101
BAB I PURWAKA A. Pawadan Pamilihing Irah-Irahan Kaprigelan migunakaken basa kathah sanget gandheng cenengipun kaliyan proses pikir ingkang nglandhesi basa. Basa ing manungsa saged mujudaken tingkat intelektualitas, sifat lingkungan, saha sedaya ingkang wonten salebetipun pikir, saya wasis saha saya wening pamikiring manungsa saya trampil manungsa kasebat migunakaken basa. Pembelajaran basa ngupayakaken indhaking kawasisan siswa sasambetan kanthi lesan saha tinulis (Depdiknas , 2003: 2). Miturut Tarigan (1994 : 2) kaprigelan basa (language arts, language skills) nyakup sekawan segi inggih punika nyemak (Listening Skills), micara (Speaking Skills), maos (Reading Skills) lan nyerat (Writing Skills). Wonten kaprigelan ingkang nggadhahi sipat reseptif saha ingkang nggadhahi sipat produktif. Kaprigelan basa ingkang nggadhahi sipat produktif inggih punika 1

MATERI BAHASA JAWA SMA KELAS XI

Embed Size (px)

DESCRIPTION

MATERI BAHASA JAWA SMA KELAS XI

Citation preview

BAB I

26

BAB I

PURWAKA

A. Pawadan Pamilihing Irah-Irahan

Kaprigelan migunakaken basa kathah sanget gandheng cenengipun kaliyan proses pikir ingkang nglandhesi basa. Basa ing manungsa saged mujudaken tingkat intelektualitas, sifat lingkungan, saha sedaya ingkang wonten salebetipun pikir, saya wasis saha saya wening pamikiring manungsa saya trampil manungsa kasebat migunakaken basa. Pembelajaran basa ngupayakaken indhaking kawasisan siswa sasambetan kanthi lesan saha tinulis (Depdiknas , 2003: 2).

Miturut Tarigan (1994 : 2) kaprigelan basa (language arts, language skills) nyakup sekawan segi inggih punika nyemak (Listening Skills), micara (Speaking Skills), maos (Reading Skills) lan nyerat (Writing Skills). Wonten kaprigelan ingkang nggadhahi sipat reseptif saha ingkang nggadhahi sipat produktif. Kaprigelan basa ingkang nggadhahi sipat produktif inggih punika kaprigelan nyerat lan micara dene ingkang kagolong reseptif inggih punika kaprigelan maos lan nyemak.

Pasinaon nyerat minangka salah satunggaling pasinaon ingkang langkung trep dipunparingaken nalika tasih alit supados siswa anggadhahi kompetensi ingkang langkung migunani kangge gesang ingkang badhe kalampahan. Kanthi kompetensi nyerat ingkang dipunkuwaosi punika siswa dipunpikajengaken saged ngrembakakaken asil karya ingkang nggadhahi makna. Salah satungalipun inggih punika kompetensi nyerat parikan kanthi materi pokok ndamel parikan ingkang saged nggrengsengaken manah (Depdiknas , 2006 : 326). Miturut landhesan kabetahan kurikulum lan perkembangan teori ingkang wonten mila kedah dipunwontenaken panaliten kompetensi siswa SMA kelas XI anggenipun nyerat parikan. Kanthi panalitan PTK saged dipunmangertosi gambaran babagan kompetensi siswa lan dipunpikajengaken sasampunipun panaliten kompetensi siswa nyerat parikan kedah langkung sae.

Nyerat minangka kaprigelan basa ingkang kedah dipun ginakaken salebetipun pasrawungan kanthi boten langsung. Nyerat miturut Suparno lan Yunus (2008 : 13) minangka wahana ngandharaken pesen (pasrawungan ngginakaken basa sinerat kanthi alat utawi medhiya). Salebetipun tulisan punika wonten pesenipun. Nyerat punika proses ingkang kedah dipun gladhi kanthi boten wonten bosenipun.

Saking asil pengamatan sawetawis dipunmangertosi bilih kaprigelan nyerat parikan tasih rendah ingkang katitik saking asil pasinaon siswa ingkang dereng saged nggayuh nilai KKM. Prekawis kasebat dipunsebabaken kirangipun minat siswa anggenipun nyinau babagan basa jawi. Dwija kirang njurung motivasi siswa. Siswa langkung nindakaken pakaryan sanesipun salebeting piwucalan tinimbang mirengaken dwija. Siswa ugi wonten ingkang remen dolanan puzzle, rubrik lan hp salebeting kagiyatan pasinaon. Kepara malah wonten siswa ingkang boten mlebet kelas. Amargi siswa boten remen nyinau basa Jawi. Prekawis kasebat tamtunipun dados prekawis serius. Siswa boten mirengaken piwucalan mila ancas pasinaon ugi boten saged kagayuh kanthi sae. Dwija kedahipun kreatif nalika nindakaken piwucalan, supados siswa boten bosen lan langkung greget anggenipun sinau. Kanthi cara maringi materi pasinaon ingkang nengsemaken utawi materi ingkang wonten gandheng cenengipun kaliyan pangetrapipun ing jaman punika. Kados migunakaken tembang campursari ingkang sapunika populer, dipuntepangi lan dipun gandrungi dening siswa. Tembang campur sari saged kangge medhiya lan materi ing pasinaon nyerat parikan. Awit tembang campursari saged paring gegambaran nyata tumrap pasinaon siswa.

Salajengipun modhel pasinaon kedah dipun gatosaken. Dwija kedah migunakaken modhel pasinaon ingkang variatif lan trep kangge pasinaon mliginipun babagan nyerat parikan. Upaya kasebat kangge ngawekani siswa ingkang kirang gereget lan pasif salebeting pasinaon kelas. Dene modhel pasinaon ingkng trep inggih punika modhel pasinaon talking stick. Kanthi modhel talking stick siswa langkung aktif lan kendel ngedalaken pamanggih.

Kejawi prekawis kalawau ugi wonten prekawis sanes, kadosta dwija anggenipun mucal tasih migunakaken LKS minangka acuan sarana pasinaon. Menawi namung migunakaken LKS kemawon kesanipun monoton. Kedahipun dwija ugi migunakakaken buku pandhuan sanesipun. Saengga siswa boten namung mangertosi isining LKS kemawon.

Adhedhasar prekawis wonten nginggil, mila panaliti ngawontenaken panaliten kanthi irah-irahan Kaprigelan Nyerat Parikan Salebeting Tembang Campursari Album the best of Cak Diqin kanthi Model Pembelajaran Talking Stick tumrap siswa kelas XI SMAN 1 Karangtengah Kabupaten Demak Warsa 2011/2012.

B. Momotaning Prekawis

Adhedhasar pratelan ing nginggil, pramila momotaning prekawis panaliten inggih punika :

1. Kadospundi wujud parikan salebeting tembang campursari album Cak Diqin minangka materi ajar tumrap kapreigelan nyerat parikan siswa kelas XI SMA N 1 Karangtengah Warsa 2011/2012?

2. Kadospundi indhaking asil pasinaon lan tumanggap siswa kelas XI SMAN 1 Karangtengah sasampunipun nampi piwucalan nyerat parikan salebeting lagu campursari album the best of Cak Diqin kanthi model pembelajaran Talking Stick?

C. Ancasing panaliten

Adhedhasar momotaning prekawis ingkang sampun kasebat ing nginggil, pramila ancas ngawontenaken panaliten inggih punika :

1. Ngandharaken wujud parikan salebeting tembang campursai album Cak Diqin minangka materi ajar tumrap kaprigelan nyerat parikan siswa kelas XI SMA N 1 Karangtengah warsa 2011/2012.

2. Mbuktekaken indhaking asil pasinaon lan tumanggapipun para siswa kelas XI SMA N 1 Karangtengah sasampunipun anampi piwucalan nyerat parikan salebeting tembang campursari album Cak Diqin kanthi model pembelajaran Talking Stick.

D. Mupangatipun panaliten

Asiling panaliten punika dipunkajengaken saged nggadhahi mupangat inggih punika mupangat praktis lan mupangat teoritis. Wondene mupangat panaliten saged dipunjlentrehaken kados mekaten :

1. Mupangat teoritis

Panaliten punika dipunkajengaken saged maringi pangrembakaning kawruh bab pasinaon nyerat parikan.

2. Mupangat Praktis

a. Kangge siswa

Kanthi model pembelajaran Talking Stick lan migunakaken tembang campursari dipunpikajengaken saged nuwuhaken greget lan motivasi siswa tumrap pasinaon nyerat parikan, saengga siswa prigel anggenipun nyerat.

b. Kangge dwija

Minangka kangge ngrembakaken pasinaon nyerat parikan minangka upaya supados siswa berfikir logis lan sistematis, sarta njurung motivasi siswa salebeting pasinaon nyerat parikan.

c. Kangge panaliti

Njangkepi salah satunggaling syarat kelulusan sajroning nggayuh sarjana pendidikan bahasa lan sastra Jawa Fakultas Pendidikan Bahasa dan Seni IKIP PGRI SEMARANG.

d. Kangge Sekolah

Paring kawruh lan pengalaman kangge pengembangan sekolah.

E. Panandhesing tembung ing irah-irahan

Kangge ngawekani kalepatan anggenipun nafsiraken katrangan saking istilah-istilah ingkang dipun ginakaken wonten irah-irahan panaliten, mila wonten ing andhap punika badhe dipunjlentrehaken istilah-istilah kasebat.

1. Parikan

Inggih punika tetembungan utawi unen-unen ingkang kadadosan saking kalih ukara ingkang dhapukanipun mawi purwakanthi guru swara, saben saukara dumadi saking kalih gatra, ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kaping kalih minangka wosipun (Sutardjo, 2008:104). Wondene miturut Suwanto (2007:81-82) ngandharaken menawi parikan punika limrahipun dipun ginakaken kangge medharaken raosing manah dhateng tiyang sanes ananging anggenipun medharaken raosing manah inggih punika ukara ingkang isi utawi wosipun kanthi dipunpurwakani ukara sanes.

2. Tembang campur sari

Tembang inggih punika syair/lagu utawi nyanyian. Miturut sudaryanto (salebeting suroa, 2009:199) tembung inggih punika iketaning karangan awewaton guru lagu, guru sastra, guru wilangan punapa dene kanthi lelagon. Tembang ugi asring dipunwastani sekar.

Wondene istilah campursari inggih punika jinis lelagon jawa antawis gabungan maneka seni. Tembang campursari punika jinising tembang jawa ingkang kebak kabagyan. Pemaduan unsur gamelan lan musik nasional (modern) ingkang maringi norma ing campursari (Endraswara, 2009:231).

3. Kaprigelan

Inggih punika kesanggupan, kawasisan, kalantipan manungsa kangge nindakaken prekawis kanthi sae jumbuh kaliyan keahlian (Poerwadarminta, 1997 : 1088).

4. Nyerat

Inggih punika kesagedan tiyang kangge ngandharaken gagasan gamblang, runtut, lan gampil dipunmangertosi dening tiyang sanes (Marwoto, MS, dkk., 1985:13). Wondene miturut tarigan (1994:21) inggih punika melukiskan lambang-lambang grafik ingkang nggambaraken satunggaling basa ingkang dipunmangertosi dening satunggaling tiyang, saengga tiyang sanesipun saged maos lambang-lambang grafis kasebat supados sami mangertosi basa lan gambaran grafik kasebat.

5. Album the best of Cak Diqin

Inggih punika kempalan lagu/tembang utawi album ingkang dipun remeni dening masyarakat jalaran tembang-tembang wonten album sampun populer ing masyarakat, ingkang panganggitipun Cak Diqin. Cak Diqin punika penyanyi solo campursari, nami jangkepipun Muhammad Sadiqin, lair ing solo, 23 Maret 1953. Salebeting album Cak Diqin punika wonten 10 tembang campursari.

6. Model Pembelajaran Talking Stick

Model pembelajaran Talking Stick inggih punika salah satunggaling jinis modhel pasinaon kooperatif ateges pasinaon ingkang nengenaken keaktifan siswa. Pembelajaran punika saged dadosaken siswa langkung aktif, inovatif lan kreatif.

Talking Stick minangka modhel pasinaon ingkang migunakaken bantuan tongkat, siswa ingkang nyepeng tongkat wajib mangsuli pitakenan saking dwija sasampunipun siswa nyinaoni materi pokok. Pembelajaran punika trep sanget menawi dipuncakaken kangge siswa SMP, SMA/SMK. Pembelajaran punika saged mujudaken kawontenan pasinaon ingkang nengsemaken lan damel siswa langkung aktif ugi kendel ngedalaken pamanggih.

Saking pangertosan ing nginggil, pramila saged dipunpendhet dudutan bilih irah-irahan skripsi punika tegesipun kawasisan siswa anggenipun ngandharaken gagasan kanthi tulis ngengingi unen-unen ingkang kadadosan saking kalih ukara kanthi model pembelajaran talking stick lan migunakaken materi ajar tembang campursari kempalan tembang populer anggitanipun cak diqin tumrap siswa kelas XI SMA N 1 Karangtengah.

F. Tatarakiting Panyerat

Skripsi kanthi irah-irahan Kaprigelan parikan salebeting tembang campursari album the best of cak Diqin kanthi model pembelajaran Talking Stick tumrap siswa kelas XI SMA N 1 Karangtengah warsa 2011 punika ngandhut gangsal bab inggih punika :

Bab I punika purwakaning skripsi. Bab punika nyakup pawadaning pamilihing irah-irahan ingkang isinipun alasan-alasan penyerat milih irah-irahan skripsi, momotanig prekawis, ancasing panaliten, mupangating panaliten, panegesing tembung lan tata rakiting penyeratan.

Salajengipun ingkang ngrembag bab-bab teori ingkang dipun ginakaken kangge mbahas prekawis kasebat badhe karembag wonten bab II. Bab punika nyangkup teori-teori inggih punika bakuning piwucalan basa jawi, kaprigelan nyerat, kawruh kasusastraan Jawa, puisi lama, parikan, teknik nyerat parikan, tembang campursari, model pembelajaran, model pembelajaran Talking Stick, cengkoronganing pemikir, hipotesis lan adaptasi teori.

Bab III, punika metode panaliten nyakup pendhekatan panaliten, desain panaliten, sumber dhata lan korpus dhatanipun, papan lan wekdal panaliten, subjek panaliten, teknik pengumpulan dhata, lan teknik analisis dhata.

Dene asil panaliten lan pirembagan ngenani pangetrapanipun model pembelajaran Talking Stick tumrap kaprigelan nyerat parikan ingkang karembag wonten bab IV.

Bab ingkang pungkasan inggih punika bab V. Bab punika nyakup dudutan saking panaliten ingkang sampun kalampahan lan pamrayogi tumrap pasinaon kelas ing bebrayan.

BAB II

LANDESAN TEORI

Landhesan teori inggih punika teori ingkang dipun ginakaken dening panaliti minangka landhesan ing salebeting panaliten. Landhesan teori ingkang dipun ginakaken dening panaliti punika dipunjumbuhaken kaliyan prekawis ingkang wonten, supados boten nyimpang saking panaliten ingkang dipunlampahi.

Landhesan teori wonten panaliten punika nyakup teori babagan bakuning piwucalan basa jawi, kaprigelan nyerat, kawruh kasusastran Jawa, parikan, puisi lama, parikan, teknik nyerat parikan, tembang campursari, model pembelajaran, model pembelajaran talking stick, cengkoronganing pamikir, hipotesis lan adaptasi teori.

1. Bakuning Piwucalan Basa Jawi

Salebeting kurikulum KTSP, pasinaon basa jawi punika ngandhut sekawan kaprigelan basa inggih punika kaprigelan micara, nyemak, maos lan nyerat. Kajawi punika ugi wonten kaprigelan sastra ingkang kedah dipunkuwaosi dening siswa. Saben kaprigelan kasebat minangka integral saking pasinaon basa jawi, ananging antawisipun satunggaling kaprigelan kaliyan kaprigelan sanesipun wonten gandheng cenengipun. Kadosta kaprigelan nyerat kaliyan keprigelan micara lan maos. Kaprigelan nyerat bektahaken proses lan gladhen supados nuwuhaken kasil ingkang kreatif lan imajinatif. Semanten ugi menawi nyerat parikan.

Miturut pangrembakaning jaman mliginipun wonten ing bidang Ilmu pengetahuan lan seni budaya punika mangaribawani tumrap pasinaon basa jawi. Leresipun Nut ing jaman kalakone, lan nut ing papan kadadene. Sesanti kasebat trep bilih dipunasosikaken wonten perubahan kurikulum. Salebeting kurikulum KTSP punika, siswa boten namung pinter teori kemawon ananging ugi kedah saged ngetrapaken teori ing kasunyatan. Saengga dwija dipuntuntut saged terampil utawi prigel nuwuhaken motivasi lan imajinasi siswa kanthi ndandosi sistem pasinaon, kados metodhe pasinaon, medhiya ingkang dipun ginakaken lan bahan ajar ingkang nengsemaken. Kanthi mekaten piwucalan basa jawi anggadhahi ancas kangge nuwuhaken lan ngrembakaken the nine multiple intellegens (Howard Gardner, Thomas Amstrong), sarta ngindhakaken mutu piwucalan pendidikan lan sumber daya manusia.

Visi lan misi piwucalan basa jawi kedah saged ndungkap lan prigel ngawekani prekawis-prekawis ingkang wonten ing pendhidhikan. Kanthi mekaten dwija basa jawi dipuntuntut prigel lan purun nglodhangaken wekdal kangge nyengkuyung gegayuhan kamulyan generasi bangsa pinuju pagesangan ingkang berbudhaya.

2. Kaprigelan Nyerat

Tembung kaprigelan anggadhahi pangertosan kaprigelan kangge ngayahi pakaryan. Kaprigelan nyerat inggih punika kaprigelan ingkang dipuntindakaken dening tiyang kangge ngasilaken satunggaling seratan panulis ingkang mangertosi kanthi leres ngengingi nyerat badhe paring kawigatosan gamblang lan botenipun seratan, lan ugi kekayaan seratan punika kangge mangaribawani pamaos (Depdiknas, 2002:1180).

Nyerat miturut Tarigan (1994:21) inggih punika melukiskan lambang-lambang grafis ingkang nggambaraken satunggaling basa ingkang dipunpahami dening satunggaling tiyang saengga tiyang sanesipun saged maos lambang-lambang grafis kasebat. Nyerat ugi saged dipuntegesaken minangka proses kaprigelan menuangkan gagasan kanthi basa tulis ingkang tumata awujud seratan (Hartati, 2007:9).

Miturut Hugo Hortig salebeting Tarigan (1994:24) kagiyatan nyerat nggadahi ancas inggih punika :

a. Assignment puspose (tujuan penugasan)

Panyerat nindakaken kagiyatan nyerat punika amargi dipuntugasaken dening tiyang sanes, boten adhedhasar awakipun piyambak, kados siswa ingkang diparingi tugas dening dwija ngrangkum buku.

b. Altruistic purpose (tujuan altruistik)

Ancas kagiyatan nyerat kangge nglipur pamaos saengga tiyang kasebat ngraos terhibur. Panyerat boten saged nyerat kanthi tepat guna bilih piyambakipun pitados sadar utawi boten sadar menawi pamaos utawi penikmat karyanipun punika minangka lawan/musuh. Ancas altruistik punika kunci seratan saget dipunwaos.

c. Persuasive purpose (tujuan persuasif)

Seratan nggadhahi ancas nakyinaken pamaos ngenani kaleresan pamanggih ingkang dipunandharaken salebeting seratan.

d. Informational purpose (tujuan informasional/penerangan)

Ancas ingkang wigatos inggih punika maringi informasi utawi katrangan dhateng pamaos.

e. Self expressive purpose (tujuan pernyataan diri)

Seratan nggadhahi ancas kangge nepangaken dhiri pangripta dhateng pamaos.

f. Creative purpose (tujuan kreatif)

Seratan nggadhahi ancas kangge nggayuh nilai-nilai artistik, lan nilai-nilai kesenian.

g. Problem solving purpose (tujuan pemecahan masalah)

Seratan nggadhahi ancas kangge ngawekani satunggaling prekawis ingkang dipunpanggihi dening penyerat, tugasipun panyerat punika nerangaken sarta naliti kanthi cermat pamanggihipun piyambak supados saged dipunmangertosi dening pamaos.

3. Kawruh Kasustran Jawa

Tembung kasusastran saking tembung susastra. Susastra punika seni basa. Gandheng susastra ngandhut seni mila ingkang dipunrembag kalebet kaendahaning basa. Endah punika relatif miturut maneka warni kawontenan lan faktor. Nanging basa ingkang endah limrahipun asipat jangkep lan cetha. Dados ingkang dipunrembag salebeting kasusastran inggih punika bab seni.

Basa lan sastra kalebet perangan kabudhayan. Kasusastran salebeting kabudhayan Jawi amba tebane tegesipun kathah materi utawi bahan ingkang kedah dipunwucalaken lan dipunrembakaken. Kasusastran jawi miturut kempalaning bukti utawi tandha yekti ingkang gumathok saking asal-muasalipun sastra salebeting bebrayan, wiwit jaman kraton Kediri, Singosari, Majapahit, Demak, Surakarta, Ngayogjakarta, Balai Pustaka dumugi sapunika wonten jaman modern.

Dene wujud kasusastran jawi punika kaperang dados kalih inggih punika kasusastran lisan lan kasusastran tulis (Purwadi, 2006:197). Kasusastran lisan punika awujud dongeng, legenda, crita rakyat. Kasusastran tulis awujud naskah, babad, novel. Kasusastran tulis kaperang dados kalih inggih punika prosa (gancaran) lan Puisi (Geguritan). Miturut pangrembakanipun kasusastran wujud puisi kaperang dados kalih inggih punika puisi lama lan puisi baru. Puisi lama inggih punika salah satunggaling puisi ingkang kaiket paugeran-paugeran tartamtu (Purwadi, 2007: 197). Wujud puisi lama antawisipun kakawin, kidung, tembang, parikan lan wangsalan. Dene puisi baru inggih punika salah satunggaling puisi ingkang boten kaiket paugeran-paugeran tartamtu.Tuladhanipun:

Kalabendu

tak sengguh kala bathara wus lebur

kisas karo bathara wisnu duk ing nguni

nanging tibake kok ora

abad nuklir lan globalisasi kok ya kaya-kaya

anake kalabendu

jalaran sajake dhengah uwong during siap mecak

yen wus siaga ngono ya no problem

balik sing during kok ya kaya gantine kalabendu

apa jangkane kalatidha tukul meneh

mandi tenan sabdane R. Ng. Ronggawarsito

kapan-kapan wae kalabendu bisa tukul maneh

anggere titah nora waspada

lan mung nuruti hawa.

Semarang, 12 April 1994

4. Puisi Lama

Baribin (salebeting hidayah, 2008:2) ngandharaken bilih puisi (geguritan) minangka karya sastra ingkang asipat puitis. Pamilihing basa lan purwakanthi dados bab ingkang dipun gatosaken.

Puisi ugi asipat padhat, tegesipun nadyan wujudipun cekak ananging puisi kedah ngandharaken pamikiran lan raos kanthi endah.

Puisi lama inggih punika salah satunggaling puisi ingkang kaiket paugeran-paugeran tartamtu (Purwadi, 2007: 197). Paugeran puisi lama miturut Padmosoekotjo (2008:34) inggih punika :

a. Dhong-dhing swanten ing pungkasan gatra kedah runtut (guru swara)

b. Cacahing wanda saben setunggal gatra kaliyan gatra sanesipun kedah sami.

c. Cacahing gatra boten tinamtu ananging limrahipun sekawan gatra.

Jinising puisi lama wonten gangsal inggih punika :

a. Kakawin

Tembung kakawin asalipun saking basa kawi tegesipun syair, ing jaman kina tiyang ingkang wasis ndamel kasusastran kakawin dipun wastani karya. Titikaning kakawin inggih punika saben setunggal pada kadadosan saking sekawan gatra lan saben gatra gunggungipun wanda punika sami. Dene kakawin-kakawin ingkang wonten antawisipun inggih punika kakawin sardula wikridita kakawin garirangsi, kakawin sikarini, jagadita, praharsini, kusumawicitra, lalita wisma, aswalalita, raga kusuma.

Tuladha :

Kakawin Garirangsi

Singgrong ing paras oraras aleye kahawan ika ri tepi kang de kung,

Raniyatuntun angelih ika sang ahayuteher inamber agupyaningras,

Sobarun rara raras ika sawi mulatan irik ari amangun lengleng,

Ardhasor raras iku ri kayu ni sang amunahi sang garirangsi.

Tegesipun:

Kakawin Garirangsi

Ceruk watu padas ingkang lunyu sarwa nengsemaken mapan wonten sisih margi ingkang dipuntumapaki dening tiyang ingkang nembe kasmaran,

Kanthi gemulai tiyang punika bimbing nimas ayu ingkang lelah lajeng dipunelus-elus saha gegujengan,

Kaendahaning paras nimas ayu andadosaken sedaya ingkang dipungatosaken terpikat,

Sedaya kaendahan kalah dening kecantikan paras sang penakluk ing sanggar asmara.

b. Kidung

Ing jaman tengahan, leresipun ing akhir jaman kapujanggan Majapahit wonten genre puisi ingkang dipunwastani kidung. Samenika kathah kitab ingkang dipunewahi kanthi metrum kidung. Titikaning kidung inggih punika jumlah pada tetep, lan jumlah wanda saben gatra tetep. Dene jinising kidung antawisipun punika kidung harsiwijaya, subrata, sudayana, sorandaka, ranggolawe, wanbang wideya lan panji prakosa.

Tuladha :

Kidung Subrataka

Sangtabyana ta pakulunrancana cipta kumawiPanji prakasa tembangeKi Subrataka kang winuwusluputa ring lara roganirmala waluya jatiluputta ring pamurungluputta ring baya pati

Tegesipun:

Bagyaning sang gustikisah pacoban badhe dipunsekarakenkanthi sekar panji prakasalampahipun Ki Subrata mugi-mugi luput saking sambekalanirmala lan sehat walafiatluput saking alanganluput saking bebaya pati

c. Parikan

Parikan Ing basa Indonesia asring kawastanan pantun. Parikan punika kalebet puisi arupi tembang utawi unen-unen ingkang kadadosan saking kalih ukara ingkang dhapukanipun mawi purwakanthi guru swara, saben ukara dumadi saking kalih gatra, ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kaping kalih minangka wosipun (Sutardjo, 2008:104). Wondene Suwanto (2007:81-82) ngandharaken, bilih parikan punika limrahipun dipun ginakaken kangge medharaken raosing manah dhateng tiyang sanes. Ananging anggenipun medharaken raosing manah inggih punika ukara ingkang isi utawi wosipun, kanthi dipunwiwiti ukara sanes inggih punika ingkang kawastanan ukara purwaka utawi sampiran. Ginanipun ukara purwaka namung kangge narik kawigatosanipun tiyang ingkang dipuntuju, supados saderengipun ukara ingkang ngandhut isi dipunwedharaken tiyang punika saged kayungyun manahipun, satemah lajeng nggatosaken dhateng ukara ingkang ngandhut isi (wosipun ingkang badhe dipunwedharaken).

d. Wangsalan

Wangsalan inggih punika puisi ingkang awujud tetembungan utawi ukara ingkang saemper cangkriman nanging ancasipun sampun dipun ngendikakaken sesarengan. Wangsalan dipunpilah dados kalih jinis inggih punika wangsalan lamba lan wangsalan memet (Padmosoekotjo, 1982: 71). Wangsalan lamba punika wangsalan ingkang batanganipun sarana ngonceki kaping satunggal. Dene wangsalan memet punika wangsalan ingkang batanganipun sarana dipunonceki maksudipun tembung ambal kaping kalih. Miturut pangagemipun wangsalan dipunbentenaken wonten sekawan inggih punika wangsalan padintenan, wangsalan edipeni, wangsalan sajroning tembang lan wangsalan sajroning sasmitaning gendhing. Miturut wujudipun wangsalan dipun bentenaken ugi wonten kalih inggih punika wangsalan setunggal larik kaliyan wangsalan kalih larik (Widiarti, 2007:93). Lajeng miturut Prayitna (tt: 117) wangsalan inggih punika rumpakan ingkang saemper cangkriman ingkang tebusanipun utawi ancasipun sampun langsung dipunngendikaken.

Miturut pangagemipun wangsalan dipunbentenaken dados sekawan inggih punika:

1. Wangsalan Padintenan

Wangsalan padintenan asning dipunginakaken ing pacelathon kaliyan kulawarga, rencang, utawi bebrayan. Ginanipun wangsalan punika amrih ingkang dipunaturaken boten dadosaken gerahing penggalih, saha boten dadosaken kumalungkung amargi dipun alembana, tuwin dadosaken gembiraning manah. Ancasing utawi batangan wangslan punika asring boten dipunsebataken amargi maknanipun sampun dipunmangertosi. Tuladha wangsalan padintenan:

a. Jenang gula Iho. (glali aja lali)

b. Aja ngrokok cendhak. (tegesan = neges-neges)

c. We lha, janur gunung. (aren kadingaren)

2. Wangsalan Edipeni

Miturut Padmosoekotjo (1982: 74) wangsalan edipeni inggih punika wangsalan ingkang migunakaken purwakanthi swara, inggih punika tembung ing wekasaning gatranipun ukara ingkang ngajeng sami kaliyan tembung ing wiwitaning gatranipun ukara ingkang wingking. Tuladha wangsalan edipeni:

a. Carang wreksa, wreksa wills tanpa patra. (pang, pati urip)

Nora gampang wong urip ing alam donya.

b. Kulik priya, priyagung anjani putra. (tuhu, anoman)

Tuhu eman wong anom wedi kangelan.

3. Wangsalan salebeting tembang

Ing ngandhap punika tuladha wangsalan sajroning tembang pangkur anggitanipun Mangkunegara IV.

Pangkur

Jirak pindha mungging wana (kusambi = nami wit)

Sayeng kaga we rekta kang muroni (kala, anggur)

Nyenyambi kalaning nganggur

Wastra tumrap mustaka (iket)

Pangikete wangsalan kang sekar pangkur

Baon sabin ing nawala (karya)

Kinarya langen pribadi

4. Wangsalan Salebeting Sasmitaning Gendhing

Wangsalan sajroning sasmitaning gendhing padatanipun kangge nyuwun gendhing kanthi ngginakaken tembung-tembung sasmita, kanthi sasmita para wira pradangga lajeng mungelaken gendhing ingkang dipunsuwun kalawau. Tuladhanipun:

a. Sang Dewi ketingal mencorong tejane, gendhing sekarteja.

b. Nalendra kang wis kuncara sakbawana, gendhing sri kuncara.

Wangsalan miturut jinisipun, wangsalan dipunbentenaken dados kalih inggih punika:

1. Wangsalan Lamba

Wangsalan lamba inggih punika wangsalan ingkang batanganipun sarana ngonceki kaping satunggal.

Tuladhanipun:

a. Roning mlinjo sampun sayah nyuwun ngaso (ron mlinjo punika so)

b. Janur gunung rawuhipun (aren dados kadingaren)

2. Wangsalan memet

Wangsalan memet inggih punika batanganipun sarana dipunonceki maksudipun tembung ambal kaping kalih.

Tuladhanipun:

a. Jalak pita baita kandheg samudra

Sun gegacihang prakanca labuh nagara

Jalak pita punikajalak kuning, manuk ingkang weminipun kuning kadosjalak punika podhang, dados gegadhang.

Baita kandheg samudra kangge mandheg kapal punika pelabuhan dados tembung labuh.

b. Buras seta wulu cumbu madukara

Panuwunku mardika salaminira

Buras seta punika buras ingkang weminipun putih naminipun panu,dados tembung panuwunku.

Wulu cumbu Madukara, wulu cumbu punika punakawan, punakawanipun Madukara punika Semar, dados tembung mardika.

c. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra

Nora gampang wong urip ing alam ndonya.

Carang wreksa punika carang ingkang ageng naminipun pang dados tembung nora gampang.

Wreksa wilis tanpa patra punika pati urip

Miturut wujudipun wangsalan saged dipunbentenaken dados kalih inggih punika wangsalan setunggal gatra kaliyan wangsalan kalih gatra.

1. Wangsalan setunggal gatra

Tuladhanipun:

a. Roning mlinjo, rehning sayah nyuwun ngaso (so godhong mlinjo)

b. Jenang sela, aja kurang pangapura ( apu jenang sela)

2. Wangsalan kalih gatra

Tuladhanipun:

a. Uler kambang, kang sela panglawed ganda (lintah, pipisan)

Nora betah, yen nganti tekan pungkasan.

b. Teja bengkok kawi kembang. saupama. (kuwung, madukara)

Kekuwunge, kaya trahing madukara.

e. Tembang

Tembang minangka genre puisi ingkang dipunlagokaken. Jinising tembang wonten tiga inggih punika tembang gedhe, tembang tengahan lan tembang macapat.

1) Tembang gedhe

Wujud tembang gedhe (sekar ageng) sami kaliyan kakawin inggih punika jumlah wanda ing saben gatra tetep lan saben pada wonten sekawan gatra. Jinising tembang gedhe inggih punika basanta lebda jiwa, manggalagita, sikarini, nagabanda, madayanti, merak ngruwuh, kusumastuti, surapada, banjuransen, citrarini, madayanti.

Tuladha :

Candra Asmara

Dhuh nyawa dene tan asung

Pisungsung sangsangan sari

Sarireng sru marlupa

Lir pepes bayu ngong tapis

Tegesipun:

Aduh sukma kang ora menehi

Wenehake kalung kembang

Awakku krasa kesel banget

Kaya-kaya remuk balungku

Sekar Ageng Banjaran Sari

Denira campuh prang

Sri Harrjunasastra

Lawan raden Sumantri

Aliru Prabawa

Tan ana kasoran

Tegesipun:

Wong-wong kang lagi perang

Sri Harjanasastra

Nglawan Raden Sumantri

Adu wibawa

Ora ana sing kalah

2) Tembang Tengahan

Miturut paugeranipun tembang tengahan sami kaliyan kidung. Titikaning tembang tengahan inggih punika cacahing gatra saben sapada tinamtu, cacahing wanda saben sagatra tinamtu, lan tibaning swanten ugi dipun gatosaken. Tembang tengahan kathah kangge swanten ugi dipun gatosaken. Dene ingkang kalebet tembang tengahan inggih punika balabak, wirangrong, jurudemung, dudukwuluh, palugon, pranasmaera, rangsang tuban, sardula kawekasan mulat lan rarabentrok.

Tuladha :

Juru Demung

Kidang banget nggone umbag

Marang kebat lumpatipun

Gajah ngendelake iku

Si ula sru denya umuk

Marang mandining kang wisa

Wekasane bareng lampus

(wulangreh:40)

Tegesipun:

Kidang kang dumeh

Ngandalake loncatanne

Gajah uga ngandalake

Ula kang dumeh

Ngandalake racun yang bebayani

Kang wusanane padha mati

3) Tembang Macapat (Tembang cilik)

Tembang macapat punika tembang ingkang dipunlagokaken kanthi medhot patang wanda wiwitan lajeng kabacutaken wanda salajengipun. Bab ingkang prelu dipun gatosaken ing tembang macapat inggih punika bab gatra, guru lagu lan guru wilangan, bab watak lan gunaning tembang, bab panggone pada, bab sasmitaning tembung lan pangrakiting ukara. Jinising tembung macapat antawisipun inggih punika pocung, maskumambang, mijil, kinanti, durma, asmaradhana, pangkur, sinom, dhandhanggula, gambuh lan megatruh.

Tuladha :

Megatruh

Jayengsari angandika manis arum

Inggih paman tembe manis

Wus kerit marang Ki Buyut

Lajeng tumamemg ing panti

Nyai Buyut gupoh-gupoh

(centhini III:43)

Tegesipun:

Jayengsari gulat manis arum

Ya paman ing sawijining dina arep nemoni

Kabeh padha lunga tumuju Ki buyut

Banjur tekan ing panti

Nyai Buyut lunga

5. Parikan

Parikan Ing basa Indonesia asring kawastanan pantun. Parikan punika tembung utawi unen-unen ingkang kadadosan saking kalih ukara ingkang dhapukanipun mawi purwakanthi guru swara, saben saukara dumados saking kalih gatra, ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kaping kalih minangka wosipun (Sutardjo, 2008:104). Wondene Suwanto (2007:81-82) ngandharaken bilih parikan punika lumrahipun dipun ginakaken kangge medharaken raosing manah dhateng tiyang sanes. Ananging anggenipun medharaken raosing manah inggih punika ukara ingkang isi utawi wosipun, kanthi dipunwiwiti ukara sanes inggih punika ingkang kawastanan ukara purwaka utawi sampiran. Ginanipun ukara purwaka namung kangge narik kawigatosanipun tiyang ingkang dipuntuju, supados saderengipun ukara ingkang ngandhut isi dipunwedharaken tiyang punika saged kayungyun manahipun, satemah lajeng nggatosaken dhateng ukara ingkang ngandhut isi

( ingkang badhe dipunwedharaken).

Jinising parikan punika kaperang dados pitu (Siswanto, 2007 : 01-84) inggih punika :

1) Parikan ingkang kadadosan saking kalih ukara. Dene ukara kaping setunggal ngemot kalih gatra, inggih punika gatra setunggal wonten 4 wanda lan gatra kaping kalih wonten 4 wanda, semanten ugi wonten ukara ingkang kaping kalihipun (4 wanda + 4 wanda) x2

Tuladha :-Manuk gelatik, dibubuti

Slendang batik, manas ati

-Emping melinjo, gepeng menteng

Tagen ijo, menteng-menteng

2) Parikan ingkang kadadosan saking kalih ukara. Dene ukara kaping setunggal ngemot kalih gatra, inggih punika gatra setunggal wonten 4 wanda lan gatra kaping kalih wonten 6 wanda, semanten ugi wonten ukara ingkang kaping kalihipun (4 wanda + 6 wanda ) x 2

Tuladha :- Manuk semprit, menclok godhong tebu

Dadi murid, sing sregep sinau

- Kembang manggis, dudu kembang jambe

Prawan manis, sumunar ulate

3) Parikan ingkang kadadosan saking kalih ukara. Dene ukara kaping setunggal ngemot kalih gatra, inggih punika gatra setunggal wonten 3 wanda lan gatra kaping kalih wonten 5 wanda, semanten ugi wonten ukara ingkang kapingkalihipun (3 wanda + 5 wanda) x 2

Tuladha :-wit pelem, ning nisor kali

Wong kalem, merakke ati

-Semangka, legi rasane

Ra nyangka, dadi jodhone

4) Parikan ingkang kadadosan saking kalih ukara. Dene ukara kaping setunggal ngemot kalih gatra, inggih punika gatra setunggal wonten 4 wanda lan gatra kaping kalih wonten 8 wanda, semanten ugi wonten ukara ingkang kaping kalihipun (4 wanda + 8 wanda) x 2

Tuladha :

Kembang mawar, gandha arum ngambar-ngambar

Ati bingar, mung yen mentas nampa bayar

Rujak cengkir, Pantes wadahi cangkir

Mlipar-mlipir, polahe wong Duke esir

Klenting miring, krambil bolong sisa bajing

Milang-miling, golek tanding lencir kuning

Kembang aren, sumebar penggiring kalen

Aja dahwen, yen kowe kepingin kajen

Cengkir wungu, wungune ketiban daru

Dadi guru, kudu sabar momot mengku

Wedang bubuk, kemriuk gulane remuk

Watak umuk, akeh wong kang ora rujuk

Kembang jambu, sedhompol mung megar telu

Mesem guyu, kepethuk sing klambi biru

5) Parikan ingkang kadadosan saking kalih ukara. Dene ukara kaping setunggal ngemot kalih gatra, inggih punika gatra setunggal wonten 8 wanda dene gatra kaping kalih ugi 8 wanda.

Tuladha :

Kayu murip orang ngepang, ijo-ijo godhong jati

Uwong urip ora gampang, mula padha ngati-ati

Enting-enting gula jawa, sebungkus isine sanga

Ingatane para siswa, wajib seneng nggubah basa

6) Parikan ingkang ukara kapisan kaliyan ukara kaping kalih boten sami wandanipun.

Tuladha :

a. Ngetan, bali ngulon

Apa sedyane kelakon

b. Blarak disampirake

Omahe cedhak ora ngampirake

c. Timun sigarane

Ayo mbangun negarane

d. Numpak andhong, jarane kore

Gotong royong padha nyambut gawe

7) Parikan ugi asring kepireng kangge nggegerongi umpak-umpak gendhing

Tuladha :

a. Brondong mentul Laras slendro pathet 7

Wajik kletik gula jawa

Luwih becik wong prasaja

Kembang cengkeh werna aneh

Wong sumeh mitrane akeh

b. Slendro pathet 9

Cengkir wungu, wungune ketiban dharu

Calon guru, kudu sabar momot mengku

Adhedhasar teori-teori kasebat, mila saged dipunpendhet dudutan bilih paugeraning parikan inggih punika:

1. Parikan inggih punika lelakon ingkang kadadosan saking kalih ukara saben setunggal ukara punika wonten 8 wanda wonten ugi ingkang ngantos 16 wanda.

2. Saben setunggal ukara kadadosan saking kalih gatra.

3. Ukara kaping setunggal (2 gatra wiwitan) minangka purwaka utawi bebuka lan padhatanipun boten gadhah teges punapa punapa.

4. Ukara kaping kalih (kalih gatra pungkasan) mengku isi utawi wosipun parikan.

5. Wonten wusananipun gatra ngginakaken purwakanthi guru swara. Dong-ding swara wonten gatra kaping setunggal runtut kaliyan gatra kaping tiga, dene gatra kaping kalih runtut kaliyan gatra kaping sekawan.

6. Teknik nyerat parikan

Wonten kegiyatan nyerat kreatif parikan dipunbetahaken salah satunggaling proses supados seratan ingkang dipunasilaken dados seratan ingkang sae lan nggadhahi bobot. Proses punika temtunipun bektahaken pamikir ingkang saestu kangge wiwitan wonten nyerat dipunwiwiti kaliyan wontenipun idhe minangka sumber seratan. Idhe punika saged saking pundi kemawon.

Idhe kreatif satunggaling tiyang saged tuwuh saking wekdal lan papan wonten pundi kemawon. Wonten tiyang ingkang ngalamun kaliyan ses ngantos pikantuk idhe kangge nyerat. Wonten ugi tiyang ingkang kedah tindakan wonten dhusun sepen supados pikantuk idhe. Ananging sejatosipun idhe kreatif punika saged gampil dipunedalaken kanthi cara kathah maos sumber waosan (Wijaya, 2005:1).

Nyerat parikan punika kangge kagiyatan ingkang saged dipunasilaken dados salah satunggaling karya ingkang saged dipundhasaraken kadadosan-kadadosan ingkang wonten ing bebrayan.

Wonten panyeratan kreatif parikan dhasaripun nggadhahi proses ingkang sami kaliyan panyeratan kreatif sastra. Proses punika dipunwiwiti kanthi wontenipun idhe saking pamikir/panyerat, idhe punika dipunmanahaken, lajeng dipunmantepaken idhe kasebat supados gamblang. mranata basa kanthi nyerataken idhe punika wonten karya sastra (Roekhan, 1991:2).

Nyerat parikan punika wonten teknik ingkang dipunlampahi supados gampil anggenipun nyerat. Teknik nyerat parikan inggih punika kedah nemtokaken ukara isi rumiyin lajeng ngrancang ukara sampiranipun lan kedahipun migatosaken purwakanthi swara utawi guru lagu. Penyerat saderengipun ugi kedah apal rumiyin bab paugeraning parikan.

7. Tembang Campursari

Kesenian boten namung jinggleng wonten setunggal jinis kemawon, ananging wonten manekawarni jinis kesenian. Prekawis punika sami kaliyan kesenian Jawi kaperang dados kathah antawisipun seni tari, karawitan, wayang, ketoprak, seni musik, panembrama.

Genre musik campursari punika minangka salah satunggaling kesenian jawi asil kreasi putra bangsa tumrap gamelan. Ing kawiwitan campursari ngalami pro lan kontra saking maneka kalangan. Setunggal pihak nggadhahi pamanggih menawi campur sari punika ngrusak tradhisi, ananging pihak sanes nyethakaken menawi campursari minangka inovasi. Inovasi punika nggadhahi ancas supados campursari saged katampi ing sedaya kalangan. Ateges boten namung kangge tiyang Jawi kemawon ananging ugi saged dipun nikmati dening tiyang manca nagari.

Mitirut Sudaryanto (Salebeting Sumarlam, 2008:134) Campursari saking tembung campur ateges Gabungan lan Sari punika inti. Sacara harfiah, campursari minangka gabungan pinten-pinten unsur ingkang benten-benten. Kangge nuwuhaken satunggaling prekawis ingkang enggal.

Campursari inggih menika satunggaling wujud kesenian jawi minangka perkawinan musik modern lan musik etnik. Campursari asalipun saking seni tradhisi Jawi ingkang nggabungaken seni gendhing kaliyan maneka warni piranti musik, kados piranti musik tradhisional, modern, konvensional lan elektrik. Gabungan piranti musik kasebat nuwuhaken estetika utawi kaendahan, keselarasan ingkang migunani tumrap tiyang kathah.

8. Model pembelajaran

a. Pangertosan model pembelajaran

Model Pembelajaran punika salah satunggaling komponen piwulangan istilah model pembelajaran kadhapuk saking kalih tembung inggih punika model lan pembelajaran. Tembung Model miturut Briggs (Salebeting Harjanto, 2005:110) inggih punika seperangkat prosedur ingkang kasusun kanthi runtut kangge nindakaken, utawi nglampahi satunggaling proses saengga proses kasebat lumampah jumbuh kaliyan ingkang dipunkanjengaken. Tembung Pembelajaran tegesipun proses, cara lan tindakan ingkang dadosaken tiyang remen lan purun sinau (Supriyono, 2011:12).

Miturut Joyce (Salebeting Hamruri, 2009:5) model pembelajaran inggih punika satunggaling rencana utawi pola ingkang dipun ginakaken kangge pedhoman utawi acuan anggenipun ngrancang pasinaon ing kelas utawi pembelajaran tutorial lan nemtokaken perangkat-perangkat pembelajaran ingkang nyakup buku, film, kurikulum lsp. Model pembelajaran minangka desain pasinaon kangge bantu siswa supados ancas pasinaon saged kagayuh kanthi sae. Soekamto (2009:5) ngandharaken bilih model pembelajaran minangka kerangka konseptual ingkang menggambarkan prosedur kanthi sistematis salebeting mengorganisasikan pengalaman belajar kangge nggayuh pasinaon lan acuan dwija salebeting ngrancang kagiyatan pasinaon. Kanthi mekaten model pembelajaran minangka arah lan kerangka anggenipun dwija mucal.

Miturut Hamruni (2009:5) wonten 3 karakteristik model pembelajaran inggih punika :

1. Rasional teoritik logis ingkang dipunsusun dening pangripta

2. Landhesaning pamanggih ngengingi punapa lan kados pundi siswa sinau

3. Tindakan pasinaon ingkang dipunperlokaken supados pasinaon saged lumampah kanthi sae lan ancas pasinaon saged kagayuh.

Salebeting proses pasinaon model pembelajaran kedah dipunjumbuhaken kaliyan materi lan wekdal pasinaon supados siswa gampil anggenipun mangertosi materi piwucalan. Ancas migunakaken modhel pasinaon inggih punika kangge narik kawigatosanipun siswa supados boten wonten prekawis ingkang njalari bosen sarta gampil anggenipun dwija ngandharaken materi piwucalan.

Dwija salebeting proses piwucalan minangka subjek ingkang anggadhahi peran ingkang wigatos. Awit dwija dados punjering kalampahanipun kagiyatan pasinaon. Dwija dipuntuntut kreatif lan inovatif anggenipun ngrancang kagiyatan piwucalan kanthi model-model pembelajaran. Dwija saged ngginakaken model pembelajaran ingkang variatif kangge nyiptakaken swasana kelas ingkang kondusif, aktif saha nengsemaken.

b. Jinising model pembelajaran

Salebeting Hamruni (2009:46) wonten tiga jinis model pembelajaran inggih punika :

1. Model pembelajaran langsung

Model pembelajaran langsung (active teaching) inggih punika pasinaon ingkang nengenaken proses sinau minangka proses perubahan perilaku. Model pembelajaran langsung dipunrancang kangge nguwaosi Ilmu prosedural, pengetahuan deklaratif, pengetahuan faktual lan keterampilan. Ancas model pembelajaran langsung inggih punika kangge nggayuh asil pasinaon siswa ing pemahaman lan nguwaosi katrampilan.

Model pembelajaran punika trep dipuncakaken salebeting mata pelajaran berorientasi kinerja/performance (kados maos, nyerat, basa, kesenian, biologi, TIK lan pendidikan jasmani), lan berorientasi informasi.

Dene sintaks fase model pembelajaran langsung inggih punika :

a. Establishing Set

Dwija ngandharaken ancas pasinaon lan latar belakang pelajaran sarta mengkondisikan siswa supados siap anampi piwucalan.

b. Demonstrating

Dwija paring andharan ngengingi materi, pengetahuan lan katrampilan kanthi bertahap.

c. Guided Practise

Dwija bimbing kagiyatan pasinaon lan maringi katrampilan awal.

d. Feedback

Dwija ngawontenaken evaluasi kangge mangertosi asil pemahaman siswa lan maringi umpan balik

e. Extended Practice

Dwija maringi kalodhangan kangge nggladhi lanjutan saha pangetrapanipun

2. Model Pembelajaran Berbasis Masalah

Miturut Hamruni (2006), model pembelajaran berbasis masalah (Discovery learning) inggih punika pasinaon ingkang nengenaken aktivitas penyelidikan ingkang berorientasi marang prekawis kontekstual. Model pembelajaran punika betahaken pamikiran nggambaraken kanthi faktual punapa ingkang dipun sinauni ananging siswa ugi dipuntuntut saged nggambaraken kanthi analitis utawi konseptual. Pembelajaran punika berorientasi tumrap katrampilan siswa anggennipun memproses informasi. Ancas model pembelajaran berbasis masalah inggih punika supados siswa gadhah kaprigelan ngawekani satunggaling prekawis lan katrampilan nindakaken panaliten saengga dadosaken siswa langsung mandiri lan independen.

Trap-traping model pembelajaran berbasis masalah inggih punika

a. Maringi orientasi masalah marang siswa

Dwija ngandharaken ancas pasinaon, nggambaraken kabetahan logistik siswa lan paring panjurung tumrap siswa

b. Bimbing siswa kangge naliti

Dwija paring pambiyantu siswa definisikaken lan mengorganisasikan tugas-tugas pasinaon ingkang gegayutan kaliyan prekawis.

c. Sabiyantu investigasi mandhiri lan kelompok

Dwija paring panjurung dhateng siswa supados pikantuk pawarta ingkang leres, nindakaken eksperimen utawi panaliten lan madosi

andharan saha pamrayogi.

d. Presentasi artifak lan exhibit

Dwija paring pambiyantu siswa salebeting ngrancang lan nyawisaken artifak ingkang leres. Kados : laporan, rekaman video lan bimbing siswa anggenipun ngandharaken asil analisis tumrap kanca sanesipun.

e. Nganalisis lan ngevaluasi salebeting proses ngawekani prekawis

Dwija paring pambiyantu siswa nindakaken refleksi tumrap investigasi lan proses ingkang dipun ginakaken.

3. Model Pembelajaran Kooperatif

Model pembelajaran kooperatif (cooperative learning) inggih punika rangkaian kagiyatan pasinaon ingkang kalaksanakaken kanthi damel kelompok-kelompok alit kangge nggayuh ancas pasinaon. Pembelajaran kooperatif nengenaken proses kerja sama salebeting kelompok. Miturut Slavin (1995) ngandharaken model pembelajaran kooperatif saged ngindhakaken sesambetan sosial, nuwuhaken sikep narima kekirangan dhiri lan tiyang sanes saha ngindhakaken wibawaning dhiri. Pembelajaran kooperatif ugi saged merealisasikan kabetahan siswa salebeting sinau, mrantasi satunggaling prekawis lan ngetrapaken kawruh (pengetahuan) salebeting katrampilan. Pembelajaran kooperatif minangka wujud pasinaon ingkang saged ndandosi sistem pasinaon ingkang kathah kekirangannipun.

Dene jinising model pembelajaran kooperatif antawisipun inggih punika:

a) Jigsaw

Metodhe punika ugi asring kawastanan metodhe Tim Ahli. Amargi proses pasinaon kawiwitan saking dwija ingkang merang dados kelompok-kelompok alit. Kelompok punika kawastanan home teams (kelompok asal). Lajeng saben kelompok punika wonten setunggal tiyang ingkang dipunanggep sampun nguwaosi materi tekstual ingkang dipuntampi saking dwija. Sesulih saking saben kelompok punika damel kelompok ingkang enggal ingkang kawastanan expert teams (kelompok ahli). Kelompok punika dipunparingi kalodhangan kangge diskusi. Lumantar kagiyatan punika dipunpikajengaken saged nguwaosi materi saking sedaya kelompok. Sasampunipun purna diskusi para tim ahli wangsul ing kelompok asal. Lan dipunlajengaken diskusi kaliyan kelompok asal. Kagiyatan punika minangka refleksi dhateng kawruh ingkang pikantuk saking kelompok ahli.

b) Think-Pair-Share

Proses piwucalan ing metodhe punika kawiwitan kanthi dwija ngaturaken pitakenan utawi isu kaiket ngenani piwucalan ingkang dipunarahaken kangge peserta didik. Dwija maringi kalodhangan kangge madosi wangsulan. Lampah salajengipun siswa kadhawuhan damel pasangan-pasangan kangge diskusi. Kanthi diskusi dipunkajengaken saged memperdalam makna saking wangsulan ingkang sampun dipunarahaken kanthi intersubjektif. Kasil saking diskusi intersubjektif dipunrembag kaliyan sedaya pasangan ing kelas. Ing kagiyatan punika dipunpikajengaken tanya jawab ingkang ndorong ing pengonstruksian kawruh kanthi integratif. Peserta didik saged manggihaken struktur saking kawruh ingkang dipunsinaoni.

c) Number Heads Together

Metodhe punika kawiwitan saking dwija merang kelas dados kelompok-kelompok alit. Saben siswa ing kelompok dipunparingi nomor. Dwija ngaturaken pitakenan ingkang kedah dipunwangsuli dening saben-saben kelompok. Saben kelompok dipunparingi kalodhangan kangge manggihaken wangsulan. Lampah salajengipun dwija nimbali peserta didik ingkang gadhah nomor ingkang sami saking saben kelompok. Dipunparingi kalodhangan kangge sedaya siswa saben kelompok maringi wangsulan saking pitakenan ingkang dipuntampi saking dwija. Saking wangsulan-wangsulan punika dwija saged ngrembakakaken diskusi langkung lebet, saengga peserta didik saged manggihaken wangsulan pitakenan punika minangka kawruh ingkang genep.

d) Group Investigation

Metodhe punika kawiwitan saking dwija ndhawuhi siswa ndamel kelompok-kelompok. Salajengipun dwija lan siswa milih topik tartamtu kanthi prekawis ingkang saged dipunrembakakaken saking topik-topik punika. Sasampunipun topik lan prekawis kasarujuki, peserta didik lan dwija nemtokaken metodhe panaliten ingkang dipunrembakakaken kangge ngudhari prekawis.

Saben kelompok makarya kanthi adhedasar metodhe investigasi ingkang sampun karumusaken. Aktivitas kasebat minangka kagiyatan kailmuwan wiwit saking ngempalaken dhata, analisis dhata, sintesis, ngantos mendhet dudutan.

Lampah salajengipun inggih punika andharan asil dening saben-saben kelompok. Ing tahap punika dipunpikajengaken kadadosan intersubjektif lan obkjektivikasi kawruh ingkang sampun kadhapuk dening kelompok. Pinten-pinten persepektif dipunpikajengaken saged dipunrembakakaken dening sedaya kelas saking asil ingkang dipunandharaken dening sawijining kelompok. Ing pungkasaning piwulangan dipunlampahi evaluasi. Kanthi evaluasi saged nglebetaken assesmen individual lan kelompok.

e) Two Stay Two Stray

Metodhe punika ugi kawastanan metodhe kalih mapan kalih dayoh. Kawiwitan saking dwija merang dados kelompok-kelompok. Sasampunipun kadhapuk kelompok dwija maringi prekawis ingkang kedah dipunrembag sesarengan ngengingi wangsulanipun. Sasampunipun diskusi intra kelompok paripurna, tiyang kalih ing saben kelompokipun sowan dhateng kelompok sanes. Anggota kelompok ingkang boten pikantuk jejibahan minangka dayoh (duta) gadhah ayahan kangge nampi dayoh saking kelompok sanes. Ayahanipun supados njlentrehaken asiling karya kelompokipun dhateng dayoh. Kalih tiyang ingkang kajibah minangka dayoh kedah sowan dhateng sedaya kelompok ingkang wonten. Menawi ayahanipun sampun purna, tiyang ingkang dados tamu wangsul malih ing kelompok asalipun piyambak-piyambak. Siswa ingkang dados tamu menapa dene ingkang nampi dayoh nyocokkaken asil karya ingkang sampun kalampahan.

f) Make a match

Metodhe make a math minangka modhel piwucalan kooperatif learning ingkang ngginakaken kartu-kartu. Kartu-kartu punika kaperang saking kartu ingkang wosipun pitakenan-pitakenan lan kartu sanes wosipun wangsulan saking pitakenan-pitakenan kalawau.

g) Listening Team

Piwucalan kanthi metodhe punika kawiwitan dwija ngandharaken materi. Salajengipun dwija merang kelas dados kelompok-kelompok. Saben kelompok gadhah ayahan piyambak-piyambak. Tuladhanipun setunggal kelas dipunperang dados sekawan kelompok. Kelompok sepisanan minangka kelompok pandangon. Kelompok kalih minangka pamangsul adhedasar perspektif tartamtu, dene kelompok tiga minangka pamangsul kanthi persepektif ingkang benten saking kelompok kalih. Bentenipun punika dipunpikajengaken ndadosaken diskusi ingkang aktif katitik wontenipun proses dialektika memanah, saengga saged manggihaken kawruh struktural. Dene kelompok sekawan ayahanipun damel review lan damel dudutan saking asil diskusi. Piwucalan kapungkasi kanthi andharan pinten-pinten kata kunci utawi konsep ingkang sampun karembakakaken dening peserta didik ing proses diskusi.

h) Inside-Outside Circle

Metodhe piwucalan punika kawiwitan saking pandamelan kelompok ageng. Setunggal kelas dipunperang dados kalih kelompok. Saben kelompok ageng punika dipundamel kalih bunderan inggih punika bunderan njawi lan bunderan nglebet.

Dipunatur kanthi sae saengga saben tiyang ing bunderan kalawau sami aben ajeng andhapuk pasangan-pasangan. Saben pasangan dipunparingi ayahan jumbuh kaliyan indikator-indikator ingkang sampun karumusaken. Saksampunipun diskusi anggota kelompok bunderan nglebet owah nglawan arah kaliyan anggota kelompok bunderan njawi. Saengga badhe ndamel pasangan-pasangan ingkang enggal. Pasangan-pasangan punika kedah maringi pawarta adhedhasar asil diskusi kaliyan pasangan sepisanan kalawau. Dipunlampahi ngantos wangsul malih ing pasangan sepisanan.

Asiling diskusi kelompok ageng, salajengipun dipunandharaken saengga kadadosan diskusi antawisipun kelompok ageng. Ing pungkasaning piwucalan dwija ngawontenaken evaluasi lan damel dudutan.

i) Bamboo Dancing

Metodhe piwucalan punika kawiwitan saking dwija nepangaken topik. Dwija saged nyerat topik ing papan tulis menapa saged kaliyan tanya jawab. Kagiyatan sumbang saran punika dipunpikajengaken kangge ngaktifaken struktur kognitif ingkang sampun dipun gadhahi peserta didik supados langkung siyaga kangge miwiti piwucalan enggal. Salajengipun dwija ndamel kelompok ageng. Setunggal kelas dipunperang dados kalih kelompok. Saben kelompok ageng punika dipundamel kalih bunderan inggih punika bunderan njawi lan bunderan nglebet.

Dipunatur kanthi sae saengga saben tiyang ing bunderan kalawau sami aben ajeng ndhapuk pasangan-pasangan. Saben pasangan dipunparingi ayahan jumbuh kaliyan indikator-indikator ingkang sampun karumusaken. Saksampunipun diskusi anggota kelompok bunderan lebet owah nglawan arah kaliyan anggota kelompok bunderan njawi. Saengga badhe ndamel pasangan-pasangan ingkang enggal. Pasangan-pasangan punika kedah maringi informasi adhedasar asil diskusi kaliyan pasangan sepisanan kalawau. Dipunlampahi ngantos wangsul malih ing pasangan sepisanan.

Asiling diskusi kelompok ageng, salajengipun dipunandharaken saengga kadadosan diskusi antawisipun kelompok ageng. Ing pungkasaning piwulangan dwija ngawontenaken evaluasi lan damel dudutan.

j) Point-Counter-Point

Metodhe punika dipun ginakaken kangge ndorong peserta didik memanah ing pinten-pinten perspektif. Ing piwulangan punika materi sanget dipun gatosaken. Ing bahan piwucalan kedah wonten isu-isu kontroversi. Siswa dipunajak damel kelompok-kelompok saengga sami aben ajeng. Dipunparingi kalodhangan dhateng saben kelompok kangge ngrumusaken argumentasi-argumentasi jumbuh kaliyan persepektif ingkang dipunrembakakaken.

Sasampunipun saben kelompok diskusi internal, salajengipun debat. Antawisipun kelompok setunggal kaliyan kelompok sanes sami nanggepi. Ing pungkasaning piwucalan dwija lan peserta didik sesarengan damel evaluasi.

k) Talking Stick

Model pembelajaran Talking Stick inggih punika salah satunggaling jinis modhel pasinaon kooperatif ateges pasinaon ingkang nengenaken keaktifan siswa. Pembelajaran punika saged ndadosaken siswa langkung aktif, inovatif lan kreatif.

Talking Stick minangka modhel pasinaon ingkang migunakaken bantuan tongkat, siswa ingkang nyepeng tongkat wajib mangsuli pitakenan saking dwija sasampunipun siswa nyinaoni materi pokok. Pembelajaran punika trep sanget menawi dipuncakaken kangge siswa SMP, SMA/SMK. Pembelajaran punika saged mujudaken swasana pasinaon ingkang nengsemaken lan damel siswa langkung aktif ugi wantun ngedalaken pamanggih.

l) The Power of Two

Metodhe piwucalan punika kawiwitan saking ngaturaken pitakenan. Dipunpikajengan pitakenan punika arupi pitakenan ingkang mbetahaken panggalihan ingkang kritis.

Siswa kadhawuhan kangge mangsuli pitakenan ingkang dipuntampi. Sasampunipun sedaya ngrampungaken wangsulanipun, peserta didik kadhawuhan madosi pasangan.

Individu-individu ingkang sampun sami pasangan dipunwajibaken sami njlentrehaken wangsulan piyambak-piyambak, salajengipun ndhapuk wangsulan enggal ingkang dipunsarujuki sesarengan. Sasampunipun sedaya sampun nyerat wangsulan, wangsulan punika dipunbandingaken kaliyan pasangan sanesipun. Ing pungkasaning piwucalan rumusan-rumusan rangkuman minangka wangsulan-wangsulan saking pitakenan ingkang sampun kaaturaken. Rumusan punika minangka kostruksi saking sedaya kawruh ingkang sampun karembakaken sedangunipun diskusi.

m) Listening Team

Metodhe punika kawiwitan saking pandamelan kelompok. Kelompok sepisanan minangka kelompok pandangon ingkang ayahanipun ngrumusaken pitakenan. Kelompok kalih minangka panyengkuyung ayahanipun inggih punika mangsuli pitakenan ingkang adhedasar poin-poin ingkang kasarujuki. Kelompok tiga minagka panentang ingkang ayahanipun ngaturaken poin-poin ingkang boten kasarujuki utawi boten gadhah piguna lan njlentrehaken punapa mekaten. Dene kelompok pungkasan minangka panarik dudutan ingkang ayahanipun damel dudutan saking asil diskusi.

9. Model pembelajaran Talking Stick

a. Pangertosan

Model pembelajaran Talking Stick inggih punika salah satunggaling jinis model pasinaon kooperatif ateges pasinaon ingkang nengenaken keaktifan siswa. Pembelajaran punika saged dadosaken siswa langkung aktif, inovatif lan kreatif.

Talking Stick minangka model pembelajaran ingkang migunakaken bantuan tongkat, siswa ingkang nyepeng tongkat wajib mangsuli pitakenan saking dwija sasampunipun siswa nyinaoni materi pokok. Pembelajaran punika trep sanget menawi dipuncakaken kangge siswa SMP, SMA/SMK. Pembelajaran punika saged mujudaken swasana pasinaon ingkang nengsemaken lan damel siswa langkung aktif ugi wantun ngedalaken pamanggih.

b. Langkah-langkah model pasinaon Talking Stick

Cak-cakan ingkang kedah katindakaken salebeting pangetrapanipun model pembelajaran Talking Stick inggih punika:

1) Pasinaon dipunwiwiti dening dwija. Dwija paring andharan ngengingi materi pokok ingkang dipunwucalaken. Siswa dipunparingi kalodhangan wekdal sacekapipun dening dwija kangge maos lan nyinauni materi.

2) Dwija salajengipun nyuwun siswa supados nutup bukunipun. Dwija mendhet tongkat ingkang dipuncawisaken.

3) Tongkat kasebat dipunparingaken dhateng salah satunggaling siswa. Siswa ingkang nampi tongkat kasebat kasuwun mangsuli pitakenan saking dwija dumugi salajengipun.

4) Nalika stick tongkat pindah saking siswa sanes, prayoginipun dipunparingi musik. Dene langkah ingkang pungkasan inggih punika dwija maringi kalodhangan tumrap siswa nindakaken refleksi kangge materi ingkang dipunsinauni. Dwija paring ulasan ngenani sedaya wangsulan saking siswa, salajengipun sesarengan ngrumusaken dudutan.

c. Kalangkungan lan kekirangan model pasinaon Talking Stick

Kalangkungan

1) saged nuwuhaken kawontenan sinau ingkang aktif lan ngremenaken.

2) nguji kesiapan siswa.

3) dadosaken siswa sregep anggenipun sinau(belajar dahulu).

4) nggladhi siswa lagkung cepet anggenipun mahami materi.

5) materi ingkang dipunparingaken langkung narik kawigatosan siswa.

6) saged ngindhakaken kasil sinau siswa dumugi taraf kentutasan sinau siswa kanthi klasikal 87,50%.

Kekirangan

1) Dipunbetahaken bimbingan saking dwija kangge nindakaken kagiyatan.

2) Dadosaken siswa ingkang boten siap saged gugup.

3) Betahaken wekdal ingkang kathah supados saged mangertosi tingkat pemahaman sedaya siswa.

4) Wekdal ingkang kacawisaken prelu dipunwatesi ampun ngantos siswa kathah dolanan ing proses pasinaon. Dwija prelu nyiagakaken bahan lan piranti ingkang jangkep.

10. Cengkoronganing Pamikir

Wulangan basa Jawa nemahi pepalang ingkang awrat salebeting arus global. Wulangan boten namung nampi teori ananging siswa dipuntuntut saged ngetrapaken teori ing pangesangan nyata, sarta aktif produktif nglampahi proses kreatif. Kejawi punika siswa ugi boten greget nyinau basa jawi, mliginipun pasinaon nyerat parikan. Lajeng miturut pangrembakaning jaman punika siswa boten mangertos malih babagan parikan, awit pasinaon punika kirang dipunwucalaken. Siswa ugi ngraosaken bosen nalika proses piwucalan amargi dwija monoton. Dwija boten ngginakaken medhiya lan metodhe pasinaon ingkang variatif, supados dadosaken motivasi sinau siswa kirang saengga mangaribawani tumrap asil pasinaon siswa. Kepara malah ancas pasinaon ingkang katemtokaken boten saged kagayuh kanthi sae.

Adhedhasar prekawis kasebat, dwija kasuwun kreatif lan inovatif salebeting pelaksanaan pembelajaran. Pasinaon nyerat parikan punika minangka pasinaon ingkang sejatosipun nengsemaken. Dwija saged migunakaken model pembelajaran lan bahan ajar ingkang narik ananging kedah trep kaliyan ancas pasinaon.

Kados migunakaken tembang campursari. Tembang campursari ing Jaman punika langkung populer lan dipunmangertosi dening siswa. Kanthi mekaten siswa saged greget lan langkung termotivasi nglampahi proses piwucalan. Siswa ugi boten ngraosaken bosen ananging malah ngraos terhibur saengga saged anampi piwucalan kanthi sae. Tembang campur sari ingkang dipun ginakaken ngandhut bab parikan. Pramila siswa saged pikantuk gambaran nyata ngenani tuladha parikan. Kamangka ing pungkasanipun, siswa saged nyerat parikan kanthi sae saengga ngindhakaken asil pasinaon siswa.

11. Hipotesis

Adhedhasar pratelan wonten nginggil, mila saged dipundudut hipotesis sementara bilih kanthi model pembelajaran Talking Stick lan migunakaken tembang campursari album the best of cak diqin saged ngindhakaken asil pasinaon nyerat parikan tumrap siswa kelas XI SMA N 1 Karangtengah.

12. Adaptasi teori

Nyerat miturut Tarigan (1994:21) inggih punika nggambaraken lambang-lambang grafis ingkang nggambaraken satunggaling basa ingkang dipunpahami dening satunggaling tiyang saengga tiyang sanesipun saged maos lambang-lambang grafis kasebat. Dene miturut Suparno lan Yunus (2008 : 13) nyerat minangka wahana ngandharaken pesan (pasrawungan ngginakaken basa tulis kanthi alat utawi medhiya). Pamanggih kasebat jumbuh kaliyan pamanggihipun Hartati (2007:9) ingkang ngandharaken bilih Nyerat saged dipuntegesaken minangka proses kaprigelan menuangkan gagasan kanthi basa tulis ingkang tumata awujud seratan. Nyerat minangka kaprigelan basa ingkang kedah dipun ginakaken salebetipun pasrawungan kanthi boten langsung.

Sasampunipun mengakomodasi pangertosan nyerat saking para ahli, mila panyerat saged mendhet dudutan bilih nyerat minangka proses kaprigelan ngandharaken gagasan utawi pamanggih kanthi basa tulis ingkang tumata awujud seratan. Kagiyatan nyerat minangka proses ingkang kedah dipun gladhi kanthi boten wonten bosenipun.

BAB III

METODHE PANALITEN

A. Pendekatan Panaliten

Panaliten punika awujud Panaliten Tindakan Kelas (Classroom Action Research) ginanipun kangge ngawekani prekawis-prekawis ingkang wonten salebeting pasinaon. Classroom Action Research (CAR) punika langkung nengenaken pambudidaya memperbaiki kinerja ingkang asipat kontekstual. Panaliten punika saged dipunlampahi dening dwija ingkang gadhah ancas ngindhakaken kuwalitas pasinaon saengga nyengkuyung peningkatan mutu pendidikan.

Panaliten Tindakan Kelas katindakaken kanthi jinis pendekatan deskriptif lan surve inggih punika ngempalaken dhata sacekapipun magepokan kaliyan babagan ingkang sesambetan kaliyan kualitas belajar mengajar. Babagan punika antawisipun dwija, kurikulum, metodhe, siswa, asil pasinaon lsp.

Salebeting panaliten, dwija kedah nindakaken sekawan prosedhur panaliten inggih punika perencanaan, pelaksanaan, pengamatan lan refleksi. Prosedhur kasebat kasusun salebeting setunggal siklus pemecahan masalah. Menawi salebeting setunggal siklus kasebat dereng manggihi ewah-ewahan tumrap kasil pasinaon, mila kagiyatan riset kalajengaken ing siklus kalih.

B. Papan Lan wekdal Panaliten

Panaliten dipuntindakaken ing SMA N 1 KARANGTENGAH kelas XI IPS 3 ingkang kalaksanan surya 18 Juli dumugi 7 Agustus 2011.

C. Sumber dhata lan Korpus dhata

Sumber dhata ing panaliten inggih punika kaset album the best of cakdiqin lan kaprigelan nyerat parikan salebeting tembang campursari album the best of cakdiqin kanthi model pembelajaran talking stick tumrap siswa kelas XI SMA N 1 Karangtengah. Dene korpus dhatanipun inggih punika ukara-ukara salebeting tembang campursari album the best of cakdiqin ingkang ngandhut parikan lan asil pasinaon siswa kelas XI SMA N 1 Karangtengah ngengingi kaprigelan nyerat parikan.

D. Desain Panaliten

Panaliten punika ngginakaken desain panaliten tindakan kelas ingkang dipuntempuh kaliyan kalih siklus, inggih punika siklus I lan siklus II. Wonten sekawan trap-traping utawi langkah ingkang kagolong ing siklus-siklus inggih punika perencanaan, tindakan, pengamatan, refleksi. Sekawan langkah kasebat sami kaiket antawisipun setunggal kaliyan sanesipun. Kalampahanipun ugi sami kaiket antawisipun siklus I lan siklus II. Siklus II punika kaginakaken kangge nyampurnakaken kekirangan lan kalangkungan ing siklus II.

perencanaan

RefleksiSiklus IPelaksanaan

Pengamatan

Perencanaan

RefleksiPelaksanaan

Siklus II

Pengamatan

Gambar : siklus penelitian tidakan kelas

Adhedhasar saking katrangan ing nginggil, menawi panalitian tindakan kelas (PTK) inggih punika panaliten ingkang katindakaken dening dwija kanthi sistematik supados pikantuk asil ingkang langkung sae. Proses punika kaperang saking tindakan siklus I lan siklus II ingkang dipunwiwiti tindakan perencanaan dumugi ing pungkasaning proses tindakan siklus katindakaken refleksi.

Saderengipun nglampahi panaliten ing siklus I, panaliti nindakaken langkah kangge kagiyatan ingkang kapisan. Langkah kasebat dipunwastani prasiklus. Kagiyatan kasebat inggih punika maringi tes ingkang anggadhahi ancas kangge mangertosi penguasaan siswa tumrap kaprigelan nyerat parikan. Asil tes kasebat dipuncathet kangge bahan perbandingan ing siklus I lan siklus II.

1. Siklus I

Salebeting siklus I punika wonten sekawan perangan inggih punika perencanaan , tindakan, pengamatan lan refleksi .

a. Perencanaan

Ing trap-trapan punika, panaliti nyiapaken rencana program pembelajaran. Materi ingkang dipunsugataken ing salebeting rencana pembelajaran punika bab kaprigelan nyerat parikan kanthi model pembelajaran Talking Stick lan tembang campursari album the best of Cak Diqin ing salebetipun ngandhut tuladha parikan. Kangge mangertosi asiling piwucalan punika dipuncawisaken alat evaluasi awujud tes, observasi lan jurnal. Tes ingkang dipun ginakaken inggih punika kangge dhata kasilipun, dene lembar observasi lan jurnal kangge mangertosi faktor punapa ingkang njalari siswa dereng saged.

Dhata ingkang sampun wonten punika kangge ndamel rancangan tindakan ing salebeting perencanaan pasinaon ingkang katindakaken supados pikantuk pangrembag sedaya prekawis ingkang dipunpanggihi ing siklus I. Kanthi rancangan punika panaliten saged kalampahan langkung runtut, sistematis lan jumbuh kaliyan prekawis ingkang badhe dipuntaliti.

Kagiyatan ingkang katindakaken ing perencanaan inggih punika damel Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP), damel instrument pengamatan, jurnal siswa, sarta rencana alat evaluasi inggih punika tes tertulis kangge siswa.

b. Tindakan

Langkah punika minangka pelaksanaan saking rencana pembelajaran ingkang dipunsiagakaken. Tindakan ingkang dipunlampahi ing trap-trapipun inggih punika pendahuluan, inti lan panutup.

Trap-trapan pendahuluan inggih punika kangge nyiagakaken siswa utawi mengontrol siswa supados dherek proses pasinaon kanthi sae. Dwija saged maringi panjurung dhateng siswa supados langkung greget anggenipun sinau. Salajengipun dwija ngandharaken ancas pasinaon. Persiapan dipunlajengaken kaliyan cara maringi pitakenan tumrap siswa babagan kaprigelan nyerat parikan ingkang dipunwastani apersepsi. Ancas ngawontenaken apersepsi inggih punika dwija saged mangertosi kemamapuan dasar siswa ngengingi parikan.

Trap-trapan inti inggih punika pelaksanaan kagiyatan piwucalan nyerat parikan. Ing trapipun inggih punika:

1. Dwija ngandharaken kanthi garis besar babagan pangertosan parikan lan paugeraning parikan.

2. Kangge maringi gegambaran nyata tumrap siswa ngengingi parikan, dwija nyawisaken tembang campursari ingkang ngandhut parikan.

3. Dwija sesarengan kaliyan siswa mengidentifikasi tuladha parikan salebetipun tembang kasebat.

4. Siswa kasuwun nyebataken tuladha parikan ing tembang campursari kalawau.

5. Sasampunipun mengidentifikasi siswa kasuwun damel tuladha parikan ingkang jumbuh kaliyan paugeraning parikan.

6. Siswa dipunparingi kalodhangan dening dwija kangge ngandharaken tuladha parikan ingkang dipunserat kanthi cara permainan tongkat (model pembelajaran talking stick).

7. Siswa kadhawuhan nutup bukunipun.

8. Dwija nyawisaken tongkat, tongkat kasebat dipunparingaken dhateng salah satunggaling siswa. Tongkat pindhah kanthi muter saking setunggal siswa marang siswa sanesipun.

9. Siswa ingkang pikantuk tongkat kadhawuhan mangsuli pitakenan saking dwija.

10. Siswa sanesipun maringi tanggapan ngengingi wangsulanipun kanca.

11. Dwija maringi umpan balik positif ngengingi asil pasinaon lan tanggapan siswa.

12. Dwija nindakaken pengamatan dhateng kagiyatan siswa.

13. Sedaya siswa ngempalaken asil tugasipun.

14. Dwija maringi pambiji dhateng asil pasinaon siswa.

15. Dwija maringi panjurung tumrap siswa ingkang kirang aktif ing proses pasinaon.

Trap-trapan panutup, panaliten ngawontenaken refleksi tumrap piwucalan ingkang kalampahan lan damel dudutan tumrap pembelajaran nyerat parikan, siswa kasuwun ngisi lembar jurnal ingkang sampun dipuncawisaken ingkang isinipun tanggapan, kesan, utawi kritik tumrap pembelajaran.

c. Pengamatan

Pengamatan utawi observasi dipunlampahi ing proses pasinaon ingkang sakpunika nembe kalampahan. Pengamatan kedah dipunlampahi kangge mangertosi kawasisan siswa salebeting nguwaosi materi pasinaon.

Ing pengamatan punika sedaya dhata ing siklus I dipunkempalaken kanthi piranti antawisipun : 1. Tes kaserat, 2. Ngamati tindak-tanduk/keaktifan siswa salebeting piwucalan nyerat parikan kanthi migunakaken lembar observasi, 3. Jurnal siswa kangge mangertosi panyaruwe siswa lan tingkat kawruh siswa sasampunipun piwucalan katindakaken.

d. Refleksi

Kagiyatan refleksi minangka evaluasi tumrap tindakan lan asil siklus I. Menawi ing kagiyatan punika siswa tasih kathah kekiranganipun mila dipunlaksanakaken siklus II.

Kagiyatan ingkang katindakaken ing tahap refleksi inggih punika ngempalaken dhata kangge dipunanalisis lan salajengipun nemtokaken langkah perbaikan ingkang badhe dipuntindakaken ing siklus II. Wonten ing siklus II punika panaliti kedah langkung permati lan saged nemokaken kekirangan pasinaon ing siklus I saengga ing piwucalan siklus II wonten indhakipun.

2. Siklus II

Ing piwucalan siklus II punika boten benten kaliyan siklus I. Siklus II punika perbaikan saking tindakan-tindakan ingkang tasih kirang ing siklus I, saengga ing siklus II dipunpikajengaken wonten indhakipun.

a. Perencanaan

Bab-bab ingkang dipun gatosaken ing siklus II inggih punika : 1. Damel Rencana Pelaksanaan Pembelajaran (RPP) lan ngawontenaken perbaikan piwucalan ing siklus I ingkang sampun dipuntindakaken, 2. Nyawisaken materi babagan punapa kemawon ingkang kedah dipun gatosaken salebeting nyerat parikan, nyawisaken materi tuladha parikan salebeting tembang campursari album the best of Cak Diqin kangge dipuncakaken ing piwucalan kanhi model pembelajaran Talking Stick supados siswa langkung gamblang, 3. Nindakaken panaliten langkung permati, mliginipun aktifitas siswa salebeting proses piwucalan kawiwitan , 4. Damel utawi nyusun rencana evaluasi punika tes kaserat.

b. Tindakan

Tindakan ing siklus II inggih punika perbaikan saking siklus I inggih punika pendahuluan, inti lan panutup.

Trap-traping pendahuluan inggih punika kangge nyiapaken mental siswa supados dherek proses piwucalan. Ingkang dipunlampahi kaliyan dwija inggih punika siswa dipunparingi soal ingkang gegayutan kaliyan kaprigelan nyerat parikan.

Trap-trapan inti inggih punika pelaksanaan kagiyatan piwucalan nyerat parikan. Ing trapipun inggih punika:

1. Dwija ngandharaken kanthi garis besar babagan pangertosan parikan lan paugeraning parikan.

2. Kangge maringi gegambaran nyata tumrap siswa ngengingi parikan, dwija nyawisaken tembang campursari ingkang ngandhut parikan.

3. Dwija sesarengan kaliyan siswa mengidentifikasi tuladha parikan salebetipun tembang kasebat.

4. Siswa kasuwun nyebataken tuladha parikan ing tembang campursari kalawau.

5. Sasampunipun mengidentifikasi siswa kasuwun damel tuladha parikan ingkang jumbuh kaliyan paugeraning parikan.

6. Siswa dipunparingi kalodhangan dening dwija kangge ngandharaken tuladha parikan ingkang dipunserat kanthi cara permainan tongkat (model pembelajaran talking stick).

7. Siswa kadhawuhan nutup bukunipun.

8. Dwija nyawisaken tongkat, tongkat kasebat dipunparingaken dhateng salah satunggaling siswa. Tongkat pindhah kanthi muter saking setunggal siswa marang siswa sanesipun.

9. Siswa ingkang pikantuk tongkat kadhawuhan mangsuli pitakenan saking dwija.

10. Siswa sanesipun maringi tanggapan ngengingi wangsulanipun kanca.

11. Dwija maringi umpan balik positif ngengingi asil pasinaon lan tanggapan siswa.

12. Dwija nindakaken pengamatan dhateng kagiyatan siswa.

13. Sedaya siswa ngempalaken asil tugasipun.

14. Dwija maringi pambiji dhateng asil pasinaon siswa.

15. Dwija mringi panjurung tumrap siswa ingkang kirang aktif ing proses pasinaon.

Trap-traping panutup punika, panaliten ngawontenaken refleksi ing pasinaon lan ndamel dudutan tumrap pasinaon nyerat parikan. Siswa dipunsuwun ngisi jurnal ingkang dipunsiapaken. Asiling siklus II punika kaangkah wonten indhakipun dhateng pangertosan siswa kabandingaken asil pasinaong ing siklus I.

c. Pengamatan

Ing pengamatan punika sedaya data ing siklus II dipunkempalaken kanthi piranti-piranti antawisipun: 1. Tes kaserat, 2. Ngamati sedaya tindak-tanduk (respon positif lan negatif) siswa saklebeting piwucalan migunakaken lembar observasi, 3. Nyerat jurnal siswa kangge mangertosi tingkat pangertosan siswa sakderengipun lan saksampunipun piwucalan dipuntindakaken.

Saksampunipun ngempalaken dhata-dhata saking siklus I lan siklus II, bandingaken asilipun piwucalan siswa ngengingi wontenipun peningkatan saklebeting piwucalan migunakaken model pembelajaran Talking Stick.

d. Refleksi

Refleksi siklus II dipun ginakaken kangge ndamel dudutan saking pelaksanaan kagiyatan lan bandhingaken evaluasi siklus I kaliyan siklus II. Gegayutan kaliyan punika mila saged dipuntingali perubahan indhaking kaprigelan nyerat parikan tumrap siswa kelas XI SMA Negeri 1 Karangtengah Taun 2011.

E. Teknik Pengempalan Dhata

Cara utawi teknik ingkang dipun ginakaken salebeting pangempalan dhata panaliten inggih punika teknik tes, observasi lan jurnal siswa. Teknik tes inggih punika seperangkat rangsangan (stimuli) ingkang dipunparingaken dhateng siswa kanthi maksud utawi ancas supados pikantuk wangsulan ingkang saged dadosaken dhasar kangge netepaken skor angka. Jinis tes ingkang dipun ginakaken inggih punika :

1) Tes lisan inggih punika awujud pitakenan ingkang dipunajokaken kanthi lisan ngengingi aspek-aspek ingkang badhe dipuntaliti

2) Tes tertulis inggih punika pitaken ingkang awujud seratan lan wangsulanipun ugi wujudipun seratan. Wujud tes tulis punika tes essay. Tes essay inggih punika tes ingkang dipunpikajengaken siswa saged maringi wangsulan awujud uraian ukara ingkang kasusun piyambak.

Dene teknik ingkang dipun ginakaken salebeting ndungkap parikan wangsalan salebeting tembang campursari the best of cak diqin inggih punika teknik utawi metodhe simak tulis. Metode simak tulis inggih punika jinising teknik ngempalaken dhata kanthi nyimak objek panaliten awujud lirik tembang campursari album the best of cak diqin saking kaset lajeng dipunserat minangka dhata.

F. Teknik analisis dhata

Teknik analisis dhata ing paniliten punika salah satunggaling teknik kangge ngolah dhata ingkang sampun kempal awujud dhata kuantitatif tuwin kualitatif. Analisis dhata kuantitatif dipun ginakaken kangge nganalisis asil tes, analisis dhata kualitatif dipun ginakaken kangge nganalisis asil observasi lan jurnal siswa.

1) Analisis Kuantitatif

Miturut Nur Heryanto (2005 : 15) analisis kuantitatif punika dhatanipun dhata kuantitatif ingkang wujudipun angka. Asil analisis dhata kuantitatif dipun etang kanthi presentase, pangetanganipun kados makaten:

a) Ngrekap bijinipun siswa.

b) Ngetang nilai komulatif saking sub aspek penilaian.

c) Ngetang tingkat persentase ingkang dipunetang kanthi distribusi bergolong, inggih punika pengelompokan dhata kanthi cara mantha-mantha dhata miturut kelas, jinis utawi golonganipun lan netepaken gunggungipun biji ingkang kalebet ing kelas kasebut (frekuensi).

Persentase dipunetang kanthi rumus kados makaten :

NP =

Katrangan : NP = nilai presentasi

NK = nilai komulatif

R = Jumlah responden

d) Ngetang skor rata-rata (mean) punika dipunetang kanthi rumus kados makaten :

Mean = x / N

2) Analisis Kualitatif

Miturut Nur Heryanto (2005 : 15) analisis kualitatif inggih punika dhata ingkang wujudipun kategori. Dhata punika awujud katrangan utawi ukara-ukara. Observasi lan Jurnal siswa kanthi kualitatif dipun ginakaken kangge mangertosi tanggapan siswa lan kangge mangertosi perubahan solah bawa siswa ing salebeting piwucalan nyerat parikan kanthi model pembelajaran Talking Stick salebeting tembang campursari album the best of Cak Diqin.

Tindak-tanduk ingkang dipunamati antawisipun : (1) perilaku positif inggih punika migatosaken piwucalan lan damel cathetan, boten rame lan saged jagi kawontenan kelas nalika piwucalan kalampahan, paring respon remen tumrap model pembelajaran Talking Stick, asring nyuwun pirsa menawi manggihi rubeda, nggarap pakaryan kanthi tumindak sae; (2) perilaku negatif inggih punika boten migatosaken piwucalan lan boten damel cathetan, rame lan boten saged jagi kawontenan kelas nalika piwucalan kalampahan, paring respon kirang remen tumrap model pembelajaran Talking Stick, boten taken menawi manggihi rubeda, nggarap pakaryan kanthi tumindak kirang sae.

Dene teknik kangge nganalisis dhata salebeting album campursari inggih punika teknik padan. Teknik punika nganalisis dhata kanthi makna utawi aspek semantisipun lan instrumen/alat ingkang dipun ginakaken inggih punika ortografis (seratan). Salebeting album the best of Cak Diqin ingkang badhe karembag utawi dipunanalisis punika wonten 10 tembang campursari, antawisipun : sepur arga lawu, gulu pedhot, pindhah tresna, mundur apa mbacut, ilat tanpa balung, bengawan banjir, cinta dimato, manten-mantenan, randha gunung, cinta tak terpisahkan.

G. Indikator Keberhasilan

Indikator asilipun piwucalan nyerat parikan saged dipuntingali saking nilai rata-rata kelas. Nilai rata-rata kelas kedah langkung saking nikai KKM ateges bilih siswa punika sampun tuntas. Ananging menawi nilai punika kirang saking KKM pramila kagolong dereng tuntas saengga kedah dipunambali malih inngih punika dwija damel soal remidi. Wondene nilai KKM katemtokaken inggih punika 70.

Asilipun panaliten ingkang sanes inggih punika wontenipun ewah-ewahan solah bawa tumrap siswa sasampunipun dherek piwucalan. Asil punika saged dipuntingali mawi lembar observasi.

10

52

1

_87265428.unknown