WUJUD KRITIK SOSIAL WONTEN ING DONGENG ZULFULUS
ANGGITANIPUN PRIJANA WINDUWINATA
(Makalah Sastra)
Tugas menika dipunsusun kangge nyekapi tugas mata kuliah
Seminar Bahasa, Sastra, dan Budaya Jawa
Dosen Pengampu : Hardiyanto M. Hum
Dipunsusun Dening :
Nama : Rista Sapta Perwitasari
NIM : 10205241074
Kelas : B PBD 2010
PENDIDIKAN BAHASA DAERAH
FAKULTAS BAHASA DAN SENI
UNIVERSITAS NEGERI YOGYAKARTA
2013
2
BAB I
PURWAKA
A. Dhasaring Panaliten
Karya sastra boten namung wujud wacana fiktif rekaan panganggit
ingkang boten wonten ing kasunyatan. Karya sastra mijil saking panguda
raos ingkang dipuwujudaken ing satunggal asil karya kanthi bumbu imajinasi
panganggit. Panguda raos menika sumberipun saking sedaya lelampahaning
gesang ingkang sampun nate utawi nembe dipunprangguli sastrawan ing
gesang saha pagesangan. Karya sastra minangka asil proses kreatif
sastrawan nggambaraken perkawis ingkang kedadosan ing masyarakat.
Sumardjo (1982: 393) ngandharaken bilih karya sastra minangka
asiling rekaan kreatif sastrawan inggih menika perangan gesang ing bebrayan
ageng ingkang mahyakaken perkawis bab masyarakat, arupi (1) sesambetan
antawisipun masyarakat kaliyan masyarakat, masyarakat kaliyan individu,
antar-individu, antawisipun prastawa ingkang dumadi ing batos manungsa.
Karya sastra karantam saking jaringan kemasyarakatan tertamtu ingkang
dipungambaraken dening sastrawan kanthi jujur lan nyata miturut imajinasi.
Sastra mahyakaken maneka warna kasunyatan gesang saha
pagesangan ing masyarakat kanthi jujur. Salah satunggal cara kangge
mahyakaken kasunyatan menika kanthi kritik. Karya sastra ingkang ngandhut
kritik dipunwastani sastra kritik. Sarwadi (1975: 1) ngandharaken bilih sastra
inggih menika bab ingkang ngandhut kritik ing salebetipun. Kritik ing sastra
minangka pembimbing kagem masyarakat. Sastra kritik gadhah sikap utawi
pambiji bab perkawis tartamtu, saged awujud pasarujukan utawi panampik,
sikap lan pamanggih sarta paugeran-paugeran tartamtu.
Grebstein (ing Tarigan, 1986: 210) ngandharaken bilih jenis kritik ing
sastra kritik dipunjumbuhaken kaliyan kasunyatan ingkang ndhasari mijilipun
karya sastra kasebat. Salah satunggalipun inggih menika kasangsaran
ingkang kapanggihaken ing lingkungan bebrayan antawisipun kelompok
satunggal lan sanesipun ing masyarakat. Kritik ingkang kados mekaten
3
dipunwastani kritik sosial. Punjering kawigatosan kritik sosial inggih menika
interaksi antawisipun karya sastra lan pagesangan.
Miturut Hadiwardoyo (1990: 82) interaksi-interaksi ingkang dados
punjering kritik sastra menika boten namung ngewrat implikasi-implikasi
sosial, ekonomi, saha politik ingkang wonten ing salebeting karya sastra. Ing
pangertosan ingkang langkung wiyar interaksi menika ngewrat maneka
bidang tartamtu, tuladhanipun keadilan sosial, kependudukan, karukunan
utawi ras, keturunan, keagamaan, kamiskinan, pangangguran, saha
pencemaran lingkungan. Wondene, cara sastrawan anggenipun
ngandharaken kritik sosial ing salebeting karya sastra saged kanthi langsung
menapa dene simbolik. Aliran simbolik menika kathah dipunpilih para
sastrawan ingkang badhe mbungkus karya sastranipun. Karya sastra
dipunbungkus supaya boten ketingal menawi ngewrat piweling saha kritik
ingkang pedhes.
Aliran simbolik biasanipun arupi karya ingkang ngandharaken pikiran
saha pangraosipun migunakaken simbol-simbol tartamtu. Simbol-simbol
dipundamel kangge narik kawigatosan saha raos penasaran pamaos. Simbol
ingkang asring dipunginakaken awujud barang-barang mati utawi titah
ingkang sanes manungsa. Tuladha liran simbolik inggih menika
panganggening paraga-paraga sato utawi tetuwuhan ingkang saged micara.
Saking aliran menika mijil dongeng-dongeng, legendha, saha mite. Cerita
kados menika minangka gambaraning gesang manungsa, sanajan
paraganipun kathah-katahan sato. Ing Indonesia, aliran simbolik sampun
nate misuwur nalika tuwuh dongeng-dongeng sato kewan. Tuladhanipun,
Dongeng Sato Kewan anggitanipun Prijana Winduwinata (Suwardi, 2003).
Dongeng Sato Kewan anggitanipun Prijana Winduwinata minangka
salah satunggaling kapustakan Jawi ingkang ngewrat maneka warna kritik
sosial ingkang kagambaraken kanthi cariyos bab sato utawi asring
dipunwastani fabel. Dongeng Sato kewan kawedalaken dening Penerbit Balai
Pustaka tahun 1952. Buku menika kempalan saking gangsal dongeng
anggitanipun Pak Prijana Winduwinata. Salah satunggaling cariyos ing buku
Donngeng Sato Kewan menika Zulfulus, ingkang badhe katliti ing panaliten
menika.
4
Dongeng Zulfulus dipunpilih dados sumber data panaliten amargi ing
salebertipun dongeng menika kathah sanget prastawa ingkang memper
kados prastawa ingkang kedadosan ing masyarakat. Zulfulus dipunangit
minangkang karya sastra ingkang ancasipun kangge paring kritik dhateng
masyarakat. Panaliten menika katindaken kangge mbuktekanen panduga
wonten kritik sosial ing selebetipun cariyos wonten Zulfulus anggitanipun
Prijana Winduwinata. Kejawi saking menika, alasan kangge nindakaken
panaliten menika amargi karya sastra menika dereng nate dipuntaliti,
kamangka ngewrat kathah sanget kritik ingkang dereng dipunbedhah saha
seged dados sarana instropeksi ingkang ideal dening para pamaos mliginipun
lan sedaya masyarakat umumipun.
Saking andharan ing nginggil, panaliten menika katindakaken kangge
manggihaken kritik sosial ingkang wonten ing dongeng Zulfulu saha kados
pundi caranipun ngandharaken kritikipun. Panaliten menika katindakaken
kanthi teori sosiologi sastra. Panaliten menika kanthi irah-irahan Kritik Sosial
Wonten Salebeting Dongeng Zulfulus Anggitanipun Prijana Winduwinata.
B. Wosing Perkawis
Adhedhasar dhasaring panaliten ingkang sampun dipunandharaken,
wosing perkawis ing panaliten menika, inggih menika: Wujud kritik sosial
menapa kemawon ingkang wonten ing salebetipun Kempalan Dongeng Sato
Kewan anggitanipun Prijana Winduwinata?
C. Ancasing Panaliten
Jumbuh kaliyan wosing perkawis, ancasing panaliten menika saged
dipunandharaken ing ngandhap menika: Ndheskripsikaken wujud kritik sosial
ingkang wonten ing salebetipun Kempalan Dongeng Sato Kewan
anggitanipun Prijana Winduwinata.
5
BAB II
GEGARAN TEORI
A. Sosiologi Sastra
Miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (1989: 855), sosiologi sastra
inggih menika kawruh bab sipat saha pengrembakaning masyarakat
ngengingi bab sastra anggitanipun para kritikus lan sejarawan, utaminipun
ngandharaken panganggit ingkang angsal pangaribawa saking status sosial
masyarakat asalipun, ideologi politik kaliyan ideologi sosial, kahanan ekonomi
saha masyarakat ingkang dipuntuju.
Suwardi (2003: 78) ngandharaken bab ingkang wigati ing sosiologi
sastra inggih menika konsep cermin. Sastra dipunanggep mimesis utawi
tiruan masyarakat, ananging sastra ugi tetep dipunanggep minangkang ilusi
utawi khayalan ingkang tuwuh saking kasunyatan. Sastra boten namung
wujud photocopy kahanan ing donya ananging kahanan donya ing
sanyatanipun dipuntafsiraken dening panganggit kanthi alus saha endah. Bab
menika boten saged dipunlirwakaken awit panganggit gesang ing madyaning
masyarakat utawi ing kahanan sosial tartamtu, ingkang gadhah norma
kaliyan pranata nilai sami sesambetan ing salebetipun. Awit saking menika,
sastra boten saged madeg piyambak, ananging kaiket dening kahanan
lingkungan papan karya sastra dipunlairaken.
B. Kritik Sosial Ing Salebeting Karya Satra
Sastra ingkang ngemot kritik dipunwasrani sastra kritik, asring mijil
ing satengahing masyarakat nalika kedadosan bab-bab ingkang kirang beres
ing pagesangan sosial saha masyarakat (Nurgiyantoro, 2003: 331). Kritik
sosial ing karya sastra kangge nggambaraken ketimpangan sosial ingkang
kedadosan ing masyarat. Paedahipun minangka pengemut-emut (reminder)
kangge masyarakat saengga saged ndandani kahanan masyarakatipun saha
ningkataken kualitas moral masyarakat.
Abar (1997: 47) ngandharaken kritik sosial inggih menika satunggal
wujud komunikasi ing masyarakat ingkang ancasipun minangka kontrol
dhateng lampahipun sistem sosial utawi proses masyarakat. Miturut Susanto
6
(1985: 93) kritik sosial menika pambijin ilmiah utawi ujian dhateng kahanan
masyarakat wonten ing satunggal wekdal. Kritik sosial minangka media
kangge masyarakat utawi individu ngandharaken pamanggihipun babagan
sedaya kahanan, bab, tumindak, utawi samubarang menapa kemawon
ingkang nyimpang saking paugeran.
Kritik sosial saged dipunandharaken langsung menapa dene boten
langsung. Kritik sosial kanthi langsung umpaminipun demo, unjuk rasa.
Kanthi boten langsung kritik sosial kaandharaken mawi media. Media kangge
ngandharaken kritik sosial menika maneka warni. Karya sastra inggih menika
satunggaling media ingkang sae sanget kangge ngandharekan kritik menika,
salah satunggalipun dongeng.
Karya sastra miturut Damono (1979: 1) boten namung nggambaraken
kasunyatan pegesangan masyarakat ingkang mentah, ananging sampun
dipunrenungaken makna saha nilai ingkang badhe dipunaturaken dhateng
pamaos liwat paraga-paraga ingkang dipunripta, dados saged dipunnikmati
dening pamaos. Karya sastra ugi saged dados srana pengendali sosial ing
pagesangan masyarakat. Karya sastra dipunangkah sanget paring
pangaribawa dhatang cara pikiripun manungsa ngengingi bener lan lepat, sae
lan awon, ing caranipun gesang piyambak utawi bangsanipun.
Kritik sosial ing karya sastra boten namung gegayutan kaliyan
perkawis sugih lan miskin, ananging ngewrat sedaya perkawis sosial ingkang
wonten ing masyarakat, sesambetan manungsa kaliyan manungsa,
manungsa kaliyan masyarakat, manungsa kaliyan kelompok sosial, manungsa
kaliyan panguasa, sesambetan antawisispun manungsa kaliyan institusi
ingkang wonten ing sakiwatengenipun (Damono, 1983: 25)
7
BAB III
ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asiling Panaliten
Perkawis-perkawis sosial ingkang dipunkritik wonten ing dongeng Zulfulus
menika maneka warni. Wujud kritik sosial wonten ing Dongeng babon
Mardika saged dipuntingali ing ngandhap menika:
Tabel 1. Wujud Kritik Sosial ing Dongeng Zulfulus
No. Wujud Kritik Sosial Data
Kritik Sosial Varian Fenomena Wujud Kritikan
1. Politik Praktek Korupsi lan
nepotisme
Pacelathon
antawisipun paraga
Hal 62 baris 9 ;
Hal 71 baris 24
Narasi saking
penganggit
Hal 67 baris 29 :
Hal 68 baris 10 ;
Hal 71 baris 14;
Hal 69 baris 9
Dhiplomasi ingkang
nyimpang saking
paugeran
Narasi saking
penganggit
Hal 64 baris 25
Hal 66 baris 20
2. Kemiskinan Rakyat tansaya
miskin lan sangsara
Narasi saking
penganggit
Hal 76 baris 20 ;
Hal 70 baris 20 ;
Hal 71 baris 2
3. Moral Cethil Narasi saking penganggit
Hal 59 baris 3
Boten Jujur Narasi saking
penganggit
Hal 76 baris 23;
Pacelathon
antawisipun paraga
Hal 64 baris 20 ;
Hal 65 baris 4
Pemimpin ingkang
boten wicaksana
Narasi saking
penganggit
Hal 60 baris 1
Pacelathon
antawisipun paraga
Hal 75 baris 26
4. Khukum Ukum ingkang
boten adil
Narasi saking
penganggit
Hal 69 baris 9;
Hal 76 baris 25
B. Pirembagan
Kritik sosial ing dongeng Zulfulus menika mliginipun ngengingi
sekawan perkawis, inggih menika politik, moral, kamiskinan, saha khukum.
8
Menggah pirembagan ingkang jangkep saben perkawisipun, wonten
ngandhap menika:
1. Politik
a. Praktek Korupsi
Praktek KKK utawi korupsi, kolusi, nepotisme menika sampun
ngrembaka ing Indonesia wiwit jaman rumiyin. Korupsi wonten mriki
saged dipunwastani tumindak ingkang pados bandha kangge
awakipun piyambak menapa kangge kula-gotranipun kanthi cara
nyalahgunakaken kakuwasan ingkang sampun dipunpercayakaken
dhateng piyambakipun (http://asrihandayani.wordpress.com/2010/
03/31/pengertian-korupsikolusidan-nepotisme/. Wonten ing dongeng
Zulfulus tumindak korupsi menika katindakaken dening para
panggedhe tinggi ing Kanthilnagara. Kasus menika saged katingal
saking cuplikan, menika:
,,Wah djatuh Kanilnagara!
,,Hlo keprije ta, kok djatuh?
,,Amarga sing mbajari negara. Yen aku sakantja lelungan kuwi
sing mbajari ragade negara.
,,Jen mangkono, hla kok nganggo kopikir barang? Hla wong kowe
ewe ora tjutjul wae kok nganggo mikir tarip. Weruhmu rak mung
lelungan nunggang Tjoro. Mengko saben habis bulan rekening tak
wenehake kas nagara. Dadi kowe ewe ora usah ngurus bab
opahku. Hla wong negara wae kok dirembug! Anggere kowe ewe
wis kepenak rak uwis! (Winduwinata, 1952: 62)
Cuplikan menika pacelathon antawisipun Zulfulus kaliyan Tjoro.
Ing pacelathon menika kasebataken bilih boten perlu mikir negara
ingkang baken piyambakipun kepenak lan boten perlu cucul arta.
Tumindak menika kalebet korupsi awit Zulfulus ngginakaken arta
negara tanpa mikir karugenipun kangge negara, saha kanthi sengaja
pados cara supados Zulfulus boten cucul arta piyambak. Kasus
ingkang sami ugi kapanggihaken ing pethikan-pethikan menika:
9
Tinggi sing dadi panggee ja paa dililani menjang mantjatalpa
perlu golek saling omben. Lakune kabeh nunggang Tjoro. Dadi
kepenak. (Winduwinata, 1952: 67)
Djare tinggi-tinggi sing paa panggee kuwi jen lelungan ja ana
sing njambi njaut. Mangka nunggang Tjoro ora susah mbajar
ewe. Sing mbajar kas Kanilnagara. Sarehne ora tjutjul ewe,
mulane ja tansah wira-wiri, ngalor-ngidul, ngetan-ngulon.
(Winduwinata, 1952: 68)
Pethikan ing nginggil nedahaken bilih para panggedhe sami
ngginakaken jabatanipun kangge tumindak ingkang boten
samestinipun miturut paugeran ingkang gumathok. Kedahipun tindak
dhateng negara manca menika kangge kapentinganipun rakyat
ananging malah nuruti kapentingan pribadhi. Bab menika saged
kajumbuhaken kaliyan kabiasan nalika zaman pamerintahan orde
lama (zaman nalika dongeng kaanggit). Nalika oerde lama menika
gencar sanget ngadani kunjungan dhateng negara manca, ingkang
tindak boten namung presidhen ananging ugi para pejabat,
kadhangkala ngajak kulawarganipun. Bea saking kegyatan menika
boten wurung dipuntanggung negara. Bab menika ugi katingal saking
pethikan ing ngandhap menika:
Tinggi tjilik sing rada kepenak uripe mung sing kapinudjon duwe
sedulur tinggi gee. Kaja upamane sedulur-sedulure Zulfulus.
Uripe kena diarani kepenak. Jen Zulfulus lelungan nunggang
Tjoro, ora mung anak-bodjone, nanging sanadyan gotrane sing
ora dadi apa-apa ja sok dikon melu kabeh. Dene sing mbajari
ragade ja nagara. (Winduwinata, 1952: 71)
Ananging, ingkang tumindak korupsi menika boten namung
panggedhe. Panganggit ugi ngritik tindakan korupsi ingkang
dipuntindakaken dening kawula alit. Bedanipun, menawi tumindak
korupsi tiyang alit menika namung sekedhing tur malih ugi
10
dipunukum, beda kaliyan para panggedhe ingkang taksih saged
gesang bagya mulya. Pethikanipun ing ngandhap menika:
Ana tinggi tjilik, bodjone laranen. Arep ditunggangake tjoro
supaya bisa golek vitamine ing mantjatalpa, uwite kurang.
Wusana, metu kakendelane. Kurange uwit didjupukake saka
kantor, akehe patang puluh. Konangan, bandjur diukum.
Dikundjara sesasi. Olehe dadi djuru tulis dipotjot tidak dengan
hormat. (Winduwinata, 1952: 69).
b. Praktek Nepotisme
Nepotisme menika tumindak ingkang langkung milih sedulur
menapa kancanipun, adhedhasar sesambetan akrab boten
adhedhasar kaprigelanipun (http://asrihandayani.wordpress.com
/2010/03/31/pengertian-korupsikolusidan-nepotisme/ ). Wonten ing
dongeng Zulfulus tumindak korupsi menika katindakaken dening
Zulfulus ingkang ngangkat kulawarganipun dados pegawe negara
supados saged ndherek ten manca nagara dipunbayari negara. Kasus
menika saged katingal saking cuplikan, menika:
,,Amarga nindakake ajahaning pradja! Wruhanamu ja, tinggi
boo, jen anakku melu nunggang Tjoro tanpa mbajar ewe kuwi,
sababe, amarga duwe tugas kewadjiban untuk negara kita jang
tertjinta. Delengen lajange kekantjingan, jen ora ngandel. Anakku
kuwi sadjerone lelungan menjang mantjatalpa rak takdadekake
sekretarisku, hla bodjoku takdadekake verpleegsterku.
Keponakanku kae, sing sidji tak dadekake djurubasa, sing sidji tak
dadekake djurutik, sidjine takdadekake palaku. Jen manungsa
olehe ngarani: koerir! (Winduwinata, 1952: 71)
Cuplikan menika minangka kritik kangge para pejabat ing jaman
semanten, ingkang asring nglebetaken sodara, kanca, utawi
kenalanipun ing instutusi pamerintahan adhedhasar sesambetanipun
sampun akrab, boten ningali kaprigelanipun.
c. Dhiplomasi ingkang nyimpang saking paugeran
11
Dhiplomasi ingkang dipunkritik menika, dhiplomasi para pejabat
ingkang namung manut karepipun piyambak, lan namung golek
kantungan kagem awakipun piyambak.
Zulfulus kuwi mula wis patut dadi duta, amarga pinter bab
iplomasi. Mungguh tegese iplomasi kuwi: witjara sing ora
terang, ora tjea, ana djegalane. Witjara sing nuwuhake pikiran
ing atine kewan lija jen sakabehing tindak sing diusulake iku
nguntungake kewan lija mau, sanadyan ing sabenere sing untung
awake ewe. Kuwi jen iplomasi miturut sato-kewan. Jen miturut
manungsa beda. Djarene. (Winduwinata, 1952: 64).
Mulane lurah amben kulon ja rada uil. Kanane, jen tinggi amben
kanil sing menjang amben kulon sepuluh, tinggi amben kulon
sing menyang amben kanil telung puluh. Zulfulus kaget. Prasasat
ditjaut iki! Bandjur njang-njangan. iplomasi kuwi ora ana bedane
karo dol-tinuku ana ing pasar, nganggo njang-njangan barang.
(Winduwinata, 1952: 66).
2. Kemiskinan
Boten dados wewadi malih, menawi ing jaman pamerintahan
presidhen Soekarna menika, rakyat Indonesia gesang sarwi kakirangan.
Bab menika ugi langkung parah amargi wonten pejabat ingkang korupsi,
saengga ndadosaken para rakyat tambah sangsara. Kasus menika
dipunkritik ing pethikan-pethikan ing ngandhap menika:
Kotjapa jen pinudju ana dajoh saka mantjapalpa, tinggi tjilik ora
ana sing kumanan babar pisan. Amarga dajoh saka mantjatalpa
kuwi ana sing dremba-dremba, tur dikon urut katjang sok ana sing
ora gelem. Ana dajoh kok direh! Mulane manungsane kerep nglilir,
malah wis tau manungsane kaget, bandjur nggeblogi kasur ngiwa-
nengen. Tudjune olehe latihan mlaju karo nelik wis peng-
pengan. Adjaa rak akeh sing tiwas (Winduwinata, 1952: 70).
12
Wusana tinggi tjilik ora bisa ngombe apa-apa. Mulane awake saja
kuru-kuru. Mangka olehe dikon mbajar padjeg adjeg! Ora ana
sudane. Malah kepara ana unake (Winduwinata, 1952: 71).
Kotjapa kang kari ana ing Kanilnagara. Uripe saja sangsara. Akeh
kang paa mati kaliren (Winduwinata, 1952: 76).
Pethikan menika minangka kritikan dhateng pamerintah bab
kamiskinanipun para rakyat. Nalika semanten, rakyat menika sampun
sangsara awit, kabijakan pamarintah.
3. Moral
Perkawis kritikan moral wonten mriki nedahaken kritikan tumrap
sipat-sipat ingkang boten sae. Kritikan moral wonten dongeng Zulfulus
menika, antawisipun:
1. Cethil utawin pelit
Kritikan tumrap sipat cethil menika ketingal ing pethikan
ngandhap menika:
Sarehne dadi panggee, mulane bajare ja akeh. Nanging
senadyan mangkono, Zulfulus kuwi gemi banget. Malah tinggi sing
ora seneng olehe ngarani tjeil (Winduwinata, 1952: 59).
Cuplikan ing nginggil ngritik sipatipun manungsa ingkangn gemi
lan cethil kaliyan tiyang sanes senadyan sampun sugih. Perkawis
menika sampun asring kedadosan ing masyarakat, menawi tiyang
ingkang sampun sugih asring malik sipatipun dados pelit.
2. Boten Jujur
Kritikan dhateng sipat boten jujur ing dongeng menika, mliginipun
katujokaken dhateng para pejabat ingkang nyalah ginakaken
jabatanipun. Kritikan menika ketingal ing pethikan ngandhap menika:
,,... Jen manungsa sing turu ana ing ambenku kuwi vitamine
pepak. Mulane kowe saanak-bodjo utawa maneh panggee-
panggee ing kene tak suruhi tekaa ing ambenku, perlu ngombe
getihe manungsa kana.
13
..........................................................................................
,,Mengko isik ta, ki sanak. Jen njata manungsamu kuwi pepak
vitamine, hla kok awakmu ewe kuru?
,,O, keprije ta Ki Lurah ki! Olehku kuru iki rak saking kerepe
olehku pasa, saking bangete olehku prihatin. Mrihatinake tinggi
sainenging djagat. Ben paa ketrima uripe. (Winduwinata,
1952: 64-65).
Pacelathon menika nedahahen tumindak boten jujur Zulfulus
nalika badhe ngadani prajanjen kaliyan negara amben lor. Zulfulus
ngaku bilih manungsa ing amben kanthil menika pepak vitaminipun
sarta Zulfulus kuru amargi kerep pasa. Ananging, nyatanipun Zulfulus
kuru menika amargi manungsa ing amben kanthil menika kirang
vitamin. Kritiikan menika katujukaken dhateng sinten kemawon
ingkang asring ngendika goroh kangge nggayuh menapa ingkang
dipukajengaken. Pethikan sanes ingkang ngritik tumindak boten jujur
inggih menika:
Tinggi-tinggi sing diandel dening nagara dikon nukokake pangan
utawa butuh lija-lijane akeh sing paa ngapusi (Winduwinata,
1952: 76).
3. Pemimpin ingkang boten wicaksana
Kritikan dhateng pemimpin ingkang boten wicaksana menika
ketingal wonten pethikan ing ngandhap menika:
Sarehne Zulfulus mau dadi panggee, dadi panggaweane ja akeh
banget. Sing nindakake panggaweane sing akeh banget mau
punggawane sing tjatjahe ja akeh banget. Zulfulus ming saderma
mrentah lan ,,tahu beresnja (Winduwinata, 1952: 60).
Pethikan ing nginggil ngritik para pamimpin ingkkang namung
masrahaken sedaya pedamelan dhateng andhahanipun, lan namung
mangertos asilipun ingkang sae-sae kemawon.
,,Wis, wis, sedulur, olehe rembugan dipeot samene wae isik.
Besuk jen wis paa lerem anggone muring-muring, dibatjutake.
Saiki paa muliha. (Winduwinata, 1952: 75).
14
Pethikan menika, nedahaken Ki Lurah Rektarupa misah pepadon
antawisipun para bekel. Ki lurah menika mangertos bilih para bekel
kala wau rebat amargi konangan korupsi, ananging boten dipunukum
dening Ki Lurah, ananging malah dipunsuruhi wangsul. Menika
minangka kritikan dhateng pamerintahan Pak Soekarno ingkang kala
rumiyin ketok nglindhungi para koruptor.
4. Khukum
Kritik khukum menika ngengingi bab, khukum ingkang boten adil
lan namung berlaku dhateng tiyang miskin kemawon, ananging tiyang
ingkang sugih menapa gadhah pangkat nalika semanten kebal saking
ukum. Kritik menika ketingal saking pethikan ing ngandhap menika:
Ana tinggi tjilik, bodjone laranen. Arep ditunggangake tjoro
supaya bisa golek vitamine ing mantjatalpa, uwite kurang.
Wusana, metu kakendelane. Kurange uwit didjupukake saka
kantor, akehe patang puluh. Konangan, bandjur diukum.
Dikundjara sesasi. Olehe dadi djuru tulis dipotjot tidak dengan
hormat. (Winduwinata, 1952: 69).
Tjekaking tjarita, Zulfulus sakulawarga lan gotrane bandjur ngalih
menjang amben kulon. Miturut kabar saka persbureau Aneka, ana
ing kana uripe kepenak banget. Ora kekurangan vitamine, tur
kadjen-keringan. (Winduwinata, 1952: 69).
Olehe ngapusi nagara utawa ngapusi rajat ora mung trima ewon
utawa leksan, malah nganti jutan barang. Ewadene, seprene iseh
paa slamet, durung dilikwidir. (Winduwinata, 1952: 69).
Saking pethikan ing nginggil ketingal bilih panganggit ngritik
khukum ing jaman semanten ingkang boten mihak dhateng kawula alit.
Nalika wonten tiyang alit ingkang korupsi sekedhik kemawon, age-age
dipunukum. Kosok wangsulipun, para panggedhe ingkang korupsi kathah
malah wonten kenging ukuman babar pisan. Malah saged gesang bagya
mulya.
15
BAB IV
PANUTUP
A. Dudutan
Saking asiling panaliten menika saged dipunpendhet dudutan bilih
kritik sastra ing karya sastra menika, gadhah paedah kangge nedahaken
saha ngoreksi kasunyatan ing mayarakat ingkang nyimpang saking
norma. Kritik ing dongeng Zulfulus anggitanipun Prijana Winduwinata
menika kawujudaken ing pacelathonipun para paraga kalihan narasi
ingkang dipunserat dening paganggit. Wondene, kritik sastra ing dongen
Zulfulus anggitanipun Prijana Winduwinata menika ngewrat kritik bab
sekawan perkawis ing ngandhap menika:
1. Politik : Praktek Korupsi lan nepotisme sarta dhiplomasi
ingkang nyimpang saking paugeran.
2. Kemiskinan :Rakyat tansaya miskin lan sangsara
3. Moral :Sipat cethil utawi pelit, boten jujur, lan pemimpin
ingkang boten wicaksana.
4. Khukum : Ukum ingkang boten adil
16
DHAPTAR PUSTAKA
Hadiwardoyo, A. Purwa. 1990. Moral dan Masalahnya. Yogyakarta:
Kanisius.
Sarwadi. 1975. Sastra Kritik dalam Kesusastraan. Yogyakarta: Pustaka
Pelajar.
Semi, Atar. 1989. Kritik Sastra. Bandung: PT. Angkasa.
Sumardjo. 1982. Masyarakat dan Sastra Indonesia. Yogyakarta: Nur
Cahaya.
Suwardi. 2003. Metode Penelitian Sastra. Yogyakarta: Pena.
Tarigan, H. G. 1986. Sastra dan Ilmu Sastra. Jakarta: Pustaka Raya.
Winduwinata, Prijana. 1952. Dongeng Sato Kewan. Jakarta: Balai
Pustaka.