11
TUGAS AKHIR BASA JAWA Dosen pengampu : Endang Sri Maruti ,S.Pd., M.Pd Disusun: Nama : Repy Putri P Kelas : 5G NPM : 11 141 292 FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN PROGRAM STUDI PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR IKIP PGRI MADIUN

ilir-ilir nulis Aksara Jawa

Embed Size (px)

Citation preview

Page 1: ilir-ilir nulis Aksara Jawa

TUGAS AKHIR BASA JAWA

Dosen pengampu : Endang Sri Maruti ,S.Pd., M.Pd

Disusun:

Nama : Repy Putri P

Kelas : 5G

NPM : 11 141 292

FAKULTAS ILMU PENDIDIKAN

PROGRAM STUDI PENDIDIKAN GURU SEKOLAH DASAR

IKIP PGRI MADIUN

TAHUN AJARAN 2013/2014

Page 2: ilir-ilir nulis Aksara Jawa

Tugas Nulis Berita Basa Jawa!

SH 14 tahun warga desa gelagahwangi OEP 13 tahun warga desa Margasana lan SW 16 tahun warga desa Pancaraya kecamatan Sugihwaras kabupaten Bojonegoro kudu ndekem ning bui polsek sugihwaras. Sakwise di cekel polisi merga maling sepeda motor. Saka hasil selidik dikonangi yen SH lan OEP isih kelas 3 SMP ning salah siji SMP ing kecamatan Sugihwaras. Sak wetoro SW lulusan SMP .ning ngarepe petugas sak kabehe ngaku wis ping 3 maling sepeda motor .nemene maling dilakoni pas jam sekolah lan isih gawe seragam sekolah . maling kuwi di uteki karo SW sing ngaku maling kanggo tuku kalung . jare ketule sepeda motor hasil malinge arep didol ning Krian rupo eceran. Sakwetoro OEP ngaku maling kanggo bayar sekolah. Merga ibuke sing dadi tkw ning Malaysia ora tau ngirim duit. Merga kelakuane ketelu dijeret pasal 363 KUHP sing diincem hukuman luweh 5tahun di bui . sakwetoro SH lan EOP diincem ora iso melu ujian nasional lan ditokne saka sekolahanane. Kuncoro-Bowo JTV Bojonegoro

Page 3: ilir-ilir nulis Aksara Jawa

Cerkak Basa jawa

Sawijining dina, ana mbok randha kang duwe anak cilik kelas 2 SD arane Bejo. Ing dina Senen awan sawise Bejo mulih saka sekolah, katon rambute pating cowek gara-gara dicukur gurune anaing sekolahan amarga rambute Bejo gondrong, wis nutupi kupinge.Sawise teka ngomah, Bejo katon sedhih. Amarga ing sekolahan padha diguyu kanca-kancane.Bareng mbokne Bejo weruh rambute anake pating cowek, banjur nimbali Bejo, “kowe kok katon sedih lan rambutmu kaya mangkono ki geneya ta Le,” takone Simbok marang Bejo.  Bejo ora nyauri karo pitakone Simbok. “Ndang maem, mengko Simbok cukurne menyangnggone MasKancil,” ngendikane Simbok menyang Bejo, supaya ora katon sedhih maneh.Sinambi maem Bejo ngomong menyang Simbokne, dheweke kepengin cukur model kipli supaya bisa padha karo kanca-kancane.“Ya Le, Simbok nyarah karo kowe,” jawabe Simbok menyang Bejo. Sabubare mangan, Bejo lan Simbok mangkat menyang nggone Mas Kancil kang mapane radaadoh saka omahe Bejo. Ndilalah tekan nggone, antrine akeh banget. Nalika ngenteni giliran,Bejo keturon ing pangkone mbokne. Bareng tekan gilirane, Bejo isih turu. Setengahe isih turu,Bejo banjur dicukur karo dipangku mbokne.“Bejo dicukur model piye Mbok?” takone Mas Kancil menyang Simbok. Wangsule Simbok, “Nyarah Mas, sing penting ora pating cowek kaya ngene iki. Penting rapiwae Mas,” sambunge Simbok karo ngelus-elus sirahe Bejo sing pating cowek.“Rambute Bejo kok kaya ngene Mbok, kena apa iki?” takone Mas Kancil karo mesem. “Dicukur gurune ing sekolahan,” jawabe Simbok. Mas Kancil anyak nyukur rambute Bejo.Bareng Simbokne ngadeg saka kursi sing kanggo cukur, Bejo nglilir lan ngelus-elus sirahe singwis ora gondrong maneh. Bareng Bejo ngaca ing kacane Mas Kancil, Bejo mbengok banter amarga nyawang cukurane kang ora padha karo sing dikarepake Bejo. Wong sing padha antriarep cukur padha kaget krungu jeritane Bejo. Bejo banjur nangis ora ketulungan, karo ngakonMas Kancil mbalekake rambute maneh.Sawise mbayar ongkos cukur, Bejo digendhong mulih mboke. Neng dalan, Bejo tetep nangiskekejer. Simbokne banjur ngandhani Bejo supaya ora nangis terus. Amarga ana ing dalan sabenwong sing ngerti Bejo nangis mesthi takon kena apa Bejo kok nangis. Salah sawijine pawongantuwa, sing takon marang Simbokne Bejo. “Kena ngapa ta Dhe, Bejo kok nangis kekejer ki? ”Karo mesem Simbok mangsuli, “Iki lho Mbah rambute sing gondrong kae ilang.”“Meneng-meneng Le, malih bagus rambute sing gondrong kae dicukur. Rene mampir dakwenehigethuk,” sambunge Mbah Karto, tanggane Bejo. Nanging Bejo ora nggagas, gur gela-gelo anaing gendhongane Simbokne karo nangis.Satekane omah, Bejo langsung uwal saka gendhongane Simbok, nesu mapan turu. Sabubaretangi turu Bejo linggih ana ing kursi ngarep omah sinambi ngalamun lan ngelus-elus rambutesing kuncung. Simbokne banjur nyedhaki Bejo. Sawise Simbok linggih ana jejere Bejo, Bejo banjur ngomong menyang Simbok, manawa dheweke sesuk ora gelem mlebu sekolah, amargaBejo isin manawa diisin-isin kancane ing sekolahan. Krungu Bejo ngomong koyo mangkonoSimbok kaget. Gara-gara olehe cukur ora kebeneran wae anake ora gelem sekolah. Simbok  banjur ngandhani Bejo supaya gelem sekolah, nanging wis dikandhani Simbok, tetep wae Bejo ora gelem sekolah

Page 4: ilir-ilir nulis Aksara Jawa

IKLAN BASA JAWA

Ibu : Motor mogok ngene ae kok taksih di damel to pak, iki tandane pak pun wekdale dipun gantos kalihe sing anyar

Bapak : apa yo isa to bu....

Ibuk : saged pak, menawi tumbas motor honda wonten dealor CAHAYA SAKTI MOTOR ,uang muka sadeg diatur angsuranipun nggih ringan, prosesipun cepat. Ugi nglayani tukar tambah motor ,ingkang lami di ijolke kalihane sing anyar pak.

Bapak : ning ndi to bu alamate kuwi.

Ibu: niku lopak, celakipun lampu stopan abang ijo Jrubong Ngawi

Page 5: ilir-ilir nulis Aksara Jawa

Nulis jeneng gawe aksara jawa

Endang sri maruti

[ a n =D si] mru ti

Repi Putri

repipu ti}

Magetan

mgetn\

Lir –ilir

Lir ilir ,tandure wus sumilir

Tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar

Page 6: ilir-ilir nulis Aksara Jawa

Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi

Lunyu-lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira

Dodotira dodotira ,tumitir bedah ing pinggir

Dondomana dondomana jlumatana kanggo seba mengko sore

Mumpung padang rembulane mumpung jembar segarane

Yo suraka surak hore

li/ ali/

li/ ali/ , tn/Fu [r wu s Su mi li/

t k H [jo [ro [yo [ro [yo tkSe= guh temn[TnHnY/

ch a [zon Cha[zon [P nkN bLimi=B ku wi

lu vu lu vu[p[nkNk=[go mBsuh [fo tir

[fo[fotir [fo [fotir tu mi ti/ [ b fh a= pi= gi/

[fo [nFom n jLu mtTnk= [go seb me= [ko [so [r

mumP=u p f= xm Bu l [n mumPu= je mB/ klz [n

[yo su r k Su r K [ao [r

Page 7: ilir-ilir nulis Aksara Jawa

KHUTBAH !

KHUTBAH JUM’AT BAHASA JAWA : NIKMATIPUN NGIBADAH Dening : Anis Purwanto Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah. Wajib kita syukuri bilih dinten punika kita taksih dipun paring kesempatan nglajengaken pangibadahan kita ing wulan Ramadhan, Alhamdulillah kita sampun nindakaken siyan dinten ingkang kaping sedoso, insya allah. Ibadah siyam kita tindakaken kajawi nderek dhawuhipun Allah SWT, nindakaken kewajiban, ananging ugi kangge keperluan lan kepentingan kita piyambak, inggih punika supadas kita dadas tiyang ingkan taqwa. Kadas ingkat kaserat wanten ing Al-Qur’an Surat Al-Baqarah ayat 183 : 0ه.ا ي

. 34أ .ـ 9ذ7ين. ي ; ٱل <وا 7ب. ء.ام.ن <ت <م<���� ك ڪ .ي .ام< ي�ع.ل .م.ا ٱلصKي ك

7ب. <ت ى ك ل� 9ذ7ين. ل� ي� من ٱل ڪ� م� ي� ي� ل� ڪ� �� ل ل� 9ق<ون. ل� .ت (١٨٣ )ت “He para wong Mukmin kabeh, sira padha diwajibake pasa, kaya kang wus diwajibake tumrap wong-wong kuna kang sadurungira, supaya sira kabeh padha wedi ing Allah”. Supaya sira kabeh taqwa marang Allah, ing akhir ayat punika minangka nilai paling inggil, ingkang badhe dipun gayuh dening tiyang ingkang nindakaken ibadah siyam. Sebab taqwa anggadahi makna ingkang ageng, ingkang nyakup sedaya kesainan lan ngicalaken sedaya kemungkaran. Sahingga taqwa ingkang dadas tujuan siyam ugi mujudaken ahklakul karimah. Pramila jelas saiba raket lan kiyatipun sesambetan antawisipun ibadah kaliyan ahklak. Ibadah ingkang katindakaken kanthi sae, badhe ngasilaken ahklak ingkang sae. Utawi ahklak ingkang sae mujudaken kasil saking pangibadahan ingkang sae. Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah. Ibadah siyam kedah kita tindakaken kanthi kesadaran inggil. Mboten namung kita tindakaken secara gugur kewajiban utawi ibadah ingkang sifatipun rutin kemawon. Ananging siyam minangka sarana olah kejiwaan, kedah kita renungaken kasil lan pengaruhipun. Sebab taksih kathah tumrap kaum muslimin, bilih siyam namung wanten ing wulan Ramadhan , sahingga saksampunipun wulan Ramadhan telas, mental dalah rohani kita wangsul malih kadas sakderengipun nindakaken siyam, liripun ibadah siyam punika mbaten wanten pengaruhipun. Kadas sampun dipun sindir dening Kanjeng Nabi Muhammad SAW, bilih kathah tiyang ingkang nindakaken siyam, nanging mbaten pikantuk punapa-punaka kajawi namung ngelak lan luwe. “Akeh banget wong-wong kang pasa kang ora oleh kasil saka pasane kejaba mung rasa ngelih lan ngelak” Pramila saking punika, kangge nggayuh sampurnanipun pribadi taqwa, kedah kita upadi kanthi pengorbanan ingkang ageng , lan kedah kita udi terus terusan. Treneng jiwa, kanthi siyam Ramadhan kita tindakaken namung satunggal wulan, ananging nilai siyam kita amalaken salami setunggal tahun. Sahingga jiwa ibadah siyam setunggal wulan, saget menjiwai prilaku kita setunggal tahun, ngantos dhatengipun wulan Ramadhan candhakipun. Bilih proses kejiwaan ingkang makaten punika dumados secara terus menerus, salami gesang lan pagesangan kita, ngantos kita kapundhut sowan marak ing Gusti, wonten ing kasedan jati, insya allah ibadah siyam kita kasil, kita dadas manungsa ingkang taqwa sejati, wangsul dumateng fitrah, bebas saking sedaya kalepatan lan dosa. Cocok kaliyan pangandikanipun nunjungan kita Nabi Muhammad SAW : MAN SHOMA ROMADHONA IMANAN WAH TISABAN GHUFIROLAHU MATAQODAM MIN DZAMBIH. “Sing sapa wonge nindakake pasa

Page 8: ilir-ilir nulis Aksara Jawa

Ramadhan, kanthi rasa iman lan ngupadi ridhane Allah, bakal diapura dosane kan uwis-uwis”. Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah. Pasa hakekatipun nahan utawi mper, liripun mbaten namung nahan diri saking dahar lan ngunjuk, ananging ugi nahan saking sedaya tumindak ingkang saget ngrisak pahala siyam. Pramila ibadah siyam kedah kita tindakaken kanthi utuh, jasmani lan rohani. Awit ibadah siyam punika sejatosipun ibadah ingkang sifatipun khusus. Sahingga ibadah punika mbaten saget dipun priksani secara lahir. Malah khusukipun tiyang ingkang nindakaken shalat, taksih kawan kabanding kaliyan kesaenan tiyang engkang nindakaken ibadah siyam. Pahala ingkang inggil, pahala ingkang ageng, tiyang ingkang mbayar zakat, ugi taksih kawon endahipun, kabanding kaliyan ngelak lan ngelihipun tiyang ingkang nembe siyam. Kita ugi mbaten kesupen derajat ingkang inggil, karomah, fadhilah lan malah-malah ambu wanginipun tiyang ingkang kundur saking nindakaken ibadah haji ing kita Mekah, taksih kawon kabanding ngelak lan ngelihipun tiyang ingkang siyam. Buktinipun Allah sanget ngajeng-ajeng pahala siyam, pahala siyam kagunganipun Allah, ibadah-ibadah sanesipun kita ingkang badhe nampi. Ananging ibadah siyam dipun suwun dening Allah, pasa iku kagungan-Ku, Allah ingkang paring ganjaran. “Kabeh amal anak Adam iku biso kecampur karo kepentingan hawa nepsu, kejaba pasa, mula pasa iku mung kanggoku, aku dhewe kanga rep paring ganjaran”. Makaten suraosipun salah satunngalipun hadist Nabi. Ma’asyiral Muslimin jamaah jum’ah rokhimakumullah. Hal punika mertandani bilih ibadah siyam minangka ibadah ingkang paling inggil nilainipun ing ngarsa dalem Allah SWT, buktinipun siyam dipun suwun dening Allah, Allah piyambak ingkang paring pahala. Sebab siyam tanda pedulinipun para manungsa kangge berkorban, mbaten rakus, sanggup nahan hawa nepsu, sanggup menderita, ngendaleni lan ngekang pepinginan, senaosa piyambakipun saget nindakaken, buktinipun ing rikala siyam kita mbaten badhe ngunjuk lan dahar sakderengipun wanci buka, senaosa kita saget nindakaken, umpaminipun mlebet dhateng kamar lajeng dipun kunci saking nglebet, dahar ngunjuk sak wareke. Hal punika mbaten kita tindakaken, krana netepi dhawuh saking Allah, netepi kewajiban saking Allah SWT. Dados indahipun ngelak lan ngelih, krana netepi kewajiban agesang minangka hamba Allah, mbuktekaken bilih kita mbaten mentingaken pepinginan diri kita piyambak, minangka bukti bilih kita mbaten nomersetunggalaken pepinginan ingkang ftuwuh saking nuruti hana sepsu, ananging mentingaken dhawuhipun Allah. Makaten kemesraan saha endahipun hubungan antawsipun hamba ingkang purun nahan ngelak lan ngelih, kangge nindakaken siyam. Pramila sepindah malih, syukur al hamdulillah, kita ing saat punika ihklas nindaken siyam, senaosa ing saat kita nyambut damel awrat, nyambut kangge nyekapi kebetahan keluarga, nanging tetep mantap nindakaken siyam. Kanthi modal dasar ihklas punika, kita sanggup nindakaken kewajiban. Kewajiban punika mboten dados beban, ananging malah minangka sumber kenikmatan ingkang luar biasa, lahir batos, masya allah. Kanthi keihklasan ingkang makaten, kita badhe nampi pinwales saking Allah langkung kathah, kabanding kaliyan pengorbanan kita nahan ngelak lan ngelih setunggal dinten. Bekja fidun ya wal akhirah, amin ya rabbal ‘alamin.

Page 9: ilir-ilir nulis Aksara Jawa

NGARTEKNE AKSARA JAWA !

Rahmad gubra kang ugo minagka salah asijine dosen ing jurusan pendidikan bahasa jawa lan sastra daerah universitas negeri surabaya iku ngandarake yen kahanan ing saiki bedakaro ing jaman biyen yen jaman biyen ing nglestarekakke bahasa jawaiku diuri-uri kanthi tenanan nanging yen saiki saya iling wong-wong kang ing nglestarekake ana ing ngrembakakke basa jawa kanthi tulus bab kasebut anyar jalari wulangan basa jawa masyarakat kaluwarga lan sekolah ana kahanane mrihatinke.