Upload
yuliahertismansa
View
1.307
Download
9
Embed Size (px)
Citation preview
Perangan-perangane naskah sesorah :1. Pambuka
(gatekna jinise acara lan para tamu kang rawuh!)2. Atur pambagya marang Gusti Allah kang nuduhake
bangsa kita bangsa kang religius.(marang Gusti Allah lan tamu undhangan kangkinurmatan)
3. Atur pambagya lan panuwun marang tamu undhangan.4. Isi sesorah
(kaperluwane kegiatan lan lapuran panitia)5. Atur panuwun lan pangajab.
(marang kabeh para kang rawuh, kalebu pangajabepanitia marang para pasarta lomba, yen anatetandhingan)
6. Salam panutup
Kula nuwun,
Asslammualaikum Wr. Wb.
Para pinisepuh, ibu saha bapak ingkang satuhukinabekten.
Saderengipun kula ngandharaken wosing
pepanggihan wonten ing siyang menika, mangga kula
dherekaken ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng
ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi, ingkang
sampun maringi kawilujengan dhumateng kula lan
panjenengan. Katitik panjenengan sedaya taksih saged
ngrawuhi pepanggihan wonten ing siyang menika.
Sugeng enjang saha sugeng rawuh kula aturaken
dhumateng Bapak Kepala SMA 1 Blora ingkang kinurmatan,
bapak saha ibu guru SMA 1 Blora ingkang pantes
sinambrama ing pamboja, para siswa kelas X, XI, XII ingkang
satuhu kinasih ing Gusti, waradinipun dhumateng para
rawuh kakung putri, wredha mudha minulya
Para rawuh ingkang kinurmatan, wontening kalodhangan menika, kulakadhawahan sampur supadosngandharaken bab …
Para rawuh ingkang kinurmatan,
Kula sakrencang nyuwun pangestu, mugi-mugiacara menika saged kaleksanan kanthi sae, boten wonten alangan satunggal menapa. Bilihwonten lepating atur, kula nyuwun agungingpangaksami.
Pungkasaning atur, menawi wonten ceweting basasaha kiranging suba sita, kula nyuwun agungingsamudra pangaksami.
Nuwun,
Wassalammualaikum Wr. Wb.
1. Basane kudu basa krama inggil, jalaranngurmati para tamu kang kinurmatan.
2. Sabisa-bisa aja maca teks, nanging kaya-kayawis ngerti utawa ngerti apa sing arepdiomongake.
3. Pangucaping tembung lan pamedhoting ukarakudu cetha lan pas.
4. “Eye contact”, yaiku ndeleng utawa nyawangpara tamu (nguwasani para rawuh), nalikanyapa salah sawijining tamu, nyawang arahlenggah lan manthuk karo priyayine.