24

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

  • Upload
    others

  • View
    50

  • Download
    1

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع
Page 2: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

2

Page 3: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

3

IDUL FITRI

NGRAJUT KATRESNAN,

NGRAKETAKEN KEKADANGAN

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الله أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر، الله ل إله إلا الله الله أكب ر الله أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر، أكب ر،

والله أكب ر ولل المد، الله أكب ر كبيرا والمد لل كثي را وسبحان الله بكرة وأصيل.

ول عدوان إلا ,المد لله رب العالمي, والعاقبة للمتاقي ي, وأشهد أن ل إله إلالله وحده ل شريك له على الظاالم

رسلي, وق ي وم الساموات والأرضي, ربا العالمي, وإله الم

بي, عوث بلكتاب الم وأشهد أنا ممادا عبده ورسوله المب

لهدى والضالل والغي والراشاد والشاك واليقي, الفارق ب ي األل هما صل وسل م وبرك على سي دن وحبيبنا وشفيعنا مماد,

Page 4: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

4

رسلي, وإمام المهت قائد المجاهدين, وعلى آله دين و سي د الم

أجعي. أماا ب عد.وصحبه ي بت قوى الله عزا وجلا والتامسك ف يا عباد الله, أوصيكم وإيا

. فقال الله تعالى في كتابه الكريم، أعوذ ين تسكا قويا بهذا الد اللا حقا ي أي ها الاذين آمنوا ات اقوا“بلله من الشيطان الرجيم

ت قاته ول توتنا إلا وأن تم مسلمون ،

Para Sederek,

Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah

Minangka purwakaning atur, sumangga kita

mboten kendat kendat tansah ngunjukaken puji lan

syukur saha pengalembana dateng ngarsa dalem Allah

SWT, awit rahmat lan kanugerahan saha pitulung

ingkang tansah rumentah dateng kita sedaya. Sahingga

wonten ing enjang dinten Idul Fitri punika, kita saget

kempal manunggal wonten ing masjid/musholla papan

ingkang minulya punika kanthi kebak raos suka lan

gumbira. Mekaten ugi namung jalaran rahmatipun

Allah kita sedaya saget nindakaken kwajiban shiyam

Ramadhan sewulan muput ngantos dumugi

paripurnaning wulan Ramadhan.

Page 5: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

5

Wusana ing enjang punika sedaya ummat Islam ing sak

indenging jagat raya punika sami sujud sumungkem

wonten saha ngegungaken Asma dalem Allah SWT.

Minangka nglahiraken raos syukur awit peparing

nugraha lan nikmat ingkang linangkung agung punika.

Ing pangajab mugi sedaya ibadah kita, linangkung

ibadah shiyam kita sageta tinarimah wonten ngayunan

dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala.

Taqabbalallahu minna wa minkum Taqabbal ya

Karim wa ja’alanallahu wa iyyakum minal maqbulin.

Para Sederek,

Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah

Sampun dados pengadatan lan tradisi ingkang sae

wonten ing masyarakat kita, bilih saben saben dinten

riyadin sami ngleksanaaken silaturrahim, ngraketaken

pasederekan, halal bihalal lan ngapura ingapuran

wonten ing lingkungan lan keluarganipun. Samiugi

lingkungan pawiyatan, pakaryan menapa dene

masyarakat sanesipun, langkung langkung ingkang

tasih dipun tunggilaken dening satunggaling komunitas

ingkang anggadahi persamaan. Kadosta ingkang sami

sami nunggil wilayah domisili, nunggil trah, nunggil

profesi lan sanes sanesipun.

Page 6: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

6

Pramila swasana menika kedah kita dadosaken

minangka momentum kangge ngraketaken kekadangan

lan silaturrahim antawis kita sedaya.

Langkung langkung wonten ing swasana menika, kita

dadosaken minangka ajanging rekonsiliasi, ngajut

katresnan sak purnanipun cekap kita nglesanaaken

Pemilu wulan kepengker.

Ingkang mbok bilih kita wekdal kepengker benten

pilihan lajeng wusana tuwuh sak wetawis

karenggangan. Mboten prayogi kita kedlarung dlarung

kanti kawontenan mekaten. Monggo kita lepas samu

kawis perbedaan, kita supekaken prastowo politik,

enggal enggal kita rajut malih tali silaturrahim kita.

Amergi kita sedaya punika kados menapa kemawon

tetep bersaudara minangka tiang mukmin, sesami

kawulanipun Allah kedah ngugemi dawuhipun Allah :

ا المؤمنون إخوة فأصلحوا ب ي أخويكم إنا وات اقوا اللاSejatine wong wong kang pada iman iku bersaudara, mula

pada rukuna ing antarane seduluranira kabeh, lan pada wedia

sira kabeh ing Gusti Allah. (QS.Al Hujurat : 10)

Dados minangka tiang mukmin kita wajib tansah

guyup rukun, tulung tinulung, bantu binantu, njagi lan

ngreksa, nggolong gilikaken pasederekan kita. Mekaten

Page 7: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

7

ugi kedah nebihaken perkawis ingkang ndadosaken

karenggangan hubungan silaturrahim ing antawis kita.

Para Sederek,

Kaum Muslimin Muslimat Rahimakumullah

Saben dinten kita nindakaken shalat fardlu kanti

berjama’ah, saben pitung dinten kita shalat Jum’ah,

saben Ramadhan kita shalat taraweh kanti jama’ah, ing

enjang menika kita kempal wonten papan menika

sesarengan shalat ied ugi kanti jama’ah. Ing sak

lebetipun shalat jama’ah punika mengku hikmah lan

piwucal bilih kita sedaya ummat Islam kedah tansah

sesarengan ing saklebetipun ngumawula dateng

ngarsanipun Allah Ta’ala. Kita minangka makmum

kedah tansah nderek dateng imam, menawi imam

klentu, makmum kedah ngengetaken dateng imam.

Dateng sesami makmum kedah tanah sesarengan lurus

lan rapet shofipun. Kanti patuladan punika kita kaum

muslimin kedah saget mendet pelajaran, tansah

jumeneng kanti dedasar persamaan, lan pasederekan

kangge nggayuh kamulyaning gesang wiwit dunya

ngantos akhirat kanti ridhanipun Allah Ta’ala.

Sarana manunggaling seja lan tujuan punika, ateges kita

estu kedah mbudi daya ngraketaken tali silaturrahim,

sahingga kita sedaya prasasat kados jasad setunggal.

Kados dene dawuh dalem Kanjeng Nabi :

Page 8: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

8

هم وت ؤمني في ت واد هم وت راحد إذا عافهم، مثل اجس مثل الم

بلساهر والماى اشتكى منه عضو تداعى له سائر اجسد ]متفق عليه.[

“Pepadane wong wong mukmin ingndalem hubungan

pasedulurane, welas winelasane, tresna tinresnannane, iku

kaya dene awak siji. Nalika perangane nggauta badan nuju

lara, kabaeh badan sekojor ngrasakke mriyang lan ora bisa

turu” (HR. Bukhari Muslim)

Para sederek, mekaten pagesanganipun sesami tiang

mukmin anggenipun sambet kekadangan lan sambet

raos, kedah saling nyengkuyung ing babagan kesaenan.

Saling ngiyataken kangge mujudaken kawontenan saha

kemanunggaling ummat wonten ing pundi kemawon

jejer kalenggahanipun lan kawontenanipun. Kados dene tetembungan : “Rukun agawe santosa, crah

agawe bubrah”.

Pilihan kenging benten, faham kenging mboten sami,

pemanggih mekaten ugi, organisasi kenging werni

werni, profesi kongang mboten sami, partai kenging

macem macem, Ananging Iman Islam, Aqidah lan

syari’ah kita tetep tunggal, nauhidaken dateng Allah,

nderek tuntunan Rasulullah.

Page 9: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

9

Ampun ngantos perbedaan faham, organisasi, pendapat

lan pendapatan dipun dadosaken alasan padudon lan

pasulayan. Tundonipun nuwuhaken karenggangan,

ngantos dumugining perpecahan, satron sinatron lan

memengsahan sesami ummat Islam.

Rasulullah paring piwucal dateng kita, ing samu

kawisipun bilih kita kongang lan kenging beda.

كن كاليدين ولا تكن كالأذنين

“Dadiya sira iku kaya tangan loro, aja kaya kuping loro”

Artosipun tangan kanan lan kiring ingkang samu

kawisipun sarwa benten, asta tengen peranipun ing

perangan ingkang sarwa sae, ingkang resik, minulya,

ngajeng, nginggil lan samu kawis ingkang utami.

Dene asta kiwo peranipun ing perangan ingkang asor,

kotor, sarwa kosok wangsul kalian asta tengen.

Ananging kekalihipun mboten nate padudon,

pasulayan, meren merenan lan sak panunggalanipun.

Malah sanget ketingal guyup rukunipun, masing

masing fihak saget nampi kawontenan peran lan

tugasipun piambak piambak. Mekaten ugi menawi

wonten ayahan ingkang kedah dipun tandangi

sesarengan, karona awrat, kakalihiun makarya sareng

kanti guyup rukun, bantu binantu gotong royong

Page 10: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

10

kagem ngasilaken tujuan utami, lan njejekaken kalimah

ipun Allah Ta’ala.

أكب ر، الله أكب ر ولل المد،الله أكب ر، الله أكب ر، الله

Para Sederek,

Kaum Muslimin Muslimat Ingkang Minulya.

Kanti riyaya ingkang kebak nikmat lan rahmat

punika, mangga kita tansah cecepengan dateng

agaminipun Allah saha tansah siaga nindakaken hukum

lan pranatanipun Allah. Mekaten ugi rayaya Idul Fitri

punika dadosa dinten ingkang mbekta harapan enggal

tumrap kita ummat Islam, kangge ngrajut lan ngraketaken

pasederekan kita. Sahingga kacipta masyarakat madani,

adil makmur kanthi ridlanipun Allah, baldatun thoyyibatun

wa rabbun ghofuur, bekja fi dun ya wal akhirah.

Amin ya Rabbal alamin.

كم با ف يه برك الله ل ولكم في القرآن العظيم، ون فعن وإياالله العظيم وأست غفر كيم. أق ول ق ول هذاال من الآيت والذ كر

ل ولكم ولسائر المسلمي فاست غفروه، إناه هو الغفور الراحيم

Page 11: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

11

Wangsul Dateng Kemenangan

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

الله أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر، الله ل إله إلا الله والله أكب ر أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر

را وسبحان ولل الله أكب ر المد، الله أكب ر كبيرا والمد لل كثي الله بكرة وأصيل.

المد لله الاذى جعل الأعياد بلأف راح والسرور وضاعف للمتاقي جزيل الأجور، فسبحان من حرام صومه وأوجب ر فيه من الغرور، أحده سبحانه وت عالى ف هو أحق فطره وحذا

ممود وأجل مشكور. أشهد أنا لآ إله إلا الله وحده لشريك له شهادة يشرح الله لها لنا الصدور، وأشهد أنا

م سي دن ونبي انا ممادا عبده ورسوله الاذى أقام منار الإسل ث ور. الل هما صل وسل م على سي دن مماد وعلى أله ب عد الد

Page 12: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

12

وصحبه صلة وسلما دائمي متلزمي إلى ي وم الب عث لموا أنا أمااب عد: ف يا أي ها النااس ات اقوا الله ت عالى واع .والنشور

ي ومكم هذا ي وم عظيم.Para Jama’ah,

Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah

Sewulan natas kita sami netepi kwajiban ibadah

shiyam, kanti sak warnining panandang kita lampahi,

inggih ngelak lan luwe sampun mesti, lungkrah lan

loyo, lemes, lesu pucet, aras arasen wegahan lan sak

panunggalanipun. Sedaya jejibahan kasebat sampun

kita tindakaken kanti ikhlas namung murih karidhan

saking ngarsa dalem Allah Ta’ala. Malah kepara kanti

suka gumbira kita sami nindakaken ibadah shiyam lan

sak warnining ibadah sanesipun ing sak lebetipun

wulan Ramadhan kepengker. Mekaten wau inggih

minangka bukti bilih wulan Ramadhan mila estu kebah

barokah lan rahmatipun Allah Ta’ala.

Estunipun kita sanget kuciwa ing saat punika kita kedah

pepisahan kaliyan Ramadhan, sinaoso kanti raos awrat

lan owel kados pundi kemawon kita kedah lila nglepas

bidalipun wulan Ramadhan. Pangajab lan panyuwun

kita mugi Allah maringaken panjang yuswa kita sedaya,

saget pinanggih malih kaliyan wulan Ramadhan ing

tahun tahun ingkang bade dateng. Amiin.

Page 13: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

13

Lan mugi sedaya ibadah kita ing wulan Ramadhan

kepengker katampia maqbul wonten ngarsa dalem

Allah Subhanahu wa Ta’ala.

الله أكب ر الله أكب ر الله أكب ر لإله إلا الله والله أكب ر الله أكب ر دوللا الم

Para Jama’ah,

Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah

Mangga kita tansah netepi ta’at lan taqwa dateng ngarsa

dalem Allah Ta’ala, kanti ngestokaken dawuh

dawuhipun saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan

awisaipun. Inggih namung kanti taqwa dateng Allah

Ta’ala kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan

gesang kita dunya ngantos dumugining akhirat. Amin.

Iman lan taqwa ugi minangka sangu ingkang langkung

sae kangge pisowanan kita wonten ngarsa dalem Allah

Ta’ala. Allah paring dawuh :

ر الزااد الت اقوى وات اقون ي أول الألباب وت زوادوا فإ نا خي “Lan Pada gawea sangu sira kabeh, lan sejatine sak becik

becike sangu iku taqwa, lan pada wedia sira kabeh ing Ingsun

Allah he wong pada nduweni pikiran” (QS.Al Baqarah : 197)

Para Jama’ah,

Page 14: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

14

Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah

Dinten menika kita mahargia dinten kamenangan kita

ingkang kebak kebahagiaan lan kabingahan. Jalaran

lelampah lan jejibahan ingkang sekelangkung awrat

sampun kita leksanaaken kanti sampurna. Sewuln natas

kita ngampet ngelak lan luwe, meper kanepson ingkang

mboten enteng sampun kaleksanan. Mila sampun sak

mestinipun ummat Islam sami mahargia dinten

kemenangan punika kanti bingah lan suka cita.

Pramila mangga swasana riyaya punika kita ginakaken

kangge introspeksi, mawas diri lan muhasabah, dateng

nikmat peparingipun Allah ingkang katah sanget

ngantos mboten saget kawical wical. Sageta sami syukur

kanti ngginakaken nikmat punika dateng perkawis

ingkang dipun ridhani dening Dzat ingkang paring

nikmat. Menawi kita pinter syukur dateng nikamat

peparingipun Allah, temtu Allah bade nambahi

peparingipun dateng kita. Langkung langkung nikmat

kamenangan punika sageta kita syukuri kanti

ngegungaken dateng Asma dalem Allah Ta’ala, kados

dawuhipun wonten Al Qur’an :

وا اللا على ما هداكم ولعلاكم تشكرون ول تكملوا العداة ولتكب “Lan supaya sira kabeh pada nyampurnaake wilangane dina

anggone pasa Ramadhan, lan sira supaya pada ngegungake

sira ing Gusti Allah karana olehe wus nuduhake Allah ing

Page 15: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

15

sira kabeh, supaya sira kabeh pada syukur” (QS. Al Baqarah

: 185)

Para Jama’ah,

Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah

Wulan Raamadhan nembe kemawon bidal nilaraken

kita sedaya. Sak lebetipun sewulan kita kedah ngampet

lan memper dateng kanepson lan pepinginan ingkang

saget ngrisakaken shiyam kita, kepara tasih kasambet

sak warnining amal ibadah sanesipun ing wanci

dalunipun. Lajeng wonten pungkasanipun wulan

Ramadhan kita tasih dipun wajibaken ibadah sosial

zakat fitrah, minangka kasampurnanipun shiyam kita.

Pramila wonten ing dinten punika dumugi titi

wancinipun kitanggayuh kamenangan ngawonaken

mengsah ageng hawa nafsu ingkang dumunung wonten

ing pribadi kita piyambak.

أكب ر وللا المدالله أكب ر الله أكب ر الله أكب ر الله Kaum Muslimin lan Muslimat Rahimakumullah

Merangi hawa nafsu punika mila mboten pekawis

enteng, satunggaling perjuangan ingkang awrat. Mila

nglawan hawa nafsu punika dumunung satunggaling

jihad lan perjuangan ingkang ageng. Junjungan kita

Kanjeng Nabi Muhammad Sallallhu alaihi wasallam

satunggaling wekdal nalika kondur saking satunggaling

Page 16: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

16

peperangan ageng ngadepi kaum kafirin lan musyrikin,

Panjenenganipun paring dawuh :

(رواه البيهقي) ب ك لأ ا اد ه اج لى ، إ ر غ ص لأ ا اد ه اج ن ا م ن ع ج ر "Kita kabeh pada bali sangka perang cilik ngadepi mungsuh,

perlu ngadepi jihad akbar, perang agung (ngadepi hawa

nafsu)” (HR. Al Baihaqi)

Pramila ummat Islam nalika paripurna nindakaken

ibadah shiyam Ramadhan, lajeng sami syukur dateng

Allah atas nikmat kemenangan punika. Kamulyanipun

riyaya punika ampun ngantos kita cemari kanti

tumindak-tumindak ingkang leluwihan kerana nuruti

dateng pikajenganing hawa nafsu. Lajeng menapa

maknanipun shiyam kita menawi sak sampunipun

Ramadhan kita ujan-ujanan nuruti hawa. Mila wonten

wigatosipun kita renungaken malih menapa kakekat lan

maknanipun ibadah shiyam kita wekdal kapengker.

Ibadah shiyam estunipun, ngajak dateng umat Islam

kangge nggayuh kamardikan ingkang hakiki, kanti

shiyam saget nahan saking penghambaan dateng

kebiasaan ingkang mboten sae, lan ugi saking

pengajakipun nafsu lan syahwat. Supados kita mboten

kejomplong lan keseret dateng juranging kesesatan,

lantaran pambujukipun hawa nafsu ingkang tansah

ngajak dateng lampah duraka. Nafsu kedah kita

Page 17: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

17

tundukaken mboten malah kita ingkang tunduk dateng

pengajak lan pikajenganipun. Jalaran nafsu menawi

mboten dipun tundukaken, tentu tansah ngajak lampah

awon, kados dawuh dalem Allah Ta’ala wonten ing Al

Qur’an :

بلسوء إلا ما رحم رب وما أبر ئ ن فسى إنا الن افس لأماارة

إنا رب غفور راحيم “Aku ora tahu mbebasake nafsuku sangka kesalahan, kerana

sejatine nafsu iku tansah perintah tumindak ala,kejaba nafsu

kang di paringi rahmat sangka Pangeranku, temenan

Pangeran iku yekti Dzat kang akeh pangapurane lan akeh

kawelasane”(QS. Yusuf :53).

Kaum Muslimin lan Muslimat ingkang minulya,

Pramila shiyam Ramadhan minangka tarbiyatun nafsi,

ndidik dateng nafsu supados saget lulut lan jinak

mboten ganas lan buas.

Bebasan binatang buas menawi dipun damel luwe,

mboten dipun sukani tetedan tentu bade lemes tanpa

daya lan saget dipun lulutaken. Mekaten ugi nafsu kita

kanti shiyam supados tunduk dateng akal kita.

Kewajiban shiyam hakikatipun minangka rahmatipun

Allah supados manungsa mboten kecalan sifat

Page 18: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

18

kamanungsan lan uwal saking kamulyanipun. Jalaran

manungsa punika makhlukipun Allah ingkang paling

sae lan mulya. Allah sampun dawuh wonten ing Al

Qur’an :

نسان في أحسن ت قويم لقد خلقنا الإ“Yekti temen temen wis Ingsun titahake manungsa kelawan

luwih becik becike titah” (QS. At Tiin : 4 ).

Dawuh wonten ing ayat sanes :

كرامنا بن آدم وحلناهم في الب ر والبحر ورزق ناهم من ولقد الطاي بات

“Demi yekti temenan Ingsun mulyake anak Adam, Ingsun

angkat anak ing darat lan laut, lan Ingsun paringi rizki kang

apik apik” (QS. Al Isra’75 )

Sahingga kita shiyam bade merdikaaken jiwa kita

saking serakah lan rakusipun hawa nafsu lan syahwat.

Menawi jiwa kita sampun merdika, tentu angel dipun

reh lan dipun perhamba dening nafsu syahwat.

Kaenakan dunya mboten bade memperdaya dateng kita

saking marginipun Allah. Jiwa ingkang merdika bade

dados panguasa atas pribadinipun, minulya lan

rinengga kanti akhlaq lan bebuden ingkang minulya.

Jumbuh kaliyan dawuh Nabi :

Page 19: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

19

ن غن الن افس ليس الغن عن كث رة العرض ولكنا الغ “Sugih iku ora kerana akehe banda, nanging sejatine sugih

iku rasa cukupe ati “. (HR. Bukhari lan Muslim ).

Ananging kosok wangsulipun menawi manungsa

gesangipun tansah nguja hawa, nafsu ingkang dados

panguwasa wonten ing pagesanganing manungsa, tentu

tansah ngreka daya, sak obah polahipun namung

kangge nuruti pikajenganipun hawa. Tundanipun lajeng

tumindakipun ngawur mboten metang halal haram,

leres lepat, awon sae, hak lan bathil, sing penting

keturutan kekarepane. Menawi sampun mekaten

gesangipun manungsa ateges sampun dados budakipun

nafsu ingkang sanget asor lan remeh, lan kecalan sifat

kamulyanipun, kejlomprong wonten ing juranging

kanistan. Sahengga derajatipun kelorot dateng derajat

ingkang asor, hewan rumangkang langkung mulya

katimbang manungsa ingkang tansah nguja hawa.

Kados ingkang kadawuhan dening Gusti Allah :

ثا رددنه أسفل سافلي

“Nuli Ingsun balekake manungsa marang derajat kang luwih

asor asoring derajat kang asor” (QS. At Tiin : 5).

Kaum Muslim lan Muslimat ingkang minulya

Page 20: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

20

Ibadah shiyam ingkang kita lampahi sewulan natas sak

lebetipun wulan Ramadhan kepengker punika hikmah

ingkang utami antawisipun inggih kangge ngendaleni

lan nundukaken hawa nafsu punika. Pramila beja

kemayangan tumrap tiyang ingkang saget nggayuh

kemenangan saget nelukaken hawa nafsunipun. Jalaran

tiyang wau ateges sampun kasil nguwaosi dateng

pribadinipun.

Ingkang ateges kita siaga wangsul dateng fitrah kita,

asal katitah kita, minangka kawula ingkang bersih

saking lepat lan dosa. Pengajab kita mbenjang ing tembe

kita ugi saget wangsul dateng alam kamulyan wonten

Swarga loka asal usul papan dunungipun Bapa kita

Nabi Adam ‘alaihis salam. Jalaran swarga menika

cawisan tumrap tiyang tiyang ingkang bertaqwa.

Dawuhipun Allah wonten ing Al Qur’an :

مغفرة من رب كم وجناة عرضها الساماوات وسارعوا إلى للمتاقي والأرض أعدات

“Pada age ageya sira kabeh tumuju marang pangapurane

Allah Pangeranira kabeh lan marang swarga , kang ambane

swarga iku pitung langit lan bumi kang disedyakake kanggo

wong kang pada taqwa kabeh” (QS. Ali Imran : 133 )

Page 21: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

21

Inggih swarga punika papan asal dumununging Bapa

Adam nenek moyangipun sedaya manungsa. Sahingga

jejibahan ibadah ibadah shiyam punika hakekatipun

bukti kawelasanipun Allah dateng kita sedaya, amrih

kita saget wangsul dateng papan dunung asalipun

manungsa , inggih wonten ing swarga.

أكب ر الله أكب ر الله أكب ر لإله إلا الله والله أكب ر الله أكب ر الله وللا المد

Kaum Muslim lan Muslimat ingkang minulya

Pramila sepinten labetipun shiyam tumrap gesang kita,

bade kita buktekaken wonten ing lelampah wekdal

wekdal sak lajengipun pasca Ramadhan. Ing wasan

mugi mugi kita tansah pinaringan pitedah lan

rahmatipun Allah saget netepi agamanipun kanti

Istiqomah, pungkasan manggih khusnul khatimah.

Amin.

كم من العآئدين الفآئزين الآمني , و أدخلنا جعلنا الله و إياكم ف زمرة المتا قي المؤمني الموقني . و قل رب اغفر و إيا

ر الرااحي و ارحم و أنت خي

Page 22: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

22

الخطبة الثاانية

Khutbah Kaping Kalih

أكب ر، الله أكب ر، الله أكب ر، الله الله أكب ر، الله أكب ر، الله را، را والمد لله كثي أكب ر، الله أكب ر. الله أكب ر كبي

.وسبحان الله بكرة وأصيل، لآ إله إلا الله والله أكب ر لأف راح والسرور المد لله الاذى جعل الأعياد ب

وضاعف للمتاقي جزيل الأجور، فسبحان من حرام ر فيه من الغرور، أحده صومه وأوجب فطره وحذاسبحانه وت عالى ف هو أحق ممود وأجل مشكور. أشهد

لآ إله إلا الله وحده لشريك له شهادة يشرح الله لها أنا لنا الصدور، وأشهد أنا سي دن ونبي انا ممادا عبده

ث ور. ورسوله الاذى أقام منار الإسلم ب عد الد

Page 23: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

23

م على سي دن مماد وعلى أله وصحبه الل هما صل وسل صلة وسلما دائمي متلزمي إلى ي وم الب عث

أمااب عد: ف يا أي ها النااس ات اقوا الله ت عالى واعلموا .والنشور . فأكثروا من الصالة على أنا ي ومكم هذا ي وم عظيم

؛ إنا الله . وقال ت عالى ف كتابه الكريم الناب الكريموملآئكته يصلون على الناب يأي ها الاذين أمن وا صلوا

سل م على سي دن عليه وسل موا تسليما. الل هما صل و مماد سي د المرسلي وعلى أله وأصحابه والتاابعي ين. وتبعى التاابعي وتبعيهم بحسان إلى ي وم الد

اغفر الل هما .وارحنا معهم برحتك يأرحم الرااحي للمسلمي والمسلمات والمؤمني والمؤمنات الأحياء

عوات. يع قريب ميب الدا هم والأ موات، إناك س من

Page 24: Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul...Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul 4 ته م ل م ام ¤و ,ي لس ر ه ل¡ ى ل عو ,ن ي ده اج م ل د ئا قو ن ي د لم د يس .دع

Khutbah Idul Fitri PCNU Bantul

24

ين واخذل من خذل الل هما انصر من نصر الد ين وأهلك الكفرة المسلمي ودم ر أعداءن أعداء الد

ين. ، وأعل كلماتك إلى ي وم الد تدعة والمشركي والمب الل هما اكفنا شرا الظاالمي واكفنا شرا الاسدين. واكفنا

من أرادن بلسوء يأرحم شرا من ي ؤذي نا وأهلك . رب انا اغفر لنا ولإخواننا الاذين سب قون بلإيان الرااحي

.إناك رءوف راحيمنارب ا غلا للاذين آمن واناولتعل ف ق لوب

، إنا الله أمر بلعدل والإحسان وإي تاء ذى عباد الله هى عن الفخشاء والمنكر والب غي يعظ كم القرب وي ن

واشكروه على الله العظيم يذكركم فاذكروا لعلاكم تذكارون واسألوه من فضله ي عطكم ولذكر الله أكب ر نعمه يزدكم