7/23/2019 Contoh Tembang
http://slidepdf.com/reader/full/contoh-tembang 1/2
Mijil
Poma kaki padha dipun eling
Ing pitutur ingong
Sira uga satriya arane
Kudu anteng jatmika ing budi
Ruruh sarta wasis
Samubarang tanduk
Sinom
Nulada laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong Agung ing Ngeksianda
Panembahan Senapati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nenpsu
Pinesu tapa brata Tanapi ing siyang ratri
Amemangun karyenak tyas ing sasama
Kinanthi
Saranane wong yun luhung
etah tapa kurang guling
!linga solah jatmika
"en wi#ara kudu manis
$urih sengseming sasama
Samaning manungsa sami
Dhandanggula
%amun sira anggeguru kaki
Amiliha manungsa kang nyata
Ingkang be#ik martabate
Sarta kang wruh ing hukum
Kang ngibadah lan kang wirangi
Sokur oleh wong tapa
Ingkang wus amungkul
Tan mikir pawewehing lyanIku pantes sira guranana kaki
Sartane kawruh ana
Asmaradana
Aja turu sore kaki
Ana dewa nganglang jagal
Nyangking bokor ken#anane
Isine donga tetulak
Sandang kalawan pangan
"aiku bageyanipunWong melek sabar narima
7/23/2019 Contoh Tembang
http://slidepdf.com/reader/full/contoh-tembang 2/2
Gambuh
Aja nganti kabanjur
arang polah kang nora jujur
"en kabanjur sayekti kojur tan be#ik
e#ik ngupayaa iku
Pitutur ingkang sayektos
Maskumambang
$aratani mring anak putu ing wuri
&en padha prayitna
Ajana kang kuma wani
$ring biyung tanapi bapa
Durma
Ingkang eling iku ngeling ana marangSanak kadang kang lali
&en nedya raharja
$angkono tindak ira
"en tan nggugu iya uwis
Teka meneng amung aja sok ngrasani
Pangkur
Sekar pangkur kang winarna
%elabuhan kang kanggo wong ngaurip
Ala lan be#ik punikuPrayoga kawruh ana
Adat waton punika dipun kadulu
$iwah ingkang tata krama
&en kaesthi siyang ratri
Megatruh
Para janma sajroning jaman pakewuh
Kasudra nira andadi
&ahurune saya ndarung
Keh tyas mirong murang margiKasetyan wus nora katon
Pocung
Ngelmu iku kalakone kanthi laku
%ekase lawankas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekese dur angkara