Upload
lamkhanh
View
618
Download
44
Embed Size (px)
Citation preview
SUMBER BELAJAR PENUNJANG PLPG 2017
MATA PELAJARAN/PAKET KEAHLIAN
BAHASA JAWA
BAB VIII
PEWAYANGAN
OLEH:
DRA. SRI SULISTIANI, M.Pd. DRA. SUWARNI, M.Pd.
DRS. SUGENG ADIPITOYO, M.Si. DR. SURANA, M.Hum.
KEMENTERIAN PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN
DIREKTORAT JENDERAL GURU DAN TENAGA KEPENDIDIKAN
2017
1
KISI-KISI DAN BAHAN AJAR
No. Kompetensi Utama
Standar Kompetensi Guru (SKG) Indikator Pencapaian Kompetensi
(IPK)
Materi pokok Kompetensi Inti
Guru (KI) Kompetensi Guru
Mata Pelajaran (KD)
A B C D E F
1. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.
Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran
Mengidentifikasi tokoh
Pewayangan
2. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.
Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran
Menunjukkan kerajaan tokoh
Pewayangan
3. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.
Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran
Menjelaskan senjata-senjata tokoh pewayangan
Pewayangan
4. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.
Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran
Mengidentifi-kasi lakon dalam konteks wacana
Lakon
5. Profesional Menguasai materi, struktur, konsep, dan pola pikir keilmuan yang mendukung mata pelajaran yang diampu.
Memahami bahasa, sastra, dan budaya serta implementasinya dalam pembelajaran
Mengidentifi=kasi lakon dalam tradhisi Jawa
Pewayangan
BAB VIII
PEWAYANGAN
2
Wayang iku pagelaran nganggo golekan (boneka) kang awujud 2 dhimensi
utawa 3 dhimensi kang mujudake wewayangan utawa gegambaran utawa
pangejawantahan watak lan jiwa pribadhine manungsa. Kang wujud 2 dhimensi
umume digawe saka kulit (walulang) utawa saka kertas, dene kang 3 dhimensi
lumrahe digawe saka kayu. Manut ing kamajuane jaman, wayang wis tinatah lan
sinungging kanthi nggunakake medhia dhigital. Wayang kang tinatah lan sinungging
kanthi medhia dhigital kasebat e-wayang.
Crita wayang lumrahe kapethik saka epos Mahabharata lan Ramayana kang
disebut Wayang Purwa. Kejaba iku uga ana kang kajupuk saka Cerita 1001 malam
saka tlatah Arab. Wayang iki diarani Wayang Menak. Wayang ora mung sumebar ing
tlatah Jawa, ananging uga ing tlalah liyane ing nuswantara. Wayang purwa wis
diakoni dening UNESCO tanggal 7 November2003, dadi karya kabudayan kang
adiluhung lan edi peni warisane donya ing babagan crita lan tata pagelarane utawa
dadi Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity.
I. NGIDHENTIFIKASI TOKOH WAYANG
Kanggo ngidhentifikasi paraga utawa tokoh wayang kaandharake lumantar
lakon wayang. Tuladhane mangkene:
LAKON RAMA NITIK
Ing kedhaton Hastina, Prabu Suyudana siniwaka diadhep Patih Sengkuni,
Pandhita Drona, Prabu Baladewa, Prabu Karna, lan Aswatama, nggunem bab tepis
wiringe praja ketiban anjir. Prabu Duryudana mintasraya Prabu Baladewa lan Prabu
Karna, diaturi nitipriksa menyang tepis wiringing praja, nganthi wadyabala Korawa.
Putrane Prabu Baladewa ratu ing Mandura lan Prabu Karna karo wadyabala
Korawa ing tepis wiringing praja wuninga anjir dijaga para wanara mayuta-yuta.
Amarga sulaya ing rembug wadyabala Korawa perang lumawan para wanara.
Wadyabala Korawa ngucir ing yuda, ateges kalah.
Ing Pancawati, Prabu Rama miyos siniwaka diadhep dening Bharata,
Laksmana, Satrugna, lan Dewi Sinta ngrembug bab dhaupe Bharata karo Dewi
Antrakawulan. Dewi Sinta nyuwun dikancani Dewi Drupadi. Prabu Rama ngutus
Anoman menyang Amarta amundhut Dewi Drupadi. Anoman digawani nawala. Ing
Nagara Ngamarta, Prabu Yudhistira, Prabu Kresna, Bhima, Nakula, lan Sadewa
ngrembug bab Arjuna kang ora sowan. Kasaru praptane Anoman ngaturake layang
marang Prabu Yudhistira. Anoman kaparingan kendhaga krana iguhe Prabu Kresna.
Kanthi dipratelakake yen kendhaga iku isine Dewi Drupadi supaya diaturake Prabu
Rama (Padmosoekotjo, 1982:51-52).
3
PRABU MATSWAPATI
Ing Nagara Wiratha, kang uga kacarita Prabu Matswapati utawa Prabu
Durgandana. Tembung Matswapati tegese ratuning iwak. Wondene Durgandana
tegese ngganda ala. Adhine, asma Durgandini, katelah Dewi Rara Amis. Durgandana
lan Durgandini iku putrane prabu Matswapati, ratuning iwak. Ing pedhalangan,
garwane Prabu Matswapati asma Dewi Rekatawati, putrane Resi Parasara, kang
miyos saka Dewi Watari, putrane Prabu Rekatha, ratuning samodra. Patihe Prabu
Matswapati asma Nirbita. Senapatining prang ana 3, yaiku: Rajamala, Rupakenca, lan
Kencakarupa. Putrane ana 5, kabeh miyos saka Dewi Rekatawati, yaiku: (1) Seta
(Sweata), (2) Utara (3) Wratsangka, (4) Satanika, (5) Dewi Utari (Padmoseokotjo,
1982: 66).
Sajrone pethikan Lakon Rama Nitik lan Prabu Matswapati kasebut tinemu
paraga-paraga wayang purwa saka epos Ramayana, yaiku Bharata, Laksmana,
Satrugna, lan Dewi Sinta. Ing epos Mahabharata, yaiku Prabu Suyudana utawa
Duryudana, Patih Sengkuni, Pandhita Drona, Prabu Baladewa, Adipati Karna, lan
Aswatama. Prabu Baladewa ngasta pusaraning praja Mandura, dene Adipati Karna
jumeneng nata ing Awangga. Ing lakon Matswapati tinemu paraga Matswapati
utawa Durgandana, Dewi Rara Amis, Seta, Utara, Wratsangka, Satanika, lan Dewi
Utari. Paraga-paraga ing lakon wayang kulit kang katur ing subbab iki, ananging
mung saperangan saka epos Ramayana lan Mahabharata.
A. Carita Ramayana
Paraga kang diandharake, yaiku Prabu Ramawidjaya, Laksmana, Bharata, lan
Dewi Sinta.
(1) Prabu Ramawijaya
Prabu Rama uga kawastanan Prabu Ramawijaya, yaiku paragatama ing
Ramayana. Ingkang rama asma prabu Dasarata kang jumeneng nata ing nagara
Ayodya. Sang Prabu kagungan garwa 3, yaiku: Kausalya, kagungan putra Rama;
Sumitra, kagungan putra kembar, Laksmana lan Satrugna; lan Kaikayi kagungan putra
Bharata. Prabu Rama jumeneng nata ana ing nagara Pancawati. Rama melu
sayembarane Prabu Janaka ing Mantili. Ing sayembara kasebut Rama menang lan
kasil nggarwa Dewi Sinta. Rama titisane Wisnu lan Sita titisane Dewi Laksmi.
4
Prabu Ramawijaya Prabu Ramawijaya
(2) Bharata
Bharata, putrane dewi Kaikayi. Bharata digulawenthah dening Resi Wasista.
Sawise diwasa kondur menyang kraton kadherekake Sang Resi. Prabu Dasarata
lengser keprabon, Rama kadhawuhan nglengser keprabon, jumeneng nata ing
Ayodya. Ananging Kaikayi nagih janji, mula Bharata kang kudu jumeneng nata. Rama,
Sinta, lan Laksmana jengkar saka kedhaton, nedya menyang alas. Bharata palakrama
karo Dewi Mandawi, kagungan putra 2, Taksa lan Puskala.
Raden Bharata Raden Bharata
(3) Sita/ Sinta
Sita utawa Sinta, putrane Prabu Janaka ing nagara Mantilidireja. Bareng wis
diwasa, kanggo nemtokake jodhone Prabu Janaka nganakake sayembara. Rama kang
bisa ngluwari sayembara kasebut. Nalika ndherek ingkang garwa menyang alas,
sawise Bharata Jumeneng nata, dibradhat dening Rahwana, ratu ing Alengka. Ing
nagara kasebut Sita diopeni dening Trijatha, ponakane Rahwana. Rama oleh kabar
saka manuk Jatayu, yen Sita dibradhat digawa menyang Alengka.
5
Dewi Sita/ Sinta Dewi Sita/ Sinta
(4) Rahwana
Rahwana, yaiku paraga antagonis ing cerita Ramayana. Raja Alengka iku,
kawentar adigang, adigu, adiguna, srakah, lan aluamah. Sanadyan wis kagungan
garwa lan putra wis diwasa dheweke isih kepingin nggarwa Dewi Sinta, garwane
prabu Rama. Sinta kang lagi nglana ing tengahing wana didhusta, digawa menyang
Alengka. Krana tumindake kang mangkono mau mahanani perang, antarane bala
raseksa lan bala satriya.
Prabu Rahwana/ Dasamuka Prabu Rahwana/ Dasamuka
(5) Laksmana
Laksmana iku putrane Prabu Dasarata patutan karo Dewi Sumitra. Putrane
kembar, yaiku Laksmana lan Satrugna. Minangka kakang adhi Rama lan Laksmana
sanajan seje ibu katresnane raket. Nalika Bhagawan Wismamitra njaluk bantuan
marang Rama kanggo mbrastha kraman, Laksmana uga melu. Rama lan Laksmana
gawe pesanggrahan, urip bebarengan wong telu. Pacobaning urip ora bisa tinulak.
Marica sawijine abdine prabu Dasamuka malih dadi kidang kencana. Sinta mothah
6
kepengin nduweni kidang kasebut. Minangka garwa, Rama kepengin nuruti
kekarepane Sinta. Keslametane Sinta kapasrahake marang Laksmana.
Tumekaning bilahi, nalika kekarone mireng panjelihe Marica kanggo njebak
dikira swarane Rama kang kalaran. Sinta ndhawuhi Laksmana supaya menehi
pitulungan. Laksmana mlayu. Sinta ditinggal dhewe ing pasanggrahan. Sadurunge
lunga Laksmana gawe garis kanggo ngreksa Dewi Sinta supaya ora ana bebaya.
Laksmana weling marang Sinta aja nganti metu saka garis Iku. Rahwana mara,
memba brahmana kang njaluk sedhekah. Tanpa sujana Sinta paring sedhekah
marang brahmana kasebut. Sinta disaut dening Rahwana digawa menyang kraton
Ngalengka. Rama lan Laksmana nggoleki Sinta, nyuwun bantuan marang Sugriwa lan
Subali ing Gunung Suwela. Nganti pungkasaning prang Laksmana tansah mbantu
Rama.
Raden Laksmana Raden Laksmana
(5) Prabu Gunawan Wibisono
Gunawan Wibisono iku putra ragil Bagawan Wisrawa karo Dewi Sukesi.
Bagawan Wisrawa putrane Resi Pulastya, dene Sukesi putrane Prabu Sumali, ratune
para danawa. Sanadyan putra raseksa, wujud lan solah bawane becik lan wicaksana,
lan lembah manah. Wibisono seneng laku prihatin. Tansah muja semedi, manembah
marang Dewa Wisnu lan Dewa Brahma. Ing pamujan Rahwana nyuwun kasekten
kang bisa ngalahake para dewa, nanging Wibisono amung nyuwun muga-muga
tansah bisa mlaku ing dalan kang bener lan bisa ngayahi kuwajiban njaga
katentremaning bawana. Ateges Wibisono amung nyuwun kawicaksanan kanggo
tansah memayu hayuning bawana.
7
Wibisono atur pamrayoga supaya Prabu Rahwana utawa Dasamuka
masrahake Sinta marang Prabu Rama, nanging ora digugu. Mula banjur nggabung
karo bala tentarane Rama kang tumindak bener. Wibisono dadi paraga kang
nengenake bebener nganti lila ninggal kulawarga lan kadang. Bab iku beda klawan
Kumbakarna. Sanadyan dheweke beda panemu lan ora sarujuk karo tumindake
kadang sepuhe, tetep mbela Ngalengka tanah wutah getihe. Tekade ora mbela
kadange nanging mbela nagara. Sikap mbela nagara kasebut dadi tepa tuladha kang
becik. Dening KGPAA Mangkunagara IV, sikape Kumbakarna, dianggo tuladha tumrap
para satriya kanthi nganggit Serat Tripama. Paraga-paraga kang dadi tepa palupi,
yaiku Patih Suwanda, Kumbakarna, lan Adipati Karna.
Wibisono jumeneng nata ing kraton Ngalengka ngganteni Rahwana.
Sadurunge jumeneng nata diwejang bab Astabrata dening Rama. Astabrata iku
piwulang bab tata carane dadi ratu gung binathara lan wicaksana kang asih marang
para kawula lan nayaka praja.
Raden Gunawan Wibisono Raden Gunawan Wibisono
B. Carita Mahabharata
Paraga wayang purwa ing crita Mahabharata luwih akeh tinimbang crita
Ramayana. Saperangan paraga kababar ing kene, yaiku: Pandhu Dewanata,
Yudhistira, Bhima, Arjuna, Nakula, Sadewa, Abimanyu, Parikesit, lan Prabu Kresna.
(1) Pandhu Dewanata
Bhagawan Abiyasa kagungan putra Destarastra lan Pandu. Krana Destarastra
wuta mula pusering praja kapasrahake marang Pandu, jumeneng nata ing
Hastinapura. Krama karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Dewi Kunthi nglairake anak
telu, Yudhistira, Bhima, lan Arjuna. Pandu mono ora kagungan putra, sebab kena sote
8
dewa Siwa. Nalika Pandhu mbebedhag ing satengahe wana manah kidang kang lagi
sacumbana lan kidange mati. Kidang kasebut malihane Dewa Siwa karo Dewi Uma.
Sadurunge seda Siwa ngipat-ipati, yen Pandhu ing mbesuke uga bakal mati nalika
sacumbana. Kunthi duwe aji-aji kang bisa ngaturi para dewa. Nalika durung krama ora
sengaja mateg aji lan Dewa Surya kang rawuh. Kunthi nggarbini lan nglairake bayi
kakung. Krana isih kenya mula dening Bethara Surya, Kunthi diprayogakake nglairake
liwat kuping, banjur kawastana Karna utawa Suryatmaja. Dewa Bayu uga katuran
rawuh banjur lair Bhima, lan Dewa Brama rawuh banjur lair Arjuna. Karo Dewi
Madrim uga kepengin kagungan putra. Nalika ngampil aji-aji mau anggone mateg
kaping loro, mula lair kembar Nakula lan Sadewa. Putra-putrane Pandu iku putrane
para dewa. Sebab Pandu kena sot saka Dewa Siwa, saengga Pandu ora panjang
umur. Kraton kapasrahake marang Destarastra. Nalika semana putra-putrane Pandu
isih cilik-cilik lan durung pantes jumeneng nata. Putra-putrane Pandhu kang 5
kasebut kawastanan Pandhawa, kang ateges keturunane Pandhu.
Prabu Pandu Dewanata Prabu Pandu Dewanata
(1) Yudhistira/ Puntadewa
Yudhiṣṭhira, Dharmawangsa utawa Puntadewa salah sawijine paraga Pandhawa
saka kulawarga Bharata, kang uga kawastanan Mahabharata. Sawijining ratu kang
ngasta pusering praja Pandhawa, kang kratone ana Hastinapura. Yudhistira putra
pambarep saka Pandhu lan Kunthi. Ing pewayangan kaparingan jujuluk Prabu
Puntadewa, uga kawastanan Dharmawangsa sebab ingkang rama pancen Dewa
Dharma. Asma Yudhistira ateges, "teguh utawa tanggon sajrone paprangan, sabar,
lan jujur”. Kawastanan Puntadewa sebab atine suci, ‘agetih putih’. Puntadewa
minangka paraga kang jujur sejatine ora tau kanggo nggawe cilik atine Drona nalika
piyambake ngendika “Aswatama mati”. Krungu pawarta iku sakala Drona lemes
9
tanpa daya, jalaran putrane Drona asmane Aswatama. Kamangka kang mati ing
paprangan iku gajah kang uga dijenengi Aswatama (Padmosoekotjo. 1982).
Puntadewa gaya Yogjakarta Puntadewa gaya Solo (Surakarta)
(3) Bima
Bima utawa Bhimasena utawa Werkodara salah sawijine tokoh protagonis
ing kitab Mahabharata. Bima iku putrane Kunthi karo Dewa Bayu, kalebu paraga
kang kasar, merbawani, lan rosa, nanging uga nduweni sipat utawa ati kang alus.
Tuladhane ing Lakon Dewaruci, dheweke klakon ngruwat paraga-paraga kang
sukerta lan seneng tetulung. Ing Mahabharata paraga Bimae, minangka anak
panggulu saka sedulur 5. Bima seda ing perang Bharatayudha ing dina kang
pungkasan, kawedhar ing parwa Mahaprastanikaparwa. Bima setya marang sikap
lan konsekuen, jujur, lan ora munafik. Bima kagungan anak 3, yaitu Antareja,
Antasena, lan Gathutkaca. Bima uga kawastanan Werkodara (wrka-udara), “berperut
serigala”, krana tadhahe akeh. Kacarita ing Kitab Wanaparwa, utawa ing lakon
Pandhawa Papa, saben oleh pangan mesthi diparo. Sing separo kanggo Bima, sing
separo kanggo wong 5, yaiku: Kunthi, Yudhistira, Janaka, Nakula, lan Sadewa.
Bima Bima
10
(4) Arjuna
Arjuna sajrone kulawarga Pandhawa minangka anak kang nomer telu kang
kawentar paling bagus (nggantheng). Arjuna uga sinebut Janaka, Parta, lan Permadi.
Ing jagating pedhalangan Arjuna sawijining satriya kang seneng lelana, tapa brata,
lan meguru utawa ngangsu kawruh. Kejaba dadi muride Drona ing padhepokan
Sukalima, uga maguru marang Bhagawan Padmanaba ing patapan Untarayana.
Arjuna uga dadi brahmana kang mertapa ing Indrakila ajejuluk Bhagawan Mintaraga
utawa Bhagawan Ciptaning. Tujuane kanggo mbengkas karya, merjaya Prabu
Niwatakawaca ing nagara Imaimantaka ing crita Arjunawiwaha. Garwane akeh, mbok
menawa iku mung sanepa saka anggone seneng golek ngelmu neng padhepokan.
Kacarita ing kono nggarwa putrane Sang Resi. Putra mau minangka ngelmu kang
cinecep. Arjuna uga tansah cerak karo Kresna. Miturut goteke kandha, padha-padha
titisan Wisnu, minangka conto ing lakon Rama Nitik lan Rama Nitis. Rama lan
Laksmana nitis marang Kresna lan Arjuna. Mula ing lakon Kresna Gugah, ing perang
Bharatayuda Arjuna nyuwun palilah supaya kersa dadi kusire. Sadurunge perang
kawiwitan Kresna maringi wejangan marang Arjuna. Wejangan mau awujud piwulang
Bhagawatgitta kang isine wejangan suci. Krana wektu iku Arjuna nglokro, lan tidha-
tidha tanpa daya. Ora amarga wedi perang, nanging ora tega memungsuhan karo
pepundhene kang kudune diajeni. Nanging minangka jejering satriya tama ora kena
nglokro, sebab dharmaning satriyatama kudu tetep mbela kang bener. Kang diserang
dudu priyantune nanging kamurkane kanggo nuntut hak, sebab Ngastina pancen
hake para Pandawa. Ing perang Bharatayuda, Arjuna mungsuh Adipati Karna. Kadang
sepuh saka pihak ibu. Arjuna menang lan Karna kasil katigas janggane nganggo panah
Rudra.
Arjuna gaya Yogja Janaka gaya Solo
11
(5) Nakula lan Sadewa
Nakula lan Sadewaiku paragatama Pandhawa putrane Dewi Madrim, garwa
ampile Pandu. Dheweke lair kembar, kekarone putrane Dewa Aswin. Ing kitab
Mahabharata Nakula (Sakula) kawentar bagus. Miturut wong India, Drupadi mastani
yen Nakula iku garwa kang paling nggantheng. Dheweke asring pamer lan rumangsa
nggantheng. Nakula lan Sadewa ora pati kawentar. Apa maneh ing lakon. Kang paling
onjo, dheweke pinter lan prigel bab olah gegaman.
Nakula Nakula gaya Yogja
Sadewa Sadewa gaya Yogja
(7) Abimanyu
Abimanyu iku putrane Arjuna karo Dewi Wara Sembadra. Salah sijine
paragatama ing wiracarita Mahabharata kang digadhang bisa sumilih ratu ing nagara
Ngastina. Emane ora panjang umur, Abimanyu seda ing palagan ing perang
Bharatayudha. Perang lawan Bhisma. Ing palagan iku sedane nrenyuhake, minangka
pahlawan paling mudha kang seda ing palagan Kurusetra. Abimanyu palakrama karo
Dewi Utari, putrine Raja Wirata. Patutan putra siji, yaiku Parikesit kang jumeneng
nata ing nagara Ngastina.
12
Abimanyu
Abimanyu
8) Destarastra
Drestarastra ing wiracarita Mahabharata kawentar krana jumeneng nata ing
Ngastina. Drestarastra iku putrane Wicitrawirya, yaitu Ambika. Wiwit lair wis wuta,
sebab melu ritual putropadana kang diadani dening Resi. Resi Byasa kepingin
kagungan putra lan Dewi Ambika merem. Destarastra sedulur seje biyung karo
Pandu. Drestarastra kudune duwe wewenang jumeneng nata ing Hastinapura,
minangka trah Wicitrawirya kang paling sepuh. Krana piyambake wuta pusering praja
dipasrahake marang Pandu, rayine. Sawise Pandhu seda, dhampar kapasrahake
marang dheweke. Dhetarastra nikah karo Gandari putri kerajaan Gandhara.
Kaparingan putra 100 kang kawastanan Sata Korawa. Kejaba iku dheweke uga
momong Dursala dan Yuyutsu.
Destrarastra gaya Surakarta
Destrarastra
Saliyane paraga kang wis kasebutake, ing lakon Mahabharata isih akeh paraga liyane,
kaya ta:
13
Bagawan Abiyasa Bagawan Abiyasa
Prabu Kresna Prabu Kresna
Prabu Duryudana Prabu Duryudana
Dewi Kunthi Dewi Kunthi
14
Dewi Gendari Dewi Gendari
Baladewa Baladewa
Dursasana Dursasana
Dewi Wara Sumbadra Dewi Wara Sumbadra
15
Dewi Wara Srikandhi Dewi Wara Srikandhi
C. Kraton lan Padhepokane Paraga Wayang
Arane kraton lan padhepokan ing pewayangan, kapethik saka Silsilah Purwa
Mawa Carita (Padmosoekotjo, 1982) lan Pepak Basa Jawa (Sri Hartatik, tt). Kababar
ing tabel iki:
No Kraton Asmane ratu
1 Kraton Hastina (1) Prabu Santanu, (2) Prabu
Abiyasa (3) Prabu Pandhu
Dewanata, (4) Prabu Suyudana, (5)
Prabu Parikesit.
2 Kraton Mandura (1) Prabu Basudewa, (2) Prabu
Baladewa
3 Kraton Dwarawati Prabu Kresna
4 Kraton Wiratha Prabu Matswapati
5 Kraton Cempala Prabu Drupada
6 Kraton Ngamarta/ Indraprasta Prabu Puntadewa
7 Kraton Mandaraka Prabu Salya
8 Kraton Mantili Prabu Janaka
9 Kraton Ayodya Prabu Dasarata
10 Kraton Maespati Prabu Arjunasasra
11 Kraton Awangga Prabu Basukarna utawa Adipati
Karna
12 Kraton Trajutrisna (1) Prabu Bomanarakasura, (2)
Prabu Suteja
13 Kraton Alengka Prabu Dasamuka utawa Rahwana
14 Kraton Pancawati Prabu Ramawijaya
15 Kraton Guwakiskendha Prabu Sugriwa
16 Kraton Parang Gelung Prabu Palgunadi
16
17 Kraton Ima Imantaka Prabu Niwatakawaca,
19 Kraton Lokapala Prabu Danaraja
20 Kraton Pancalaradya Prabu Drupada
21 Kraton Rancang Kencana Prabu Dewa Srani
22 Kraton Paranggubarja Prabu Jungkung Mardiya
23 Kraton Palebur Gangsa Prabu Somali
24 Kraton Pancala Prabu Drupada
Arane kraton ing dhuwur iku mung saperangan. Kejaba iku, ana uga arane
panggonan kang lumrah sinebut ing lakon wayang, kaya ta:
(1) Gandara : Panggonane Dewi Hanggadari utawa Dewi Gendari, Ibune para
Kurawa.
(2) Kandawa: Alas sing dumunung ing sabrange kali Yamuna. Alas pawehan kanggo
Pandawa sing bakal didadekake negara sing subur lan makmur, yaiku Hastina
Pura.
(3) Mandura : Negara asale Dewi Kunthi (Ibune Yudistira, Bima dan Arjuna).
(4) Mandaraka : Negara asale Dewi Madrim (Ibune Nakula dan Sadewa).
(5) Pancala: Negara panggonane Prabu Drupada kanca sepegurone Pandhita Drona
(Guru Para Pandhawa Lima lan Kurawa).
(6) Kasi:Negara kang subur lan makmur, asale Dewi Ambika lan Dewi Ambahini
(simbahe para Pendawa lan para Kurawa).
(7) Margasunya: Alas panggonane Narasoma putrane Raja Mandaraka kang gagah
prakosa. Papan iki kanggo pandhelikane amarga dipeksa arep dikawinake.
(8) Gunung Hargabelah: Panggonan asale Resi Bagaspati (Resi kang awujud Raseksa)
maratuwane Narasoma.
(9) Padhepokan Talkandha: Panggonan patapane Bisma.
(10) Palagan Kuru Setra: panggonan utawa leladan perang Bharatayuda.
(11) Saptarengga: Panggonan patapane Begawan Palasara lan Abiyasa (simbahe para
Pandhawa lan Kurawa) kang dumunung ing sikile Gunung Mahameru.
(12) Waranawata: Panggonan pesta andrawina paekane Prabu Sangkuni kanggo
ngobong para Pendawa lan Dewi Kunthi .
(13) Ekacakra: Kalebu tlatah Pancala panggonane para Pandhawa maguru marang
Pandhita Ijraba kang apik bebudene.
17
II. NGIDHENTIFIKASI SANJATA UTAWA GEGAMANE TOKOH PEWAYANGAN
Ing donyane pewayangan, kasekten kang ngedab-edabi para ratu lan satriya
mau jalaran saka gentur tapane nggennya ngupadi kasekten iku mau. Sawatara
pancen ana kang saka lorotan utawa warisan saka bapa utawa eyange, ana maneh
kang pancen saka ngapusi kayata Dasamuka kang apuskrama marang Resi Subali.
Nanging akeh-akehe saka asihing dewa jalaran gedhe lelabuhane marang dewa
utawa sasama. Tokoh wayang lan sanjatane tuladhane kaya ing ngisor iki:
(1) Anoman: kuku pancanaka, aji-aji pancasona, bayu bajra, bayu ronta, sima bobot.
(2) Antareja: upas anta ambles bumi, sadilatan bakal gosong (saka eyange
Anantaboga).
(3) Arjuna: panah pasopati, sarotama, ardhadhedhali, ardhasengkali, keris
pulanggeni, kalanadhah, aji-aji sepiangin, malayabumi, brahmasirah (ndadekake
donya padhang), parjanya astra (metengake donya), agni sastra (panah geni).
(4) Aswatama: senjata cundhamanik.
(5) Baladewa: gada nanggala lan alugara.
(6) Batara Kala: keris kalanadhah, keris kaladheteh.
(7) Batara Kamajaya: kemayan cakrakembang.
(8) Batara Surya: kreta Jatisurya.
(9) Bhisma: tameng wesi.
(10) Dasamuka: senjata candrasa, pedhang sokayana, aji-aji pancasona, rawarontek,
gunturgeni.
(11) Destarata: aji kumbalageni.
(12) Durna: cundhamanik.
(13) Gathutkaca: caping basunandha, kotang antakusuma. aji-aji brajamusti, panca
bajra, krincing wesi, bajingiring, garuda ngapak, narantaka (saka Gandamana),
trumpah madukacermo.
(14) Indrajit: senjata nagapasa lan wimohanastra, aji sirep Megananda.
(15) Jayadrata: gada rujakbeling.
(16) Karna: keris kaladite, panah kunta wijayandanu, aji-aji kalalupa, balasrewu.
(17) Kresna: senjata cakrabaswara, kembang wijayakusuma, cangkok wijayamulya.
(18) Kumbakarna: aji-aji gedhongmenga, pelakgelak sakethi.
18
(19) Puntadewa: jamus kalimasada, songsong tunggulnaga jenenge tombak
korowelang.
(20) Ramawijaya: panah gunawijaya.
(21) Rama Bergawa: kapak duwung.
(22) Salya: aji-aji candhabirawa.
(23) Setyaki/ Sencaki = gada wesi kuning.
(24) Sosrowindu = kemlandhingan putih.
(25) Subali: aji-aji pancasona, rawarontek.
(26) Werkudara: gada rujakpolo, lukitasari, kuku pancanaka, bandung bandawasa,
gada lambitamuka, ungkal bener, blabag pengantol-antol, bayu braja,
jalasengara, cincin manikam druindra, banyu suci tirta parwita.
Kejaba sanjata utawa gegaman, tokoh wayang mau nduweni aji-aji. Aji-aji mau
kaya ta:
(1) Aji halimunan, yaiku ajian kang ndadekake sing nduweni dadi kasat mata (ora
bisa dideleng/ disawang).
(2) Aji sirep, yaiku ajian kang ndadekake wong kang ketaman turu kepati.
(3) Pusaka Wijayakusumah, yen diusapake marang wong mati, bakal urip maneh.
(4) Aji Kilat Thatit, kang nduweni bakal gesit kaya thatit, cepet banget.
(5) Aji Kemayan, ajian andelane bethara Guru, sing ketaman bakal ilang otot
bebayune utawa lemes.
(6) Aji Danuweda, ajian panahe Resi Drona kang diturunake marang Arjuna, Karna,
lan Bambang Ekalaya.
(7) Aji Candhabirawa, bisa owah dadi maewu-ewu raseksa.
(8) Cincin Ampal, cincin pusakane Bambang Ekalaya, yen ditamakake marang musuh
bakal mati/ pralaya.
Wujude saperangan sanjata utawa gegaman mau, yaiku:
Panah Agnisasra Gada Alugara Panah Ardhadhedhali
19
Kreta Amarajaya kagungane Prabu
Basupati
Panah Cakra Panah Kuntawijayadanu
Keris TriPulanggeni Panah Pasopati Gada Rujakpolo
Kereta Jaladara Panah Trisula
III. NGIDHENTIFIKASI WACANA LAKON WAYANG
Gatekna wacana iki!
SUMANTRI NGENGER
Ing pertapan Jatisrana, ana pandhita aran Begawan Suwandhagni. Sang
Begawan nduwe anak loro lanang kabeh aran Bambang Sumantri lan Raden
Sukasrana. Bambang Sumantri wujude satriya bagus, dene Raden Sukasrana wujude
buta bajang utawa buta cebol sing nggilani. Sanajan rupane nggilani nanging
Bambang Sumantri tresna banget marang adhine. Samono uga Raden Sukasrana.
Bareng wis diwasa Sumantri dening ingkang rama kadhawuhan ngenger utawa
suwita ing nagara Maespati. Sumantri sendika dhawuh. Lakune didherekake
punakawan papat Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Begawan Suwandhagni
nitipake sanjata Cakra darbeke Prabu Harjuna Sasrabahu supaya dibalekake.
Lakune Bambang Sumantri kandheg amarga Raden Sukasrana kepengin melu.
Bambang Sumantri banjur ngarih-arih adhine nganti turu. Sawise adhine turu,
Bambang Sumantri budhal nilapake adhine menyang Negara Maespati.
20
Ing Negara Maespati Sang Prabu Harjuna Sasrabahu lagi ngrembug bab arepe
mupu sayembarane Dewi Citrawati ing Negara Magada. Dewi Citrawati nganakake
sayembara, sapa sing bisa menehi srah-srahan putri dhomas cacah wolungatus bakal
dadi bojone. Nalika lagi padha rembugan katungka sowane Bambang Sumantri.
Bambang Sumantri matur arep suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Prabu
Harjuna Sasrabahu gelem nampa suwitane Sumantri lamun dheweke bisa mupu
sayembarane Dewi Citrawati. Sumantri nyaguhi banjur budhal menyang Negara
Magada.
Ing Negara Magada, wis akeh raja lan satriya sing ngleboni sayembara. Padha-
padha gedhe kekarepane, padha-padha ora gelem ngalahe wasana dadi perang rame.
Pungkasane para raja lan satriya kalah karo Sumantri jalaran dheweke migunakake
sanjata Cakra. Para raja telukan padha pasrah putri boyongan nganti cacah
wolungatus. Sumantri klakon mboyong Dewi Citrawati kanthi srah-srahan putri
dhomas cacah wolungatus.
Rumangsa bisa ngalahake ratu sewu negara, Sumantri dadi gumedhe, umuk,
kemaki. Ing batin dheweke rumangsa menangan mula banjur thukul niyate arep
nelukake Prabu Harjuna Sasrabahu. “Ratu sewu negara bae padha keyok kabeh karo
aku, genea aku ndadak suwita marang Prabu Harjuna Sasrabahu? Kena ngapa ora
taktelukake pisan dadi andhahanku?” ngono batine Sumantri kandha. Sumantri
banjur nulis surat panantang marang Prabu Harjuna Sasrabahu lan dipasrahake
marang patihe Prabu Harjuna Sasrabahu sing ndherekake lakune saka praja Maespati.
Prabu Harjuna Sasrabahu mung mesem nampa panantang saka Sumantri.
Dheweke enggal methukake lakune Sumantri. Sumantri lan Prabu Harjuna Sasrabahu
perang rame. Padha sektine, padha trengginase. Perange nganti pirang-pirang dina.
Sumantri kekeselen banjur kepengin ngrampungi perange karo Prabu Harjuna
Sasrabahu. Dheweke enggal ngetokake sanjata Cakra arep ditamakake marang Prabu
Harjuna Sasrabahu. Sanjata Cakra kuwi sejatine duweke Prabu Harjuna Sasrabahu.
Nalika lair Prabu Harjuna Sasrabahu wis nggawa sanjata Cakra, amarga dheweke
sejatine titisane Bathara Wisnu. Sanjata Cakra disilih pamane, yaiku Begawan
Suwandhagni.
21
Weruh sanjata Cakra ing tangane Sumantri, sakala Prabu Harjuna Sasrabahu
nesu. Sang Prabu triwikrama utawa malih dadi buta gedhene sagunung. Sanjata Cakra
disaut banjur diuntal. Buta ngamuk gereng-gereng arep ngremuk Sumantri sing
kemaki. “Sumantri, kowe satriya picek, watekmu ala, melik barange liyan. Satriya
wingi sore kemaki wani nantang Ratu Gustine. Takremet pisan remuk kowe
Sumantri!” Weruh Bathara Wisnu nesu, Sumantri ndheprok, lemes ora duwe daya.
Nalika Sumantri disaut Brahala, Bathara Narada tumurun ngarcapada nyapih satriya
loro. Buta lilih badhar dadi Prabu Harjuna Sasrabahu.
Sumantri banjur ditundhung lunga. Pasuwitane bisa ditampa maneh menawa
dheweke bisa muter utawa mindhah Taman Sriwedari menyang Negara Maespati.
Taman Sriwedari kuwi taman ing kahyangan Nguntara Segara, kahyangane Bathara
Wisnu. Sumantri sing wis ilang kasektene amarga koncatan sanjata Cakra banjur
klunuh-klunuh lunga saparan-paran, karepe arep wadul bapake, Begawan
Suwandhagni.
Lakune Sumantri kepethuk Raden Sukasrana sing nyusul lungane. Sumantri
nyritakake kabeh lelakone. Sukasrana mesem krungu critane Sumantri.
“Nek mung utel aman we, ampang akang,” kandhane Sukasrana karo ngguyu ngakak.
“Tenan, Yayi? Kowe bisa muter Taman Sriwedari?” kandhane Sumantri.
“Isoh ae, Akang. Uwi ampang!”
“Adhiku, Dhi Sukasrana. Tulungana aku ya, Dhi!” kandhane Sumantri
memelas.
“Aku isoh utel aman Iwedali ning ana alate, Akang.”
“Apa syarate, Dhi?”
“Aku engin elu owe, Akang. Aku elu uwita Abu Aluna Asa.”
“Kowe kepengin melu aku suwita Prabu Harjunasasra?”
“Iya, Akang.”
“Iya, Dhi. Angger si Adhi bisa muter Taman Sriwedari mesthi takajak suwita menyang
Maespati.”
“Enan, Kang? Owe anji Kang? Owe ola apusi?”
“Iya Dhi, pun kakang janji ora bakal ngapusi!”
“Yoh, Akang. Entenana edhela ya?”
Sukasrana banjur muja semedi. Sanajan rupane ala nanging gedhe prihatine.
Sedhela wae taman Sriwedari wis pindhah menyang alun-alun keraton Maespati,
gawe gegere wong sanagara. Sawise klakon muter Taman Sriwedari, Sumantri
ditampa suwita ing Negara Maespati dadi patih, aran Patih Suwanda. Sukasrana
diajak Sumantri menyang Negara Maespati nanging dipenging ngetok, amarga
Sumantri isin duwe adhi wujud buta cebol sing rupane nggilani. Sukasrana dikongkon
manggon lan ndhelik ing sajroning taman.
Nalika Dewi Citrawati ninjo kahanane lan kaendahane Taman Sriwedari,
dheweke njerit-jerit kamigilan weruh ana buta bajang ing jero taman. Dewi Citrawati
banjur lapuran marang Prabu Harjuna Sasrabahu. Sang Prabu dhawuh marang
22
Sumantri supaya nyingkirake buta bajang. Sumantri sing wis nggraita menawa buta
sing dikarepake kuwi adhine, Sukasrana, banjur budhal mlebu taman.
Tekan ing jero taman, Sumantri nesu-nesu ngunek-ngunekake adhine sing
medeni Dewi Citrawati. Sukasrana dikongkon bali menyang pertapan. Sukasrana ora
gelem amarga wis dijanjeni dening Sumantri arep diajak suwita ing Negara Maespati.
Sumantri gregeten. Sukasrana diagar-agari panah dikongkon bali. Sukasrana tetep ora
gelem bali malah nyedhak nagih janjine Sumantri. Nganti suwe anggone eyel-eyelan,
pungkasane panah mrucut saka tangane Sumantri lan nancep ing dhadhane
Sukasrana. Sukasrana mati. Kuwandane ilang musna, ninggal sepata.
“Kakang Sumantri! Tega temen kowe karo aku, Kakang. Kowe mblenjani janji,
Kakang. Aku ora trima. Utang pati nyaur pati. Eling-elingen mbesuk yen kowe perang
tandhing karo ratu buta saka Ngalengka, ing kono tumekane piwalesku, Kakang. Wis
kakang, takenteni ing lawange swarga.
Sumantri gela, Sumantri sedhih. Nanging kabeh mau wis kebacut. Katresnane
marang adhine ilang amarga saka drajat lan pangkat. Wateke ala seneng nyidrani
janji. Janji bekti marang ratu Gustine, diblenjani. Janji nresnani adhine, diblenjani.
Janji ngajak adhine, diblenjani. Kabeh mau mung amarga melik drajat pangkat lan
kamukten. Besuk patine Sumantri dikemah-kemah Prabu Rahwana ratu buta saka
Ngalengkadiraja.
(http://ptkguru.com/?darmajaya=index&daryono=base&action=listmenu&skins=1&id=297&t
kt=2, diakses tanggal 8 Juli 2016).
Pamawas isine crita:
Crita iki ora mung awujud tontonan nanging ugi ngandhut tuntunan lan
tatanan. Tuntunan kasebut katon ana ing amanate. Miturut KGPAA Mangkunagara
IV, paraga Patih Suwanda, ora liya Raden Sumantri, kapethik kanggo tuladha
tumindak kang utama, kanggo ngrakit SeratTripama. Lelabuhane sang patih marang
ratu gustine, kawedhar ing pupuh Dhandhanggula pada 1, gatra 8-10, kang ginêlung
tri prakara, guna kaya purun ingkang dèn antêpi, nuhoni trah utama.Kanthi sipat
guna kaya lan purun, watak lan sipat kasebut mahanani moncer asmane ing jagating
pewayangan. Werdine kang ginelung triprakara: guna, kaya lan purun. Werdine
guna, ing bab kasebut wis tita yen dheweke ngugemi trah satriya kang bisa ngadhepi
bebaya lan unggul ing samubarang prakara. Kaya, ing paprangan kasebut kasil
mboyong putri Dhomas 800. Dene purun, awujud sipat kang satriya ngadhepi
mungsuh nganti seda ing palagan mbelani ratu Gustine.
Ing pungkasaning crita diandharake menawa Sumantri ora bisa mbirat
kanepsone. Krana wis dadi patih, dheweke lali purwa duksina. Lali marang lelabuhan
23
lan janjine marang adhine, Sukrasana. Tega marang patine adhine. Getun tiba mburi.
Dheweke getun merjaya adhine kang diagar-agari panah, lan mrucut saka gendhewa,
kena ing dhadhane Sukrasana. Krana drajat lan pangkat tega karo patine kadang
taruna. Barang wis kebacut, ora bakal bisa dibaleni maneh. Mula sadurunge
tumindak prayogane dipenggalih amrih ora getun.
IV. NGIDHENTIFIKASI LAKON WAYANG SAJRONE TRADHISI JAWA
Ing alam bebrayan Jawa, wayang purwa, utawa wayang kulit ora mung kanggo
hiburan nanging uga kanggo acara ing tradhisi Jawa. Tradhisi sing ana gayutane karo
pentas wayang, yaiku ruwatan, nadar lan merti desa. Ing Jawa Timur tradhisi merti
desa, kawastanan bersih desa, ruwat desa, nyadran, petik laut lan sedhekah bumi.
Bab iku gumantung masyarakat kang nindakake. Petik laut, katindakake ing
masyarakat pesisir kang wargane dadi nelayan utawa juru misaya mina. Dene bersih
desa, ruwat desa, nyadran utawa sedhekah bumi kang nindakake masyarakat petani.
Akeh tradhisi kang isih medhar crita wayang. Lakon kang kagelarake, kaya ta: Dewi
Sri, Sri Sadana, Bharatayuda, Wahyu Makutharama, Wahyu Purbasejati, Wahyu Gada
Inten, lan sapanunggalane.
Ing tlatah Jawa Timur, sedhekah bumi, katindakake kanthi maneka warna
adicara. Upamane ing Tulungagung ana tradhisi mantu kucing. Ing Kedhiri tradhisi
siraman utawa jamasan pusaka lan mantenan tebu. Ing Mojokerta tradhisi
banthengan, ing Banyuwangi ana tradhisi kebo-keboan. Ing Desa Kepetingan
Buduran Sidoarja lan ing Tanjunganom Nganjuk ana tradhisi nyadran, Ing Tuban ana
Sedhekah Bumi Ing Sendang Maibit. Tradhisi kasebut dadi rutinitas utawa acara
tahunan kanggo ngurmati sing mbaureksa lan cikal-bakal dumadine desa kasebut lan
nyuwun pangayoman marang Gusti kang Maha Agung lumantar tradhisi.
Tradhisi kang gegayutan karo wayang yaiku sedhekah bumi utawa merti desa,
lan ruwatan. Ing tradhisi merti desa biasane njupuk lakon-lakon anyar lan lakon
carangan, kang gegayutan karo pembangunan. Upamane Semar Mbangun
Kahyangan, dene ing tradhisi ruwatan ana lakon kang mligi kanggo ruwatan, yaiku
Murwakala kanggo ngruwat wong sukerta. Kanggo tolak balak supaya kalis ing
sambekala, ora dadi mangsane Bethara Kala. Kejaba tolak balak, merti desa uga
minangka tasyakuran, lan panyuwunan.
24
DAFTAR PUSTAKA
Padmosoekotjo. 1979. Silsilah Purwa Mawa Carita. Jld. I. Surabaya. CV Citra Jawa.
Padmosoekotjo. 1982. Silsilah Purwa Mawa Carita. Jld. III. Surabaya. CV Citra Jawa.
Pringgadigda, Suwarna. 1998. Gita Wicara Jawi. Yogyakarta. Penerbit Kanisus.
Sastro Utomo, Sutrisno. 2005. Upacara Daur Hidup Adat Jawa. Semarang. Effhar & dahara Prize.
Soemodidjojo,R. 1993 Kitab Primbon Betaljemur Adammakna, Yogyakarta, Penerbit, Soemodidjojo Mahadewa.
Suwarni, 2008. ”Naskah Dewi Sri Sadana, kajian sosiokultual” Tesis. Pasca Sarjana Unesa.
Sumber Internet:
(1) (simplicityarea.blogspot.com/2010/12/upacara-ruwatan.htm, diakses tgl 20
Juli 2016 )
(2) (https://www.google.com/search?q=RUWATAN&sa=X&biw=1366&bih=657&t
bm=isch&tbo=u&sour, diakses tgl 10 Juli 2016)
(3) https://www.google.co.id/search?q=gambar+wayang+gatotkaca&sa=X&biw=
diakses tgl.15 Juli 2015)
(4) https://wayang.wordpress.com/2010/07/20/pandawa-2-bima-werkudara-
bimasena-bratasena-abilawa/ tgl.15 Juli 2015)
(5) https://tanahmemerah.wordpress.com/lawak/bahasa-indonesia/tokoh-
tokoh-pewayangan-ramayana/.... tgl.15 Juli 2015)
(6) http://ceritawayangbahasajawa.blogspot.com/2015/08/cerita-wayang-
mahabarata-bahasa-jawa.html tgl.15 Juli 2015)
25