Download pdf - UAS II BJawa kls 5.pdf

Transcript
Page 1: UAS II BJawa kls 5.pdf

MAJELIS PENDIDIKAN DASAR DAN MENENGAH PIMPINAN DAERAH MUHAMMADIYAH KOTA SALATIGA

ULANGAN KENAIKAN KELAS SEKOLAH DASAR MUHAMMADIYAH PLUS KOTA SALATIGA

TAHUN PELAJARAN 2011 / 2012 Mata Pelajaran : Basa Jawa Hari, Tanggal : Selasa, 29 Mei 2012 Kelas : V ( lima ) Nama : Waktu : 120 menit No. Absen :

Wacanen kang premati!

KI HAJAR DEWANTARA

Sakondure saka buwangan, Ki Hajar Dewantara ngedegake pawiyatan. Pawiyatan iku dijenengake Taman Siswa. Sanajan akeh pepalange, Ki Hajar Dewantara ora tau kendho tekade. Pawiyatan Taman Siswa sumebar tekan ing endi-endi. Sawise Indonesia merdika, Ki Hajar Dewantara kawisudha dadi Menteri Pendidikan, Pengajaran lan Kebudayaan. Iya panjenenganipun iku kang jejer dadi menteri pendidikan kang kapisan ing Indonesia. Amarga saka gedhening lelabetane marang nusa lan bangsa Ki Hajar Dewantara oleh gelar werna-werna, antara liya: 1. Bapak Pendidikan Nasional, lan

2. Pahlawan kemerdekaan Nasional. Ki Hajar Dewantara seda naliko tanggal 26 April 1959. Layone disarekake ana astana Wijaya

Brata, astana keluarga Taman Siswa ing Ngayogyakarta. Saben pengetan Hardiknas ana ziarah menyang makame Ki Hajar Dewantara ing Ngayogyakarta lan makame Dokter Cipta mangun kusuma ing Watuceper Ambarawa. Dene makame swargi Dr. Danudirja Setiabudhi ( Douwes Dekker) ana ing Makam Pahlawan Cekutra Bandung. Priyagung telu iku mau katelah “ Tiga Serangkai”.

( kapethik saka Trampil Basa Jawa)

I. Pilihen jawaban sing mungguhmu paling bener!

1. Pawiyatan sing diedegake dening Ki Hajar Dewantara jenenge ...

a. Taman Budaya

b. Taman Siswa

c. Taman Murid

d. Taman Sastra

2. Menteri pendidikan kang kapisan yaiku ...

a. Dr. Danudirja Setiabudhi

b. Dokter Ciptamangunkusuma

c. Douwes Dekker

d. Ki Hajar Dewantara

3. Sing klebu Tiga Serangkai, kejaba ...

a. Ki Hajar Dewantara

b. Douwes Dekker

c. Ir. Sukarno

d. Dokter Ciptamangunkusuma

4. Ki Hajar Dewantara seda naliko tanggal ...

a. 26 April 1959

b. 29 April 1959

c. 16 April 1959

d. 36 April 1959

5. Ki Hajar Dewantara seda lan kasarekake ana kutha ...

a. Ngayogyakarta

b. Surakarta

c. Ambarawa

d. Bandung

Page 2: UAS II BJawa kls 5.pdf

6. Sakondure saka buwangan, Ki Hajar Dewantara ngedegake pawiyatan. Tembung kang kacetak

kandhel tegese ...

a. Gedung olahraga

b. Sekolahan

c. Gedung kesenian

d. Lapangan sepak bola

7. Makame Tiga Serangkai biasa di ziarahi saben ...

a. Malem jum’at

b. Dino riyoyo

c. Pengetan Hardiknas

d. Pengetan kamardikan

8. Ngedegake pawiyatan iku ora gampang. Tembung kang kacetak kandhel tegese ...

a. Gampang

b. Angel

c. Sabar

d. Sregep

9. Sang bagaskara sumunar amadhangi jagad raya. Tembung bagaskara padha tegese karo ...

a. Mbulan

b. Lintang

c. Lampu

d. Srengenge

10. “Kayane mengko arep udan deres, langite wis ... “

a. Cilik menthik

b. Teles kebes

c. Putih memplak

d. Peteng ndhedhet

11. Tembung ing ngisor iki klebu tembung saroja, kajaba ...

a. Jembar segarane

b. Andhap asor

c. Tata krama

d. Peteng ndhedhet

12. Karo sanak sedulur kudhu padha welas ...

a. Kasih

b. Asih

c. Welasan

d. Tresna

13. Unen-unen sing ngemu teges kang kudu dibedhek, jenenge ...

a. Pepindhan

b. Saroja

c. Cangkriman

d. Parikan

14. Cangkriman iki bedheken tegese : Anake diidak-idak mboke dielus-elus.

a. Andha

b. Sapu sadha

c. Sulak

d. Klambi

15. Cangkriman iki bedheken tegese : Ana maling lima, sing siji mlebu kamar, sing papat mlayu-

mlayu.

a. Bung lan pring

b. Wong mikul areng

c. Sulak

d. Uthik-uthik upil

16. Parikan iki terusna unine: Nyantelke kupat ana ing para,

Wonten lepat nyuwun ...

a. Pangestu

b. Ngapura

c. Di paringi

d. Dongani

17. Parikan iki terusna unine: Gelang karet cilik-cilik,

Bocah keset senenge ...

a. Ora nggagas

b. Marahi

c. Lirak-lirik

d. Nangis

Page 3: UAS II BJawa kls 5.pdf

18. Ayune bocah kuwi kaya ...

a. Brotowali

b. Dewi Ratih

c. Gatot kaca

d. Cina craki

19. Jamu sing dak ombe rasane paite kaya ...

a. Brotowali

b. Tomat mateng

c. Cina craki

d. Sego diinteri

20. Kadadeyan kang nyenengake iku werna-werna tuladhane, kajaba ...

a. Tiba numpak sepedha

b. Dipundhutke sepedha anyar

c. Bijine rapot apik

d. Wisata neng pantai

II. Ukara ing sisih kiwa iki golekana gathukane nganggo tembung ing sisih tengen sing mathuk!

21. Wong asor nanging duwe kapinteran. a. Bathok bolu isi madu b. Dhalang c. Empu d. Kakehan polah e. Kebo kabotan sungu f. Kutuk marani sunduk g. Lemu banget h. Niyaga i. Sulak j. Tukang cukur k. Tukang jahit l. Undhagi

22. Wong kang njarak marang bebaya.

23. Wong urip rekasa marga kakehan anak.

24. Tukang gawe barang saka kayu.

25. Tukang gawe gaman.

26. Tukang nglakokake wayang.

27. Pitik walik saba meja.

28. Polahe anteng kitiran.

29. Awake kuru semangka.

30. Yen tumandhang mesthi ngadeg, gawene nyekeli sirah,

sing dicekeli sirahe kelangan dhuwit.

III. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi tembung kang trep!

31. Plataran omahe Alis jembare kaya ...

32. Dedeg piadege gedhe dhuwur kaya ....

33. Dina iki langite katon padhang ...

34. Tandurane kena banyu udan katon ijo ...

35. Amarga kesuwen anggone ngklangi, awake ilham katon biru ...

36. Parikan iki terusno unine! Brambang diiris-iris

Mata abang bubar ...

37. Yen wayah bengi keprungu swarane jangkrik padha ...

38. Awake dhewe kudu bisa nguri-uri kabudayane negara. Tembung nguri-uri tegese ...

39. Aku sawijining kewan. Kupingku gedhe kaya ilir/kipas. Sikilku kaya bumbung. Aku duwe tlale.

Diskripsi ing ndhuwur iku nuduhke kewan ...

40.

Ukara ing nduwur yen ditulis nganggo aksara latin yaiku ...

Page 4: UAS II BJawa kls 5.pdf

IV. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kang trep!

41. Bu guru ngasta tas isi buku. Ukara iki manawa diudhal kepriye?

a. Jejer: ...

b. Wasesa: ...

c. Lesan: ...

d. Keterangan: ...

42. Gawenen diskripsine “ LEMARI”

43. Tulisen telu wae bedane sepedha karo sepedha motor!

44. Paribasan iki tulisen tegese kang trep!

a. Gupak pulute ora mangan nangkane.

b. Diwenehi ati ngrogoh rempela

45. Taman wisata maerakaca . Ukara iku tulisen nganggo aksara jawa!