2

Click here to load reader

pidhato penganten

Embed Size (px)

DESCRIPTION

pidato jawa

Citation preview

Page 1: pidhato penganten

Assalamualaikum Wr. Wb.

Bismillah alhamdulillah laa khaula walaa kuwwata illa billah amma ba’du

Para pinisepuh ingkang tansah kinabekten, para tamu kakung sumawana putri ingkang

winantu sagunging pakurmatan.

Puji syukur dhumateng ngarsaning Gusti Allah ingkang Maha Wikan ingkang

kepareng paring rahmat lan hidayahipun saengga kita taksih saged makempal wonten

panggenan punika kanthi tentrem, bagas, waras, kebak ing kabagyan tebih ing sambekala.

Shalawat sarta salam mugi tansah kaunjukaken dening ngayanan dalem Nabi Muhammad

SAW, mugi-mugi kita sedaya pikantuk safa’atipun mbenjang wonten yaumul qiyamah,

Allahuma amin. Mboten supe kula ngaturaken agunging panuwun awit saking rawuh

panjenengan sedaya.

Para tamu ingkang kula urmati, mugi kalilan kula nyulihi sedherek kula sepuh Bapa

Cokroaminoto angaturaken waluyan paring pangandikanipun Bapa Rahmatulloh lumantar

Sedherek Ngurainatul J.S.

Kajawi pambage raharja kula dhumateng panjenengan sapangiring penganten kakung,

salam wilujengipun ingkang hangresaya panjenengan, sampun kula tampi sarta lajeng kula

aturaken dhumateng ingkang wajib hanampi Bapa Cokroaminoto.

Panjenengan hanglarabaken Bagus Agus Rahmatulloh putranipun Bapa Rahmatulloh

sekalian saking Kebumen, ingkang kaajab hangemong sutanipun estri Bapa-Ibu

Cokroaminoto naminipun Rara Ayu Rini Wulan Suci, punapa dene kalampahipun ijab saha

panggih, panjenengan pasrah ing kula, sampun wonten pamurba kula, sarta tumunten enggal

badhe kula estokaken.

Wasana, sumangga sami dipunsuwunaken dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung,

mrih rancag lan wilujengipun ing sapanginggil.

Makaten ingkang saged kula aturaken, wonten kirang pantesing panampi kula, kula

nyuwun lumebering sih samudra pangaksami.

Wabillahi taufik wal hidayah. Wassalamu’alaikum wr wb.

Tyas Ratna Pangestika

XII IPA 4/30