Upload
agung-binantoro
View
161
Download
0
Embed Size (px)
Citation preview
UPACARA ADAT JAWI
SING HUBUNGANE KARO WONG
Wètèngan (nèmbé mbobot)
Ngupat utawa ngupati iku salah sijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Ancasé upacara adat iki kanggo kaslametané calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyané yaiku ana sajian kupat ing kendhuren ngupati, kupat iki uga disertakaké ing besek sing digawa bali undangan sing hadir.
Ngupat sejatiné kanggo pralambang yén jabang bayi wis mlebu ning tahap kaping papat ning proses pangriptane manungsa.
Upacara adat ngupat kudu diselenggarakaké ning dina sing apik miturut petungan dina Jawa.
Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggarakake wektu calon ibu mbobot 5 wulan. Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Ancase upacara adat iki padha karongupatan yaiku upacara kanggo kaslametane calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala.
Upacara adat ngliman iki kurang dikenal ning dhaerah-dhaerah tertamtu, bedha karo mitoni sing wis umum dikenal masyarakat Jawa malah uga dikenal ning masyarakat Nusantara.
Mitoni iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani tingkeban.
Makna Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwe raga sing sampurna. Dadi miturut pangertene wong Jawa, wetengan umur 7 sasi iki proses pangriptane manungsa iku wis nyata lan sampurna ing sasi kaping 7. Reroncen acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati. Urut-urutane yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ning njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokake klapa gadhing enom), medhot lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan
pungkasane yaiku kendhuren. Acara siraman mung dianakake kanggo mitoni anak sing nomer siji. Miturut adat Jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa dina Jemuah awan nganti mbengi.
Rangkeyan Acara Rantaman adicara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutan yaiku siraman, nglebokake endhog pitik kampung ing njero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan nglebokake cengkir klapa gadhing, medhot lawe utawa lilitan benang janur, mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhuri kendhuren.
Acara siraman namung dianakake kanggo mitoni anak mbarep.
Wektu Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diadani ing dina sing temenan apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi, saderengipun wulan 'purnamasidhi'.
Tingkeban iku padha waé karo Mitoni mung sejé istilah. Tingkeban asalé saka tembung tingkeb sing maknané tutup, dadi tingkéban iku upacara panutup utawa upacara sing pungkasan sing diselenggarakaké nganti bayiné lair.
Klairan
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggarakake malah uga ana ning dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku perangan penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi isih ning njero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing).
Ing Jawa ana kapercayaan sedulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudu dirawat lan dijaga umpamane enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwenehi lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyalakake nganti 35 dina (selapan).
Ari-ari dikumbah nganti resik dilebokake ning kendhi utawa bathok kelapa. Sadurunge ari-ari dilebokake, alas kendhi diwenehi godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing isih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa ning papan penguburan. Papan penguburan kendhi kudu ning sisih tengen pintu utama omah.
Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
Brokohan utawa barokahan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki nduwe makna ungkapan syukur lan sukacita amarga proses klairan iku slamet.Brokohan iku asal tembunge saka basa Arab yaiku "barokah" sing maknane ngarepake
berkah. Tangga teparo ya iku mliginé para ibu ing saubengé diaturi rawuh malah kerep tanpa diaturi rawuh padha nyambangi kulawarga sing lairan saperlu ngucapaké rasa mèlu bungah, biyasané kanthi nggawa bingkisan arupa wedhak, sabun, kopi, gula lan sapanunggalané. Sing tumindak minangka pangarsa adicara Brokohan iki ya iku Dhukun Bayi[1]. Sesajèn upacara sing dibutuhaké ya iku:
Tumrap golongan bangsawan: dhawet, endhog mentah, jangan menir, sega ambeng, sega karo lawuh, jeroan kebo, pecel karo lawuh ayam, kembang setaman, klapa lan beras.
golongan rakyat biyasa: sega ambengan sing dumadi saka sega jangan, lawuh pèyèk, sambel gorèng, témpé, mihun, jangan menir lan pecel ayam.
Upacara nyenyuwun supaya bayi dadi bocah sing apik sing diwiwiti kanthi mendhem ari-ari lan nyadiakaké sesajèn brokohan sing didum marang para tangga[2].
Upacara brokohan tujuwané kanggo keslametan prosès kelairan uga pangayoman kanggo bayi, kanthi pangarep-arep supaya bayi sing lair bisa dadi bocah sing apik.
Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing diterusaké andum sesajèn brokohan kanggo sedulur lan para tangga.
Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki diselenggaraake radha meriah.Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.
Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang sedulur uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo ditentengan mulih.
Aqéqah punika asalipun saking basa Arab, ingkang anggadhahi pangertosan nugel utawi motong [1]. Miturut istilah, aqéqah inggih punika nyembelèh wedhus wonten ing dinten kapitu saking dinten klairanipun bayi, minangka raos sukur dhumateng Gusti Allah SWT[2]. Ananging ugi wonten ingkang paring pangertosan menawi aqéqah punika nugel rikma ingkang wonten ing mustakanipun bayi ingkang nembé lair. Kanggé bayi ingkang jaler dipunsembelèhaken wedhus kalih, manawi bayi ingkang putri dipunsembelèhaken wedhhus setunggal.
Puputan utawa pupak puser, iku sejatiné nduwé makna tali puser bayi puput. Dadi upacara iki dianakaké wektu utawa bubar puputé tali puser saka udhel bayi.
Biasané ana acara slametan ing upacara puputan iki, acarané yaiku kendhuren, bancakan lan awèh jeneng bayi. Upacara iki apik yèn diselenggara'ake bubar wektu maghrib.
Puputan bayi digolongke dadi 2, yaiku: 1. golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudanga, jenang abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar. 2. golongan rakyat biasa: Sega jangan, jenang abang putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar.
Selapanan dileksanakake 35 dina sawise lair. Ing dina 35, ing dina bayi wis lair bakal kelakon maneh. Contone, bayi-bayi lair ana Pon (weton sawijining dina), banjur selapanan bakal tiba ana Pon maneh. Ing tanggalan Jawa, kang Jumlah kanggo 5 (Wage, Pahing, Pon,Kliwon, Legi) bakal ketemu ing dina 35 karo tanggalan ing dina kang kanggo akun kanggo 7 dina. Logikane, 35 dina, bakal ketemu nomer multiples saka 5 7. Ngluwihi sing logika, selapanan nduwe makna banget kuwat kanggo urip saka bayi. Weton ambalan dina bayi, pantes ngrayakake kaya ulang tahun. Nanging selapanan utamané rampung minangka wangun Majemukan kanggo lair lan bayi kang kesehatan.
Sing siji wis rampung ing selapanan seri, punika cukuran utawa parasan. Rambute nglereni pisanan rampung dening bapa lan para ibu saka bayi, nganti dening para pinituwa bayi. Aturan ing bagean iki, jabang bayi kang rambute wis Cut metu. Iki cukuran wis rampung kanggo bayi kang rambute punika saestu resik, asli bayi rambute wis pitadosi cacat wiwit lair, sing kapapar amniotic adi. Alasan liya punika bayi bisa tuwuh rambute, mulane ing bayi kang rambute dipun cukur iki ing paling kaping 3. Nanging ing tradisi iki cukuran, sawetara wong sing wedi kanggo bayi; ngethok rambute rampung mung minangka mbutuhake, ora barren, mung kanggo simbolisasi.
Sawisé Motong rambute, kuku rampung nglereni ing bayi. Ing seri, iki maca dungo kanggo safety lan apik saka bayi lan kulawarga. Bayi rambute nglereni upacara iki conducted sawise Maghrib dungo, lan dirawuhi dening kulawarga, sederek, lan tanggi toko, lan pandonga pemimpin.
Panganan kudu bancaan menyang paket, ing beras putih lan gudangan, kang lagi mbagekke ing pincuk saka godhong gedhang. Miturut Mardzuki, a cleric sing seneng ndedonga acara selapanan, sayuran sing digunakake kanggo gawe gudangan, punika Ganjil nomer, amarga kapercayan, Ganjil nomer sing bejo nomer. Gudangan uga nerangake karo Piece saka hard-nggodhok endhog utawa nggodhok endhog, endhog sing artine asal gesang. Kajaba iku, sawetara sayuran panginten ngandhut makna tartamtu, kayata long kacang buncis, bayi dadi dawa, uga bayem, sing bayi bisa hidupanya tentrem.
BOCAH
Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan utawa 6 lapan [1] . Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacarainjak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani "mudhun lemah" lan "udhun-udhunan"[1].
Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
Sebabe Dianakaké
Upacara Tedhak sitèn dianakaké amarga ana kapitayan masyarakat Jawa yèn lemah kuwi nduwéni makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo ngindari kadadéyan sing ora becik, mula dianakaké upacara ngenalaké putra-putriné marang Bathara Kala minangka sing njaga lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih becik miturut weton.
Ubarampé Upacara Tedhak Sitèn
Ubarampé kanggo upacara tedhak sitèn akèh, kayata:
Pengaron sing diisi kembang setaman. Kurungan , kanggo nggambaraké yén donyané anak isih sithik utawa ciut.
Werna-werna barang sing diséléhaké sajroning kurungan kang nggambaraké suwèné urip, manungsa duwé kawajiban nggolèk "nafkah", kayata:
1. Pari sabengket
2. Kapuk sabengket
3. Piranti nulis
4. Bokor kang diisi beras kuning
5. Werna-werna jinis dhuwit
6. "Perhiasan"
Klasa sing isih anyar, kanggo lémèk ning jeroning kurungan.
Bakaran pitik, kang nggambaraké pedoman uripé anak.
Tangga tebu "rejuna", yaiku tebu sing wernané ungu kang nggambaraké undhak-undhakané urip sing arep dilakoni anak.
Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, ungu lan jambon. Tegesé kanggo ngemutaké anak yén urip kudu waspada saka godaan werna-werna.
Bancakan, kayata sega gudhangan sing dibagékake marang para tamu sing teka.
Urutané upacara tedhak sitèn[
Tedhak jadah pitung warna : yaiku anak mlangkah utawa ngidak jadah pitung warna kang diréwangi ngidak déning ibu, jadah ditata saka warna sing padhang nganti warna sing peteng, iku kabèh perlambang déné urip iku ora gampang nanging kabéh alangan sing dirasakake mengko mesthi bakal ana dalan kang padhang tumuju kamulyan lan kasantosan.
Munggah andha tebu arjuna: tebu iku pralambang antebing kalbu, supaya anggoné nitih urip ning donya iki bakal manteb lan tebu arjuna pralambang supaya anak sing munggah tebu iku bisa duwéni solah bawa kaya déné arjuna.
Kurungan: kurungan iku pralambang urip ing donya iki, ing jero kurungan diwénéhi akèh dolanan lan ubarampé pagawéan kayata kertas, gunting, pethèt lan liya liyané, dolanan utawa ubarampé pagawéan sing dipilih déning anak iku kaya tandha bésuk bakal duwéni pagawéan mau.
Siraman: kanggo nyucèni raga lan jiwa, muga muga bisa gawa jeneng arum kanggo kaluwarga kayata banyu kembang sing kanggo acara siraman anak mau.
Nyapih asalipun saking tembung "sapih" ingkang anggadhahi pangertosan pisah utawi misahaken. Nyapih inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawi ingkang ancasipun kangge nylameti lare ingkang nembé mandhek nyusu ibunipun.
Wonten ing wekdal kepengker, tiyang Jawi ngginakaken ubarampé kanggé nyapih larènipun. Ananging, sakpunika sampun jarang utawi malah sampun boten wonten ingkang ngginakaken ubarampé. Wonten ing ngandhap punika ubarampe ingkang dipunginakaken tiyang Jawi jaman kepengker wonten salebeting upacara nyapih, kadosta:
Kupat ingkang dipun sigar lajeng dipun isi abon wonten saktengahipun. Katul ingkang dipun damel bunder-bunder kadosta bal alit-alit, lajeng dipun dang.
Kembang "borèh"
7 Tumpeng alit
Ron jati ingkang dipuntungkupaken
Senthir ingkang dipunsélèhaken wonten sakngandhaping ambén
Lisah klapa ingkang dipunsélèhaken wontên pinggan ingkang wonten toyanipun
Ndog pitik mentah
Ron gedhang ingkang dipun suwèk-suwèk lajeng dipun tali kaliyan ndonga : "ora mbundheli godhong, nanging mbundheli tutuké si jabang bayi". Ancasipun supados bayi boten réwèl.
Wanci ndalunipun, laré dipun beta wonten njabi griya, lajeng sirahipun dipuntémpèlaken wit gedhang raja. Mênawi sampun gangsal dintên, dipundamêlakên bubur ingkang dipun sadé dhateng laré-laré ingkang "kreweng" minangka artanipun. "Kreweng" utawi tugelan gendhèng, lajeng dipunkempalakeên, dipun paringi kembang saha kemenyan lajeng dipun larung wonten kali.
LAJANG
Khitanan utawa Sunat ing basa arab khitan uga bisa kasebut uga sirkumsisi (Inggris: circumcision) yaiku tumindak motong utawa ngilangake salah sijiné bageyan utawa kabeh kulit panutup saka palanangan. Frenulum saka palanagan bisa uga dipotong sacara bebarengan ing sakjroning prosedur kang asring karan jeneng . Tembung sirkumsisi kanthi asal usul saka basa Latin circum (kang ngandut arti "muter") lan caedere (artiné "motong/ngètok").
Khitan uga diwiwiti ing jaman prasejarah, wujud mangkana iku bisa dibuktekake dèning salah sijiné gua kang ana ing mesir awiwit jaman watu lanpasarena Mesir purba.[1] Alesan tumindak iki isih digambyarake ing mangsa iku kanthi irah-irah kang ana lan teori-teori kang njelasake tumindak khitanan utawa sunat iku bageyan saka ritual pangorbanan utawa ngelakoni sunnah rosul (mangsa baliq).
JAKA UTAWA PERAWAN
Pangantènan iku sawijining acara ing ngendi sawijining pasangan iku janji bakal manunggal. Urutane acara pengantenan :
1. majang tarub2. siraman
3. midodareni
4. akad nikah
5. dhaup
6. lenggahan ageng
7. jangan menir
8. sepasaran
9. selapanan
TILAR/SEDA
Surtanah utawa bedhah bumi iku upacara sing diselenggaraake sak bubare acara nyarèkaké layon (jenazah). Tujuané kanggo ngirim donga supaya arwah utawa roh wong kang séda iku éntuk pangapura déning Ingkang Maha Kuwasa.
Upacara surtanah iki karantam kanthi sederhana. Sing teka biasane sedulur, tangga teparo, uga ulama. Sak liyane dedonga uga bisa dibacutake nganggo acara tahlilan sing lan ngaji bebarengan.
Ora ana uleman utawa undangan khusus kanggo acara iki nanging umume tangga teparo lan sanak kadang teka sinambi nggawa bahan-bahan pangan, kayata beras, endhog, bahan kanggo njangan, gula, kopi utawa dhuwit lan liyane. Kaya mengkono mau mujudake
pambiyantu lan ngentengake bot repote kulawarga sing nembe nandang sungkawa utawa kesripahan.
Inti acara surtanah lan upacara adat kesripahan liyane yaiku ndedonga, utamane sing ndonga yaiku anak-anake sing seda, sanak kadang, kanca, tangga teparo, utawa sapa wae sing gelem melu ndonga. Ora ana acara kendhurèn, yèn ana pasugatan sing disuguhaké iku mung sak anané. Bisa uga yèn kulawarga sing kesripahan pengin sodaqoh upamané nggawé panganan sing rada akèh utawa nyiapaké bèsèk kanggo diaturake sing pada rawuh, nanging bab besekan iku mau ora wajib. Sing apik lan dianjuraké malah wong liya (tangga, kanca lan liyané) nggawa bantuan kanggo kaluwarga sing kesripahan.
Nelung dina kawilujengan utawa sawise telung dina pati, carane kanggo nemtokake wektu ing dina kawilujengan lan pasar nelung lusarlu dina dipigunakaké rumus, kang dina katelu lan pasar katelu. Kang, yen ana wong sing tilar donya ing dina jumat kliwon wektu nelung dina kawilujengan tumiba ing Paing ana. Ngleksanakke kawilujengan biasane rampung ing wengi sadurunge lan mbuwang pasar menyang telu utawa (jelang) ana Paing.
Mitung dina kawilujengan utawa sawise pitung dina pati, carane nemtokake wektu kang dina lan pasar mitung dina kawilujengan digunakake tusaro, dina kapitu lan pasar liyane. Kang, yen wong mati ana ing jumat Keliwon banjur slametan mitung dina tumiba ing kemis legi.
Matangpuluh dina kawilujengan utawa sasampunipun pejah kanggo patang puluh dina, carane nemtokake wektu ing dina kawilujengan lan pasar matangpuluh dina dipigunakaké rumus masarma, dina kalima saka kaping lima lan pasar. Yen geblagnya ana jumat kliwon, banjur matangpuluh ambruk anadina selasa wage. Persis pitungan sing kira-kira sawise selapan (35 dina) utawa dina utawa selapan dina jumat kliwon barn dieari Bari selasa wage.
Nyatus inggih punika salah satunggaling upacara adat Jawa babagan kasedan. [1] Nyatus utawi ugi saged dipunsebat slametan satus dinten punika dipunadani wonten ing dinten kaping satus bibar sedanipun satunggaling tiyang. [1]
Ancasipun ngawontenaken slametan punika inggih kangge nyampurnakaken sedaya ingkang asipat badan wadhag utawi jasad. [1]
Sesajen ingkang dipunginakaken wonten ing slametan nyatus punika sami kaliyan sesajen ingkang dipunginakaken nalikanipun ngadani slametan patang dasa dinten. Dene sesajen ingkang dipundamel inggih punika sega wuduk, ingkung ayam, kedele, krupuk, lan sambel goreng. [1]
Nyewu utawa kawilujengan sawise sewu dinten, cara kanggo nemtokake wektu Pucuk dina lan pasar kawilujengan ewu dina (nyewu) digunakake rumus nemsarma punika pasar enem lan kaping lima. Nentokake carane ngetung dina sakwise wektu pati sawise telung taun sadurunge utawa sawise kira-kira 2 taun 10 sasi langsung dieari dina sing cocok. Yen seda dinten ana jumat kliwon nyewu kawilujengan tumiba ana rabu wage.
Pendhak pisan menika petangan wekdal ingkang dangunipun satunggal tahun ingkang wonten ing kalender utawi tanggalan Jawi. Pendhak pisan menika salah satunggaling adicara kangge mengeti tiyang ingkang sampun sedo satunggal tahun. Adicara Pendak pisan utawi wonten ugi ingkang mastani mendhak pisan' menika taksih kathah ingkang nglampahi, mliginipun wonten ing wilayahYogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara pendhak pisan menika ngawontenaken gendurenan utawi bancakan minangka dedonga kangge ingkang sampun sedo menika. Ingkang gadhah gawe mendhak pisan padatanipun ngundang tangga teparo supados sesarengan ndedonga lan pandom bancakan.
Pendhak pindho menika pétangan wekdal ingkang dangunipun kalih tahun ingkang wonten ing kalènder utawi tanggalan Jawi. Pendhak pindho menika salah satunggaling adicara kanggé mengeti tiyang ingkang sampun sédo kalih tahun kepengker. Adicara Pendhak pindho utawi wonten ugi ingkang mastani mendhak pindho' menika taksih kathah ingkang nglampahi, mliginipun wonten ing wilayah Yogyakarta lan Jawa Tengah. Padatanipun wonten ing adicara pendhak pindho menika ngawontenaken gendurènan utawi bancakan minangka ndedonga kanggé ingkang sampun sedo menika. Ingkang kagungan damel mendhak pisan padatanipun ngundang tangga teparo supados sesarengan ndedonga lan pandom bancakan.
SING HUBUANE KARO ALAM
Bersih desa iku salahsijining upacara adat Jawa sing diselenggara'ake bubar panen pari dadi maksude kanggo ngucapake syukur tandhuran pari brasil dipanen lan kasile apik.Upacara adat iki kadhang uga diarani upacara mreti desa lan biasa digabung karo upacara adat sedekah bumi utawa mreti bumi.
Masing-masing dhaerah nduwe tata cara lan prosesi upacara sing seje-seje miturut kabiasaan masing-masing ning tujuane padha wae.
Ing jaman mbiyen upacara adat iki dikaitake karo Dewi Sri sing dianggep sebagai dewi pari merga kebrasilan panen iku kasil kemurahan saka Dewi Sri sing wajib disyukuri.
Kanggo ngucapake syukur marang Tuhan sing wis aweh anugrah kasil panen pari sing melimpah
Kanggo njaga keslametan para warga desa saka gangguan hal-hal sing gaib, roh utawa arwah sing gentayangan uga saka gangguan-gangguan penyakit, keamanan lan bencana.
Kanggo ngresi'ake desa lan wargane saka alangan utawa kesusahan supaya kaadaan desa dadi tentrem lan aman.
Prosesi upacara umume diwiwiti bubar panenan pertama utawa methik, lokasi upacarane pertama neng pesawahan sing wis dilengkapi karo ubo rampe antarane: janur kuning, kembang setaman,kemenyan, kaca, suri, banyu kendhi, jajan pasar, bungkusan sega
lan gedhang. Bubar acara ndonga, pari sing wis dipetik digotong neng lumbung pari. Neng lumbung pari uga wis disiapake perangkat upacara lanjutane sing umume digawe saka godhong antarane godhong kluwih, dhadhap serep, godhong mojo, godhong tebu, godhong jati uga godhong luh. Masing-masing godhong iku nduwe fungsi lan makna.
Tolak bala yoiku nangkal bebana kanthi migunakake donga-donga utawa mantra.
SING HUBUNGANE KARO AGAMI UTAWI KEPERCAYAAN
Nyadran iku salah siji prosèsi adat budhaya Jawa awujud kagiyatan setaun sepisan ing sasi Ruwah wiwit saka resik-resik saréan leluhur, mangsak panganan tertamtu kaya déné apem, ater-ater lan slametan utawa kenduri. Jeneng nyadran iki asalé saka tembung sraddha, nyraddha, nyraddhan, banjur dadi nyadran. PJ Zoetmulder ana ing buku Kalangwan uga nyritakaké bab upacara sraddha kanggo mèngeti sédané Tribhuwana Tungga Déwi ana ing taun 1350. Upacara sraddha minangka pèngetan raja-raja síng wís puput yuswa uga sinebut ing kidung Banawa Sekar, nganggo uba rampé wujud baita (prau) síng digawé saka kembang (puspa, sekar). Tradhisi nyadran pranyata wís lumaku wiwít jaman Majapahit nganti saiki. Pakurmatan kanggo leluhur isih lestari lan dipepetri déning masarakat, mliginé ing tlatah padésan. Nyekar ing sasi Ruwah nduwèni surasa utawa wulangan marang anak putu supaya padha tresna lan élíng marang leluhur.[1]
Ruwahan menyang Jawa budaya tradisi ndedonga kanggo almarhum, kayata tuwane, kaki-nini, ing ngedekke saka desa, biyung, lan liyane.Iki tradisi iki diwiwiti agêng Ruwah (8th sasi ing tanggalan Jawa utawa berbarengan karo Sha'ban ing Hijri tanggalan). Mulane diarani ruwahan.Ing agêng Ruwah, wong amal dening nyebarke pangan kayata gedhang compote, jajan apem, lan gajih kanggo tanggi.
ruwahan
Compote, apem roti, lan gajih.
Sing ngandika, panganan ngandhut makna. Compote kanggo ngelingake marang ngarsane allah utawa nitahake. Apem cookie kanggo ngelingake kita nyuwun pangapunten utawa mratobat. Ktan kanggo ngelingake ati sing resik lan tansah ditempelake saben liyane.
Nalika nyebarke alms apa sing pangan dhewe, ana uga amal sing dileksanakake bebarengan. Ing ruwahan bebarengan, ing desa padha ndedonga kanggo roh saka leluhur. Saben kulawarga gedhe ditanggepi alms kanggo nggawe conthong gajih, lengkap karo sisih ne abang lan putih. Beras conthong iki banjur mbagekke menyang desa sing teka.
ziarah kuburan
Reresik ing kuburan minangka pajeg menyang tuwane sing wis seda.
Sawisé mengkono amal, ing acara iki nganti dening reresik kulawarga Perkembangan. Ing kabudayan Jawa, ndedonga tuwane, kaki-nini, lan leluhur punika wangun bab. Dipakani punika wangun charity. Nalika reresik ing kuburan iku wujud manungsa waé, uga minangka bukti sing wong ora bakal lali tuwane lan leluhur.
Senajan ruwahan rampung biasane Jawa Muslim ahead of Riyaya, ruwahan iki ora perlu amarga ana ing agama Islam.
Ruwahan bisa tumindak minangka saka awu, nalika padha ndedonga utawa pandonga kanggo Gusti Allah sing wis mati lan nglakoni amal dipakani dening sesami.
Nanging, nalika gedhe banget penghormatan menyang leluhur, ruwahan bisa uga ngelalaike. Contone, menehi kurban saka sirah kebo sing leluhur ora duka utawa takon soko
PENGANTENAN ADAT JAWI
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah siwijiné upacara sakral adat Jawa sing nduwé rantaman upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki nglambangaké pepanggihan antarané pengantèn putri lan penganten kakung neng kahanan sing kusus kadosdéné raja lan ratu.Padatan, rantaman inti upacara diselenggarakake neng dalemé pengantèn putri, sing dadi pamangku gati yaiku wongtua utawa kaluwarga pengantèn putri nanging tetep dibantu déning kaluwarga saking pengantèn kakung.
Rantaman adicara pengantènan adat Jawa ing saben dhaérah béda miturut ekonomi saben kaluwarga.
Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: SiramanAcara siraman iku sejatiné upacara perlambang kanggo ngresikake jiwa calon pengantèn. Upacara iki diselenggarakaké sedina sadurungé ijab kabul lan dilakokaké ing omahé calon pengantèn putri lan kakung, padatan ing bageyan omah sing rada amba kaya ing mburi omah utawa ing taman ngarep omah. Sing nyiram sepisan padatan wong tua calon mantèn banjur sedulur liyané uga kalebu pemaes.
Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: MidodarenTembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki duwe kekarepan yen mbengi sakdurunge acara mantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rerangken acara neng wengi midodaren iki séjé-séjé ing saben dhaérah, kadhang ana sing dibarengaké karo acara peningsetan lan srah-srahan.
Srah-srahan
Srah-srahan iku uga diwastani "asok tukon" yaiku calon pengantèn kakung mènèhaké uba rampe lan ragat sing bakal kanggo ngleksanakaké pahargyan penganténan. Tuladhané uba rampé, kayata: beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liya-liyane. Saliyané iku sing paling penting ana ing pepasrahan yaiku dhuwit sing tumprapé kanggo ngragati upacara pahargyan ing omahé pengantèn putri.
Ijab kabul
Ijab kabul yaiku acara nalika pengantèn kakung ngucapaké janji bebojoan karo pengantèn putri lan diseksèni wong akèh supaya bisa sah nikahé.
Upacara panggih
Sarampunge acara ijab kabul (akad nikah)dianakake acara Panggih. Ing acara iki kembang mayang digawa metu saka omah lan didelehake neng prapatan cedhak omah. Tujuané yaiku kanggo ngusir roh jahat. Sawise iku pengantèn putri ketemu (panggih) karo pengantèn kakung kanggo nerusaké upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dhahar klimah, Mertui, lan Sungkeman.
Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minangka pralambang sih katresnan lan kasetyan ing antarané pengantèn kakung lan putri.
Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endhog pitik nganti pecah, banjur pengantèn putri misuhi/ngresiki sikil/ampeyané pengantèn kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minangka prelambang sawijining kepala kaluwarga sing tanggung jawab marang kaluwargane.
Pupuk
Ibu pengantèn putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minangka tandha ikhlas nampa manten kakung mau dadi bageyan kulawargane.
Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minangka tandha pinangantèn sak kloron wis tinampa dadi kulawarga.
Timbang
Pinangantèn sak kloron lungguh ing pangkonané bapaké pengantèn putri, minangka perlambang katresnané wong tuwa marang anak padha karo mantu.
Dhékorasi
Dhékorasi dipasang wonten ing dhaleme sing duwe gawe, wernané wonten kathah.
Dhahar Klimah
Pengantèn kekalih dhahar dulang-dulangan minangka pralambang pinangantèn kekalih arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui
Wong tuwane pengantèn putri methuk wong tuwané pengantèn kakung ing ngarep omah lan bebarengan tindak menyang acara resepsi.
Sungkeman
Pinangantèn sak kloron sungkem nyuwun pangèstu marang wong tuwa kekalih.
Kendurèn / resèpsi
Kendurèn utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantènan, uga kadang diarani resèpsi utawa walimahan. Sejatiné kagiyatan iki nduwé makna upacara slametan, slamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggarakaké. Ing acara iki, pasangan pengantèn nrima mangayubagya saka sedulur, kanca uga kabeh sing teka ing acara iki.
Dhékorasi
Dhékorasi dipasang ing dhalemipun ingkang gadhah dhamel, wernané wonten kathah.
Masang Tarub
Masang tarub gumantung wonten dhalemipun ingkang gadhah dalem punika.
Pemaes
Upacara paesing calon pengantèn putri ing wanci sabibaripun upacara siraman, kajibahan ditindhakke juru paes utawi dhukun pengantèn.
Uga pirsan
Ningali calon pengantèn putri ing griya tiyang sepuhipun.