh sak liyane wong wadon utowo bocah cilik. (At Thoriqoh As Sadidah Fii Masaa’il Mufidah Hal. 367)2 Kejobo mayit mati syahid, bayi keluron, lan mayit kafir, sing bakal dijelasake.3 Supoyo awake mayit )luwih-luwih aurot( ora gampang disawang wong sing ora melu ngedusi, kanti ora ono perlune.

9

Page 10: buku janazah.doc

2. Nyiapake banyu1 sak wadahe2, godhong doro utowo sabun, sampo lan kapor barus.

3. Nyiapake suri sing arang-arang, anduk lan kain utowo jarit sing garing3.4. Nyiapake kain kanggo belebet tangan4.5. Mangeni panggonan ngedusi5.6. Ndeleh Mayit ono panggonan sing rodhok duwur6.7. Mayit ditutupi kain utowo jarit sing tipis, lemes lan teles7.8. Mayit dilumahake mujur ngetan-ngulon, kanti sirah ono ing wetan lan

luwih duwur8 tinimbang awake.9. Noto Ules lan panggonane, supoyo naliko rampung ngedusi biso

langsung diulesi lan disholati.

1.3 PELANGGERANE NGEDUSI MAYIT

1 Banyu adem luwe utomo tinimbang banyu anget, kejobo ono hajat kanggo ngilangi najis.2 Sing dideleh ono panggonan sing ora gamang kecipratan. Sing utomo nyediaake wadah werno telu :

1. Wadah gedhe )sing bakale diisi banyu sabun, banyu murni kanggo mbilasi, lan banyu sing dicampuri sethithik kapur barus.

2. Wadah sedengan.3. wadah cilik.

Wadah cilik digawe nyiduk banyu songko wadah gedhe, lan disok menyang wadah sedengan sing bakale digawe grujuki mayit. Yen ora biso kelawan nambahi wadah gedhe nganti telu sing siji-sijine diisi banyu sabun, banyu murni lan banyu sing dicampur kapur barus. Yen ora biso kelawan selang lan banyu sabun utowo banyu kapur barus diwadahi wadah sing nyukupi. (At Thoriqoh As Sadidah Hal. 373)3 Sing bakale digawe nganduki lan nyelimuti mayit naliko rampung ngedusi.4 Biso kelawan kain, sapu tangan, utowo kaos tangan, biso loro utowo telu.Yen loro sing siji digawe ngereseki dalan ngarep lan mburi lan sing siji digawe ngeresiki awak lan bolongan-bolongan sing tembus marang wetenga lan meripat.Yen telu sing siji digawe ngeresiki dalan ngarep-mburi, sing siji digawe ngeresiki awak lan sing siji maneh digawe ngeresiki bolongan-bolongan sing tembus marang wetenga lan meripat.5 Biso kelawan ngobong kayu garu, ngawur-ngawurake kapur barus utowo wewangian supoyo naliko mayit ngetoake kotoran ora mambu. Miturut sawenehe ulama’ mangeni panggonan mayit iku disunatake mulai matine lan dideleh ono sekitare mayit.6 Kanggo njogo songko nyiprate najis. Lan sing utomo ono ing kursi, amben utowo mejo sing rancang-rancang supoyo banyu ora ngembeng nyiprat.7 Supoyo nggampangake tembuse banyu marang awake mayit lan kain tutup paling ora sing nutupi auro. Ananging sunate sing nutupi kabeh awak.8 Supoyo banyu ora gampang melebu ing cangkeme mayit sing hukumi harom yen disengojo lan ora ono hajat )umpamane ngeresiki najis(.

10

Page 11: buku janazah.doc

Pelanggerane ngedusi mayit iku podo karo adus jinabat utowo adus sunat. Ateges paling ora kudu ngeratani awake mayit kelawan banyu sing nyucikake (sing sekaligus biso ngilangake najis yen mayit ono najise).

1.4 PERTIKELE NGEDUSI MAYITPertikele ngedusi mayit sing sampurno yoiku :

1. Sak wise rampung kabeh nyiapake keperluan kanggo ngedusi kanti posisine mayit ngelumah, sirah ono ing wetan lan rodho’ duwur, mayit nuli dilungahake1 (kelawan rodho’ ndoyong mengguri) kanti sendenan dengkul tengene wong sing ngedusi. Tangan tengeni wong sing ngedusi ono ing gulu lan bahu burine mayit, kanti jempolane ono ing ledhok cengele (sirah burine) mayit2. Dene tangan kiwo tansah ngurut-ngurut wetenge mayit (songko njobo kain tutupi mayit) kanti rodho’ metek supoyo kotoran podo metu.

2. Sekirane cukup, mayit digeletakake maneh (podo karo posisi naliko sak durunge dingelumahake), nuli dicewoki dalam ngarep-mburine kelawan tangan kiwo3 sing wis diblebet (dibungkus) kain utowo kaos tangan, kanti ngakehake banyu supoyo kotoran lan ambu biso cepet ilang.

3. Sak wise rampung nyewoki nuli blebet ono ing tangan kiwo dicopot (tangan dibasuh lan diresiki), lan diganti kelawan blebet anyar sing wis ditelesi, kanggo ngeresiki reget utowo blonggot awak4, gidhal untu5, upel irung6, blobok mripat, curek kuping7, lan ireng-irenge kuku8, sing kabeh mau dilakone kelawan alus lan sing sering ngumbah blebet skirane katon reget.

1 Ngelumahake mayit iku yen kangelan )umpamane mayit ora didusi ono amben utowo mayit wis kaku( mongko sukup kelawan ngelumahake mayit.2 Supoyo sirahe mayit ora ndeglek.3 Kanti ngelebokake ono ing ngisor kain lan ora kelawan mbukak kain sehinggo katon aurote.4 Kanti ngelebokake ono ing ngisor kain lan ngeratani kabeh awake mayit.5 Kelawan deriji penuduh tangan kiwo sing blebetan, sing carane podho karo siwakan lan ora perlu kelawan mbukan cangkem. Kerono khawatir mlebune banyu menyang weteng sing hukumi harom yen disengojo. Kejobo yen ono hajat, umpamane cangkeme mayit ono najise mongko kudu dibukak lan disuceni. (Hasyiyah Jamal Juz II Hal. 146)6 Kelawan deriji jentian tangan kiwo.7 Kelawan deriji penuduh tangan kiwo.8 Kelawan kayu lemes sing dilencipi supoyo ora ngelaraake mayit.

11

Page 12: buku janazah.doc

4. Sak wise rampung ngeresiki nuli mayit diwudloni1 kelawan wudlu sing sempurno (podho karo wudlune wong urip). Ananging naliko ngemoni lan ngisepake banyu irung supoyo sirahe mayit diiringake supoyo banyu ora mlebu weteng.

5. Sak wise rampung mudloni nuli mayit dibasuh (disiram) nganggo banyu telong werno :a. Banyu sabun, utowo sing dicampur godhong doro.b. Banyu murni, kanggo mbilasi banyu sabun.c. Banyu kapur barus2 (banyu sing dicampur sethithik kapur barus).Kanti ngurut ndisikake mbasuh kelawan banyu sabun, nuli banyu murni kanggo mbilas lan banyu kapur barus. Ugo kanti ndisikake mbasuh sirah, wajah, janggut, lan bagian anggotane mayit sisih tengen.

Dene Sempurnane urutane mbasuh, yoiku :1. Mbasuh kelawan sabun.

- Kanti posisi mayit isih melumah, lan sirah rodhok duwur (sak wise diwudloni), nuli dibasuh sirah (songko arah nduwur), rahi lan jenggote kanti disureni3 rambut lan jenggote (yen nduwe jenggot) kelawan suri sing arang-arang.

- Dibasuh awake sing tengen, songko gulu nganti pucuke deriji sikil tengen.

- Dibasuh awake sing kiwo, songko gulu nganti pucuke deriji sikil kiwo.

- Mayit diiringake ngiwo (sehinggo bagian awak sisih tengen ono nduwur), nuli dibasuh bagian awak sing ono nduwur mulai songko gulu nganti pucuke deriji sikil.

- Mayit diiringake nengan (sehinggo bagian awak sing kiwo ono nduwur), nuli dibasuh bagian awak sing ono nduwur mulai songko gulu nganti pucuke deriji sikil.

- Sak wise rampung nuli mayit dingelumahake maneh.1 Mudloni mayit iku sunat, ananging niate wajib Ateges yen ora ono niat songko sing mudloni mongko wudlune ora sah. Bedo karo ngedusi mayit, iku hukume sunat sebab tujuan ngedusi mayit iku dudu sesuci )thoharoh( ananging bebersih )nadhofah(.Dene niate mudloni mayit yoiku : تعالى لله الميت لهذا المسنون الوضوء نويتLan naite ngedusi mayit yoiku : لله كفاية فرض عليه الصالة الستباحة الميت هذا غسل نويتتعالى2 ) كافور وتبريدا )فائدة تخفيفا فيه إن وغيرهم، المالئكة من يحضره لمن الموضع رائحة يطيبإسراع ومنع العضالت من يتحلل ما وردع عنه الهوام وطرد الميت بدن تصليب في وخاصية

إليه .الفساد3 Kanggo ngeratakake lan ngeresiki reget. Dene nyureni naliko mbilasi iku kanggo ngeresiki sabun utowo gondho doro.

12

Page 13: buku janazah.doc

2. Mbasuh Kelawan Nganggo Banyu Murni Kanggo Bilasan Lan Banyu Kapur Barus- Sak wise rampung dibasuh kelawan banyu sabun, kanti posisi mayit

ngelumah, nuli mayit dibasuh kelawan banyu murni kanggo bilasan, lan diterusake kelawan banyu kapur barus, sing pertikile (karo-karone) podo karo naliko mbasuh kelawan banyu sabun, mulai songko ndisikake mbasuh sirah, ndisikake anggota sisih tengen, nganti naliko mbasuh kelawan ngiringake awake mayit.

1.5 KESIMPULAN KANGGO URUTANE NGEDUSI MAYIT Kesimpulan kanggo urutane ngedusi mayit, yoiku : nyewoki-ngeresiki-

mudloni-mbasuhi. Lan kesimpulan kanggo urutane mabsuh, yoiku : banyu sabun-banyu

bilasan-banyu kapur barus. Dene sing paling utomolan sempurno, yoiku kanti mbaleni kaping telu,

lan ngakhirake kabeh basuhan sing nganggo kapur barus. Dadi wilangane basuhan nganti songo, yoiku : banyu sabun-banyu bilasan-banyu sabun-bayu bilasan-banyu sabun-banyu bilasan-banyu kapur barus- banyu kapur barus- banyu kapur barus.

JADWAL WILANGANE MBASUH MAYITNO Wilangane

BasuhanWilangane

SabunWilangane

BilasanWilanganeK. Barus

Keterangan Uruta-ne Mbasu

1 3 1 1 1 Sabun-Bilasan-K. Barus

2 5 1 1 3 Sabun-Bilasan-K. Barus 3x

3 5 2 2 1 (Sabun-Bilasan) 2x-K. Barus

4 7 2 2 3 (Sabun-Bilasan) 2x-K. Barus 3x

5 7 2 3 2 Sabun-Bilasan-K.Barus-Sabun-Bilasan-K. Barus

6 7 3 3 1 (Sabun-Bilasan) 3x-K. Barus

7 9 3 3 3 (Sabun-Bilasan-K. Barus) 3x (Sabun-Bilasan) 3x-K. Barus 3x

Keterangan :1. Nomer urut sing paling ngisor (nomer 7) iku luwih utomo katimbang

nomer sing ing nduwure (nomer 6), lan sak teruse.2. Ruju’an :

1. Al Hawasyi Asy Syarwani Juz III Hal. 1052. At Taqrirot As Sadidah Hal. 375

13

Page 14: buku janazah.doc

3. Al Hadits riwayat Imam Bukhori lan Imam Muslimبميامنها ابدأن عنها الله رضي زينب ابنته لغاسالت قال وسلم عليه الله صلى أنه

رأيتن إن ذلك من أكثر أو سبعا أو خمسا أو ثالثا واغسلنها منها الوضوء ومواضععطية أم قالت كافور من شيئا أو كافورا األخيرة في واجعلن وسدر بماء ذلك

وألقيناها قرون ثالثة شعرها فضفرنا رواية وفي قرون ثالثة فمشطناها منهن. خلفها

3. Ngeluwihi songko sangang basuhan iku dihukumi isrof, kejobo ojo hajate, umpamane ono najis sing ora biso ilang-ilang.

WIGATI1. Mbasuh kelawan “banyu sabun-banyu bilasan-banyu kapur barus” itu

senajan wis oleh kesunatan ngapeng teloni (sebab jumlahe basuhan wis ono telu), anangin disawang songko arah paling sempurno mung diwilang sak basuhan, sehinggo disunatake maneh ngapeng teloni nganti dadi sangang basuhan.

2. Sejatine (miturut keterangan sing ono kitab kuning), anane basuh kelawan “banyu sabun” lan “banyu kanggo mbilasi” iku ora dituju, yoiku banyu kapur barus (banyu murni sing dicampur sethithik kapur barus) sing ora nganti owah (isih tetap biso nyucikake). Mulo songko iku kudu ngati-ngati kerono kebiasaan ing masyarakat anane banyu kapur barus iku owah (ora nyucikake). Dadi umpomone telong basuhan (banyu sabun-banyu bilasan-banyu kapur barus) utowo ditikelake nganti sangang basuhan iku ora ono sing owah (podo ugo owah sak durunge dibasuhake utowo owah naliko ono ing awake mayit). Mongko kudu nambahi basuhan kanggo bilasan kanti ngganjili basuhan lan ngakherake basuhan kapur barus.(Bujairimi Manhaj Juz I Hal. 455)

1.6 KESUNATAN SAK WISE NGEDUSI MAYITSak wise rampung ngedusi mayit lan sak durunge mayit diangkat

saperlu diulesi, mongko penggawean sing disunatake, yoiku :1. Sirahe mayit diiringake kanti alus supoyo banyu sing ono cangkeme

mayit biso metu.2. Ngelemesake ros-rosan awake mayit (pertikele podo karo naliko lagi

meti) supoyo tetep lemes sehinggo gampang diulesi.3. Nganduki mayit supoyo ora nelesi ules (kafan) sehinggo cepet rusak.4. Ngganti tutup kain kelawan sing garing.5. Masang sumpel kapuk ing dalan ngarep-mburine mayit lan sak

mblebete bokong (yen ora mongko biso dilakoni ono ing panggonan ngulesi).

14

Page 15: buku janazah.doc

KeteranganYen kabeh kesunatan iki wis ditandangi nuli mayit diangkat lan digowo menyang panggonan ngulesi kanti ngati-ngati, ndisikake sirah lan tetep njogo supoyo awake mayit (khususe aurot) ora kabukak.

WIGATI1. Wong sing ngedusi mayit iku wajib lanang yen mayite lanang. Lan wajib

wadon yen mayite wadon utowo banci1. Kejobo yen sing ngedusi mahrom utowo bojone mayit, utowo mayite bocah cilik sing durung tumeko bates disyahwati.

2. Wong sing ngedusi mayit iku sing luwih patut lan utomo keluargane mayit sing luwih ngerti masalah ngedusi mayit sing bener, senajan luwin enom.

3. Wong sing ngedusi iku yen biso paling ora wong loro, sing siji ngesokake banyu lan sing sijine ngeresiki awake mayit lan ngeratakake banyu. Lan biso ditambah miturut kebutuhan, ananging sing luwih utomo ganjil.

4. Sunate iku ora melebu pangonan ngedusi kejobo wong sing ngedusi lan wong sing mbantu, kejobo waline mayit, malahan waline mayit iku disunatake nunggoni senajan ora melu utowo mbantu ngedusi.

5. Nyawang anggotane mayit naliko ngedusi iku makruh. Lan yen sing disawang aurote2 mayit mongko hukume harom3, kejobo yen mayit bocah cilik utowo sing nyawang mahrom utowo bujune mayit kanti ora syahwat.

6. Naliko ngeresiki utowo ngosoki anggotane mayit iku disunatake ngenggo blebet tangan. Lan yen sing diresiki iku aurote mayit (khususe dalan ngarep-mburi) mongko blebet tangan hukume wajib4, kejobo yen mayit bocah cilik, utowo sing ngeresiki mahrom utowo bujune mayit, kanti ora syahwat.

1 Banci yoiku wong sing nduweni alat lanang lan wadhon. Dadi umpamane ora ono wong lanang yen mayit lanang utowo sewalike )ugo ora ono bojo utowo mahrome mayit utowo mayit bocah cilik( mongko mayit wajib ditayamumi kanti nganggo blebet tangan lan yen tetep didusi mongko hukume harom, senajan biso nggugurake kewajiban ngedusi.2 Sing dikarepake aurot ning kene yoiku antarane udel lan dengkul, kejobo yen sing ngedusi mayit lanang iku wong wadon utowo sewalike )sing ora bujune, mahrome, utowo mayit ora bocah cilik( mongko sing dikarepake aurot yoiku aurote mayit naliko sholat.3 Kejobo dlorurot, umpamane ora biso ngeresiki najis kejobo kelawan nyawang.4 Kejobo dlorurot, mongko ora wajib.

15

Page 16: buku janazah.doc

7. Ngesokake banyu naliko ngedusi mayit iku cukup songko jabane kain sing digawe nutupi mayit. Yen kangelan mongko keno kelawan mbukak kain ananging tetep kudu njogo songko kebukake aurote mayit.(Rangkuman songko Bujairimi Khotib, Jamal Manhaj, lan Syarwani)

8. Ngetok rambut utowo kukune mayit iku makruh, kejobo ono hajat. Umpamane kelete rambut sebab ono gethihe (regete), sing angel ilangane utowo biso ngalangi tumekane banyu marang kulit.

9. Ngedusi mayit nganggo banyu zam-zam, iku hukume ora sunat, ananging nulayani kang luwih utomo ( األولى ,(خالف kerono mulyaake banyu zam-zam (kanti nyawang pendapate sebagian ulama’ sing ngarani najise nayit).(Hasyiyah Al Bujairimi Alal Manhaj Juz I Hal. 454)

WERNO-WERNO MASALAH NGEDUSI MAYIT1. Mayit sing isih ihrom (muhrim1), iku carane mulosoro podho karo naliko

isih urip. Ateges podho ugo lanang utowo wadon ora keno diwenehi wewangian (umpamane lengo wangi, kapur barus, sabun, lan sepadane, podho ugo sing diwenehi wewangian anggota awake mayit, kapuk utowo ulese mayit), ora keno dikethok rambut utowo kukune lan ora keno disureni naliko didusi yen khawatir rontoke rambute mayit (kejobo dlorurot). Khususe sing lanang mongko naliko ngulesi ora keno ditutupi sirahe lan ora keno dikelambeni. Lan yen wadon mongko ora keno ditutupi rahine. Dene masalah naleni ules ono khilaf antarane ulama’ (semono ugo ora keno diwangeni, mayit wadon sing isih iddah kerono ditinggal mati bojone)(Al Jamal Al Manhaj Juz I Hal. 462)(Al Mahalli Juz I Hal. 381 Darul Fikr)

2. Wajibe ngedusi lan sunate mudloni mayit iku mung sepisan senajan mayit langsung hadats gedhe sak durunge mati. Lan yen sak wesi didusi mayit dijima’ mongko mayit ora wajib didusi maneh. Utowo ngetokake kotoran mongko ora sunat diwudloni maneh (sebab mayit dihukumi ora mukallaf). Ananging mung wajib diresiki najise (miturut pendapat sing kuat) luweh-luweh yen durung disholati. Sebab syarate sholat iku kudu suci.(Syarwani, Juz III Hal. 98)(Bujairimi Khothib, Juz II Hal. 268)

3. Yen ora ono banyu, utowo ono banyu ananging khawatir rontoke utowo protole anggotane mayit (sebab mayit kobong, utowo kecelakaan, utowo

1 Sing dikarepake muhrim ing kene yoiku wong sing ngelakoni ibadah haji utowo umroh lan durung tahallul )khususe ibadah haji durung tahallul awal(

16

Page 17: buku janazah.doc

keno penyakit) mongko mayit cukup ditayammumi (kanti ngilangi najise disek) lan tetep kanti mbasuh anggota sing keno dibasuh, umpomo ono lan tayammum minongko gantine anggota sing ora keno dibasuh (podo karo tayammumi wong urep naliko adus jinabat lan sebagian anggota awake ono sing ora wani dibasuh sebab catu)(I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 111)(Bujairimi Khothib, Juz II Hal. 267)

4. Mayit sing kilup (durung dikhitan) iku yen njerone kilup ono najise lan ora biso dibasuh (diilangi) mongko miturut Imam Ibnu Hajar iku wajib didusi lan ditayammumi (tayammum minongko dadi ganti anggota sing ora keno dibasuh), lan ugo tetep disholati (najis sing ono jero kilup dihukumi ma’fu1 (dlorurot).

5. Mayit sing mati sebeb kerem iku miturut pendapat sing kuat iku tetep kudu didusi, sebab gugure kewajiban ngedusi iku anane penggaweane wong mukallaf.(Kifayatul Akhyar, Juz I Hal. 164 Darul Ihya’)

II. NGULESI MAYIT

2.1 HUKUME NGULESI MAYITHukume ngulesi mayit iku ono telu :

1. Wajib, yen mayit muslim utowo kafir dzimmi, sakliyane bayi keluron sing ora ono rupo bakal menungso.

2. Sunat, yen mayit bayi keluron sing ora ono rupo bakal menungso.3. Mubah, yen mayit kafir harbi.

2.2 PELANGGARANE NGULESI MAYITPelanggerane ngulesi mayit iku paling ora ules sing biso nutupi aurote

mayit naliko sholat2. Dene sing luwih sempurno yoiku :1. Mayit lanang, kelawan telong lapis3 sing werno putih4.2. Mayit wadon utowo banci, kelawan rong lapis, ditambah izar (kain sing

digawe nyarungi utowo njariti), qomis (kain sing digawe ngelambeni 1 Muturut Imam Romli, yen ora biso suci mongko ora perlu ditayammumi lan ora perlu disholati. Dene sing luwih kuat pendapate Imam Ibnu Hajar. (I’anatut Tholibin, II/109)2 Dadi antarane wong lanang lan wadon iku bedho. Ananging miturut pendapat sing mu’tamad yoiku pendapate Imam Ibnu Hajar yoiku paling ora ules sing nutupi kabeh awak, senajan mayit rupo bocah cilik. (Hasyiyah Syekh Sulaiman Al Jamal, II/157)3 Sing podho ombo lan dawane, lan sing saben-saben lapis biso nutupi kabeh awak.يمانية الشيخين : لخبر 4 أثواب ثالث في وسلم عليه الله صلى الله رسول كفن عائشة قالت

عمامة بيض وال قميص فيها ليس17

Page 18: buku janazah.doc

utowo kelambi kurung), lan khimar (kain sing digawe ngudungi), sing kabeh werno putih.

2.3 PERTIKELE NGULESI MAYIT1. Ules ditoto. Yen ora podo mongko ules sing luweh jembar lan apik

dibeber disik, diawur-awuri kapur barus lan wewangian, nuli lagi mbeber ules sing kaping pindo lan kaping telu sing karo-karone ugo diawur-awuri kapur barus lan wawangian podho karo ules sing kawitan1.

2. Mayit diangkat songko panggonan adus, dideleh ono ing dhuwure ules sing ditoto kanti kahanan koyo naliko didusi (sirah ono ing wetan), lan luwihan ules sing ono ing dhuwur sirah iku luwih akeh tinimbang luwihan sing ono ngisor.

3. Dalan ngarep-mburi diwenehi (disumpeli) kapuk sing rodhok ombo (sing sak durunge diwenehi kapur barus lan wewangian) lan di deleh ono ing antarane pungkasane pupu loro, sing sak teruse bokong ditaleni (diblenet) mubeng kelawan kain sing rodhok ombo2, supoyo kapuk ora gampang geser.

4. Kabeh bolongan yoiku cangkem, irung, meripat, kuping lan kabeh panggonan sujud3 ugo diwenehi kapuk sing sak durunge wis diwenehi kapur barus lan wewangian.

5. Awake mayit dilurusake kanti tangan tengen ono ing nduwure tangan kiwo (koyo naliko sholat)4.

6. Pucuk loro ules sing paling nduwur lan sing ono ing kiwone mayit diangkat lan diulesake mayit. Nuli ngangkat pucuk lorone ules sing paling nduwur sing ono tengene mayit lan diulesake. Sak teruse nuli lagi ngulesake ules sing ono bagian tengah lan bagian ngisor dhewe kanti urut sing pertikele podho karo ngulesake ules sing paling nduwur.

1 Pertikele kanggo ulese mayit lanang. Dene kanggo mayit wadon iku sak wise noto rong lapis nuli noto izar )sarung(, qomis )kelambi kurung(, lan khimar )kudung(. Urutan iki )sarung, kelambi kurung, kudung( iku yen sisih kiwo-tengene kelambi kurung ora dijahit. Lan yen dijahit mongko kelambi-kelambi ditoto utowo dienggoake mengko sak wise mayit disarungi lan sak durunge dikudungi.2 Sing utomo )yen biso(, nyumpeli dalam ngarep-mburi dilakoni ono ing panggonan ngedusi )sak durungi diangkat menyang panggonan ngulesi(.3 Yoiku bathok, tapak tangan loro, dengkol loro )kapok dideleh dengkol ngisor( lan pucuk-pucukr deriji. Lan sewenehe ulama’ ono sing milang utomo :

- Menehi kapok ono ing antarane deriji tangan, deriji sikil loro, lan catu utowo borok.- Blebet wajah kelawan kain supoyo kapok sing ono cangkem, irung, lan meripate mayit ora

gampang geser.4Biso ugo tangan dilurusaken, dideleh kiwo-tengene awake mayit. Ananging sing luwih utomo tingkah sing kawitan, miturut Syekh Hasan bin Ahmad bin Muhammad bin Salim.

18

Page 19: buku janazah.doc

Catetan Khusus Kanggo Mayit Wadon :1. Naleni utowo belebet susune (kanggo mayit wadon sing wis montok

susune), supoyo ora obah-obah naliko diusung, sehinggo ulese gampang mbukak.

2. Sak durunge ngulesake rong lapis (sing pertikele podho karo ngulesi mayit lanang), mayit disarungi, dikelambeni, lan dikudungi, kanti urut.

7. Naleni ules (pocongan1) kelawan limo utowo telong talinan.- Yen limo :1. Nduwur sirah.2. Bahu.3. Bokong.4. Dengkul5. Ngisor sikil.- Yen telu :1. Nduwur sirah.2. Sekitare dhodo.3. Ngisor sikil.

KETERANGAN :Sak wise rampung diulesi nuli mayit di deleh ing penduso lan diangkat,

diusung menyang panggonan nyolati, kanti ndisikake sirahe mayit.

WIGATI :1. Ules sing wenang kanggo mayit yoiku ules sing wenang dienggo mayit

naliko isih urep. Ateges mayit lanang ora keno diulesi nganggo sutero.(Thoriqoh Sadidah, Hal. 379)

2. Nambahi kelambi kurung lan serban2 kanggo mayit lanang iku hukumi nulayani keutamaan ( األولى Lan yen dadi wasite mayit ugo ono .(خالفtirkah lan ora ngeluwihi sepertelune mongko kudu dilaksanaake. Dene luwih songko iki mongko hukume makruh. Lan dihukumi harom yen biaya ules songko tirkah lan ora ono ridlo songko ahli waris utowo ahli waris ono sing isih cilik.(Syarwani, Juz III Hal. 118)

3. Sing dikarepake ;1. Sarung : Kain sing nutupi anggotane mayit, antarane udel lan

dengkul.

1 Talenan bisoho rapet. Ananging gampang diudari naliko ing kuburan.لولده 2 عنهما الله رضي عمر ابن فعله كما

19

Page 20: buku janazah.doc

2. Kelambi Kurung : Kain sing digawe kelambi jubbah, sing ora ono lengene lan ora ono belekan bagian dhodhone. Dene sisih kiwo-tengene iku biso dijahit utowo ora.

3. Kudung : Kain sing biso nutupi sirah.4. Serban : Kain sing diubel-ubelake ono ing sirah.(Syarwani, Juz II Hal. 120-121)

WERNO-WERNONE MASALAH NGULESI MAYIT1. Mayit sing tansah ngetokake najis lan ora biso mampet, iku carane pado

karo mulosoro wong sing beser. Ateges kudu disumpeti rapet (supoyo ora metu) lan kudu enggal-enggal disholati (kecuali yen ngundure nyolati kanggo kemaslahatane sholat, umpamane ngenteni akehe wong sing nyolati, yen tetep ora biso mampet mongko dihukumi ma’fu, lan ora kuwatir owahi mayit).(Bujairimi Khothib, Juz II Hal 237)

2. Nulisi ulese mayit kelawan ayat-ayat Al Qur’an utowo asmo-asmo sing dimulyaken (umpamane asmane Gusti Alloh, malaikat utowo nabi) iku hukume harom, kerono bakale campur karo nanah utowo gethihe mayit sing hukume najis.(Fatawi Kubro, Juz II Hal. 6)

III. NYOLATI MAYIT

3.1 HUKUME NYOLATI MAYITHukume nyolati mayit iku ono limo :

1. Wajib, yen mayit muslim, ora mati syahid kerono perang musuh wong kafir lan ora bayi keluron sing ora ono tondo-tondone urip.

2. Harom, yen mati syahid kerono perang musuh wong kafir utowo bayi keluron sing ora ono tondo-tondoe urip.

3. Sunat, nikelake nyolati mayit (sing wajib disholati), kanggo wong sing durung nyolati1.

4. Mubah, nyolati mayit (sing wajib disholati), kanggo wong sing wis nyolati2 (sa’ wenehe ulama’ ono sing ngukumi khilaful aula senajan jama’ah).

5. Makruh, nyolati mayit (sing wajib disholati) sing durung dikafani.(Hasyiyah Bujairimi ‘Alal Manhaj, Juz I Hal. 478)

1 Kudu niat kefardluan sebab sholate tetep dadi sholat fardlu senajan mayit wis disholati.2 Ora wajib niat kefardluan sebab sholate wis dadi sholat sunat. (At Thoriqoh As Sadah Hal. 381, Bujairimi Alal Manhaj, I/481)

20

Page 21: buku janazah.doc

(Toriqoh Sadidah, Hal. 478)

3.2 WAKTUNE NYOLATI MAYITWaktune nyolati mayit iku awit rampunge (sempurnane) ngedusi

utowo nayamumi mayit.

3.3 SYARATE NYOLATI MAYITSyarate nyolati mayit iku ono loro :

1. Syarat umum, yoiku podho karo sholat biasa (dudu sholat mayit) ing antarane mayit lan sing nyolati kudu suci, wong sing nyolati kudu nutup aurot lan madep qiblat.

2. Syarat khusus, yoiku wong sing nyolati kudu wong lanang1 (yen ono wong lanang), mayit kudu ono ing ngarepe wong sing nyolati2 (yen mayit hadlir utowo ono ing panggonan nyolati senajan olehe nyolati ono ing kuburan), tur antarane wong sing nyolati lan mayit ora ono aling-aling3.

3.4 RUKUNE NYOLATI MAYITRukune nyolati mayit iku ono pitu :

1. Niat.2. Petang takbiran.3. Ngadek kanggo wong sing kuwoso.4. Moco Al Fatihah sak wise takbir sing kawitan.5. Moco sholawat sak wise takbir sing kaping pindo.6. Ndungaake mayit sak wise takbir sing kaping telu.7. Salam sing kawitan sak wise takbir sing kaping papat.

3.5 RINCIAN KANGGO RUKUN-RUKUNE NYOLATI MAYIT

3.5.1 NIATNiat nyolati mayit iku kudu bebarengan karo takbir. Lan niat na’yin

(nentokake utowo ngususake) mayit sing disholati iku hukume wajib.

1 Olehe nyolati bocah cilik sing wis tamyiz iku wis biso nggugurake kewajiban senajan ono wong lanang sing wis mukallaf.2 Sebab ono ing masalah nyolati mayit anane mayit iku podo karo imam. Dadi yen jejer mongko hukume makruh. Lan sing dadi ukuran yoiku tungkake wong sing nyolati karo sirahe mayit.3 Sebagian ulama’ ono sing ngarani yen ora anane aling-aling iku dadi syarat sehinggo yen nyolati mayit sing ono penduso sing ditutup mongko diwilang sah.

21

Page 22: buku janazah.doc

Ananging cukup kelawan ta’yin sing biso njelasake lan mbedakake antarane mayit sing disholati lan liyane.

Contoh niat :على / / / / اإلمام عليه صلى من على الميتة هذه على الميت هذا على زيد على أصلي

لله / إماما مأموما كفاية فرض تكبيرات أربع السنة هذه في المسلمين من مات من. أكبر الله تعالى،

3.5.2 PETANG TAKBIRANPetang takbiran iku kelawan milang takbirotul ihrom.

3.5.3 NGADEK KANGGO SING KUWOSODadi umpomo ora kuwoso mongko cukup kelawan lungguh.

3.5.4 MOCO FATIHAH SAK WISE TAKBIR SING KAWITANMoco Fatihah iku sejatine ora kudu sak wise takbir sing kawitan.

Ananging biso diwoco sak wise takbir sing kaping pindo (bareng karo moco sholawat), kaping telu (bareng karo ndungaake mayit) utowo kaping papat.

Ananging moco Al Fatihah iku kudu diwoco sak wise takbir sing kawitan, selagi wong sing sholat dadi ma’mum masbuq utowo wis kadong moco Al Fatihah.

3.5.5 MOCO SHOLAWAT SAK WISE TAKBIR SING KAPING PINDOMoco sholawat iku sing paling ora moco : محمد على صل Lan .اللهم

sunate nambahi : لله sak durunge moco sholawat serto nggabungake الحمدlafadh salam. Dene sempurnane yoiku :

أجمعين وصحبه أله وعلى محمد سيدنا على صل اللهم العالمين، رب لله الحمد

3.5.6 NDUNGAAKE MAYIT SAK WISE TAKBIR KAPING TELUNdungaake mayit iku kudu kelawan dungo sing khusus ndungaake

mayit sing disholati. Dadi umpomo dungoe umum mongko ora nyukupi. Umapamane :

وعافهم وارحمهم والمسلمات والمسلمين والمؤمنات للمؤمنين اغفر اللهمعنهم واعفDene ndungo sing nyukupi tur diriwayatake songko kanjeng nabi

Muhammad saw. ing antarane yoiku :بالماء واغسله مدخله ووسع نزله وأكرم وعافه عنه واعف وارحمه له اغفر اللهم

خيرا دارا وأبدله الدنس من األبيض الثوب ينقى كما الخطايا من ونقه والبرد والثلجعذاب من وأعذه الجنة وأدخله زوجه من خيرا وزوجا أهله من خيرا وأهال داره من

النار عذاب ومن وفتنته وا القبر بعده تفتنا وال أجره تحرمنا ال ولجميع غفراللهم وله لنا. الراحمين أرحم يا برحمتك المسلمين

22

Page 23: buku janazah.doc

Lan yen mayite bocah cilik mongko dungane :وذخرا وسلفا ألبويه فرطا اجعله اللهم وارحمه له اغفر وشفيعا اللهم واعتبارا وعظة

أجره تحرمهما وال بعده تفتنهما وال قلوبهما على الصبر وأفرغ موازينهما به وثقل.غفروا الراحمين أرحم يا برحمتك المسلمين ولجميع وله لنا

Keterangan :1. Umpamane naliko ndungo mung ngucap : له غفرا اللهم mongko

dianggep cukup.2. Dlomir biso diganti, dicocokake kelawan kahanane mayit (lanang-

wadone, ijen-orane).

3.5.7 SALAM KAWITAN SAK WISE TAKBIR KAPENG PAPATDene salam sing kaping pindo iku hukume sunat. Lan disunatake sak

durunge salam sing kawitan kanti ngucapake :وا بعده تفتنا وال أجره تحرمنا ال رب غفراللهم لله الحمد المسلمين، ولجميع وله لنا

أجمعين، وصحبه أله وعلى محمد سيدنا على صل اللهم الدنيا العالمين، في أتنا ربناالنار عذاب وقنا حسنة اآلخرة وفي لنا ، حسنة وهب هديتنا إذ بعد قلوبنا تزغ ال ربنا

الوهاب أنت إنك رحمة لدنك . : من السديدة. ( الطريقة )383إهـ

KETERANGAN :Sak wise rampung nyolat nuli mayit diangkat lan diusung menyang

kuburan sing pertikele diterangake ono buri.

WIGATI :1. Nyolati mayit iku sunate ono ing masjid kanti berjamaah lan digawe

telong shof1 utowo luwih yen sing nyolati ono wong enem utowo luwih.

Pertikele Noto Shof :

NO Wilangane nyolati Posisi Wong Sing Nyolati

1 7 Orang

I ImamIIIIII

Makmum

2 6 Orang

II Imam lan makmum jejerIIIIII

Makmum

1 وغيره : الحاكم رواه له، غفر إال صفوف ثالثة عليه فيصلى يموت مسلم من ما لخبر23

Page 24: buku janazah.doc

3 5 OrangI ImamIIII Makmum

4 4 Orang I/II Imam lan makmum jejerIII/II Makmum

5 3 OrangI/I ImamII/I /I Makmum

6 2 Orang I ImamI Makmum

Keterangan :Yen wilangane shof wis ono telu lan wilangan wong sing nyolati luwih songko pitu mongko shof sing kawitan iku sing luwih utomo.

2. Posisi mayit naliko disholati iku sing paling luwih utomo (kanggo ukuran Indonesia) yoiku yen mayit lanang, mongko sirah ono ing kidul. Lan yen mayit wadon, mongko sirah ono ing lor.(Al Bujairimi Alal Manhaj, Juz I Hal. 484)

3. Posisi Imam utowo wong sing nyolati ijen, iku sing luwih utomo yoiku :- Yen mayit lanang : ono kencenge pundake mayit (sirahe mayit ono

ing kiwane).- Yen mayit wadon : ono kencenge bokonge mayit (sirahe mayit ono

ing tengene1).4. Naliko nyolati mayit iku disunatake ngelonake wacan (podo ugo Fatihah

utowo liyane) senajan ono ing wektu bengi.5. Ono ing sholat mayit iku ora disunatake moco dungo iftitah sak durunge

moco Al Fatihah. Lan ora disunatake moco surat2 sak wise moco Al Fatihah. Anannging cukup moco ta’awwudz sak durunge moco Al Fatihah.

6. Miturut Imam Romli, iku naliko nyolati mayit sunate madep marang mayit, yen nayit hadlir (ono ing panggonan sholat).

7. Ngakhirake nyolati mayit iku ora sunat, kejobo ngenteni wilangane wong sing nyolati nganti petang puluh utowo satus3 selagi ora kuwatir owahe mayit.

1 Kejobo olehe nyolati mayit ono ing masjid nabawi mongko sirahe mayit )senajan wadon( ono ing kiwane wong sing nyolati kerono taadduban marang maqome Kanjeng Nabi Muhammad saw.2 Kejobo kanggo makmum sing wis rampung moco Al Fatihah sak durunge rampunge imam mongko disunatake moco surat kenggo ngenteni imam.

24

Page 25: buku janazah.doc

8. Makmum sing kari songko imam kelawan rong takbiran (tanpo ono udzur), mongko sholate makmum batal4.

9. Makmum sing lagi takbir kawitan lan durung semppat moco Al Fatihah nuli imam takbir sing kaping pindo, mongko makmum ora wjib moco Al Fatihah kerono makmum kawilang makmum masbuq lan Fatihahe ditanggung imam.

10. Salam naliko nyolati mayit iku miturut pendapat sing kuat ora disunatake nambah kalimat : وبركته.

11. Makmum masbuq sing menangi sak takbiran, rong takbiran, utowo telung takbiran songko takbire imam mongko kudu nambahi takbir sehinggo takbire dadi jangkep papat (sak wise salame imam).

WERNO-WERNO MASALAH NYOLATI MAYIT1. Mayit sing rusak jasade utowo ajur iku yen biso kudu dipulosoro kanti

sempurno (didusi utowo ditayammumi, diulesi, disholato, lan dipendem). Yen ora biso didudi utowo ditayammumi, mongko ono bedo pendapat antarane ulama’. Miturut pendapat sing mu’tamad cukup diulesi (dibungkus) lan dikubur. Miturut muhaqqiqin ugo wajib disholati.(Busyrol Karim, Hal. 408-409)(Qolyubi, Juz II Hal. 345, lan 347)

2. Mayit sing dikethok-kethok jasade lan sing ditemu lagi sebagian anggotane (tangan, umpamane) mongko kudu tetep dipulosoro kanti sempurno. Dene sholate iku mung diniati nyolati anggota sing ditemu (sing wis dipulosoro), yen nduweni keyakinan anggota liyane durung didusi. Niate yoiku : إلخ تكبيرات اربع العضو هذا على .أصليLan yen nduweni keyakinan anggota liyane ugo wis didusi mongko niate nyolati kanggo kabeh anggotane mayit. Niate yoiku :

إلخ تكبيرات أربع الميت هذا جملة على .أصلي(Al Majmu’, Juz V Hal. 253)(Qolyubi, Juz I Hal. 337)

3. Mayit sing diyakini matine ananging ora ditemuake jasade iku miturut pendapat sing mu’tamad wajib disholati, yen ono keyakinan wid didusi.

إال 3 له يشفعون كلهم مائة يبلغون المسلمين من أمة عليه يصلي مسلم من ما مسلم وفيفيه مسلم، شفعوا رواه اه ، األربعين في ذلك مثل مسلم أي وفيه التحفة في وعبارة ـ. قال

وحكمته قيل لألربعين الصالة يؤخر كان أنه عنهما الله رضي عباس ابن عن مسلم وفي المغنيالحديث من يؤخذ كما كاألربعين المائة وحكمة ولي فيهم لله كان إال أربعون يجتمع لم أنه

اه الطالبين،. المتقدم إعانة 2/132ـ4 Sebeb takbir ono ing sholat mayit iku minongko rukun fi’li. Dadi kari rong takbiran iku hukume podo karo kari rukun fi’li loro. (Thoriqoh As Saadah, 385)

25

Page 26: buku janazah.doc

Lan yen ora ono keyakinan mongko keno disholati ananging niate nyolati digantungake yen mayit wis didusi. Niate yoiku :

إلخ تكبيرات أربع غسل قد كان إن زيد ميت على .اصليDene miturut muhaqqiqin iku tetep wajib disholati senajan ora ono keyakinan anane mayit wis didusi. Kerono perkoro sing isih biso ditandangi (nyolati) iku ora biso gugur sebab perkoro sing ora biso ditandangi (ngedusi), بالمعسور يسقط ال الميسور .ألن(At Turmusi, Juz III Hal. 340-443)(I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 131)

4. Batesi jarak kanggo wenange ngelakoni sholat ghoib iku ono khilaf antarane ulama’. Miturut Imam Ibnu Hajar iku selagi ono ing njobo deso. Lan miturut Imam Romli iku ora dibatesi jarak. Ananging selagi kengelan utowo ono udzur nekani nyolati mayit (sholat hadlir) mongko wenang ngelakoni sholat ghoib.(I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 132, lan 133)(Busyrol Karim, Hal. 405)

5. Batese waktu kanggo wenange ngelakoni sholat ghoib iku ono khilaf. Ono ulama’ sing ngarani telong dino, sewulan, selagi mayit isih ono jasade. Lan malah ono sing ngarani sak lawase.(Al Mahalli, Juz I Hal. 335)

6. Wong sing ngelakoni sholat ghoib iku kudu ahli ngelakoni sholat naliko matine mayit. Dadi umpomo ono wong sing ngelakoni sholat ghoib kanggo mayit sing matine naliko deweke iseh kafir, cilik, gendeng, utowo haidl, umpamane mongko sholate ora sah.(Hasyiyah Syeh Sulaiman Al Jamal, Juz II Hal. 182)

7. Sholat ghoib kanggo mayit akeh (kanti bareng) sing sebagian wenang (sah) disholati (kerono sing nyolati ahline naliko matine mayit), lan sebagian orah sah, mongko sholate kudu dikhususake marang mayit sing sah disholati, kanti moco niat : أربع الصالة عليه تصح من على أصلي

إلخ تكبيرات(Al Jamal Alal Manhaj, Juz II Hal. 181-182)

8. Mayit sing luwih songko siji iku keno disholati bareng-bareng (kanti mung sholat sepisan).(Al Jamal, Juz II Hal. 189)

KETERANGAN TAMBAHAN

NGUSUNG LAN NGIRING MAYIT

26

Page 27: buku janazah.doc

1. Upacara pemberangkatan mayit menyang kuburan sing biasane diisi kelawan :- Ndungaake mayit lan keluarga sing ditinggal.- Njalukake pengapuro kanggo mayit lan dilunasane tanggungan-

tanggungane.- Njalukake pesaksen (pujian) ngenani baguse kelakuane mayit1 (yen

mayit memang ahli lan disekseni utowo dipuji).Iku diwilang penggawean bagus. Ananging yen mayit ora ahli dipuji (umpamane mayit kafir utowo fasiq sing ngedeng anggone ngelakoni maksiat), mongko sing bagus disebutake kealanane yen ono maslahah.(Nihayatuz Zain, Hal. 148)(Al Mathori Syarkh As Sittina Masalah, Hal. 112)(Al Ibda’, Hal. 108-109)(Al Adzkar Lin Nawawi, Hal. 151)

2. Ngusung mayit iku sing luwih utomo wong lanang senajan mayit wadon.3. Ngusung mayit mareng endi wae tujuan iku kudu ngati-ngati. Lan sing

utomo sirahe mayit ono ngarep, senajan ora melaku marang arah qiblat.(At Turmusi, Juz III Hal. 429)(Asy Syarwani, Juz III Hal. 130)

4. Ngusung mayit nganggo penduso iku pertike ono loro :1. Diusung dening wong papat (genep), sing saben-saben wong sijine

mikul pundake usungan penduso (loro ono ngarep, loro ono mburi) lan biso ditambah kelawan enem utowo wolu lan sak teruse, kelawan kira-kirane kebutuhan.

2. Diusung dening wong telu (ganjil). Wong siji ono ing ngarep (kanti pikulan ono ing pundak kiwo tengene), lan wong loro ono ing mburi (kanti mikul siji-siji pikulan loro sing ono mburi).

Dene sing luwih utomo kanti nggabungake pertikel loro. Ateges kadang nggenepi lan kadang ngganjili.

5. Ngusung mayit dening wong loro utowo siji iku makru, kejobo dlorurot utowo mayit bocah cilik.

6. Ngusung mayit menyang kuburan iku sunate melaku (ora ditumpakake kendaraan2) lan rodhok cepet3 (kanti tansah ngati-ngati4).

النار 1 أهل من يكونوا وإن تأثموا، الجنة أهل من يكونوا إن فإنهم بخير، إال موتاكم تذكروا الالدنيا أبي ابن أخرجه فيه، هم ما فحسبهم

2 Hukume makruh yen ora ono hajat.3 Antarane melaku biasa lan melayu, selagi ora kuwatir rontoke mayit. Yen kuwatir kudu alon-alon.4 Lan harom sekirane nguwatiraken cebloke mayit.

27

Page 28: buku janazah.doc

7. Ngiring mayit menyang kuburan iku hukume sunat. Lan luwih utamane melaku cidhek karo mayit, ndisike utowo ngarepe mayit lan nganti rampunge ngubur1.

8. Ngusung lan ngiring mayit menyang kuburan iku sunat meneng (ora guneman2), cukup dzikir kelawan ati3 (kanti ngakehake moco tasbih), tafakkur ngenani anane pati, lan kahanane mayit sak wise mati.

9. Wong wadon melu ngiring mayit iku hukume makruh. Lan biso harom yen nganti ono ikhtilath sing harom.

10. Ngalap barokah kelawan melu ngusung mayit wong sholeh iku sunat. Ananging yen nganti desekan iku makruh, lan biso harom yen nganti ngelarakake liyane.

11. Wong sing ngiring mayit iku teko ndisiki ing kuburan iku sunate ora lungguh nganti tekone mayit lan dideleh ono ngisor.

12. Yen ono mayit liwat (mayit muslim) mongko kanggo wong sing ora melu ngiring disunatake ngadek lan moco :

القدوس الملك يموت : utowo سبحان ال الذي سبحانورسوله الله وعدنا ما هذا ورسوله، الله صدق أكبر اللهوتسليما إيمانا زدنا اللهم

(Hasyiyah Jamal Alal Syarkhil Manhaj, Juz II Hal. 165)

IV. NGUBUR MAYIT

4.1 HUKUME NGUBUR MAYITHukume ngubur mayit iku ono telu :

1. Wajib, yen mayit muslim, kafir dzimmi4 utowo bayi keluron sing ono rupo bakale menungso (senajan ora ono tondo-tondo urip)

وسلم : : لخبر 1 على الله صلى الله رسول قال عنه الله رضي هريرة أبي الجنازة عن شهد منالقيراطان وما قيل قيراطان فله تدفن حتى شهدها ومن قيراط فله عليها يصلي قال ؟حتى

العظيمين الجبلين .مثل عليه. متفقعرفة (فرع) كيوم الفاضلة األوقات في مات من على الصالة استحباب البحر في كما يتأكد

دفنه وحضور وليلتها الجمعة ويوم وعاشوراء أن ،والعيد التأكد وجه ولعل ش ع قال ومغني نهايةله اختير حيث به تبركا عليه الصالة فيستحب له الرحمة زيادة على عالمة األوقات تلك في موته

الصال بغير عرف وإن وظاهره األوقات تلك في ج. ) اه ةالموت الشرواني (191ص 2ـ2 Guneman iku hukume makruh yen ora ono hajat. Semono ugo makruh naliko ngedusi, ngulesi lan ndeleh mayit ing kuburan.3 Ananging miturut Imam Ibnu Al Yamani dzikir kelawan banter iku diwilang utomo supoyo wong sing podo ngiring ora podo guneman ngenani perkoro dunyo utowo perkoro sing ora maedahi.4 Kafir sing ono Indonesia iku dudu kafir dzimmi utowo kafir harbi. Ananging hukume podo karo kafir dzimmi.

28

Page 29: buku janazah.doc

2. Sunat, yen mayit bayi keluron sing ora ono rupo bakal menungso.3. Mubah, yen mayit kafir harbi1.

4.2 BATESANE NGUBUR MAYITBatesane ngubur mayit sing wajib iku paling ora kedukan (luwangan)

sing biso nyimpen gandane (ambune) mayit, lan biso njogo songko kewan galak sehinggo ora gampang dikeduk lan dipangan jasade.

Dene luangan kuburan sing luwih sempurno yoiku2 :1. Jerune : 4,5 dziro’ (+ 216 cm) utowo sak pengadek-pengawene wong

sing mejono (sedengan).2. Dawane lan ambane : Sekirane nyukupi (ora ngerupekake) wong sing

nampani lan noto mayit ing kuburan.Catetan : 1 dziro’ = 48 cm, miturut aktsarunnas. Dene miturut Imam Nawawi 44,700 cm.

KETERANGANModel luangan kuburan sing disunatake iku ono loro :

1. Luang landak (lahd)3, yoiku luangan kuburan sing pinggir ngisor arah qiblat (kulon) digrowoki (koyo goa) sing biso amot jasade mayit.

2. Luang cempuri4, yoiku luangan kuburan sing tengah ngisor digawe koyo kalenan kanggo ndeleh mayit.

4.3 PERTIKELE NGUBUR MAYIT1. Sak wise teko ing kuburan mayit (sing isih ono ing penduso) dideleh ono

ing pinggire luang kuburan siseh kidul, kanti mujur ngalor-ngidul lan bagian sirahi ono lor.

2. Wong sing bagian nampani lan noto mayit5, modhon dhisik ing luang kuburan.

3. Penduso dibukak, mayit diangkat, dithoake, ditarik songko penduso (songko arah sirahe) lan didhunake laon-alon ing kuburan nganti ndisikake sikile mayit6.

1 Kejobo yen ngelarakake wong Islam )sebab ambune, umpamane( mongko hukume mendem dadi wajib.الترمذي : 2 رواه وأعمقوا، وأوسعوا أحفروا أحد قتلى في وسلم عليه الله صلى لقوله3 Luwih utomo tinimbang luang cempuri, yen lemahe atos )ora gampang longsor(.4 Luwih utomo tinimbang luang landak, yen lemahe gampang longsor.5 Wong sing noto sunate ganjil, telu utowo luwih kelawan kira-kirane kebutuhan. Lan sing luwih berhak yoiku keluargane sing luwih cedek lan luwih tuwo.6 Naliko ngedonake lan noto mayit disunatake nutupi kuburan karo kain, kanggo njogo yen kebukak wadine mayit, lan ndungo :

29

Page 30: buku janazah.doc

4. Mayit ditoto, diadepake qiblat1 (sisih awak tengen ono ing ngisor2 lan rodhok koyok wong rukuk3) kanti rahi lan sikile mayit ditempelake marang pinggire luang kuburan.

5. Taline pocongan diuculi4 len ules sing ono pipi tengen dibukak, supoyo biso nemplek lemah5 utowo bantalan songko lemah (gelu).

6. Mayit dibantali (bantal songko lemah) lan diganjel gegere karo lemah (yen dibutuhake) supoyo mayit ora gampang nggoling utowo melumah.

7. Masang papan (tlisip) sing kanggo ngaling-ngalingi mayit songko urukan lemah.

8. Nguruk nganggo lemah songko kedukan nganggo pacul utowo sejenise kanti nyepetake nyempurnakake nguruke.

9. Nduwurake urukan kiro-kiro sak kilan kanti ngeratakake lan ora ngundukake koyo punuke unto.

10. Masang tetenger (pathok) songko watu utowo kayu ono ing nduwure sirah lan sikile mayit6.

11. Nyirami banyu (selagi ora udan).12. Menehi utowo ndelehi7 kethokan wit-witan sing isih teles8, utowo

kembang ono ing nduwure kuburan (khususe nduwure sirah).13. Nalqin lan ndungaake mayit.

WIGATI

وأكرم لروحه السماء أبواب افتح اللهم وسلم، عليه الله صلى الله رسول ملة وعلى الله بسم ( . ج الرفيق إسعاد سنة، أربعين العذاب من أمان أنه ورد لما قبره له ووسع مدخله ووسع 1نزله

(107ص 1 Hukume wajib.2 Hukume sunat. Dadi umpomo siseh awak kiwo ono ngisor )sirah ing kidul( kanti madep qiblat, mongko cukup. Ananging hukume makruh.3 Yen biso )umpamane mayit durung kaku(, supoyo ora gampang ngguling.4 Hukume sunat, lan yen ora diuculi hukume makruh.5 Hukume nemplekake pipi ono ing lemah hukume sunat.6 Yen pathoke mong siji mongko sing luwih utomo dideleh ono ing nduwure sirah.7 Ora nanduri. Sebab nanduri kuburan umum miturut pendapat sing kuat iku hukume harom. Lan hukume makruh yen nanduri kuburan khusus )kuburan ono tanah pribadi(, selagi oyote wit-witan nganti biso tumeko marang mayit. (Tuhfatul Muhtaj -Hamisy Syarwani-, III/198, Bughyatul Mustarsyidin, 98)8 Faedahe biso ngentengake sikso kubur, sebab olehe moco tasbih.

وعلى نصفا قبر على غرس ثم نصفين الجريد شق وسلم عليه الله صلى الله رسول أن ثبت. الشيخان رواه ييبسا، لم ما عنهما يخفف لعله وقال نصفا، قبر

Lan disunatake menehi kerikil ono ing nduwure kuburan. (Asy Syarwani, III/199)

30

Page 31: buku janazah.doc

1. Naliko ngubur, wong sing ono kiwo-tengene kuburan dianjurake njupuk telong cawukan, sing saben-saben cawukane didungani lan dileboake luang kuburan1.- Cawukan sing kawitan diwacaake :

حجته المسئلة عند لقنه الله خلقناكم، منها- Cawukan sing kaping pindo diwacaake :

لروحه السماء أبواب افتح اللهم نعيدكم، وفيها- Cawukan sing kaping telu diwacaake :

جنبه عن األرض جاف الله أخرى، تارة نخرجكم ومنهاSak liyane iku, dianjurake njupuk sak cawukan maneh, diwacaake surat

أنزلناه .x7 (kaping pitu)2, ugo dilebokake ing luang kuburan إنا2. Ngadzani lang ngomati mayit ing kuburan (sak durunge diuruki) iku

miturut pendapat sing kuat hukume ora sunat. Dene dipadaake (diqiyasake) marang sunate ngadzani lan ngomati bayi naliko lahir iku dianggep qiyas sing apes.(Al Fatawi Al Kubro, Juz II Hal 17)

3. Ngowahi kalimat qomat ( الصالة قامت ) diganti (قد القيامة قامت naliko (قدngomati mayit iku hukume harom.(Asy Syarwani, Juz I Hal. 468)

4. Wong sing podho ngiring mayit ing kuburan iku disunatake netep sediluk (sak wise mayit ditalqin) ono ing sandingi kuburan, saperlu moco tatsbit3

(ndungaake mayit supoyo tetep imane) kanti moco :حجته لقنه اللهم الحق، على ثبته sing diterusake kelawan nyuwunake ,اللهم

rohmat lan pengapuro marang Gusti Alloh.

WERNO-WERNO MASALAH NGUBUR MAYIT1. Nulisi pathok iku hukume makruh, kejobo kerono dadi tenger supoyo

gampangake zairoh. Utowo pathok kuburane wong sholeh. Ananging miturut penemune Imam Zarkasyi ora makruh.(Al Bajuri, Juz I Hal. 257)

2. Lungguh, Ngideki utowo ngeliwati nduwure kuburane wong Islam iku makruh. Kejobo yen jasade wis ajur kabeh, utowo ono hajat (umpamane kangelan nggelak dalan kejobo nduwure kuburan.

ج ) 1 الرفيق إسعاد سنة، أربعين العذاب من أمان أنه ورد (107ص 1لما2--- --- ) قال ) أن إلى ولده بخط وجد أنه وذكر العلوي الدين تقي اإلمام شيخنا بخط وجد فائدة

: إرادته حال أي بيده الدفن حال القبر تراب من أخذ من قال وسلم الله صلى الله رسول أنذلك يعذب لم قبره أو كفنه في الميت مع وجعله مرات سبع القدر ليلة في أنزلناه إنا عليه وقرأ

ج ) المنهج شرح على الجمل حاشية القبر، في (202ص 2الميتألخيكم 3 استغفروا وقال عليه وقف الميت دفن من فرغ إذا كان والسالم الصالة عليه ألنه

يسأل اآلن فإنه التثبيت له ج واسألوا الطالبين إعانة (139ص 2،

31

Page 32: buku janazah.doc

(Thoriqoh Sadidah, Hal. 139)3. Kuburan iku kudu rupo kedukan (luangan). Dadi ora keno ngubur mayit

kelawan ndeleh ono nduwure lemah (tanpo ngeduk) nuli diuruki. Kejobo dlorurot (umpomo lemahe gembur, lan ora mungkin dikeduk).(Syarwani, Juz III Hal. 167)

4. Ngubur mayit nganggo peti iku hukume makruh, kejobo ono hajat. (umpomo tanahe gampang longsor utowo nyumber).(I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 117)

5. Ngubur mayit ono kuburan sing nyumber iku hukume harom, mongko kudu diwenehi peti.(I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 117)

6. Ngubur mayit ono ing waktu bengi utowo waktu makruh kanggo ngelakoni sholat (wektu metune serngenge, istiwa’, lan surupe serngenge) iku mubah selagi ora sengojo ngepasake ing wektu sing makruh kanggo ngelakoni sholat. Yen sengojo ngepasake mongko hukume khilaf. Lan pendapat sing kuat ngukumi harom. (khusus wektu bengi tetep mubah senajan sengojo ngepasake).(Hawasyi Syarwani, Juz III Hal. 194-195)

7. Ngumpulake kuburane keluargo ono ing sak panggonan (lingkungan) iku hukume sunat kanggo nggampangake ziaroh.(Hamisy Syarwani, Juz III Hal. 199)

8. Ari-ari sing sambung karo bayi (dudu ari-ari sing dadi wadahe bayi) iku wajib dikubur yen bayine mati. Lan sunat dikubur yen bayine ora mati.(Hamisy Syekh Al Jamal Alal Syarhil Manhaj, Juz II Hal. 190)(Bujairimi Alal Khothib, Juz II Hal. 246)

9. Yen ngeduk nggawe kuburan lan iseh nemu jasade mayit mongko kudu diuruk (dibalekake) maneh. Lan yen sing ditemu mung balunge mayit, mongko :- Yen wis sempurno kedukane (wis nyukupi kanggo ngubur), mongko

balung disisihake lan dikubur mane bareng karo mayit sing anyar.- Yen durung sempurno kedukane mongko kudu diurukake maneh.(I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 118)

10. Wong sing mati ono perahu ing tengah segoro (adoh songko daratan) lan kuwatir rusak yen ora cepet-cepet dipulosoro mongko ora wajib dipendem. Ananging wajib didusi, diulesi, lan disholati. Nuli diapit kelawan papan (opo wae sing sekirane kambang) supoyo mayit ora kelem lan digowo ombak menyang pinggir (supoyo dipendem dening wong sing nemu ing daratan). Lan ugo keno diwenehi (taleni) bot-botan supoyo kelem (ndasar).

32

Page 33: buku janazah.doc

11. Mbangun kuburan (ngecor, ngijing, utowo nyungkup) sing ono tanah pribadi iku hukume makruh. Lan yen ono ing tanah umum iku hukume harom. Kejobo kuburane poro nabi, wali, lan wong sholeh. Utowo kerono dlorurot (umpamane kuwatir longsor sebeb banjir).(Asy Syarqowi, Juz I Hal. 344)(I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 120)(Hasyiyah Bujairimi Khothib, Juz II Hal. 297-298)

BAYI KELURON

1. ARTINE BAYI KELURONArtine bayi keluron yoiku bayi sing lahir sak durunge sempurnone

jangkep enem wulan.

2. WERNONE LAN PERTIKELE MULOSORO BAYI KELURONWernone bayi keluron iku ono telu :

a. Bayi sing lahir lan ono tondo-tondo urep (umpamane : ambekan, njerit utowo obah-obah). Bayi iku pertikele mulosoro pado karo mayit sing ora bayi. Ateges wajib didusi, diulesi, disholate, lan dikubur.

b. Bayi sing lahir lan ora ono tondo-tondoe urip. Ananging ono rupo bakal menungso (umpamane: sirah, tangan, utowo sikil) senajan durung ono umur petang wulan (ing kandungan). Bayi iki pertikele mulosoro ono khilaf antarane ulama’ :- Miturut Imam Ibnu Hajar Al Haitami (pendapat sing kuat) wajib

didusi, diulesi, lan dikubur. Ananging ora wajib disholati.- Miturut Imam Syamsuddin Muhammad Ar Romli, diperinci :

Yen lahire sak durunge umur nem wulan, mongko wajib didusi, diulesi, lan dikubur. Ananging ora wajib disholati.

Yen lahire sak wise umur nem wulan mongko podo karo mayit ora bayi. Ateges wajib didusi, diulesi, disholati, lan dikubur.

c. Mayit sing lahira ananging durung ono rupo bakal menungso (umpomo mung rupo cuwilan daging). Bayi iki ora ono kewajiban opo-opo. Ananging didusi, lan sunat dibungkus kain lan dipendem.

WONG MATI SYAHID

1. ARTINE SYAHIDSyahid iku songko kalimat syahadah, sing artine nyawang utowo

nyekseni. Wong mati syahid iku diarani syahid kerono olehe nyawang

33

Page 34: buku janazah.doc

swargo naliko matine. Lan olehe Gusti nekseni Alloh lan Rosule yen bakale mlebu swargo.

2. WERNONE WONG MATI SYAHIDWernone wong mati syahid iku ono telu :

1. Syahid ndunyo lan akhirat.2. Syahid ndunto.3. Syahid akhirat.

3. RINCIAN LAN PERTIKELE MULOSORO WONG MATI SYAHID3.1 Syahid Ndunyo Lan Akherat

Syahid Ndunyo Lan Akherat yoiku wong Islam sing mati sebab perang musuh wong kafir1, lan niate kerono ngeluhurake agamane Gusti Alloh. Syahid iki ora keno didusi lan disholati2. Cukup dikafani3 lan dikubur.

Dene sebabe ora keno didusi4 yoiku kerono netetpake labete (bekase) kesyahidan. Ateges supoyo getih sing gandane (ambune) podho karo minyak misik (ono ing akherat) ora ilang sebab didusi.

Lan sebabe ora keno disholati yoiku kerono sejatine sholat iku ndungaake mayit. Padahal wong mati syahid iku wis dingapuro kabeh dusone (kejobo haqqul adami).

3.2 Syahid NdunyoSyahid ndunyo yoiku wong sing mati sebab perang musuh wong kafir,

ananging matine kerono dunyo (umpamane supoyo oleh rampasan utowo dipuji menungso). Syahid iki pertikele mulosoro podho karo syahid ndunyo lan akherat.

3.3 Syahid AkhiratSyahid akhirat yoiku wong sing mati ora sebab perang. Ananging

derajate luhur ono ngersane Gusti Alloh lan bakale kumpul karo poro nabi lan syuhada’ ono ing akherat.

Syahid iki wernone akeh banget. Lan miturut sebagian ulama’ ono pitung puluh (70), ing antarane, yoiku : wong sing mati sebab ngelindungi

1 Jabakake wong sing mati sebab perang musuh podho karo wong Islam.ولم 2 بدمائهم بدفنهم بدر قتلى في أمر وسلم عليه الله صلى النبي أن جابر عن البخاري لخير

عليهم يصلى ولم يغسلوا3 Sunate diulese kelawan pakean sing dienggo perang. Lan yen ora nyukupi ditambah kelawan ules tambahan.4 Kejobo yen ono najise )sak liyane getih bekas catune perang(, mongko kudu diilangi senajan nganti ngilangi getih.

34

Page 35: buku janazah.doc

awak, kehormatan utowo bandane, loro weteng, klelep, kobong, kerubuhan, ngelarani manak, dianioyo, luru ilmu, lan liya-liyane.

Syahid iki pertikele mulosoro podo karo wong sing ora mati syahid. Ateges wajib didusi, diulese, disholati, lan dikubur.

TA’ZIYAH (NGELAYAT)

1. ARTINE TA’ZIYAHArtine ta’ziyah yoiku ngelipur utowo ngayem-ngayem wong sing keno

musibah, sing dibarengi kanti : Nganjurake netepi kesabaran (mbetahi cubo) lan ninggal ngersulo. Ndungaake supoyo oleh ganti nikmat sing luwih bagus. Lan ndungaake

supoyo diterimo kabeh amal baguse lan disepuro kabeh dosane (khusus kanggo mayit muslim, lan yen mayit kafir ora perlu didungaake).

2. HUKUME TA’ZIYAHHukume ta’ziyah iku sunat1 (luwih-luwih na’ziyahi wong sing sholeh,

bocah cilik, utowo wong sing apes mbetahi cubo) senajan marang wong sing keno musibah bandane, selagi wong sing dita’ziyahi ora wadon, sing isih nom lan sing na’ziyahi ora mahrome utowo bojone.

3. WEKTUNE TA’ZIYAHWektune ta’ziyah kanggo wong sing ora nduwe udzur yoiku wiwit sak

wise dikubure2 mayit nganti telong dino3. Dene kanggo wong sing udzur iku diwilange telong dino wiwit songko ilange udzur.

4. TOTO KROMONE TA’ZIYAHToto kromone ta’ziyah iku meh podho karo tata kramane sambang

wong loro. Ing antarane yoiku wong sing ta’ziyah tansah ngetingalake roso أخرجه : 1 القيامة، يوم الكرامة حلل من الله كساه إال بمصيبة أخاه يعزي مسلم من ما لحديث

. . ماجه واين الترمذي أخرجه أجره، مثل فله مصابا عزى من ماجه ابنDene hukume ta’ziyah ditilik songko kahanane wong sing dita’ziyahi )muslim, fasiq utowo kafir( iku hukume podo karo sambang wong loro.2 Ananging kanggo sopo wae )khususe tonggo, dulur utowo konco( iku diwilang utomo yen ta’ziyah sak durunge dikubure mayit selagi biso ndadeake ayeme wong sing dita’ziyahi.3 Ta’ziyah sak wise telung dino kanggo wong sing ora udzur iku hukume makruh, kejobo kanggo sopo wae sing ndadeake ayeme wong sing dita’ziyahi.

35

Page 36: buku janazah.doc

welas, ndungaake mayit lan wong sing dita’ziyahi, lan ora ngakeake omong sing ora perlu. Lan naliko salaman, wong sing ta’ziyah sunat moco lafadh :

عزاك وأحسن أجرك الله طيك 1أعظم وغفر . Lan wong sing dita’ziyahi jawab: خيرا الله .جزاك

ZIAROH KUBUR

1. HUKUME ZIARAH KUBURHukume ziarah kubur iku sunat2 kanggo wong lanang, lan makruh

kanggo wong wadon. Kejobo sing diziarohi kuburane poro nabi, wali, utowo wong sholeh3.

Dene zairohe wong wadon menyang kuburane wong tuwo utowo keluargane iku ono khilaf antarane ulama’. Ono sing ngukumi sunat, lan ono sing ngukumi makruh4.

2. TUJUANE ZIAROHTujuane ziaroh kanggo wong sing ziaroh yoiku ngalap pitutur5 yen

kabeh menungso bakale mati, ngadep sowan mareng Gusti Alloh, sehinggo mundak semangat olehe ibadah lan ninggal maksiat.

Tujuane ziaroh kanggo mayit sing diziarohi yoiku ngalap manfaat dungone wong sing ziaroh6. Mulo songko iku kanggo wong sing ziaroh ojo lali (naliko ziaroh) ndungo utowo menuwun marang Gusti Alloh kanggo awake lan mayit.

1 Kanggo mayit kafir iku ora keno ditambahi : طيك .وغفر2 Ihya’ Ulumuddin, II/506 )darul fikr( :

اآلخرة : لخبر تذكركم فإنها فزوروها القبور زيارة عن نهيتكم رواه كنت هجرا، تقولوا أن غيرأحمد

شفاعتي - له وجبت فقد قبري زار من-. الطبري أخرجه برا، وكتب له غفر جمعة كل في أحدهما أو والديه قبر زار من

3 Selagi oleh izin songko wali utowo bojone lan ora ono fitnah. Yen ora mongko harom. Contone fitnah yoiku campure lanang wadon ora mahrom, sing miturut kebiasaane ngawatirake tumibane maksiat. (Fatawi Kubro, II/125, Jamal Manhaj, II/24)4 Selagi oleh izin songko wali utowo bojone lan ora ono fitnah.زالبيهقي : 5 الطبري رواه واعظا، بالموت كفى لخبر

المغوث 6 كالغريق إال قبره في الميت ما قال أنه وسلم عليه الله صلى النبي عن أيضا ووردفيها وما الدنيا من إليه أحب كانت لحقته فإذا له صديق أو أخيه أو ابنه من تلحقه دعوة ،ينتظر

ج) الطالبين (142ص 2إعانة

36

Page 37: buku janazah.doc

3. TOTO KROMONE ZIARAH KUBURAdabe ziaroh kubur yoiku :

1. Kanti suci songko kahanan najis lan hadats.2. Ulu’ salam1 marang mayit naliko arep mlebu kuburan sing disambung

kelawan dungo, kanti ngucap2 :تحرمنا ال اللهم الحقون، بكم الله شاء إن وإنا مؤمنين قوم دار عليكم السالم

التي النخرة والعظام البالية األجساد هذه رب اللهم بعدهم، تفتنا وال أجرهم. مني وسالما منك رحمة عليها أنزل مؤمنة، بك وهي الدنيا من خرجت

3. Kanti adep-adepan karo mayit. Ateges madep ngetan (yen biso).4. Nydek mayit, koyo nyedek naliko iseh uripe mayit (sekirane mayit

kerungu).5. Moco Al Qur’an3 sing ganjarane dihadiahake marang mayit.6. Ndungo utowo menuwun marang Gusti Alloh kanggo awake wong sing

ziaroh lan kanggo mayit.

TAMBAHAN WERNO-WERNONE MASALAH1. Nyumet lampu utowo lilin ono ing sekitare mayit naliko mayit durung

dipendem iku hukume ora sunat, malah makrus selagi ora ono hajat. Umpamane kanggo madangi yen nyumete bengi, ngilangi ambune mayit utowo supoyo mayit ora dirubung laler.(Al Mahalli, Juz I Hal. 347, darul fikr)(Nihayatul Muhtaj, Juz III Hal. 23)(Asy Syarwani, Juz III Hal. 188)

2. Masang lampu ono ing pendemane ari-ari iku hukume wenang (ora sunat) selagi tetep ono i’tiqod yen kabeh perkoro iku kersane Alloh. (ateges ora ono kemantepan yen ora masang lampu mesti oleh mushibah, utowo kelangan kebagusan). Yen ora ono i'tiqod mongko biso harom.(Fatawi Syar’iyah Lisy Syaikh Muhammad Makhluf, Juz I Hal. 180)

1 Ulu’ salam ugo disunatake keduwe wong sing liwat kuburan wong Islam senajan ora ziaroh )kelawan ulu’ salam sing umum(.2 Lan sing disunatake ulu’ salam khusus marang mayit sing arep diziarohi naliko cedek kuburane. Umpamane kanti ngucap : الحقون بكم الله شاء إن وإنا ولدي، يا عليك .السالمDene yen kepengen luwih ringkes kelawan salah sijine mongko sing luwih apik kelawan salam sing khusus.3 Biso kelawan moco surat Yasin, Ikhlas, tahlil utowo liyane.

) غفر) لجنابه ثوابها وأهدى مرة عشرة إحدى اإلخالص سورة قرأ من أن السلف عن ورد فائدة. فيها الموتى بعد ذنوبه له

الموتى، بعد األجر من يغطى أنه عنه الله رضي علي عن السلف عن ورويولو : له قصد أو عنده، خضوره إما أمور ثالثة من واحد بشرط الميت تنفع القراءة أن والتحقيق

ج ) المنهج على الجمل أيضا، بعد مع ولو له دعاء أو بعد، (21ص 2مع

37

Page 38: buku janazah.doc

(Ghoyatut Takhlish, Hal. 206, darul fikr)3. Nyelameti mayit iku ora kudu ono dino ing kaping telu, pitu, petang

puluh, utowo dino kaping satus songko dino matine mayit. Yen sengojo dikhususake ono ing dino-dino iki mongko hukume makruh (senajan ora biso ngerusak ganjarane shodaqoh), selagi biso nyebabake penyanane wong awam yen ngususake iku minongko penggawe sunat, utowo ora kerono ngindari pemaidone wong awam.(Fatawi Kubro, Juz II Hal. 7)(Nihayatuz Zain, Hal. 281)(I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 145-146)(Ahkamul Fuqoha’, Juz I Hal. 15-18)

4. Nyugoh tamu sing podo ta’ziyah utowo nyelameti mayit songko bondo tirkah (warisan) sing durung dibagi iku hukume harom, selagi ora oleh ridlo songko kabeh ahli waris utowo ahli waris ono sing mahjur ‘alaih (isih cilik utowo gendeng).(Bujairimi Manhaj, Juz I Hal. 503)

5. Sumbangan naliko ta’ziyah iku dadi milike wong sing dituju dening wong sing ta’ziyah (yen ono sing dituju). Yen ora ono mongko dadi milike wong sing dituju miturut kebiasaane masyarakat. (masalah iki dipadaake sumbangan naliko khitanan).(Hamisy I’anatut Tholibin, Juz III Hal. 154)(Qolyubi darul ihya’, Juz III Hal. 114)

6. Ngadlani sholate mayit (senajan ditinggal kelawan ora ono udzur) iku ora wajib. Ananging ono ulama’ sing ngukumi wenang lan biso nggugurake tanggungane mayit ono ing akherat. Lan ono ulama’ sing ngarani ora wenang.Semono ugo masalah ngadlani poso. Ananging carane ngadlani biso kelawan bayar fidyah, yen mayit nduweni tirkah, sing kanggo saben-saben dinone sak mud beras. (1 mud = 679,79 gr. miturut Imam Nawawi)(Hamisy I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 244)

7. Mindah mayti sak wise dikubur lan sak durunge ajure jasade mayit iku hukume harom, kejobo dlorurot (umpomone keno banjir utowo longsor). Dene mindah kerono njembarake dalan iku ono khilaf antarane ulama’. Lan ono sing ngukumi wenang yen dlorurot.(Al Mahalli, Juz I Hal. 352)(Nihayatul Muhtaj, Juz III Hal. 39-41)(Fiqhul Islam, Juz II Hal. 529)

8. Mbongkar kuburan kerono ngoutopsi mayit iku ono ulama’ sing menangake, ananging kelawan piro-piro syarat. Ing antarane :

38

Page 39: buku janazah.doc

a. Dlorurot, ateges kudu mbongkar kuburan.b. Ora ngeluwihi kiro-kiro sing dibutuhake, ateges yen cukup ono ing

jero kuburan, mayit ora perlu diangkat.c. Haq-haqe keluargane ora dilirwakake.d. Naliko mbongkar kanti anane dokter sing ahli.e. Ono izin songko pihak sing berhak aweh izin.(Qolyubi, Juz I Hal. 352, darul fikr)(Al Fiqhul Islami, Juz III Hal. 521-522)(Minhajul Qowim, Hal. 103)(Fiqhul Mawazil, Juz II Hal. 46-47)

9. Ngeduk kuburan lan mayit durung ajur iku hukume harom, kejobo ono ing piro-piro kahanan, ing antarane :a. Mayit durung didusi (selagi durung ajur), dikeduk sak perlu didusi lan

disholati.b. Mayit ora madep qiblat.c. Mayit nggowo bondo sing mbejaji lan dijaluk karo sing nduwe.d. Dikubur ono ing tanah gasaban, lan ora oleh ridlo song sing nduwe.(At Thorioh As Sadidah, Hal. 390)(Qolyubi, Juz I Hal. 352)

10. Mindah mayit songko panggonan mati iku miturut pendapat sing kuat hukume harom (ora makruh) kejobo :a. Mindah marang panggonan (kuburan) sing isih sak daerah (sak

deso).b. Mindah marang panggonan sing luwih cidhek.c. Mindah marang panggonan sing luwih cedhek karo Mekkah,

Madinah, Baitul Maqdis, utowo kuburane wong sholeh.d. Selagi anane mindah ora kuwatir rusake mayit lan sak wise mayit

didusi, dikafane, lan disholati.(Nihayatul Muhtaj, Juz III Hal. 37-38)(Al Madzahibul Arba’ah, Juz I Hal. 537)

11. Mayit sing muslim sing campur kelawan mayit kafir lan ora biso dibedhaake iku kabeh kudu dipulosoro (didusi, dikafani, disholati, dikubur). Ananging naliko sholat kudu niat nyolati mayit sing sah disholati (mayit sing Islam).(Al Mahalli, Juz I Hal. 347)

12. Nyebar beras kuning utowo duwit recehan naliko ngusung mayit menyang kuburan iku hukume harom, sebab mubadzirake bondo lan nyerupani penggaweane wong jahiliyah.(Sirojul Arifin, Hal. 57)(Al Bajuri, Juz I Hal. 366)

39

Page 40: buku janazah.doc

13. Wong sing gandeng lan mati salah sijine mongko kudu dipisah (yen biso utowo ora mbahayani sing isih urip). Yen ora biso mongko kudu dipulosoro sak kuwasane, lan ora wajib dikubur dhisik, anannging dienteni rontoke. Lan yen mati kabeh iku dirinci :- Yen podo jenise, mongko diulese dadi siji, lan naliko ngubur salah

sijine diadepake qiblat.- Yen ora podo jenise mongko yen biso kudu dipisah. Yen ora biso

mongko diulesi dadi siji lan naliko ngubur sing lanang diadepake qiblat.

(Nihayatul Muhtaj, Juz II Hal. 474)14. Ngubur mayit luwih songko siji ono ing sak luwangan iku hukume

makruh, yen mayit podo jenise (podho lanange utowo wadone) utowo ora podho jenise ananging ono hubungan mahrom.Yen ora podho jenise lan ora ono hubungan maharom, mongko hukume harom selagi ora dlorurot (umpamane : banget akehe wong mati lan rupek lan ciute panggonan ngubur)(Al Bajuri, Juz I Hal. 259)(Jamal Manhaj, Juz II Hal. 201-203)

15. Mayit sing akeh banget wilangane lan kangelan mulosoro kanti sempurno mongko tetep wajib dipulosoro kanti sak kuwosone. Dene mulosoro mayit, podho karo naliko ono gempa bumi utowo tsunami (kanti tanpo ngedusi, ngulesi, nyolati, lan ngubur mayit akeh ono ing sak luangan, tanpa ngadepake qiblat, tanpo mbedaake lanang wadone lan tanpo mbedaake muslim lan kafir), iku yen bener-bener dlorurot (ateges ora biso dipulosoro kanti sempurno, ing antarane sebab angele panggonan, terbatese tenogo mulosoro lan kuwatir selak nyebabake penyakit) mongko dianggep wis nyukupi. Ananging tetep kelawan milang kira-kirane dlorurot (ateges umpamane yen biso nandangi sa’ luangan kanggo mayit sepuluh ora keno kanggo mayit luwih songko sepuluh). Opo maneh yen nilik pendapate ulama’ madzhab maliki sing ngarani sunate adus, ngulesi, lan madepake qiblat (senajan ora dlorurot).Khususe masalah sholat tetep ono khilaf (senajan mayit ora biso suci)(Qowa’idul Ahkam Fii Masholihil Anam, Juz I Hal. 192-193)(Syarkhus Shoghir, Juz III Hal. 43)(Fathul Bari, Juz III Hal. 161, Darussalam Riyadl)(Syarakh Mukhtashor Kholil, Juz II Hal. 113-114)(Al Majmu’, Juz VI Hal. 348, 404, darul kitab al ilmiyah)(Al Jamal Muhtaj, Juz II Hal. 201-203)(I’anatut Tholibin, Juz II Hal. 131)

40

Page 41: buku janazah.doc

NALQIN MAYIT

1. HUKUME NALQIN MAYITHukume nalqin mayit iku sunat1, selagi mayit wong Islam sing

mukallaf2 (senajan matine klelep, enthek, utowo ajur ora ono jasade babar pisan).

2. TOTO KROMONE NALQIN MAYITToto kromone nalqin mayit yoiku :

1. Nalqin sak wise ngeratakake lemah kuburan.2. Wong sing nalqin kanti suci saking hadats lan najis.3. Wong sing nalqin ahli kebagusan utowo wong sholeh (luwih utomo yen

saking keluargane mayit).4. Wong sing nalqin kanti lungguh, nyedek ono sirahe mayit lan madep

ngetan3. Dene liyane podho ngerungokake kanti ngadek.5. Kanti bahasa arab utowo bahasa sing dingerti mayit.6. Ngaping teloni nalqin.

TALQIN MAYIT

يحيي الحمد وله الملك له له، شريك ال وحده الله إال إله ال الرحيم، الرحمن الله بسمذائقة نفس كل قدير، شيئ كل على وهو الخير بيده يموت، ال دائم الحي وهو ويميت

يحرن : : 1 القلب إن بني يا وقال قبره على وقف إبراهيم ولده دفن لما عليه الله صلى أنه لخبرواإلسالم ربي الله قل بني يا راجعون، إليه وإنا لهه إنا الرب يسخط ما نقول وال تدمع والعين

( .... ج البجيرمي الحديث، أبي الله ورسول (298ص 2دينيقبره رأس على أحدكم فليقم التراب عليه فسويتم أحدكم مات إذا وسلم عليه الله صلى قال

ص ... ) الزين نهاية الحديث، فالنة ابن فالن يا ليقل (162ثم2 Dadi bocah cilik senajan murohiq )nyedeki baligh( utowo wong edan sing ora tahu waras iku ora sunat ditalqin. Dene nalqin wong mati syahid sebab perang musuh kafir iku ono khilaf pendapat antarane ulama’. (Qolyubi Wa Umairoh, I/414, darul fikr)3 Kanggo ukuran Indonesia.

41

Page 42: buku janazah.doc

فاز، فقد الجنة وأدخل النار عن زحزح فمن القيامة، يوم أحوركم توفون وإنما الموت،. الغرور متاع إال الدنيا الحياة وما

عبد الله 1يا أمة ابن ّ الله إال إله ال أن شهادة الدنيا، من عليه خرجت الذي العهد اذكرورسوله عبده ً محمدا وأن له شريك ال وحده وأن الله حق القبر وأن حق الموت وأن

حق ونكير منكر سؤال وأن حق عذابه وأن حق حق نعيمه البعث ال وأن حسابوأنوأن وسلم حق عليه الله صلى محمد سيدنا حق حق شفاعة النار وأن حق الجنة وأن

الحق ألهل تعالى الله لقاء القبور وأن في من يبعث الله الملكان وأن جاءك فإذا ، تعالى الله خلق من خلق فإنهما يرهباك، وال يفزعاك فال ونكير منكر وهما بك الموكالن

: فقل إخوانك، ومن إمامك وما قبلتك وما دينك وما نبيك ومن ربك من سأالك فإذاقبلتي : والكعبة ديني واإلسالم نبي ومحمد ربي الله صحيح واعتقاد فصيح بلسان لهما

. إخواني والمؤمنون والمسلمون إمامي والقرآنً قل و نبيا وسلم عليه الله صلى وبمحمد ً دينـا وباإلسالم ً ربـا بالله وعلى رضيت ورسوال

. األمنين من الله شاء إن تبعث ذلك وعلى مت ذلك وعلى حييت ذلكالثابت بالقول الله ثبتك

. األخرة وفي الدنيا الحيوة في الثابت بالقول أمنوا الذين الله يثبتوادخلي عبادي في فادخلي مرضية راضية ربك إلى ارجعي المطمئنة النفس يأيتها

جنتي._______________________________________________________

يحيي الحمد وله الملك له له، شريك ال وحده الله إال إله ال الرحيم، الرحمن الله بسمذائقة نفس كل قدير، شيئ كل على وهو الخير بيده يموت، ال دائم الحي وهو ويميت

فاز، فقد الجنة وأدخل النار عن زحزح فمن القيامة، يوم أحوركم توفون وإنما الموت،. الغرور متاع إال الدنيا الحياة وما

He, Fulan (Fulanah) bin (binti) ………..! (kanti nyebut jenenge mayit lan ibune).

Ilingo ! Saiki awakmu ono alam kubur, metu songko alam dunyo tumuju marang alam akherat.

Nyeksenono ! Setuhune yen ora ono pengeran sing haq disembah kejobo Gusti Alloh Ta’ala, lan kanjeng nabi Muhammad saw iku utusane Gusti Alloh Ta’ala.

Lan setuhune mati iku haq, nikmat lan sikso kubur iku perkoro haq, pitakone malaikat Munkar Nakir iku perkoro haq, tangi songko kubur lan hisab (katiti periksa amal) iku perkoro haq, syafa’ate (pitulunge) kanjeng Nabi Muhammad saw iku perkoro haq, swargo lan neroko iku perkoro haq, sowan marang Gusti Alloh iku perkoro haq.

Lan setuhune Alloh bakal nangikake kabeh menungso songko kubur. Mulo songko iku, yen awakmu ditekani malaikat loro, yoiku malaikat Munkar

1 Kanti nyebut jenenge mayit lan ibune, lan nyocokake dlomir kelawan kahanane mayit )lanang-wadone, ijen akehe(.

42

Page 43: buku janazah.doc

Nakir mongko ojo kaget lan wedi kerono kekarone ugo makhluke Gusti Alloh, podo karo awakmu.

Yen karone nakoni awakmu, “Sopo Pengereanmu? Sopo Nabimu? Opo agamamu? Opo Qiblatmu? Opo Imanmu? Sopo dulur-dulurmu?” mongko jawaben marang karone kelawan lisan sing fashih lan i'tiqod sing manteb lan bener, “Gusti Alloh Pengeranku, Muhammad Nabiku, Islam agamaku, Ka’bah qiblatku, Al Qur’an imanku, wong Islam lan mu’min dulur-dulurku”.

Lan ngucapo ! “Aku ridlo kelawan anane Gusti Alloh dadi Pengeran, Islam dadi agomo, Muhammad dadi nabi lan utusan”.

Kerono mengkono kabeh awakmu diparingi urip lan pati, serto bakale ditangeake songko kubur (insya Alloh, kelebu golongane wong sing podho sentuso).

Mugi-mugi Gusti Alloh tansah netepake awakmu kelawan ucapan sing tetep, mantep lan bener. Amin.

. األخرة وفي الدنيا الحيوة في الثابت بالقول أمنوا الذين الله يثبتوادخلي عبادي في فادخلي مرضية راضية ربك إلى ارجعي المطمئنة النفس يأيتها

. األخرة. وفي الدنيا الحيوة في الثابت بالقول أمنوا الذين الله يثبت جنتيوادخلي عبادي في فادخلي مرضية راضية ربك إلى ارجعي المطمئنة النفس يأيتها

جنتي.

43

Page 44: buku janazah.doc

PENUTUP

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

PERKORO SING SEMPURNO IKU MESTI ISIH NERIMO KESEMPURNAN. OPO MANEH SING DURUNG SEMPURNO

Buku iki namung minongko rangkuman songko sebagian kitab kuning. Nilik akehe wernone masalah sing gegayutan karo mulosoro mayit, mongko banget perlune buku iki kanggo dikembangake.

Nilik terbatese kitab sing digawe rujukan dening penulis mongko ora nutup kemungkinan bedhone penjelasan lan hukum sing wis katulis sebab anane khilaf antarane ulama’, senajan penulis wis usaha mahami lan nampung.

Mulo songko iku, banget arep-arep penulis marang sopo wae supoyo melu mandeng lan neliti. Khususe marang kitab-kitab sing dadi rujukane penulis.

Cukup semene, suwun, sepurane lan pendungane.

بالصواب أعلم واللهWassalamu’alaikum Wr. Wb.

Pos Kulon, Ahad Legi, 07 Agustus 2005 M.Ibnu Abdul Fattah

44