29
KLIPING RAMAYANA DISUSUN DENING : NUR CLEVELIN D. X.4 21 SMA N 1 SEMARANG

Bahasa Jawa (1)

Embed Size (px)

Citation preview

KLIPING

RAMAYANA

DISUSUN DENING :

NUR CLEVELIN D.

X.4

21

SMA N 1 SEMARANG

Tahun Pelajaran 2012 / 2013

Crita Ramayana

Prabu Dasaratha saking negari Ngayodya kagungan putra sekawan yaiku

Rama, Bharata, Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami

Wiswamitra ingkang nyuwun pambiyantu Sri Paduka Dasarata mbébasaken

pratapanipun saking para raseksa. Lajeng Rama saha Laksamana tindak.

Ing pratapan punika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng

tumuju negari Mithila amargi wonten mriku pinuju wonten sayembara kanthi janji sok

sintena ingkang mimpang saged nyunting putri raja anami Dèwi Sinta. sayembara

ingkang kasebat inggih punika menthang gendéwa ingkang rumiyin sareng kaliyan

wiyosanipun Dewi Sinta. Mboten wonten ingkang kuwawi menthang gendéwa kajawi

Rama pramila saking menika Rama lajeng dhaup kaliayan Dewi Sinta sasampunipun

Dewi Sinta dipun boyong kondur dhateng Ayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun

putra pammbajeng. Ananging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata

ingkang sanès ibu Rama ngendika manawi sri paduka naté ngandika menawi Barata

ingkang bakal dados raja. Senadyan kanthi awrat ing penggaih, raja Dasarata

nulusaken panyuwunipun awit pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sinta kaliyan

Laksmana tindak nilar kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng

Barata madosi. Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun

supados Rama kersa wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun

(basa Sansekreta: pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sinta saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten

raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng

mindha dados wanodya ayu. Ananging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan

wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha duka lajeng wadul kaliyan

kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngakèn Rahwana

supados nyulik Sinta.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik

Sinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sinta katarik

lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih

Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget,

mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si

kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang

wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi.

Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken

kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sinta dipuntilar

piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sinta kapireng déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados

réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sinta. Anging Rawana langkung

kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan

marang Rama saha Laksmana menawi Sinta dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton

sang Rahwana.

Lajeng Rama saha Laksmana tindak dhumateng kedhatonipun Rahwana. Ing

satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali

punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng

sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang

Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman,

satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sinta.

Sinta saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

Laksmana saha Satrughna. Satunggaling dinten wonten resi anami

Wiswamitra ingkang nuwun tulung Sri Paduka Dasarata mbébasaken patapanipun

saking para raksasa. Lajeng Rama saha Laksamana tindhak.

Ing patapan mrika, Rama kaliyan Laksmana mejahi sedaya raksasa lajeng nuju

negari Mithila amargi wonten mriku wonten sayembara. Sok sintena ingkang menang

saged angsal putri raja anami Dèwi Sinta. Lajeng para pasarta dipunkèn

ngrentangaken gandhéwa panah ingkang nyertani wiyosanipun sang Sinta. Mboten

wonten ingkang saged kajawi Rama, lajeng kakalihipun krama lajeng wangsul

dhateng Ngayodya.

Ing Ngayodya Rama bakal dipunangkat dados ratu, amargi piyambakipun laré

mbarep. Anging Kaikeyi, salah satunggiling garwa prabu Dasarata ingkang sanès ibu

Rama sanjang menawi sri paduka naté ngandika menawi Barata ingkang bakal dados

raja. Lajeng mawi abot manahipun raja Dasarata nulusaken panyuwunipun awit

pancèn naté janji mekaten. Lajeng Rama, Sinta kaliyan Laksmana tindhak nilar

kedhaton. Sasampun pinten wanci, prabu Dasarata séda lajeng Barata madosi.

Piyambakipun rumaos mboten pantes dados raja lajeng nuwun supados Rama kersa

wangsul. Anging Rama nampik lajeng nyukani sandhalipun (basa Sansekreta:

pāduka) marang Barata kados lambang kakuwasanipun.

Lajeng Rama, Sinta saha Laksmana wonten alas Dandaka. Ing mriku wonten

raksasi anami Surpanakha ingkang kasengsem remen kaliyan Laksmana lajeng

mindha dados wanodya ayu. Anging Laksmana mboten saged dipunrayu, malahan

wusananipun pucuk irungipun keiris. Surpanakha nepsu lajeng pradul kaliyan

kangmasipun sang Rahwana. Piyambakipun saged mbujuki saha ngekèn Rahwana

nyulik Sinta kaliyan ngepèk dados sèmahipun.

Lajeng sang Rawana ndhawuhi Marica, satunggiling raksasa kanggé nyulik

Sinta. Marica pados upaya mindha dados kidang emas ingkang éndhah. Sinta katarik

lajeng nyuwun garwanipun supados mbedhog kidang punika. Rama nilar Sita kalih

Laksmana, tindhak piyambak ngoyak si kidang emas. Si kidang emas gesit sanget,

mboten saged dipuntangkep. Wusananipun Sri Rama anyel lajeng dipunpanah. Si

kidang emas njerit kesakitan lan éwah malih dados raksasa, lajeng pejah. Sita ingkang

wonten tebih nginten ingkang njerit punika Rama lajeng ngekèn Laksamana madosi.

Laksmana mboten purun anging wusananipun purun sasampunipun dipunlèhaken

kaliyan dipuntedhah Sita ajeng ngepèk piyambakipun. Wusananipun Sinta dipuntilar

piyambakan lajeng saged dipunculik Rawana.

Jeritanipun sang Sinta karungu déning peksi sang Jatayu ingkang naté dados

réncangipun prabu Dasarata, lajeng usaha nulungi Sinta. Anging Rawana langkung

kiyat, saged ngalahaken Jatayu. Jatayu ingkang sekarat taksih saged nyukani laporan

marang Rama saha Laksmana menawi Sinta dipunbekta marang Lengka, ing kedhaton

sang Rahwana.

Lajeng Rama saha Laksmana dhumateng ing kedhatonipun Rahwana. Ing

satunggiling tlatah manggihi para wanara saha ratunipun ingkang anami Bali. Bali

punika nyulik sèmahipun kangmasipun. Wusananipun Bali saged dipunpejahi lajeng

sèmahipun dipunwangsulaken marang Sugriwa. Sugriwa sumedya nulungi sang

Rama. Wusananipun mawi wadya bala wanara kalih sénapatinipun Hanuman,

satunggiling kethèk pethak, sedaya saged mejahi Rawana kaliyan mbébasaken Sinta.

Sinta saged dipunboyong wangsung menyang Ngayodya lajeng sang Rama dados raja.

Paraga - paraga Wonten Crita Ramayana

1. Prabu Ramawijaya

Rama uga bisa sebut Prabu Ramawijaya iku ratu ing Pancawati. Prabu

Ramawijaya ngono putrané Prabu Dasarata ing Ayodya saka garwa Dèwi Reghu iya

Sukasalya. Prabu Ramawijaya iku tokoh utamané Ramayana, salah siji wiracarita saka

tanah Indhia sing uga misuwur ing tanah Jawa.

Dasanamané (jeneng liya) : Prabu Sri Bathara Rama (titah titising Bathara

Wisnu), Prabu Ramawijaya (tansah jaya/unggul ing payudhan), Rama Reghawa

(putrané Dèwi Reghu/Sukasalya), Ramabadra (sumunar lir purnamasidhi),

Ramacandra, lan Ramayana.

Prabu Dasarata kuwi garwané ana telu: Dèwi Reghu, Dèwi Kekayi lan Dèwi

Sumitra. Dèwi Reghu peputra Raden Rama Reghawa, Dèwi Kekayi peputra Raden

Barata, lan Dèwi Sumitra peputra Raden Laksmana lan Raden Satrugna (Tugena).

Sawijining dina Rama ngleboni sayembara ing negara Matilidirja, lan klakon

mboyong Dèwi Sinta, putriné Prabu Janaka.

2. Dewi Sinta

Sita (Sanskerta: सी�ता�; Sītā, kang dieja Shinta) yaiku tokoh protagonis. Sita

merupakan inkarnasi dari Laksmi, dewi keberuntungan, istri Dewa Wisnu. Sinta

utawa Dèwi Sinta, iku garwané Sri Rama lan bagéyan saka wiracarita Ramayana.

Rama krama karo Sita sawisé menang swayambara bisa mbenggang gandéwa. Dewi

Sinta menika putri saking Raden Janaka. Sinta iku ya tau diculik déning Rahwana,

Ratu ing karaton Alengka. Nanging dhèwèké bisa diuwalaké manèh déning pitulungé

Anoman, kethèk putih.

3. Anggada

Anggada (Sanskerta: अं�गद; Angada) utawa Hanggada. Anggada iku paraga

wayang kang awujud kethèk utawa wanara kanthi wulu abang. Anggada kuwi putra

ontang-antingé Resi Subali, Raja Kethèk ing Krajan Guwakiskenda, déné ibuné kuwi

widodari kang asma Déwi Tara. Mula ora anèh yèn Anggada sinebut Subaliputra

utawa Subalisuta. Wanara muda sing sanget tangkes lan gesit. Bisa nglompat adhohe

sanga ngatus mil.

4. Anoman

Anoman iku putra Dèwi Anjani seka Hyang Pawana utawa Bathara Bayu.

Sawisé lair, Anoman digawa menyang kahyangan Panglawungan déning Bathara

Bayu. Sawisé cukup umur banjur dipasrahaké marang Sugriwa ing Guwa Kiskendha.

Ing kéné, dhèwèké dikanthèni déning wanara kang nduwé swara éndah, yaiku Kapi

Saraba.

Anoman banjur mbéla Rama nglawan Rahwana ngrebut Dèwi Sinta. Ing lakon

Anoman Obong, Anoman ngobrak-abrik Alengka lan ngobong kraton.

Bojoné Anoman yaiku Dèwi Urangrayung kang isih mbakayuné Dèwi

Urangayu. Seka jejodhoan iki lair uga wanara putih Trihangga.

Dasanamanipun Anoman :

Maruti = angin

Anjaniputra = putrané Anjani

Hanuman (versi India)

Bayusiwi = putrané Bathara Bayu

Bayudara = putrané Bathara Bayu

Handayapati = nduwé daya/kakuwatan kang gedhé banget

Yudawisama = sénopati perang

Kapiwara = raja wanara

Mayangkara = asmané nalika wis dadi pandhita/begawan

Palwagaseta = wanara putih

Prabancana = angin

Senggana

5. Dasarata

Prabu Dasarata (Sanskerta: दशरथ, Daśaratha) iku salah siji paraga ing

wiracarita Ramayana. Dasarata iku raja ing karajan Kosala, kanthi pusat

pamaréntahan ing kutha Ayodya. Angkatan perang kerajaan Kosala ora pernah kalah

ing perang. Dhèwèké iku raja putra Aja, katurunan Ikswaku lan kagolong

Raghuwangsa utawa dinasti Surya. Piyambake duwe garwa telu, yaiku Kosalya,

Sumitra, lan Kekayi. Saka garwané kuwi, Prabu Dasarata kagungan putra sing cacahé

papat, yaiku Ramawijaya, Lesmana, Barata lan Satruguna.

Nalika Prabu Dasarta isih enom, piyambake paling seneng berburu.

Piyambake bisa manah kanthi titis mung liwat swarane wae. Ing sawijining dina

Prabu Dasarata lagi "berburu" piyambake krungu swara kaya swarane gajah lagi

ngombe. Prabu Dasarata banjur ngarahake panah marang swara mau. nanging Prabu

Dasarata kaget barang krungu swara manungsa. Piyambake wedi banget,awake

ndredeg karo nyedhaki asale swara mau. Prabu Dasarata kaget ora karuab nalika

weruh ana nom-noman sing kena panahe mau. Cah nom mau katon jengkel lan

ngomong nek wong tuwane isih ngenteni dheweke. Sadurunge mati, cah nom mau

ngongkon Dasarata supaya ngeterake banyu marang wong tuwane sing wus tuwa lan

wuta.

6. Rahwana

Rahwana (Dewanagari: र�वण, IAST Rāvaṇa utawa Rāvaṇa; kadhangkala

dialihaksara dadi Raavana lan Ravan utawa Revana, jroning padhalangan luwih

kawentar kanthi sesebutan Prabu Dasamuka) iku salah sijiné paraga ing wiracarita

Ramayana. Prabu Dasamuka iya Rahwana iku putrané mbarep Resi Wisrawa lan

Dèwi Sukesi, putriné Prabu Sumali, nata ing Alengka.

Nalika lairé, ing jagad ana ngalamat ala warna-warna, kayata: udan getih,

cahyané Bagaswara katon surem kucem, ing akasa akèh clérét taun pating sliwer tiba

ing bantala, buta, siluman, jin, setan, peri pahrayangan padha ngaton lan jejogetan.

Lairé Dasamuka saka guwa garba ora kaya salumrahé bayi. Sepisanan Sang

Dèwi Sukesi nglairaké sirah bayi cacahé sepuluh kang rupané medéni banget.

Pakulitané biru, netrané abang angatirah, siyungé mingis-mingis. Sabanjuré Dèwi

Sukesi nglairaké lengen bayi cacahé rong puluh, nuli disusul perangan awak liyané.

Déning Resi Wisrawa, jabang bayi kang mustakané (sirahé) cacah sepuluh,

abahu lan tangané cacah rong puluh iku banjur kaparingan asma kang salaras karo

kahanané, yaiku Dasamuka (दशमु�ख, arai sepuluh), uga sinebut Dasawardana,

Dasanana, Dasawaktra, Dasasya, Sasasira, Dasagriwa (दशग्री�व, agulu sepuluh) lan

Wingsatibahu.

Dasamuka duwé adhi cacah telu, yakuwi Kumbakarna (wujud buta sagunung

anakan), Dèwi Sarpakenaka (wujud raseksi), lan Wibisana (wujud satriya bagus).

Karo Prabu Danaraja (Danapati), Dasamuka kaprenah kadang séjé ibu nunggal rama.

Ibuné Prabu Danaraja asmané Dèwi Lokati, putrané Prabu Lokawana ratu Lokapala.

Prameswariné Prabu Dasamuka widodari asmané Dèwi Tari, peputra kakung

siji asma Indrajit iya Meganandha. Karo garwa liyané, Prabu Dasamuka apeputra

Trisirah, Trikaya, Trimuka, Trinetra, Triweneh, Dewantaka, Dewantumut, Narantaka,

Sagsadewa, lan Pratalamaryam iya Bukbis. Trikaya lan Trimuka iku putra kembare

Dasamuka patutan saka Dewi Wisandi. Sedulur kembar iki dicritakake duwe kasekten

kang bisa urip maneh yen dilangkahi kunarpane karo kembarane. Dening Kapi

Anoman sedulur kembar iki disirnakake kanthi mbenthusake/ngadu sirahe, saengga

kalorone mati bareng.

Gegamané Prabu Dasamuka manéka warna, nanging kang kerep kasebut lan

adhakan digunakaké yaiku Candrasa,wujudé klewang cilik (cendhak), jemparing

Kalabardhani, lan pedhang Menthawa.

Aji-ajiné aran Pancasunya (Pancasona) peparingé Resi Subali. Dayané aji

Pancasunya, yèn Dasamuka ngemasi ing sajabaning pepesthen, bisa waluya jati

manèh. Amarga darbé aji Pancasunya, watak-wantuné Dasamuka sangsaya angkara

murka lan adigang adigung adiguna. Akèh para ratu, para raja sakiwa tengené negara

Alengka kang ditelukaké sarana linawan bandayuda, kayata negara Lokapala,

Maespati, Ayodya, Mantili, lan sapituruté. Kejaba kuwi uga akeh para pandhita kang

padha dipaténi jalaran ora sarujuk karo tumindaké Dasamuka sing ndusta Dèwi Sinta,

garwané Prabu Rama ing Pancawati.

Ing perang Giriantara, yaiku perang antarané negara Alengka (utawa Lanka,

vèrsi Indhia) lumawan Pancawati dadi ramé amarga Prabu Rama dibiyantu déning

para wanara. Pungkasané Dasamuka iya Rahwana bisa disirnakaké déning Prabu

Ramawijaya srana ditamani senjata pamungkas wujud jemparing paringané déwa aran

Kiai Guhyawijaya. Dadi dudu jemparing Kiai Guwawijaya sing asring sok dikocapaké

Ki Dhalang kaé. Kuwi salah kaprah, jalaran tembung Guhyawijaya kuwi mengku

teges, Guhya tegesé gaib,déné wijaya tegesé kemenangan, dadi cethané Guhyawijaya

kuwi tegesé "kemenangan kang sinandhi/gaib").

Prabu Rama anggoné ngasoraké Dasamuka kuwi sejatiné mung kinarya

lantaran tumrap Bathara Wisnu anggoné bakal mbrasta tumindha dur angkara murka

kang tumanduk ana anggané Prabu Dasamuka.

Bareng Dasamuka ketaman Guhyawijaya ora bisa obah amarga pusaka iku

tumanem ana puseré Dasamuka nganti tembus tekan gigir lan bedhoré jemparing

tumancep ing watu kemlasa. Bareng Dasamuka wis ora bisa obah owah maneh, uli

ragané ditableg gunung Pangungrungan (Somawana) déning Anoman saéngga

Dasamuka pralaya. Sapurnané perang brubuh iku, Alengka banjur diwènèhké marang

Wibisana.

7. Kumbakarna

Kumbakarna iku putrané Begawan Wisrawa lan Dèwi Sukesi ingkang angka

loro. Sasedulur ana papat, yaiku Dasamuka (Rawana), Kumbakarna, Sarpakenaka, lan

Gunawan Wibisana. Kasatriyané ing Pangleburgangsa. Garwané widodari, bebisiké

Dèwi Kiswani, lan banjur peputra loro, yaiku Kumba-Kumba lan Aswani Kumba

Wujudé Kumbakarna iku buta gedhé nganggo makutha. Gedhé dhuwur ora

ana kang madhani lan katon nggegirisi. Wujuding kupingé kaya kumba (kwali utawa

kendhi), mulané sinung aran Kimbakarna.

Kumbakarna kaparingan aji Cirakalasupta, aji Gedhongsanga, lan aji Petak

Gelap Sakethi. Dayaning aji Cirakalasupta yèn wus kawateg, njalari Kumbakarna bisa

turu kepati atusan taun tanpa nglilir. Dayaning aji Gedhongmenga, Kumbakarna

kuwawa mangan lan ngombé kang akèhé kagila-gila, yaiku kang mahanani teguh-

santosané salirar. Saben mentas mangan lan ngombé kang akèhé nganti ngundhung-

undhung kaya gunung, lumrahé Kumbakarna banjur turu kepati pirang-pirang sasi

lawasé. Dayaning aji Petak Gelap Sakethi njalari Kumbakarna yèn petak swarané

kaya gelap ngampar, agawé kekesing atiné para mungsuhé.

8. Subali

Subali iku putrané Resi Gotama ing Pertapan Grastina (ing padhalangan asring

kasebut pertapan Pancuranmanik) klawan Dèwi Indradi utawa Windradi. Wujudé

Subali iku kethèk, nanging bisa tatajalma (omong). Nata ing Kerajaan Kiskendha.

Sawijining dina, Dewi Windradi utawa Dewi Indradi kang wektu kuwi wis

kawengku ing priya, Resi Gotama, lan malah wis peputra barang, kanthi sesidheman

sapatemon karo Bathara Surya. Bathara Surya rumangsa marem marang Windradi

anggone caos leladhi, mula banjur kaparingan pusaka wujud cupu jenengé Cupu

Manik Astagina. Cupu mau uga banjur diparingake Dewi Indradi marang Anjani lan

diwanti-wanti aja nganti kapriksan sapa waé, luwih-luwih kapriksan Sang Resi

Gotama. Nanging sawijine dhina Guwarsa lan Guwarsi weruh cupu kang digawa

aAnjani lan kepéngin nduwèni. Bocah telu mau banjur rebutan.

Mranggulangi kahanan mau, Resi Gotama banjur mbuwang cupu mau lan

tumiba ing tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi nekad nyemplung tlaga, déné Anjani

mung wani raup rai. Resi Gotama sepata yèn kelakuwan bocah telu mau kaya

réwanda. Kocap mangkono, Guwarsa dalah Guwarsi dadi kebak wulu lan nduwé

buntut kaya déné kethèk. Déné Anjani mung rainé sing arupa kethèk. Wiwit kuwi,

Guwarsa banjur ganti jeneng Subali lan Guwarsi ngalih jeneng dadi Sugriwa.

9. Sugriwa

Narpati Sugriwa iku salah sawijining paraga wayang ing wiracarita Ramayana.

Dhèwèké putraning Resi Gotama lan Dewi Indradising wuragil Sasedhulur cacahe ana

telu, yakuwi Dewi Anjani, Guwarsa iya Subali, lan Guwarsi iya Sugriwa. Nalika isih

anom Subali uga karan Anjana utawaAnjanarka.', dene Sugriwa uga sok karan

Anjaningrat. Sugriwa iku maune wujud satriya bagus. Merga kepingin ndarbeni Cupu

Manik Asthagina, banjur nggebyur ing telenge tlaga Madhirda (ing padhalangan karan

tlaga Sumala) saperlu ngupadhi cupu mau, temahan wujude malih dadi kethek.

Sawijining dina, Dewi Windradi utawa Dewi Indradi kang wektu kuwi wis

kawengku ing priya, Resi Gotama, lan malah wis peputra barang, kanthi sesidheman

sapatemon karo Bathara Surya. Bathara Surya rumangsa marem marang Windradi

anggone caos leladhi, mula banjur kaparingan pusaka wujud cupu jenengé Cupu

Manik Astagina. Cupu mau uga banjur diparingake Dewi Indradi marang Anjani lan

diwanti-wanti aja nganti kapriksan sapa waé, luwih-luwih kapriksan Sang Resi

Gotama. Nanging sawijine dhina Guwarsa lan Guwarsi weruh cupu kang digawa

aAnjani lan kepéngin nduwèni. Bocah telu mau banjur rebutan.

Mranggulangi kahanan mau, Resi Gotama banjur mbuwang cupu mau lan

tumiba ing tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi nekad nyemplung tlaga, déné Anjani

mung wani raup rai. Resi Gotama sepata yèn kelakuwan bocah telu mau kaya

réwanda. Kocap mangkono, Guwarsa dalah Guwarsi dadi kebak wulu lan nduwé

buntut kaya déné kethèk. Déné Anjani mung rainé sing arupa kethèk. Wiwit kuwi,

Guwarsa banjur ganti jeneng Subali lan Guwarsi ngalih jeneng dadi Sugriwa.

10. Barata

Barata (basa Sangskerta: भरत, Bharata) iku adhiné Rama ing wiracarita

Ramayana. Nanging Barata dudu adhi saibu, namung sabapa. Barata putrané Prabu

Dasarata lan Dèwi Kekayi. Dhèwèké diadegaké dadi ratu ing Ngayodya kamangka

dudu ragil. Banjur dhèwèké diparingi sandhal utawa pādukané Rama supaya ora

kuwatir maréntah dadi ratu.

11. Jatayu

Jatayu iku salah sawijining paraga saka crita Ramayana, putra saka Aruna lan

keponakan Garuda. Jatayu kuwi awujud manuk sing bisa ngomong kayadene

manungsa.

Nalika Dewi Sinta diculik dening Rahwana dheweke weruh lan mbiyantu

nulung Dewi Sinta. Jatayu tarung anglawan Rahwana arep mbebasake Sewi Sinta.

Akhire Jatayu kalah lan ora isa mabur maneh, nanging sadurunge tiba Dewi Sinta

nitipake ali-ali marang Jatayu supaya Rama bisa nggoleki Dewi Sinta. Sawise Jatayu

kalah, Jatayu banjur ketemu Rama lan Laksmana sing lagi nggoleki Dewi Sinta ing

satengahing alas. Sadurunge mati, Jatayu isih bisa nuduhake ali-ali saka Dewi Sinta.

Rama lan Laksmana nganakake upacara pemakaman kanggo Jatayu.

12. Lesmana

Lesmana utawa Laksmana (basa Sangskerta: लक्ष्मुण, Lakṣmana) iki rayiné

Prabu Rama kang setya ndhèrèkaké kangmasé rikala Prabu Rama kasébrataké

menyang wana Dandaka. Alas kang wingit kepati paribasan Sato mara sato mati

janma mara kapiluyu.

Papaning para jim sétan lan dununging para raseksa. Ya ing wana Dandhaka

iki Dèwi Sinta garwané Prabu Rama cinidra déning Prabu Dasamuka awit krenahing

abdiné Prabu Dasamuka kang aran Kala Marica kang malih maujud dadi kidang

kencana saperlu nggora godha Dèwi Sinta. Sang Dewi kapilu marang kaéndahané

kidang Kencana nganti lali purwa duksina manawa teteluné lagi ana madyaning alas

kang gawat kaliwat. Kidang musna lan Sang Dèwi aminta ingkang raka Prabu Rama

supaya arsa ambujung nganti kacandhak arsa kanggo klangenan. Sadurungé tindak

Prabu Rama dhawuh ingkang rayi Radèn Lesmana anjaga kasugengané ingkamg

mbakyu Rakyan Sinta. Sauwisa sawatara wektu sanalika ana swara sambat-sambat

ngarih-arih njaluk pitulung kang amadhani swarané Prabu Rama.

Awit saka kuwatiré Dèwi Sinta paring dhawuh énggal-énggal budhal saperlu

asung pitulung marang ingkang garwa mangka ing satemené swara iku mung apus

krama saka swarané Kala Marica. Radèn Lesmana percaya marang kasektèné ingkang

Raka mula nduwa kersané Dèwi Sinta nanging tinampa cubriya manawa ingkang rayi

kagungan rasa milik ngrusak pager ayu marang dhèwèké. Rumangsa gerah panggalih

awit dinakwa kang kaya mangkono mula tanpa saraba ngunus pusaka kanggo nugel

planangané dhéwé lan sanalika planangan kang tugel mau musna lan ing kono ana

wujud curiga kang aran pulanggeni. Banjuring carita para maos kaaturan mriksanana

kitab wiracarita Ramayana.

13. Garuda

Garudha (pasang aksara basa Sangskreta: Garuḍa, basa Pāli: Garuḷa) iku salah

sijining déwa ing agama Hindhu lan Buddha. Dhèwèké wahana Bathara Wisnu, salah

siji Trimurti utawa manifestasi Gusti Allah ing agama Hindhu. Garudha digambaraké

nduwé awak emas, arupa putih, nduwé suwiwi abang. Cucuk lan suwiwiné mèmper

manuk elang, anging awaké kaya manungsa. Ukurané gedhé dadi bisa ngalang-

ngalangi srengéngé.

Jeneng-jeneng liya Garudha :

Kaśyapi

Wainateya

Suparna

Garutmān

Dakṣāya

Śālmalin

Tārkṣya

Wināyaka

14. Sarpakanaka

Sarpakanaka iku siji-sijiné putrané Begawan Wisrawa sing wadon jroning crita

Ramayana. Ing vèrsi Indhia, jenengé Śurpanakha. Ing padhalangan, Sarpakanaka

(Sarpakenaka) iki putrané Resi Wisrawa karo Dèwi Sukèsi sing angka telu. Kadangé

tuwa Dèwi Sarpakenaka yaiku Prabu Dasamuka (Rahwana) lan Kumbakarna, déné

adhiné kekasih Gunawan Wibisana.

Sarpakenaka iku wujudé buta wadon, tutuké nyrengèngès, mripaté tlelengan.

Padunungané ing Guthaka. Kasektèné dumunung ing kukuné. Kukuné mawa wisa

kang ampuh kaya wisané ula weling. Sing sapa kagarit kukuné mesthi tumekaning

pati.

Sarpakenaka duwé garwa arané Ditya Karadusana lan Ditya Kala Nopati,

bupati nayaka Alengka, peputra siji yakuwi Dèwi Jarini. Senadyan wis duwé bojo

loro, meksa isih kurang marem. Dèwi Sarpakenaka isih sok dhemenan karo Kala

Mrica, abdi kinasihé Prabu Dasamuka.

15. Gunawan Wibisono

Gunawan Wibisana iya Raden Kunta Wibisana iku putrané Dèwi Sukesi lan

Begawan Wisrawa kang wuragil. Déné urutané : Rahwana (Dasamuka), Kumbakarna,

Dèwi Sarpakenaka, lan Wibisana.

Wujudé wayang, satriya bagus. Wataké utama, awit panjanmana (panjalmané)

Wisnu Anjali utawa Wisnu Kawicaksanan, yaiku kerabaté Bathara Wisnu kang

nyangkul jejibahan rumeksa katentremaning jagad, sarana manjalma ana ragané

pandhita. Mula sing sapa kapanjalman Wisnu Anjali, wataké suci lair batin, adoh saka

laku dur angkara.

Kasatriyané ana ing Singgelapura iya Kunthara.awan Wibisana. Ing gagrag

asliné, jenengé Vibishana.

Garwané Wibisana, widodari kahyangan kang sesilih Dèwi Triwati. Peputra

loro, yakuwi:

1. Dèwi Trijatha kang ing tembé dadi garwané Resi Jembawan ing pertapan

Gandamadana lan banjur peputra Dèwi Jembawati, garwané Prabu Kresna

2. Radèn Denthawilukrama.

Wibisana satriya luhur ing budi. Panggalihé jujur lan adil. Marang para

kadang, Wibisana kaduk tresna. Awit saking tresnané marang kadang, Wibisana

tansah rumeksa marang Dasamuka, murih bisa widada jumeneng nata ing Alengka.

Mula saben ana klèruné tumindak Dasamuka, Wibisana ora wigih-wigih ngèlingaké,

luwih-luwih yèn kadangé wreda nganti ninggal kautaman lan keadilan.

16. Satrugna

Satrugna (Dewanagari: शत्रु�घ्न; IAST: ṣatrughna) menika tokoh wonten crita

ramayana. Satrugna putera saking Raja dasarata saking Kerajaan Kosala ingkang

ibukotanipun wonten Ayodhya. Satrugna gadhah saudara kembar asmanipun

Laksmana, dewekipun ugi putera ragil. Satrugna lair saking permaisuri Raja dasarata

ingkang asmanipun Dewi Sumitra. Deeke gadhah tiga saudara, tiga saudara

asmanipun Rama ingkang lair saking permaisuri Dewi Kosalya, Bharata ingkang lair

saking permaisuri Kekayi, kaliyan Laksmana ingkang saudara kembaripun, lahir

saking permaisuri Sumitra.

17. Dewi Kosalya

Kausalya (Sanskerta: कौ�शल्या�, Kauśalyā), utawi ugi saged dipuneja Dewi

Kosalya menika salah setunggalipun tokoh wonten wiracrita Ramayang.

Piyambakipun garwa kasetunggal Raja Dasarata ingkang nglairaken Sri Rama. Saking

asmanipun, Dewi Kausalya menika putri saking Kerajaan Kosalya.

18. Dewi Sumitra

Sumitra (bahasa Sanskerta: सु�मिमुत्रु�, Sumitrā) menika salah satunggaling tokoh

wonten wiracrita Ramayana. Piyambakipun menika salah satunggaling garwa saking

Prabu Dasarata. Piyambakipun ugi ibu saking Laksmana kaliyan Satrugna.

19. Anila

Nila (Sanskerta: तितल; Nīla) alias Anila (Sanskerta: अंतितल; Anīla) menika salah

setunggaling tokoh wonten wiracrita Ramayana. Anila menika awujud wanara werna

peteng ingkang wonten kubu Sri Rama wonten perang nglawan Rahwana.

Nalika masa madosi Dewi Sinta, Anila gadhah peran ingkang penting,

terutama wonten pembangunan jembatan Situbanda, amargi struktur jembatan kasebut

dirancang dening Anila. Wonten perang ing Alengka, Anila kaliyan wanara liya

perang ngalahaken para raseksa. Anila piyambak kahadapan kaliyan Prahasta ingkang

ngginakaken senjata gada wesi. Perang menika kalangsung sengit amarga Prahasta

kaliyan Anila sami-sami gadhah kekuatan ingkang sekti. Anila saged ngalahaken

Prahasta kalih cara ngangkat watu ingkang gedhe, kaliyan nibakaken watu kasebut ing

ndhuwuripun Prahasta. Prahasta lajeng pejah sanalika.

20. Patih Prahasta

Prahasta (bahasa Sanskerta: प्रहसी�‍ता, Prahastha) menika salah satunggaling

tokoh wonten waracrita Ramayana ingkang dipunngertosi menawa piyambakipun

menika Paman Rahwan ugi Pembesar Kerajaan Alengka. Piyambakipun tokoh

ingkang wicaksana kaliyan asring menehi wejangan-wejangan dhateng Rahwana.

Prahasta pejah nalika mbela negerine nglawan Anila saking bangsa wanara.

21. Sumali

Sumali (Sanskerta: सी मली�; Sumalī). Kang dikenal dadi eyang kakung

Rahwana, tokoh antagonis. Sumali dhuweni mas asmanipun Mali lan adek asmanipun

Maliyawan. Katigane enthuk anugerah Dewa Brahma yaiku kesaktian sing luar biasa.

Nanging kesaktian kasebut disalahgunake kanggo naklukke kahyangan. Akhire,

kaliyan mau dikalahke karo Dewa Wisnu lan terusir saka Kerajaan Alengka.