4

Click here to load reader

Raden Kumbokarna

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: Raden Kumbokarna

Raden Kumbokarna

Ing nagari Ngalengka ingkang jumeneng nata jejuluk Prabu Dasamuka. Sang Prabu kagungan rayi tiga. Rayi cer awujud rasaksa gung aluhur nami Raden Kumbakarna. Rayi sumendhi estri, nami Sarpakenaka, ugi raseksi. Dene rayi wuragil satriya bagus alus kekasih Raden Gunawan Wibisana.

Sami-sami raseksa, watak wantunipun Prabu Dasamuka kaliyan Raden Kumbakarna punika beda sanget, pindhanipun kaya bumi karo langit. Prabu Dasomuka asor bebudenipun, ambeg adigang, adigung, adiguna. Daksiya dhateng sesamining dumadi. Wondene Raden Kumbakarna bebudenipun luhur, remen nggayuh kautamen, bekti dhateng asepuh, tresna dhateng nusa Ian bangsa.

Nalika badhe wonten perang ageng mengsah Prabu Rarnawijaya Raden Kumbakarna boten kendhat-khendhat atur pemut dhateng ingkang raka, bilih ingkang lepat punika saestunipun ingkang raka. Lepatipun dene kumawantun ndhustha Dewi Sinta, garwanipun Sang Prabu Ramawijaya. Kagalih ngrencangi mengsah, Raden Kumbakarna dipundu kani kathah-kathah, dipunumpah-umpah bebasan entek ngamek kurang golek, sarta dipunundhamana anggenipun sampun kersa mukti wibawa wonten negari Ngalengka nanging kirang bekti dhateng kadang sepuh sarta kirang Iabuh Iabetipun dhateng nusa bangsa. Mireng dukanipun ingkang raka, Raden Kumbakarna klepat kesah, tapa sare.

Perangipun wadyabala Ngalengka kaliyan bala wanara wadyabalanipun Sang Prabu Rama sakalangkung rame. Nagari Ngalengka risak abosah-basih. Ing pabaratan sasat banjir ludira, malah lajeng mbalabar mlebet ing salebeting puri. Dalasan papan paleremanipun Raden Kumbakarna ugi kebanjiran ludira, njalari Raden Kumbakarna lajeng wungu.

Kocapa, sareng wuninga risakipun nagari saha kawula ing Ngalengka, Raden Kumbakarna lajeng kegigah penggaIihipun. Ciptaning galih, Raden Kumbakarna badhe mengsah yuda mbelani nusa bangsa. Antebing tekadipun: negari Ngalengka tilaranipun suwargi ingkang rama badhe dipuntohi pecahing jaja wutahing ludira. Saestu Raden Kumbakarna kapupu madyaning rana netepi darmaning satriya tama.

Page 2: Raden Kumbokarna

PANDHAWA

Prabu Pandhu iku ratu ing negara Ngastina. Sang Prabu kagungan putra cacahé lima, lanang kabèh. Putra lima lanang kabèh iku diarani “Pandhawa”. Pambarepé Prabu Puntadéwa, jumeneng nata ing negara Ngamarta. wataké lugu, jujur Ian lilan. Déné adhiné yaiku Radèn Werkudara dadi striya ing Jodhipati. Wataké kendel, jujur Ian temen.

Panengahe Pandhawa yaiku Radèn Arjuna uga karan Radèn Janaka. VVataké kendel, seneng maguru, jujur, welas karo sing nandhang kasusahan. Kasatriyané ing Mdukara. Prabu Puntadéwa, Radèn Werkudara lan Radèn Janaka iku putranè Prabu Pandhu karo garwa Dèwi Kunthi. Sing ragil yaiku si kembar Nakula Ian Sadéwa, lair saka garwa Dèwi Madrim. Nakula Ian Sadéwa padha pinteré. Bekti Ian setya marang sadulur tuwa. Kasatriyané ing Sawojajar. Wiwit isih cilik para kadang Pandhawa iku wis katon luhur bebudèné. Seneng Ian welas asih marang sapadha-padha.

Prabu Pandhu jumeneng nata ora suwé, isih timur kaselak séda. Putrané isih cilik-cilik. Dèwi Kunthi nggulawenthah putrané sing isih cilik-cilik. Ora mbédak-mbédakaké antarané putrané dhéwé Ian putrané kuwalon. Bocah lima digulawenthah kanthi becik. Karo Prabu Pandhu negara Ngastina dititipaké marang Radèn Dhestharastra, kaprenah rakané Prabu Pandhu. Bésuk yen Pandhawa wis déwasa supaya dijumenengaké nata ing Ngastina.

Page 3: Raden Kumbokarna

WERKUDARA

Werkudara iku Pandhawa sing nomer loro. Pawakane gedhe dhuwur. gagah prakosa. Werkudara duwe watak jujur. setya lan seneng mbela marang sing bener. Nalika Lair Werkudara wujud bungkus sing angel dipecahake utawa disuwek. Sakabehing gegaman ora ana sing tedhas. Sidane bungkus dibhuwang ing alas Krendha Wahana.

Nganti 14 taun si jabang bayi urip ana sanjerone bungkus ing satengahe alas Gung Liwang-liwung. Sawijining dina ana gajah gedhe nyedhaki. Bungkus dienggo bal-balan, dibentus-bentusake in watu lan wit-witan. Bosen bal-balan, bungkus dumbul-umbulake nganggo tlalene. NaIika ana awang-awang, bungkus disundhang nganggo gadinge sing lancip, sakala bungkus pecah.

Pecahe bungkus muncul bocah bajang. Dheweke rumangsa diganggu dening gajah, banjur ngamuk. Gajah bisa dipateni kanthi disabetake ing watu. Anehe bathange gajah sakala ilang tanpa labet. Sailange gajah keprungu swara “Bocah bajang, jenenge Gajah Sena. Aku matur nuwun banget marang kowe. Wis mataun-taun aku golek sampurnaning urip lagi dina iki kelakon. Saiki aku bakal nyawiji karo awakmu.

Gandheng bocah bajang durung duwe jeneng. Mula jenenge si gajah banjur dienggo. Kanthi mangkono bocah bajang iku saiki duwe jeneng, yaiku Sena. Sabanjure Sena uga duwe jeneng Iiya antarane : Bratasena, Jagalbilawa, Bima, Werkudara.